• Tidak ada hasil yang ditemukan

Khutbah Pernikahan

N/A
N/A
Asrori Muhamad

Academic year: 2025

Membagikan "Khutbah Pernikahan"

Copied!
1
0
0

Teks penuh

(1)

Assalamu alaikum wr. wb. Bismillah hirohman nirrohim, Alhamdulillah hirobbil alamin wassolatu wassalamu ala sayidina muhammadin, waala alihi wa askhabihi aj’main ama bakdu. Amiin.

Dumateng poro alim soho poro ulama ingkang kawulo hormati.

Dumateng poro sesepuh, pinisepuh ugi adi sepuh ingkang kawulo hormati.

Dumateng pengiring temanten kakung ingkan kawulo hormati.

Dumateng sagotrah tamu  undangan ingkang berbahagia. Ingkang ongko sepindah monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Alloh SWT, amargi taksih maringi Rohmat soho nikmat arupi sehat dumateng kulo lan panjenengan sami, sahingga kulo lan panjenengan sami saget pepanggihan wonten ing majlis puniko. Mugi-mugi pepanggihan kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat, fiddinnii fidun ya wal akhiroh kususipun dumateng temanten kekalih sumrambahipun dumateng kulo soho panjenengan sami.

Ingkang kaping kalihipun monggo kito tansah ngaturaken solawat soho salam, allohuma soli ala sayidina Muhammad dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, nabi pungkasan ingkang kito antu – antu syafaatipun benjang ing yaumul akhir. Amiin.

Bapak soho ibu ingkang tuhu kinormatan! Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil tuan rumah, ngaturaken agunge panuwun dumateng sagotrah tamu  undangan. Amargi

panjenengan sami kerso angrawuhi  undangan walimatul arsy saking tuan rumah. Salajengipun kawulo atas nami tuan rumah nggeh ngaturaken sekatahing pangapunten mbok bilih anggenipun nyepaki gupuh lungguh ugi suguh mboten nyocoki dumateng manah panjenengan sami. Gupuh ateges didalam penerimaan panjenengan sami mboten sopan, lungguh ateges tempatipun ingkang semrawut kados mekaten, suguh ateges unjukan soho dedaharan ingkang sederhana.

Sepindah malih kulo atas nami sohibul kajah ngaturaken pangapunten.

Poro rawuh ingkang minulyo Selajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking wali temanten kakung inggih puniko Bapak…… nampi kanti leganing penggalih pasrah temanten saking Bapak ……, pinongko walinipun temanten putri. Nggeh selama temanten kekalih dereng gadah griyo piyambak umpami wonten griyo mriki nggeh tanggungane keluargo mriki umpami wonten mriko nggeh tanggungane keluargo mriko. Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan.

Saklajengipun kawulo ugi atas nami sohibul kajah nggeh namung saget ndongaakan dumateng rombongan konco temanten bilih mangke acara sampun paripurno saget kondor tumuju

dalemipun piyambak-piyambak mboten wonten alangan setunggal punopo. Amiin. Sajake wekdal nggeh sampun dalu cukup meniko ingkang kawulo aturaken, katah ature mesti katah lupute saking kawulo pribadi ngaturan seh samudro pangaksami. Kawulo akhiri, qabillahi taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr. wb.***

Sumber Artikel berjudul "Contoh Teks Sambutan Pengantin Wanita Bahasa Jawa, Singkat dan Mudah Dipahami", selengkapnya dengan

link: https://klikbondowoso.pikiran-rakyat.com/khazanah/pr-1886864102/contoh-teks-sambutan- pengantin-wanita-bahasa-jawa-singkat-dan-mudah-dipahami?page=all

Referensi

Dokumen terkait

Akar tunggang khutbah atau judul yang aktual; Judul diperlukan bukan hanya untuk mengidentifikasi tema- tema khutbah dalam satu tahun agar tidak tumpang tindih, tetapi juga

Para vendor Perias Pengantin Jawa , Wedding Organizer , vendor Dekorasi Pernikahan Adat Jawa dan lain sebagainya juga bisa memanfaatkan Foto Pernikahan dalam artikel ini

Proses yang ada dalam penelitian ini meliputi bagaimana juru bahasa isyarat mendapatkan kemampuan berbahasa isyarat dan menerjemahkan khutbah, posisi duduk untuk

menguasai cara berdakwah dan materi khutbah, mampu membaca Al-Qur’an dengan fasih, tetapi mereka kurang peka terhadap reaksi jamaah, dan masih banyak khotib yang

Meskipun tidak ada khutbah nikah dalam pernikahan adat Bugis, namun nasihat dan petuah yang disampaikan oleh tetua adat atau pemuka masyarakat memiliki peran penting dalam menjaga

Contoh teks Khutbah yang dapat dipakai oleh

Nota-nota ringkas disediakan oleh penceramah mengenai teks

Ujian Khutbah