LAPORAN PIREMBAGAN
BABAGAN APRESIASI SASTRA RESEPTIF KAGEM SD KELAS INGGIL
1. Pitakenan :
Kados pundi cara guru ngastakaken lare wonten ing kelas inggil kagem apresiasi karya sastra menika?
Wangsulan :
Saleresipun lebet ngastakaken kegiatan apresiasi, guru sanes lah penerjemah utawi penafsir karya sastra kagem muridipun ananging namunga dados pendorong lan pemberi stimulus. Midherek Aminuddin (1990) menawi ayahan guru lebet kegiatan apresiasi sastra inggih menika; (1) ngembangaken kawruh lan pengalaman (skemata simbolik) wonting ing siswa lan (2) mbimbing cara nggalihaken siswa ing wekdal kegiatan apresiasi dipuntindakaken. kaliyan mekaten , pasinaon apresiasi sastra menika saestu dipunarahaken kagem ngembangaken apresiasi sastra siswa mliginipun ing pengembangan lan pembinaan respons emosional utawi intelektual lare menika.
2. Pitakenan :
Salah setunggaling manfaat apresiasi sastra inggih menika ningkataken katrampilan basan lare.
Punapa apresiasi sastra menika saged ningkataken katrampilan basan ing lare kelas inggil ? Coba njlentrehake miturut kelompok 2!
Wangsulan :
Katrampilan basan menika yaiku kagiatan maos, nyemak, nulis, lan lisan. Wonten ing proses pembelajaran menika, lare-lare kelas inggil saged ningkataken kemampuanipun wonten ing kagiatan apresiasi sastra amargi apresiasi sastra menika nduweni peran kagem ningkataken katrampilan maos lare kayata nalika lare maos puisi utawi maos prosa/carios, nglatih katrampilan lisan nalika para lare main peran wonten ing kagiatan drama. Kajaba iku, kagiatan apresiasi sastra ugi saged ningkataken katrampilan nyemak nalika guru maos karya sastra, utawi nalika
mirengaken literatur liwat rekaman. Apresiasi sastra ugi saged mbiyantu lare kagem ngembangaken katrampilan nulis kanthi nulis karya sastra.
3. Pitakenan :
Wonten ing makalah menika apresiasi reseptif niku wonten 3 pendekatan, miturut kelompok 2 menika pendekatan punapa ingkang paling trap kangge diajaraken wonten ing lare-lare kelas inggil?
Wangsulan :
Miturut kelompok 2, pendekatan ingkang paling trap menawi diginakaken guru kagem ngajaraken apresiasi sastra ing lare-lare kelas inggil inggih menika pendekatan didaktis, amargi pendekatan didaktis menika termasuk setunggaling pendekatan ingkang nduweni usaha manggihaken lan mangertosi gagasan, tanggepan evaluatif utawi sikap pengarang kalih kesugengan. Gagasan, tanggepan utawi sikap menika lebeting bab puniki badhe kuwawi kawujud lebet setunggaling pandengan etis, filosofis, utawi agamis mila badhe ngandhut nilai- nilai ingkang kuwawi nyugihi kegesangan rohaniah wonten ing pamaos menika. Lebet pelaksanaanipun, panganggenan pendekatan didaktis menika dipunwiwiti kaliyan upaya pangertosan satuan-satuan pokok panggalih ingkang wonten lebet setunggaling cipta karya.
Satuan pokok panggalih menika ing dhasaripun disarikan saking paparan gagasan pengarang, sae rupinipun tuturan ekspresif, komentar, pagineman, utawi deskripsi peristiwa saking pengarang utawi penyairipun menika.
Dudutan :
Apresiasi sastra kagem lare-lare kelas inggil menika gadhah manfaat wonten antawisipun : nglatih katrampilan basan lare, saged nambah kawruh bab pengalaman gesang manungsa, saged ngrencangi ngembangaken pribadi mbentuk watak, saged maringi kenyamanan miyari dimensi kegesangan kaliyan pengalaman enggal (Wardani 1981). Apresiasi sastra reseptif menika keparing dipuntindakaken kaliyan maringaken penghargaan, penilaian, lan pangertosan kaliyan karya sastra wonten ing lare-lare, nggih ingkang awujud puisi utawi prosa ingkang keparing dipuntindakaken kaliyan cara maos, mirengaken lan ningali pementasan drama.
Pendekatan menika ingkang keparing dipunterapaken lebet ngapresiasi sastra reseptif wonten ing
antawisipun inggih punika pendekatan emotif, pendekatan didaktis, lan pendekatan analitis.
Jinising sastra kagem lare-lare SD kelas inggil menika antawisipun sanes sastra fiksi, nonfiksi, puisi, sastra tradisonal, lan komik.