Assalamu alaikum Waroh matullahi Wabarokatuh
Alhamdulillahilladzi hadana lihadza wama kunna linahtadiyalaula an hadanalloh’. Asyhadu alla ila ha illallah...wahdahu la syarikalah..Wa Asyhadu Anna Muhammadan Abduhu Wa Rasuluh.
Amma Bakdu.
Kepareng matur dumateng Bapak, Ibu jamaah ingkang tansah dipun Rahmati dening Allah Subhana Huwata Ala, monggo langkung rumiyin, kita tansah ngaturaken raos Syukur kita dumateng Allah SWT, ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga, wonten ing ndalu puniko, kita saged nglaksanaaken salah setunggaling kewajiban kita, injih meniko Sholat Isya’ kanthi berjamaah wonten ing Masjid Baiturahman
Sholawat soho salam, mugi-mugi tansah kaparingaken dumateng junjungan kita nabi ageng Muhammad Salallahi Alaihi Wassalam. Sumrambah dumateng para Keluwarga, Sahabat lan umatipun insyaAllah kalebet kita sedaya.
Para jamaah ingkang dipun Rahmati Allah,
Sakderengipun pengaosan ing ndalu puniko kita milai, monggo langkung rumiyin kita bikak kanthi maos donga pambuko majelis, kawiwitan saking taawudz kawulo dereaken.
………..
Mugi-mugi kanthi donga pambuka majelis kolo wau, pengaosan ing ndalu puniko saged lumampah kanthi lancar dumugi paripurno.
Wekdal saklajengipun inggih meniko waosan hafalan surat pendek saking sederek : *( )
………..
Mekaten wau waosan surat pendek saking sederek *( ), mugi-mugi saged ndadosaken motivasi dumateng kito sedoyo anggenipun nyinaoni Al Qur’an.
Wekdal saklajengipun inggih meniko pengaosan ingkang bade dipun astho dening Bapak/ Ibu *(
). Wekdal soho papan kawulo sumanggaaken.
………..
Mekaten kolo wau pengaosan saking Bapak/ Ibu *( ). Mugi-mugi saget bermanfaat dumateng kito sedoyo. Amin.
Monggo kito pungkasi pengaosan wonten ing ndalu puniko kanthi waosan doa penutup majlis, kawiwitan saking taawudz kawulo dereaken.
……….
Saking kawulo cekap semanten, mbok bilih kathah atur ingkang kirang mujuprono saestu kulo nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu alaikum Waroh matullahi Wabarokatuh.