Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bissmilllahirrahman nirrahim. Assola tuwasala mu’ala asrofil anbiya’i wal mursalin. Wa’ala alihi wa sohbihi ajma’in. Ama ba’du.
Dumateng poro alim ulama, sesepuh soho pinisepuh.khususipun kyai…..,kyai….. lan kyai sanesipun ingkang mboten saget kulon sepat setunggal saha setunggalipun ingkang tansah kulo hurmati lan kito to’ati
Para rawuh sedaya jamaah pengaosan ingkang tansah d rahmati allah swt.
Ingkang sepindah, monggo kito sedoyo sami muji syukur dateng Allah SWT. Dene punopo kito sedoyo saget makempal ing ndalem acara isro’ mi’roj meniko kanti tansah sehat wal afiyat.
Sholawat lan salam kito khususaken dumateng kanjeng Rasul Muhammad SAW,mugio sholawat lan sunnah ingkang kita lampahi saben dintenipun dados lantaran angsal syafaat ing yaumul qiyamah,amiin ya robbal alamin.
Poro rawuh ingkang kula hormati, kulo minongko pranotocoro ing dalem puniko, bade maosaken susunan acaro ing dinten meniko.
1. Bilih adicara ingkang Sepindah inggih puniko Pambuka 2. Nomer kalih inggih puniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an 3. Adicara ingkang nomor tigo inggih puniko sambutan
4. Adicara ingkang angka Sekawan nun inggih adicara utama/inti 5. Soho nomer tarahir inggih puniko penutup
Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Bismillahirrahmanirrahim. Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal alaim.
Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, ingkang bade di waos deneng Ustadzah Siti Fatimah, dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.
Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. Mugi-mugi saget mempertebal iman lan taqwa dumateng Allah SWT.
Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko sambutan Bapak Kholiq. Dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.
Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun.
Acara selajengipun, inggih meniko acara inti (menyesuaikan acara yang digelar)
Acara ingkang terakhir inggih meniko mauidloh khasanah, ingkang bade dipun asto deneng Kyai Haji X man . Dumateng penjenengaipun wekdal sepepnuhnya kawulo summanggaaken.
Maturnuwun kawulo aturaken, mugi2 punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat.
Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging pangapunten. Akhiron, wallahul muwaafiq iaa aqwamith thoriq wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.