• Tidak ada hasil yang ditemukan

Pèngêtan Kagungan Dalêm Siti Dhusun Karaton Surakarta saha Ngayogyakarta nalika J a m a n I n g k a n g S i n u h u n P a k u b u w a na VII

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "Pèngêtan Kagungan Dalêm Siti Dhusun Karaton Surakarta saha Ngayogyakarta nalika J a m a n I n g k a n g S i n u h u n P a k u b u w a na VII"

Copied!
6
0
0

Teks penuh

(1)

Pèngêtan Kagungan Dalêm Siti Dhusun Karaton Surakarta saha Ngayogyakarta nalika J a m a n I n g k a n g S i n u h u n P a k u b u w a n a V I I

Panjênênganingsun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Kaping Pitu kang akêdhaton nagara ing

Surakarta Hadiningrat amratelakake yèn Kangjêng tuwan Yan Isak Pan Sipênopên kumisaris kêratonnagara Surakarta Hadiningrat lan ing Ngayogyakarta Hadiningrat wus anduduhake marang

ing panjênênganingsun piyagême Radèn Adipati Danurêja ing Ngayogyakarta kang kagadhuhakemarang tuwan Johanis Agustinis Dhèsênje. Unining layang piyagêm:

Tuwan Johanis Agustinis Dhèsênje amajêgi bumi desa ing Pênthongan sajung, ingWanasêgara sajung sakikil, gunggung kabèh telung jung sakikil. Lawase gone majêgi wolungtaun dadi nêmbelas pasokan. Wiwit ing sasi Agustus ping 20 taun 1830 tempone ing sasi Agustus ping 19 taun angka 1838, dèn pajêgi rongatus patangpuluh lima reyal ing dalêm sêtaun, mêtutêtêngahan ping pindho sêtaun, ing bakdane garêbêg Pasa 122 ½ reyal, ing bakdane garêbêg Mulud 122 ½ reyal.

Karo dene manèh, tuwan Johanis Agustinis Dhèsênje digadhuhi bumi desa ing Pantaran sajung ora anganggo nyangga pajêg, amung rumêksa angrêsiki pasarean lan andadanikang padha rusak.Sarèhning saking panggawening watês anyar ana ing Kalathèn, nalika ing sasiSeptembêr ping 27 taun 1830 bumi desa kang kasêbut ing dhuwur mau padha milu dadibawahing Surakarta

Hadiningrat. Kang iku layang piyagême Radèn Adipati Danurêja mau, ingsun têtêpake ing sauninekabèh kaya upamane panjênênganingsun dhewe kang amajêgake lan anggadhuhake bumi desaiku mau sarta agawe prajangjian kaya layang kang kasêbut ana ing layang piyagêm mau. Dhawuhing pangandika ing Surakarta Hadiningrat ping 24 Juni taun 1831.

Pèngêt, iki layang manira piyagêm Kangjêng Radèn Adipati Danurêja kagadhuhamarang saudara tuwan Johanis Agustinis Dhèsênje ing Ampèl. Marmane saudara tuwan

Johanis Agustinis Dhèsênje anggadhuh layang manira piyagêm. Dene ing mangko amajêgi kagungandalêm bumi desa, iki arane desane.

Ing Pênthongan sajung, Banaran sajung, Wanasêgara sajung sakikil, dadi cacah bumikapatêngah jung, iku padha tanah sawetaning gunung Mêrbabu kabèh. Dene lawase gone amajêgi iku mau wolung taun dadi nêmbêlas pasokan, wiwit ing garêbêg Mulud taun Je iki 1758. Dene tempone besuk pajêge bakdane garêbêg Pasa taun Jimawal 1765 disanggapajêge jung pitung puluh reyal, reyalan nêlung puluh uwang, sareyale ing dalêm sêtaun. Gunggung pajêg b umi kapat têngah jung mau, ing dalêm satêngah taun 122 ½ reyal, iku diladèkna ping pindho sêtaun. Lan manira wus angakoni anampani kêncèngan dhuwit akèhe 180 reyal sumurup pajêge ing dalêm patang taun.

Dene jangji manira marang saudara tuwan Dhèsênje ing sabên-sabên mangsaangladèkake pajêg satêngah taun, dicowoka sêprapatane pajêg sêtaun, manira wis trima ing sabên mangsa

anampani pajêg 61 ¼ reyal. Dene sahe dhuwit kêncèngan pajêg patang atus ikumau, sak tempone jangji ing dalêm wolung taun sarta mati sabarang takêrturun.

Karo dene manèh saudara tuwan Dhèsênje manira gadhuhi kagungan dalêm bumimutihan ing Pantaran sajung iku, ora kêna saudara tuwan Dhèsênje mau yèn angêmpèka gaweneanjabane gawene dhewe rêrêsik pasarean sarta andandani kang padha rusak anyupriha bêcike. Dene samangsane ing sasi garêbêg Mulud, Bêkêle asaosa lumêbu mênyang nagara sartaangladèkna apa kang dadi sêsanggane bumi mutihan. Dene pêpacak manira marang saudaratuwan Dhèsênje, ora kêna yèn agawea rusaking desa, anganiaya wong desa, utawa angèthèrêna pajêg. Wêwalêr manira manèh marang saudara tuwan Dhèsênje, aja nganti kandhêg kampiranwong ala lan aja angrojongi wong kang panggaweane ala sapanunggalane kabèh, balikanyupriha gêmah raharjaning. Kumisesa kono iku sarupaning wong bumi desa, bêbêkêle

bumi patang jung sakikil kalêbu gadhuhane iku mau kabèh padha mituruta apa ing saparentahe saudara tuwan Dhèsênje, iku poma mituhua apa saunine layang manira piyagêm iki. Katulis Ngayogyakarta, Akad tanggal kaping 26 sasi Sura taun 1748

(2)

Kalih dene Kangjêng tuwan Residhèn, mênggah siti pamêthakan pun Pantaran sajung punika sampun ngantos kalêbêtakên wontên nawalanipun tuwan Dhèsênje, sabab badhe dados gadhuhanipun Mas Pangulu, ingkang mawi siti punika botên kapaosan amung kagadhuhi mawonlan malih mênggah padamêlanipun ing parêdèn inggih tumindaka kados limrahipun ing kathah.

Panjênênganingsun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing

Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Kaping Pitu kang akêdhaton nagara ing

Surakarta Hadiningrat amratelakake yèn kangjêng tuwan Yan Isak Pan Sipênopên, kumisaris kêratonnagara Surakarta Hadiningrat lan ing Ngayogyakarta Hadiningrat wus anduduhake

marang Panjênênganingsun piyagême Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana Kaping Lima ing Ngayogyakarta Hadiningrat kang kagadhuhakên marang tuwan Giliyan Maklin, unine ing layang piyagêm.Tuwan Giliyan Maklin amajêgi kagungane bumi desa ing Dhadhah kana sajung, ingSêmbung sajung, ing Sampêtan sajung, ing Janarana sajung, gunggung patang jung, têrang

karo Kangjêng Guprêmen. Lawase gone amajêgi iku telulas taun dadi nêmlikur pasokan, wiwit ing sasi Pebruari ping sêpisan taun 1827. Tempone ing sasi Januari ping 30 taun 1840,

dèn pajêgi sewu rupiyah ing dalêm sêtaun. Mêtu têtênggahan ping pindho sêtaun, ing bakdane garêbêg Pasa limangatus rupiyah, ing bakdaning garêbêg Mulud limangatus rupiyah.

Sarèhning saking panggawening watês anyar ana ing Kalathèn, nalika ing sasiSeptèmbêr ping 27 taun 1830, bumi desa kang wus kasêbut ing dhuwur mau mèlu dadibawahingsun ing Surakarta Hadiningrat. Kang iku layang piyagême

KangjêngSultan Hamêngkubuwana Kaping Lima mau, ingsun têtêpake ing saunine kabèh kaya upamane Panjênênga ningsun dhewe kang amajêgake bumi desa iku mau lan agawe prajangjian kangkasêbut ana ing layang piyagêm mau.

Dhawuh pangandika ing Surakarta Hadiningrat, ping 24 Juni taun 1831

Pèngêt, layangingsun piyagêm Kangjêng Sultan Sêpuh Hamêngkubuwana Senapati

ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Kalipatulah Kaping 2 ing Ngayogyakarta Hadiningrat, ingsun ga dhuhakên marang tuwan Giliyan Maklin. Marmane ingsun gadhuhilayangingsun piyagêm, dene amajêgi

kagunganingsun bumi desa ing Dhadhakan karya sajung,lan ing Banaran karya sajung, ing Sêmbung karya sajung, Sampêt karya sajung, gunggung kabèh patang jung. Iku kabèh padha kaprênah sawetaning gunung Mêrbabu sarta gone amajêgi wustêrang karo Kanjêng Guprêmèn Nedrêlan.

Ana dene lawase gone amajêgi iku têlulas taun dadi 26 pasokan wiwit ing sasi Pebruari ping 1 taun 1827 tempone ing sasi Januari ping 31 taun angka 1840. Dèn pajêgi sewu rupiyahing dalêm sêtaune mêtu têtêngahan ping pindho sêtahun, bakdaning garêbêg Pasa angladèknakagunganingsun pajêg limangatus rupiyah. Ing bakdaning garêbêg Mulud limangatus rupiyah,iku mati ing sabarang takêrturun.

Kang saupama tuwan Giliyan mau gawe rusaking desa, anganiaya ing wonge atawaangèthèrke kagunganingsun pajêg, sênajan durung tutug ing têlulas taun, amêsthikagunganingsun bumi desa kang wus kasêbut ing ngarêp mau ingsun jabêl.

Dene ing mêngko tuwan Maklin atampa bumi sawah irêngan, besuk ing tempone iyaangaturêna kagunganingsun bumi desa ing irêngan konjuk ing sampeyaningsun, dene yèn anatandurane kang durung tuwa kayata Kopi, Pari, sapanunggalane kang durung kaundhuh, misih jênêng kuningan, iya ingsun sêrantèkake sarêsike pangundhuhe tuwan Maklin.

Karo dene manèh tuwan Maklin ora wênang amocot atawa anggantung kalungguhane Dêmang, Bêkêl lan sapanung galane lan anandur wong saliyane atas Panjênênganingsun kangkalungan panguwasa. Lan manèh pêpacakingsun marang tuwan Maklin, aja kandêg kampiranlan ngrojongi wong ala alaku durjana lan angadêgake ngabalaan, balik nyupriha têntrêm harjaning bumi desa ing kono. Wusana tuwan Maklin ora kêna anggliyêrake bumi desa kang dipajêgi mau, yèn ora têrang lan panjênênganingsun.

Pacuhan-pacuhan sakèhe kawulaningsun padha sira angèstokêna saunine

layangingsun piyagêm kang ingsun gadhuhakên marang tuwan Giliyan Maklin, taha yèn tan angêstokênaatanapi yèn amaidoa. Kalaksanaa marang sakèhe para nayakaningsun ana ing alun-aluningsuning Ngayogyakarta Hadiningrat sarta konjuk panjênênganingsun. Titi.

Panjênênganingsun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Kaping Pitu kang akêdhaton nagara ing

Surakarta Hadiningrat amratelakakên yèn Kangjêng tuwan Yan Isak Pan Sipênopên kumisaris kêratonnagara Surakarta lan ing Ngayogyakarta wus anduduhake marang ing panjênênganingsunlayang piyagême Kangjêng

(3)

Sultan Hamêngkubuwana Kaping 5 ing Ngayogyakarta Hadiningratkang kagadhuhake marang tuwan Johanis Agustinis Dhèsênje, unine layang piyagêm.

Tuwan Johanis Agustinis Dhèsênje amajêgi kagungane bumi desa ing Gagatan

ing sawêtara, têrang karo Kanjêng Guprêmèn. Dene arane desa sawijiwijine ing ngisor iki pratelane.

Ing Karanggêdhe, ing Kalimas kulon, ing Sêling kidul, ing Pawing Wetan, ing Pawing Kulon, ing Kumusu, ing Ragum, ing Kêdhung Pring, ing Pasarean, ing Tari, ing Karangasêm,ing Balimbingan kabèh rolas jung.

Ing Kêbonan, ing Sêling Lor, ing Sêndhang, ing Jatisari, ing Ngijo, ing Lêmbandhatan,ing Kêmusu, ing Kêdhung Lo, ing Krutukan, ing Karang Gênêng, ing Kalongan, ing Dhuwaran,ing Kutukan Kayêng, kabèh pitulas jung.

Ing Pulutan, ing Dêmangan, ing Kêmlaka Kêrêp, ing Pringapus kabèh patang Jung. Ing Toyan, ing Karang Jati, ing Gagatan Kulon, ing Gagatan Etan, kabèh wolung jung. Ing Talepat, ing Ngawèn, ing Karang Plasa, ing Karang Toya, ing Pidikan kabèh patang jung.

Ing Tawangsari, ing Ngimbat, ing Balumbang Kèndêl, ing Gligang, ing Karanglo, ing Kalangan, ing Sange Kaponan, ing Karanglo Pancas, ing Jamèn Pancas, ing Tawangsari kabèhtelulas jung.

Ing Kaworan, ing Bangêr, ing Bali Kidul, ing Kêmusu, ing Bala Lor kabèh nêm jung.Gunggung kabèh sêwidak papat jung bumi pêsawahan kajabane bumi patêgalan atawa alase.Gone amajêgi limalas taun dadi têlungpuluh pasokan. Wiwit ing sasi September ping 1 taun1827, tempone ing sasi Agustus ping 13 taun 1842 dèn pajêgi kaya kang kasêbut ingngisor iki.

Barêng wiwitane amajêgi ing limangatus kasangga pajêge sewu ringgit. Ing dalêm sêtaun mêtu têtêngahan garêbêg Pasa sêparo, ing garêbêg Mulud sêparo. limang taune manèhkasangga pajêg rongewu ringgit. Ing dalêm sêtaun iya mêtu têtêngahan kaya kang kasêbut mau.

Sakarine kang limang taun, kasangga pajêg têlungatus ringgit. Ing dalêm sêtaun iyamêtu têtêngahan garêbêg Pasa sewu limangatus, ing garêbêg Mulud sewu limangatus.

Sarèhning saking panggawening watês anyar ana ing Kalathèn, nalika ing sasiSeptèmbêr ping 27 taun 1830 bumi desa kang wus kasêbut ing dhuwur mau padha mèlu dadibawahingsun ing Surakarta Hadiningrat. Kang iku layang piyagême Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana mau, ingsun têtêpake ing saunine kabèh kaya upamane panjênênganin gsundhewe kang amajêgake bumi desa iku mau lan agawe prajangjian kaya kang kasêbut ana inglayang piyagêm mau.

Dhawuh pangandika ing Surakarta Hadiningrat, ping 24 Juni taun 1831

Punika ingkang sêrat prajangjian, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Sêpuh Hamêngkubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Kalipatullah Kaping Kalih kang kêdhaton nagara ing Ngayogyakarta Hadiningr at akalihan tuwan Johanis Agustinis Dhèsênje ing Surakarta.

Bab 1

Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan andhawuhakên pangandika yèn amajêgakêndhumatêng tuwan Dhèsênje siti dhusun ing Gagatan ing sawêtawis, wondening mênggahnamaning dhusun ing satunggal-tunggalipun ing ngandhap punika pratelanipun.

Ing Karang Gedhe, ing Kalimas Kulon, ing Sili Kidul, ing Pawing Wetan, ing Pawing Kulon, ing Kumusu, ing Ragum, ing Kêdhung Pring, ing Pasarean, ing Tari, ing Karangasêm, ing Balimbingan sêdaya kalihwêlas jung. Ing Kebonan, ing Sêling lor, ing Sêndhang, ing Jatisari, ing Ngijo, ing Lêmbadhatan, ing Kêmusu, ing Kêdhung Lo, ing Krutukan, ing Karang Gênêng, ing Kalongan, ing Dhuwaran, ing Kutukan Kayêng sêdaya karya pitulas jung.

Ing Pulutan, ing Gêdhangan, ing Kêmlaka Kêrêp, ing Pringapus sêdaya sêkawan jung. Ing Toyan, ing Karang Jati, ing Gagatan Kulon, ing Gagatan Etan, kabèh wolung jung.IngTalepat, ing Ngawèn, ing Karang Plasa, ing Karang Toya, ing Pidikan kabèh patang jung.

Ing Tawangsari, ing Ngambat, ing Balumbang Kèndêl, ing Gligang, ing Karang Lo, ing Kalangan, ing Sange Kaponan, ing Karanglo Pancas, ing Jatèn pancas, ing Ngawangsari sêdayakarya tigawêlas jung.

Ing Kaworan, ing Bangêr, ing Bala Kidul, ing Kêmusu sarta ing Bala Lor sêdaya karyanêm jung. Utawi sêdaya sêwidak sêkawan jung siti pasabinan anjawi siti patêgilan utawiwananipun punika botên tumut kaetang. Wondening tuwan Dhèsênje inggih angakèni yènamajègi siti dhusun kang sampun sami kasêbut ing ngajêng wau sêdaya. Bab 2

Mênggah lamine gènipun amajêgi wau gangsal wêlas taun, wiwit ing sapisan sasi Sèptèmbêr taun sèwu wolungatus pitulikur, yèn temponipun pêjah ing sasi Agustus taun sèwu wolungatus sêkawan dasa kalih.

(4)

Bab 3

Wondening pas bayaring pajêg kados ing ngandhap punika pratelanipun.Sarêng wiwitipun amajêgi ing dalêm gangsal taun kasanggi pajêg sèwu ringgit.

Ing dalêm sêtaunipun mêdal têtêngahan ing garêbêg Siyam sapalih, ing garêbêg Mulud sapalih. Gangsaltaunipun malih kasanggi pajêg tigangewu ringgit. Ing dalêm sêtaun inggih mêdal tatêngahankados kasêbut wau.

Sakantunipun ingkang gangsal taun kang kasanggi pajêg tigangèwu ringgit, ing dalêm sêtaun inggih

mêdal tatêngahan ing garêbêg Siyam sewu gangsalatus, ing garêbêg Mulud sèwu gangsalatus. Ananging mênggah rampungan pajêg punika mila kadamêl kados ingkang kasêbuting ngajêng wau. Sawab kawuninganipun nagara salamènipun dumugi ing mangke pajêgipuninggih amung sèwu ringgit ing dalêm sêtaun. Saupami benjing nagara manggihkatêranganipun yèn pajêgipun mila kang wau langkung sèwu ringgit, tuwan Dhèsênje inggih badhe bayarla ngkung kadosta upaminipun pajêg sèwu kalihatus ringgit ing dalêm sêtaun kados ingkang gangsal taun wiwitan pajêge sèwu ringgit.

Kang dalêm sêtaun mau tuwan Dhèsênje inggih badhe bayar sèwu kalihatus ringgit kang gangsal taunipun malih pajêg kalihèwu. Kang dalêm sêtaun. badhe bayar kalihèwu sêkawanatusringgit. Ingkang pungkasan gangsal taun, pajêg tigangèwu ringgit. Ing dalêm sêtaun badhebayar tigangèwu nêmatus ringgit, sawab ing mangke pakèwêd anggènipun amriksani.

Bab 4

Tuwan Dhèsênje anyanggêmi ing sumangsanipun sêrat prajangjian punika sampunkaparingakên. Tumuntên anyaosi kêncèngan kathahipun sèwu ringgit, dhumatêng ingkangSinuhun Kangjêng Sultan sumêrêp pajêg ing wêkasanipun tampa.

Bab 5

Tuwan Dhèsênje aprajangji badhe botên nindakakên ing sakajêngipun, ingatasipuntiyang alit ing siti dhusun wau. Kang sarta tuwan Dhèsênje aprajangji mênggahing bayaraningkang dhatêng tiyang alit sumêrêp gènipun nyanggi pêdamêlanipun punika badhe

karuhaning pambayaranipun ingkang kaliyan sami narimahipun. Wondening bilih tuwan Dhèsênje botên anêtêpi ing prajangjianipun, adamêl risaking siti dhusun utawi angèthèrakên ing sêsanggènipunuwang pajêg, mangka sampun têtela têtêp ing kalêpatanipun, punika ingkang Sinuhun KangjêngSultan wênang andhadhala siti dhusun saking tuwan Dhèsênje sanajan dèrèng dumugi ingmangsanipun tempo.

Bab 6

Tuwan Dhèsênje aprajangji badhe anyuprih gêmah harjanipun ing tanêm tuwuh kang nami Pantun supados sampun kantos kêkirangan uwos. Ananging tuwan Dhèsênje wênangananêmana barang tanêm tuwuh pundi kang dipun-galih dados prayogi.

Bab 7

Tuwan Dhèsênje anampèni siti dhusun irêngan, benjing yèn sampun dumugi ingmangsanipun tempo inggih amangsulêna irêngan dhumatêng ingkang Sinuhun Kangjêng

Sultan. Ananging yèn mangsa amangsulakên, mangka têksih wonten tanêmanipun palawija kadosta Pantun, Jagung, Kêtela sarta sêsamining palawija, punika bagi kalih ingkang Sinuhun KangjêngSultan kagungan sêpalih, tuwan Dhèsênje sêpalih. Saupami wontên tanêm tuwuh kang sanès palawija ingkang botên angêmungakên sêtaun kemawon kadosta Kopi, Têbu, sarta sêsaminipuntanêm tuwuh punika tuwan Dhèsênje botên ndhèrèk anggadhuhi têtêp dados kagunganipuningkang Sinuhun Kangjêng Sultan.

Bab 8

Tuwan Dhèsênje botên kenging ing sêsangèn takêrturun sapanunggalipun, kajawi

amung pêdamêlan bab andadosi karêtêg, margi-margi, sapanunggilanipun ingkang watês pêdamêlanipun ing nagara punika têksih kasanggia.

(5)

Bab 9

Tuwan Dhèsênje aprajangji badhe rumêksa supados siti dhusun ingkang sampundipunpajêgi wau sampun ngantos wontên lampah ingkang botên prayogi utawi tiyangngadêgakên botohan punapa dene ngrojongi tiyang dursila sapanunggilipun. Wondening ingkangSinuhun Kangjêng Sultan aprajangji badhe ambiyantuni dhatêng tuwan Dhèsênje gèniraanyuprih tata gêmah têntrêming siti dhusun.

Bab 10

Tuwan Dhèsênje aprajangji botên anindakakên panguwasa wontên siti dhusun ingkangdipunpajêgi wau, utawi amocot punapa dene ananêm kêpala dhusun sarta aprajangji botênbadhe amêndhêt utawi angangge nama kados tiyang Jawi punapa dene anyukanana namadhatêng tiyang sanès.

Wondening bilih wontên kêpala dhusun awon ing lampahipun utawi adamêl kalêpatan,tuwan Dhèsênje amung kenging anggantung ing kalênggahanipun. Ananging enggalaangaturana wuninga dhatêng Kangjêng Radèn Adipati supados kapariksaa prakawisipundhatêng Kangjêng Radèn Adipati punika ingkang badhe angrampungi utawi angukum dhatêngtiyang ingkang adamêl kalêpatan wau. Wontên dene bab pananêming kêpala dhusun punikaatas Kangjêng Radèn Adipati darbeni pangucap.

Bab 11

Tuwan Dhèsênje aprajangji badhe amanut anglampahi sakathahe parentah

bab pamajêgipun siti dhusun, dados kaparentah kang sampun tumindak utawi ingkang badhekatindakakên ing wingking.

Karampungan tanggal ping 16 ing sasi Agustus taun 1827

Ingkang punika Kangjêng tuwan Rèsidhèn, mênggah wana kajêng Jatos pun Gagatanlulus kados parentahing Guprêmèn. Mênawi kapêndhêt kadamêl Loji utawi karêtêg-karêtêg sapanunggilanipun. Ladosa adat ingkang sampun kêlampahan lan padamêlanipun ing prêdèn tumindaka kados limrahipun ing kathah.

Panjênênganingsun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Sênapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayi dina Panatagama Kaping Pitu ingkang kêdhaton nagara ing Surakarta Hadiningrat amratelakake yèn kangjêng tuwan Yan Isak Pan Sipênopên, kumisariskêraton nagara Surakarta lan ing Ngayogyakarta, wus anduduhake marang ing panjênênganipun piyagême Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana Senapati Ing Ngalaga Kaping Lima ing Ngayogyakarta Hadiningrat kang kagadhuhake marang tuwan Wiliyan Kusni, unine layang piyagêm. Tuwan Wiliyan Kusni amajêgi kagungane bumi desa ing Sima nêmlikur jung, têrang karo kangjêng Guprêmèn lawase gone amajêgi wolulas taun dadi têlungpuluh nêm pasokan.Wiwit ing sasi Januari ping 1 taun 1829 tempone ing sasi Dhesèmber ping 31 taun 1846 dèn pajêgi nêmatus patlikur rupiyah. Ing dalêm sêtaun metu tatêngahan ping pindho sêtaun, ingbakdaning garêbêg Pasa, 312 rupiyah, ing bakdaning garêbêg Mulud 312 rupiyah.

Sarèhning saking panggawening watês anyar ana ing Kalathèn, nalika sasi

Sèptèmber ping 27 taun 1830 bumi desa ingkang kasêbut ing dhuwur mau mèlu dadi bawahingsun ingSurakarta Hadiningrat. Kang iku layang piyagême Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana

Kaping Lima mau ingsun têtêpake saunine kabèh kaya upamane Panjênênganingsun dhewe kangamajêgake bumi desa iku mau, lan agawe prajangjian kaya kang kasêbut ing layang piyagêm mau.

Dhawuhing pangandika ing Surakarta Hadiningrat ping 24 Juni taun 1831

Pènget, iki nawalaningsun piyagêm Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana ingkang Kaping5 Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidina Panatagama Kalipatulah, ingkang ngrêngganinagara ing Ngayogyakarta Hadiningrat sun gadhuhakên marang tuwan Wiliyan Kusni. Marmanetuwan Wiliyan Kusni kagadhuhan nawalaningsun.

Dene ing mêngko amajêgi kagunganingsun bumi desa tanah ing Sima 26 jung sarta goneamajêgi uwis têrang ing Kangjêng tuwan Guprêmèn Nèdrêlan. Dene lawase gone amajêgi iku 18taun, dadi têlungpuluh nêm pasokan. Wiwit tanggal ping 1 sasi Januari taun 1829 temponetanggal ping 31 sasi Dhesèmbêr taun 1846, dipajêgi 624 rupiyah ing dalêm sêtaun. Sabakdane garêbêg Pasa 312 rupiyah, sabakdane garêbêg Mulud 312 rupiyah. Iku wus mati barang takêrturun atawa sabarang wêtune ing bumi kang dudu pajêg. Ananging misih kêna bubutane,dandan-dandan karêtêg, dêdalan, lurung sapanunggalane. Apa kang dadi pamundhuting parentah.

(6)

Ana dene tuwan Kusni mau atampaa kagunganingsun bumi desa ing Sima irêngan,

besuk yèn wis tempone tuwan Kusni iya ambalekna kagunganingsun bumi mau iya irêngan. Yèn saupama wis tempone bumi desa mau misih ana tandurane, lulusa mênyang tuwan Kusni, bumineiya lulusa dadi kagunganingsun manèh. Lan Tuwan Kusni yèn ana karêpe, bab witan Kahwa atawa

wit-witan liyane, kang misih ana wohe, mungguh wohe mau iya lulusa mênyangtuwan Kusni, ana dene wite iya têtêpa dadi kagunganingsun, ora kêna tuwan Kusni angrêngkuhawit-witan kang wus diunduh wohe.

Wondening wêwalêringsun marang tuwan Kusni ora kênaa yèn anganiayaa marangwong cilik Yèn jaluk bahu-sukune wong cilik, ambayar samurcate sarta kang dadi panrimanewong desa mau. Ora kêna Kusni agawe rusaking wong, miwah rusaking desa atawa angèthèrakekagunganingsun pajêg. Sênajan durung tutug ing jangji wolulas taun, amêsthi kagunganingsunbumi desa ing Sima kang kasêbut ing ngarêp mau iya bakal sun pundhut.

Tuwan Kusni anjagaa ing kagunganingsun bumi desa ing Sima, aja agawe

rusuh sajroning desa kono mau, aja nganti ana wong botohan, aja ana wong ala aluputan atawawong liyane rêrusuhan apa manèh wong ala nganti katulungan marang desa bumi kono atawawong desa aja nganti wani-wani kanggonan wong ala.

Ana dene yèn ana abote olèhe bakal nyirnaake wong ala, supriha gêmah harjaning bumidesa mau, iya ingsun bakal amaringi pitulung lan manèh tuwan Kusni aja wani-wani

anganggo panguwasaning parentah nagara ana ing tanah kono atawa amocota kêpala desa. Apa manèhanganggoa kalungguhan, kaya kawulaningsun bangsa Jawa atawa aweha aran marang ing wongliyane. Ana dene saupama ana wong desa kang ngalap trape, pênggaweane ora pantêsangênggoni ing kalungguhane, ingsun amênangakên marang tuwan Kusni. Gantunga kalungguhane marang ing kêpala iku mau, ananging anyaosa uninga ing

panjênênganingsun supaya ingsun bisa ametokake gandhèk titi priksa, mungguh prakarane ing desa bisaa rampung sarta angukumi marang wong kang luput iku mau. Ana dene bab panggawene kêpala desa anyar, gêgêntine wong kang ala iku mau kasumanggakna apa kang dadi karsaningsun.

Tuwan Kusni ora kêna yèn amajêgêna atawa angliyêrna bumi desa, dadia sêthithikatawa kathah marang ing wong liyane mêsthi ora kêna. Ana dene tuwan Kusni yèn nêja anglakoni kang mêngkono iku mau, ora kêna ora iya matura dhimin marang ing Panjênênganingsun iya anglilani ananging kauningana marang ing Kangjêng Guprêmèn. Lan manèh yèn wis têkan ing tempone tuwan Kusni olehe amajêgi kagunganingsun bumidesa ing Sima iku mau, iya ingsun lilani amajêgi manèh marang ing kagunganingsun bumi desaiku mau ananging yèn kalayan parêngingsun ana dene ing samangsane besuk tumêka ingtempone bumi desa ing Sima mau, mulih marang ing Panjênênganingsun iku amêsthi oraanganggo ongkos.

Referensi

Dokumen terkait

Lihat saja bayaran Allah untuk “pekerjaan” yang satu ini, pekerjaan tahajjud; siapa yang shalat dua rakaat di tengah malam, khairun minaddunyaa wa maa fiihaa, maka baginya lebih

Seorang wanita, usia 50 tahun, datang ke puskesmas dengan keluhan kaki tidak dapat berjalan sejak 3 minggu yang lalu. Riwayat sebelumnya pasien sering keputihan berbau

Tujuan penelitian ini adalah untuk mengetahui dan menganalisis pengaruh pressure (tekanan), opportunity (kesempatan), rasionalization (rasionalisasi), capability

Diantara pemikirannya adalah mengenai konsep falah, hayyah thayyibah, dan tantangan ekonomi umat Islam, kebijakan moneter, lembaga keuangan syariah yang lebih ditekankan kepada

Melalui temuan dan analisis data di atas dapat dilihat bahwa adanya pembongkaran representasi kulit hitam dalam aspek kepemimpinan dan heroisme. Namun pembongkaran itu

Di akun IG dan fanpage inilah nantinya Anda posting foto produk Anda yang keren tadi, jadi di IG ini Anda bisa posting da langsung konek ke fanpage, jadi setiap kali Anda post konten

Bapepam dan LK Berarti Bapepam dan Lembaga Keuangan yang merupakan penggabungan dari Bapepam dan Direktorat Jenderal Lembaga Keuangan (DJLK), sesuai dengan Keputusan

Sedangkan untuk pola yang kedua, tidak mempengaruhi antrian pada lapangan parkir dan pemuatan di kapal karena pengaruh bottleneck terjadi pada daerah di belakang