• Tidak ada hasil yang ditemukan

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA UNI

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2018

Membagikan "PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA UNI"

Copied!
16
0
0

Teks penuh

(1)
(2)

ANALISIS MORF OSEMANTIK NAMA MAHASISWA ANGKATAN 2009 PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA

UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA Dening Juang Jatmiko

NIM 09205241030 SARINING PANALITEN

Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken morfosemantik nama tiyang. Panaliten menika ngrembag wujuding tembung, dhasaring paring nama, saha tegesing nama mahasiwa angkatan 2009 Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Negeri Yogyakarta.

Panaliten menika ngginakaken jinising panaliten kualitatif ingkang sipatipun deskriptif. Sumbering data pikantuk saking dokumen saha mahasiswa angkatan 2009 Prodi Pendidikan Bahasa Jawa UNY. Ing panaliten menika data awujud tembung minangka nama mahasiswa angkatan 2009 Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa UNY. Caranipun ngempalaken data mawi dokumen, kuesioner, saha wawancara. Caranipun analisis data ngginakaken analisis deskriptif.

Asiling panaliten gayut kaliyan wujuding tembung minangka nama mahasiswa kaperang dados tiga inggih menika (1) tembung monomorfemis, (2) tembung polimorfemis, saha (3) tembung monomorfemis saha polimorfemis. Unsur dhasaring paring nama menika wonten wolu unsur inggih menika unsur agami, alam, flora/ fauna, wayang, ghaib, entiti/ pangajab, nomer, saha pepenget. Dhasaring paring nama wonten ingkang kadadosan saking setunggal unsur utawi langkung setunggal unsur. Mahasiswa minangka ingkang gadhah nama wonten ingkang mangertos saha boten mangertos tegesing nama piyambakipun. Mahasiswa ingkang boten mangertos, adhedhasar tiyang sepuhipun dipunsebabaken dening sekawan perkawis inggih menika dipunraos endah, mendhet nama tiyang sanes, nama ingkang dipunparingi tiyang sanes, utawi supados beda kaliyan tiyang sanes.

Pamijining tembung: analisis morfosemantik, nama mahasiswa, ujian skripsi

(3)

Analisis Morfosemantik Nama Mahasiswa Angkatan 2009 Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Negeri Yogyakarta

By: Juang Jatmiko NIM 09205241030

Abstract

This study aims to describe the morfosemantik of the persons' name. This

study discusses the form of words, the background, and the meaning of the name

of the javanese education department students of Yogyakarta state university in

the year of 2009.

This research uses the descriptive qualitative method. the researcher get

the data from the document and the students of javanese education year 2009

itself by looking from the document, questionaire, and interviews. The descriptive

analysis method is used to analyse the data.

From the result, it can be concluded that the form of the students' name

can be devided into three groups, they are monomorfemis word,polimorfemis

word, and monomorfemis and polimorfemis word. The background of giving a

name is based on the religion, nature, flora/ fauna, puppets, magic, hope, numbers,

and reminders. the name of a person can have one or more background. there are

students who understand and do not understand the meaning of their name. The

students who do not understand the meaning of their name, based on their parents,

they were named with the name that feels wonderful, taking another person's

name, given by someone else, or given a different name from others.

(4)

A. PURWAKA

Nama inggih menika

tembung ingkang dipunginakaken

kangge nyebat tiyang, papan utawi

sawijining piranti kalebet ide utawi pamikiran Sampun dados tradisi

menawi wonten bayi ingkang lair

kedah dipunparingi nama dening

tiyang sepuhipun. Nama tiyang Jawi

ing jaman sakmenika boten namung

ngginakaken tembung basa Jawi

kemawon. Nama menika wonten

ingkang ngginakaken basa Indonesia,

utawi basa Manca. Miturut

pangrembakaning jaman saha

pangrembakaning budaya, nama ugi

ngalami pangrembakan.

Pangrembakaning nama menika

saged dipuntingali saking wujud,

teges, saha dhasaring paring nama.

Wujud, tegesing, saha dhasaring

paring nama menika wigati

dipunteliti saha

dipuninventarisasi.Wosing perkawis

ing panaliten menika kados andharan

ing ngandhap menika.

1. Kadospundi wujuding tembung

ing nama mahasiswa angkatan 2009 Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Negeri Yogyakarta? 2. Kadospundi dhasaring paring

nama mahasiswa angkatan 2009 Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Negeri Yogyakarta? 3. Kadospundi tegesing nama

mahasiswa angkatan 2009 Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Negeri Yogyakarta?

B. GEGARAN TEORI

Etimologi inggih menika

perangan ngelmu lingustik ingkang ngrembag bab mula bukaning

tembung (Chaer, 2008: 7).

(5)

menika ngrembag bab

ewah-ewahaning wujud tembung.

Bedanipun wonten ing cara

pandhapuking tembung. Etimologi inggih menika ngelmu ingkang

madosi mula bukaning tembung

kanthi khusus. Menawi Morfologi inggih menika ngrembag

ewah-ewahaning tembung kanthi umum (Nurhayati,2001:3). Morfologi inggih

menika ngelmu ingkang ngrembag

mula bukanipun wujuding tembung,

saha pangaribawa ewah-ewahaning

wujuding tembung kanthi fungsi gramatikal (golongan tembung) sarta fungsi semantik (tegesing tembung) (Ramlan, 1987: 21). Inti kajian morfologi ngrembag bab tembung saha paugeran pandhapuking

tembung sarta ewah-ewahaning

tembung. Mila wonten ing kajian basa Jawi morfologi kawastanan tata

tembung (Mulyana, 2006: 6). Satuan

gramatikal ing morfologi inggih menika ngrembag bab morfem saha tembung. Morfem inggih menika satuan gramatikal ingkang alit piyambak saengga boten gadhah

satuan ingkang sanes minangka unsuripun (Ramlan, 1987: 32). Tembung inggih menika satuan bebas ingkang alit piyambak utawi saben satuan bebas minangka tembung (Ramlan, 1987: 33). Keraf

(1991: 5) ngandharaken menawi

dipuntingali saking kompleksitas morfem utawi cacahing morfem, tembung kaperang dados kalih inggih

menika tembung monomorfemis saha

tembung polimorfemis. Tembung monomorfemis inggih menika tembung ingkang kadadosan saking

setunggal morfem bebas utawi tembung lingga. tembung

(6)

setunggal morfem. Tembung polimorfemis minangka asil pandhapuking tembung utawi proses morfologis awujud tataraning morfem. Pandhapuking tembung awujud tataran morfem kados ta

afiksasi, reduplikasi/ tembung

rangkep, saha komposisi/tembung

camboran.

Verhaar (1981: 9)

ngandharaken semantik inggih menika perangan linguistik ingkang

mangertosi tegesing basa wonten ing

bebrayan. Abdul Chaer (1995: 6)

ngandharaken semantik dipunperang dados sekawan jinis inggih menika:

1. semantik leksikal inggih menika semantik ingkang objek panalitenipun inggih menika

leksikon (tembung) ing sawijining basa,

2. semantik gramatikal inggih menika semantik ingkang objek

panalitenipun makna gramatikal saking tataran morfologi,

3. semantik sintaktikal inggih menika semantik ingkang ancas

panalitenipun wonten

gayutanipun kaliyan sintaksis

(frase, klausa saha ukara),

4. semantik maksud inggih menika gayut kaliyan wujud gaya bahasa

kados ta metafora, ironi litotes saha sakpanunggalipun.

Analisis wonten ing panaliten

menika ngginakaken jinis semantik leksikal saha semantik gramatikal.

Tembung minangka nama

tiyang jawi mendhet saking kalender

Jawi, pewayangan, nama kewan, tetuwuhan, kembang, piranti,

tembung kahanan, kawontenan

nalika lair, utawi pangajab solah

bawa dhumateng jabang bayi.

(Uhlenbeck, 1982: 374-375). Sahid

(7)

Hisham Dzakariah (2010 : 264-265)

ngandarkaken klasifikasi unsur dhasaring nama tiyang Jawi

kaperang dados wolu unsur inggih

menika unsur 1. agami, 2. alam, 3.

flora saha fauna, 4. wayang, 5. ghaib, 6. entiti/ pangajab, 7. nomer, saha 8. pepenget.

C. CARA PANALITEN

Panaliten menika kalebet

panaliten kulaitatif ingkang sipatipun

deskriptif. Data wonten ing panaliten

menika awujud tembung minangka

nama mahasiswa angkatan 2009 Prodi Pendidikan Bahasa Jawa. Sumbering data pikantuk saking dokumen saha mahasiswa angkatan 2009 Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa UNY. Caranipun ngempalaken data wonten paniliten menika ngginakaken dokumentasi (dokumen), angket/ kuesioner, saha

wawancara. Cara analisis data ingkang dipunginakaken inggih

menika analisis deskriptif. Caranipun

nganalisis inggih menika mawi

tabulasi,klasifikasi, saha interpretasi. Paniliten menika ngginakaken

triangulasi teori saha validitas semantik. Triangulasi teori inggih menika asiling data dipundayani dening teori-teori ingkang wonten gayutanipun kaliyan panaliten

menika. Validitas Semantik inggih menika data bab nama mahasiswa angkatan 2009 dipunparingi teges miturut konteksipun inggih menika nama mahasiswa angkatan 2009 Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Negeri Yogyakarta. Reliabilitas data ingkang dipunginakaken inggih menika

(8)

tetep ajeg utawi boten ewah ing

wekdal ingkang beda.

D. ASILING PANALITEN SAHA

PIREMBAGANIPUN

Wujuding tembung minangka

nama mahasiswa kaperang dados tiga inggih menika (1) tembung

monomorfemis, (2) tembung polimorfemis, saha (3) tembung monomorfemis saha polimorfemis. Pandhapuking tembung

polimorfemis wonten ing nama

mahasiswa inggih menika afiksasi,

tembung camboran wutuh,

kombinasi saha pengakroniman.

1. Afiksasi

a. Prefiksasi : {sa-} → Nur

Indah Saputri, Maulad Cahyaning

Safitri

b. Infiksasi : {-in} →

Dewi Hajar Pinuji

c. Sufiksasi : {-ant} →

Anis Wibawanti, Yunita Anggun

Try Wijayanti

d. Konfiksasi : {ha-} + {N-}

+ {-ni} → Nur Mei Handayani

2. Camboran wutuh : Adhi Suwara,

Intan Purnamasari

3. Kombinasi

a. Pemajemukan + Sufiksasi

: Sumaryoto (su + [m] + arya

+ {-to})

b. Pemenggalan + Sufiksasi

: Firda Novia Lita (November

+ {-ia})

4. Pengakroniman : Klasobo

(Klaten Wonosobo), Yosep

(Yogyakarta September), Endri

(Edi Winarni), Rita (Sunari

Parwito)

Nama ing tiyang Jawi wonten

panambang minangka tandha kangge

mbedakaken tiyang jaler saha tiyang

(9)

1. Tandha Jaler

a. {-o} → Prabowo,

Santoso, Siswoyo, Eko, Turisno

b. {-ono} → Adi Cahyono,

Heri Setiyono

c. {-nto}/ {-anto} → Nurhayanto,

Nanang Kristianto, Sapda Haris

Wiryanto,

d. (y) {-anto}→ Novi Widayanto,

Apriyanto

e. (m) {-anto} → Hermanto

f. {-wan} → Rizky Kurniawan,

Budi Gunawan

2. Tandha Estri

a. {-i} → Rahmani, Wahyuni, atmi,

Maryatmi, Febri, Desi, Riyani,

Ismi,

b. {-ia} → Novia,

c. {-iana} → Fajariana, Oktaviana,

Rizkiana,

d. {-ana} → Fajariana, Fitriana,

Rizkiana, setiyana,

e. {-ina} → Cristina, Agustina

f. {-anti} → Fitrianti, Yulianti,

Wibawanti, Wijayanti, Harjanti,

Purwanti,

g. {-eni} → Nugraheni,

Anggraeni,

h. {-ani} → Arviani,

Handayani, Ardiani, Andriani,

i. {-ni} → Wahyuni,

j. (y){-anti} → Erniyanti,

Hardiyanti

k. {-wati} → Kurniawati,

Rismawati,

l. {-atun} → Murniatun,

m. {-ah/ yah} → Ashfiyah,

Kamilah,

Ing nama mahasiswa wonten tiyang jaler ingkang namanipun

Priyana. Panyeratan nama Priyana

dipuntingali miturut Ejaan Yang Disempurnakan (EYD) basa Jawa menika sampun leres. Panambang

{-ana} wonten ingkang dipunagem

(10)

Bedanipun tiyang jaler ingkang

namanipun pikantuk panambang

{-ana}, adatipun dipunwaos {-ono}.

Panambang {-ana} wonten ing nama

estri, panyeratanipun saha

pocapanipun sami inggih menika

{-ana}.

Tandha estri anti} saha

{-atun} ing nama tiyang Jawi

tegesipun sami kaliyan tembung

sesulih ‘anti’ saha ‘atun’ ing basa

Arab. Tembung menika

dipunginakaken kagem tiyang

estri/feminine. Tadha jaler {-anto}

ing nama tiyang Jawi paedahipun

sami kaliyan tembung tembung

sesulih ‘anta’ ing basa Arab.

Tembung menika dipunginakaken

kagem tiyang jaler/maskulin.

Bedanipun tembung ‘anta’ ing nama

Jawi wujudipun dados {-anto}.

Swara /i/ minangka pralambang

samubarang ingkang alit, endah,

langsing, dados dipunagem nama

estri, amargi tiyang estri minangka

pralambang kaendahan. Swara /a/

minangka pralambang samubarang

ingkang atos, gadhah daya, dados

dipuagem nama tiyang jaler amargi

wonten unsur atos saha kiat.

(Soeharno, 1986: 25)

Basa ingkang paring

pangaribawa wonten ing nama

mahasiswa PBD angkatan 2009 inggih menika basa Sansekerta,

Kawi, Jawi, Indonesia, Arab,

Spanyol, Inggris, Perancis, Walandi,

saha Jepang. Basa Sansekerta, Arab,

Walandi saha Kawi minangka basa

serapan wonten ing basa Jawi ingkang dipuntingali wonten ing

kamus Bausastra. Basa manca paring

pangaribawa wonten ing nama

mahasiswa dipunsebabaken saking Agami tiyang ingkang paring nama

(11)

kitab suci/ nama baptis. Mekaten ugi

piranti komunikasi awujud tv (televisi) saha kalawarti dherek

paring pangaribawa dados sarana

basa Manca mlebet wonten ing nama

mahasiswa angkatan 2009. Nama ingkang ngginakaken basa Manca,

adatipun tiyang sepuhipun wonten

ingkang boten mangertos tegesipun.

Nama menika dipunpilih amargi

endah saha sekeca menawi

dipunmirengaken. Nama ingkang

ngginakaken basa Manca Nagari

tuladhanipun kados ing ngandhap

menika.

Spanyol : Melisa Yulianggara,

Linda Puspitasari, Lupita Ariantika

Sari

Jepang : Rinda Putri

Meilantika, Hana Kurniati, Ghis

Nggar Dwi Admaja

Irlandia : Ryan Ikhwan Khairi,

Rian Aditya Atma Ardany

Inggris : Rosalina Desinta,

Ayu Crismas Menakotta Kufla,

Arab : Ahmad Furqon,

Chory Apridikari,

Italia : Viandika Indah

Septyani,

Latin : Monica Valent

Minanda, Sesbania Grandi Flora

Walandi : minangka

nama ingkang ngemu nama wulan,

kados ta Yeniar Rahmah, Yunita

Anggun Try Wijayanti

Dhasaring paring nama

wonten ingkang kadadosan saking

setunggal unsur utawi langkung setunggal unsur. Unsur dhasaring paring nama mahasiswa kaperang

dados wolu inggih menika :

1. Unsur Agami

Unsur agama inggih menika nama ingkang wonten gayutanipun

(12)

a. Asmaul Husna :

Fathur Rahman Nur Awalin

b. Nama/ Gelar Nabi :

Akhmad Fatkhul Amin

c. Surat ing Al-Quran :

Anisatul Fatikah, Vina Inayatul

Mauna

d. Garwa Nabi : Maya

Yulaicha

e. Putra Nabi :

Iqlima Septy Rismawati

f. Ngemot bab ingkang sae : Chory

Apriadikari, Ismi Kamilah

g. Nama Baptis :

Monica Valent Minanda

h. Dinten Riyaya : Eliya

Banu Fitriana, Ayu Crismas

Menakotta

2. Unsur Alam

Unsur Alam inggih menika nama ingkang tegesipun wonten

gayutanipun kaliyan alam donya.

Sumbering unsur inggih menika

dasanama saking tembung ingkang

gayut kaliyan alam inggih menika :

a. Bumi : Rizky Ayu Nor

Pratiwi

b. Srengenge : Aditya Ryan Atma

Ardany, Bramanditya Arif

c. Toya : Hermanto, Habib

Hermanto

d. Langit : Mega Silvia Yulianti

e. Gunung : Ardiani

f. Cahya : Ady Cahyono

g. Watu Permata : Intan

Purnamasari

3. Unsur Flora/ Fauna

Unsur Flora ‘tatuwuhan’ saha Fauna ‘kewan’ inggih menika nama

ingkang mundhut nama tetuwuhan

utawi kewan ingkang dipunanggep

suci, endah, saha kiyat.

a. Nama tetuwuhan : Sesinia

Rendhi Laura ‘kembang turi’

b. Nama kewan : Dika

(13)

4. Unsur Wayang

Wayang minangka sumbering

paring nama wonten tiyang Jawi.

Wayang wonten ing bebrayan ageng

Jawi dipunraos tontonan ingkang

saged dados tuntunan. Tontonan

ingkang ngemot pitedah saha

piwulang wonten ing panggesangan.

Sumbering unsur wayang inggih menika nama dewa, satriya, dewi

wonten lakon pewayangan minangka

lakon ingkang tumindakipun sae.

a. Satriya : Dicky Aria Krisna

Yuda

b. Bathara : Tri Wisnu Handoyo

c. Dewi : Shinta Dwi Fitri

Astuti

5. Unsur Ghaib

Jinising unsur ghaib miturut R.M.Ng Wirjakusuma wonten ing

Serat Widyakirana dipunperang

dados sekawan jinis inggih menika

pulung, wahyu, andaru, saha guntur.

Jinising unsur ghaib menika ingkang dipunginakaken minangka nama

tiyang Jawi.

a. Pulung inggih menika unsur ingkang dipunpitados betha

panguripan, saged mimpin

bangsa, landhep ing sadaya cipta

saha asih dhumateng sadaya

makhluk.

b. Wahyu inggih menika unsur ingkang dipunpitados jiwanipun

bakal dipuntuntun dhumateng

sipat saha tumindak ingkang

misuwur. Tuladhanipun ing nama

mahasiswa ‘Wahyu Aji’

c. Andaru inggih menika unsur ingkang dipunpitados bakal

dados tiyang ingkang sugih saha

mulya.

d. Guntur inggih menika unsur ingkang dipunpitados bakal

(14)

6. Unsur Pangajab/ Entiti

Entiti inggih menika wujud pangarep-arep utawi pepenginan

(motivasi) saking ingkang paring nama. Unsur menika sumberipun saking pangajab ingkang paring

nama inggih menika kados ing

ngandhap.

a. Kiat : Apriyanto

Dwi Santosa

b. Welas Asih : Wening

Tresna Asih

c. Wasis : Eko Kurnia

Budi Gunawan

d. Bagya : Ria Asmara

Timur

e. Beja : Rahmad

Fauzi

f. Ayu/ Bagus : Nimas Ayu

Prabaningrat,

g. Sugih : Muhammad

Aditiya Artha Kusuma

h. Wicaksana : Andhika

Wicaksana

i. Sabar : Ryco Vendy

Amenity

j. Slamet : Lestari Dwi

Wahyuni

k. Becik : Adhi

Suswara

7. Unsur Nomer

Unsur Nomer inggih menika unsur minangka tandha urutan lairipun

putra.

a. Putra kaping setunggal : Eka

Nur Fitriana, Wahidatuz

Zuhriyah

b. Putra kaping kalih : Dwi

Agustina, Fisna Azizza Rahma

c. Putra kaping tiga : Sulus

Arifata

8. Unsur Pepenget

Unsur pepenget inggih menika unsur ingkang nyariosaken kawontenan

(15)

dados pepenget ingkang paring nama

utawi ingkang gadhah nama supados

boten katalompen.

a. Nama ing Kulawarga : Rinda

Putri Meilantika,

b. Nama Tiyang Sanes :

Melisa Yulianggara, Viandika

Indah Septiyana

c. Wekdal Lair :

Supardian,

d. Kawontenan : Eka

Siwi Priatin

e. Nama Papan : Endra

Wijaya,

f. Jinis Kelamin : Joko

Prayoga

g. Pakaryan Tiyang Sepuh : Warih

Sri Martani

E. DUDUTAN

Wujuding tembung

minangka nama mahasiswa kaperang

dados tiga inggih menika (1)

tembung monomorfemis, (2) tembung polimorfemis, saha (3) tembung monomorfemis saha polimorfemis. Unsur dhasaring paring nama menika wonten wolu

unsur inggih menika unsur agami, alam, flora/ fauna, wayang, ghaib, entiti/ pangajab, nomer, saha pepenget. Dhasaring paring nama

wonten ingkang kadadosan saking

setunggal unsur utawi langkung setunggal unsur. Mahasiswa minangka ingkang gadhah nama

wonten ingkang mangertos saha

boten mangertos tegesing nama

piyambakipun. Mahasiswa ingkang

boten mangertos, adhedhasar tiyang

sepuhipun dipunsebabaken dening

sekawan perkawis inggih menika

dipunraos endah, mendhet nama

tiyang sanes, nama ingkang

dipunparingi tiyang sanes, utawi

(16)

KAPUSTAKAN

Chaer, Abdul. 1995. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta

Keraf, Gorys. 1991. Tata Bahasa Indonesia. Ende Flores : Nusa Dua

Moleong, Lexy, J. 1993 Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung : Pt. Remaja Rosdakarya.

Mulyana. 2006. Morfologi Bahasa Jawa. Yogyakarta: Kanwa Publiser

Muslich, Mansur. 2010. Tata Bentuk Bahasa Indonesia, kajian ke arah tatabahasa deskriptif. Jakarta: Bumi Aksara

Nurhayati, Endang. 2001. Diktat Morfologi Bahasa Jawa. Universitas Negeri Yogyakarta

Ramlan, M. 1987. Morfologi : Suatu tinjauan Deskriptif. Yogyakarta CV. Karyono Ilmu Bahasa Indonesia Soeharno. 1986. Sistem Nama Diri

dalam Masyarakat Jawa. Yogyakarta : Departemen Pendidikan dan Kebudayaan

Uhlenbeck, E.M. 1982. Kajian Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta : Penerbit Djambatan

Wedhawati. dkk. 2006. Tata Bahasa jawa Mutakhir. Yogyakarta : Penerbit Kanisius

Widodo, Sahid Teguh, Nuraini Yussof & Hizham Zakiria. 2010. Sari-Internasional Journal of the Malay Word and Civilisation (No. 28 tahun 2010) kaca 259-277 Verhaar. 1981. Pengantar linguistik.

Yogyakarta: Gadjah Mada University Press

Referensi

Dokumen terkait

Sehingga dengan adanya cerita berbahasa Jawa yang sesuai dengan kondisi anak-anak dan remaja saat ini akan memudahkan revitalisasi bahasa Jawa dalam program acara “Sandiwara

Untuk mengetahui kondisi awal kemampuan siswa dilaksanakan wawancara dengan guru mata pelajaran Bahasa Jawa, melakukan pengamatan pembelajaran, dan melaksanakan

Hasil analisis menunjukkan (1) campur kode bahasa Jawa ragam krama tokoh Handoko dalam novel Kunarpa Tan Bisa Kandha karya Suparto Broto berjumlah 169 ucapan

Bahasa jawa adalah bahasa yang digunakan masyarakat yang bertempat tinggal di pulau Jawa, khususnya di provinsi Jawa Tengah, Daerah Istimewa Yogyakarta dan

Gaweya karangan bebas kanthi tema “Budaya Jawa” nggunakake basa jawa krama alus, minimal 100 tembung !!!. (Buatlah karangan bebas dengan tema “Budaya Jawa” menggunakan Bahasa

Dengan demikian, tujuan penelitian ini (1) mendeskripsikan profil lulusan Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, (2) mendeskripsikan kompetensi- kompetensi

Abstrak: Penelitian ini bertujuan untuk mengetahui (1) Proses pembelajaran dalam peningkatan kemampuan berbicara bahasa jawa pada siswa kelas XI SMA Islam Sudirman

Kajian Ditinjau dari kekerabatan bahasa Jawa tersebut membagi bunyi konsonan dalam Yogyakarta, bahasa Jawa dan bahasa Indonesia bahasa Indonesia menjadi 23 konsonan yaitu