PUSAT KEGIATAN BELAJAR MASYARAKAT (PKBM)
BINAMAS
PENDIDIKAN KESETARAAN KEJAR PAKET A, B, dan C
Alamat : RT 01/ RW 06 Desa Binangun , Kec. Banyumas, Kab. Banyumas Email: [email protected] Telp 085283206228
PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP TAHUN PELAJARAN 2024/2025
Mata Pelajaran : BAHASA JAWA Hari/Tanggal :
Kelas : VII Alokasi Waktu:
Petunjuk Umum :
1. Berdoalah sebelum mengerjakan soal 2. Bacalah naskah soal sebaik - baiknya
3. Periksalah seluruh jawaban anda sebelum diserahkan ke pengawas Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener !!
SENDANG BIRU
Sendang biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing. Manggone ing sakidule kutha Malang kang adohe kurang luwih 30 kilo meter.
Diarani Sendang Biru kuwi ana sejarahe. Ing pesisir ana sawenehing sumber kang banyune warnae biru.
Tembung sumber bisa uga ateges sendhang, mula banjur diarani Pesisir Sendang Biru.
Pesisir Sendang Biru ing dinane iki dikelola dening perusahaan negara aran Forestay. Ing kana fasilitas wis sumadiya ing antarane yaiku penginepan, guess house, omah jaga, lan prau sewan.
1. Pesisir Sendang Biru kuwi salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang. Tembung wewengkon tegese....
A. Bagean B. Panggonan C. Wilayah D. Dunung
2. Isine paragraf siji yaiku....
A. Pesisir Sendang Biru
B. Pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang C. Panggone Pesisir Sendang Biru
D. Jarak Pesisir Sendang Biru saka Malang
3. Diarani Pesisir Sendang Biru jalaran....
A. Wernae banyu segara katon biru B. Ana sumber sing banyune biru C. Pemandhangane katon biru D. Wehine katon biru
4. Fasilitas sing sumadiya ing Sendang Biru yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba....
A. Prau sewan B. Panginepan C. Travel D. Omah jaga
5. Ukara sing klebu bagean idhentifikasi yaiku....
A. Ing Sendang biru sumadiya fasilitas, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga, lan prau sewan.
B. Para pengunjung yen kepengin menyang Sendang Biu bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.
C. Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing.
D. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata.
6. Papan panggonan sing .... obyek wisata mesthi duwe sesawangan sing apik. Tembung sing cocog kanggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku....
A. Ndadekake B. Didadeni C. Didadekake D. Ndadeni
7. Sing klebu tuladhane tembung penggandheng yaiku....
A. apa, pira, kaya B. karo, nalika, lan C. apik, resik, padhang D. loro, akeh, sepuluh
8. Panulise tembung ing ukara ngisor iki bener, kajaba....
A. Adhiku duwe pitik kate cacah limo.
B. Wayah sore akeh kalong mabur golek pangan.
C. Ajining dhiri dhumunung ana ing lathi.
D. Para kadang tani sengkud tandang gawe ing sawah.
9. Panggonane basa ngoko alus sing bener, yaiku....
A. Bapak gadhah sawah pirang-pirang hektar.
B. Pak Marto ora weruh yen ana tamu.
C. Siti tumbas sekul tigang bungkus
D. Bu Prapti dhek wingi mundhut beras limang kilo.
10. Tuladha tembung sing nganggo swara [i] miring yaiku....
A. wajik, sapi, ublik, petis B. lading, kalis, arit, alis C. siji, sawi, klambi, mati D. wiwitan, dhuwite, adhine
~ Selamat Mengerjakan ~
PUSAT KEGIATAN BELAJAR MASYARAKAT (PKBM)
BINAMAS
PENDIDIKAN KESETARAAN KEJAR PAKET A, B, dan C
Alamat : RT 01/ RW 06 Desa Binangun , Kec. Banyumas, Kab. Banyumas Email: [email protected] Telp 085283206228
PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP TAHUN PELAJARAN 2024/2025
Mata Pelajaran : BAHASA JAWA Hari/Tanggal :
Kelas : VIII Alokasi Waktu:
Petunjuk Umum :
1. Berdoalah sebelum mengerjakan soal 2. Bacalah naskah soal sebaik - baiknya
3. Periksalah seluruh jawaban anda sebelum diserahkan ke pengawas Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener
1. Budi kadhawuhan Bapak Guru Basa Jawa supaya nulisake tembung aneng, narendra lan prapteng ana ing papan tulis.
Tembung-tembung kang katulis dening Budi iku kalebu tuladhane .…
A. tembung saroja B. tembung entar C. tembung kerata basa D. tembung garba
2. Ukara-ukara ing ngisor iki migunakake tembung garba, kajaba .…
A. Yudhistira kasebut minangka ratwagung ing nagara Amarta.
B. Aneng nagri Amarta Sang Gathutkaca winisuda.
C. Satriya kang sekti mandraguna
D. Aji Saka nerusake laku tumujweng tanah Jawa.
3. Aji Saka kepengin dadi pandhita kang pinter mulangake kawruh rupa-rupa, kamangka satemene Aji Saka iku putra.…
A. pandhita B. senapati C. patih D. Raja
4. Waskita wis rampung anggone maca buku crita Rara Jonggrang, Baru Klinthing, Hiu Sura lan Baya, sabanjure dheweke arep nulis ringkesaning crita saka buku-buku kang wis rampung diwaca. Buku-buku kang diwaca dening Waskita kalebu golonganing crita .…
A. fabel
B. legenda C. mite D. sage
5. Wong-wong ing Medhang Kamolan padha bungah awit ratune sing diwedeni wis sirna. Sirna tegese .…
A. ilang B. bali C. teka D. lunga
6. Tulisna paugerane tembang macapat Gambuh!
7. Tembang macapat iku cacahe ana 11, sebutna 4 wae kang guru gatrane luwih saka 5!
8. Ukara ing ngisor owahana dadi basa karma alus!
“Pak Bowo numpak sepeda saka Sragen nganti tekan omahe ing Klaten.”
9. Tembung-tembung ing ngisor iki kadhapuk saka tembung apa?
a. lumebweng b. sirarsa c. aneng
10. Ukara ing ngisor owahana dadi basa karma alus!
“Mbak Putri maca buku crita Dumadine rawa Jombor.”
~ Selamat Mengerjakan ~
PUSAT KEGIATAN BELAJAR MASYARAKAT (PKBM)
BINAMAS
PENDIDIKAN KESETARAAN KEJAR PAKET A, B, dan C
Alamat : RT 01/ RW 06 Desa Binangun , Kec. Banyumas, Kab. Banyumas Email: [email protected] Telp 085283206228
PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP TAHUN PELAJARAN 2024/2025
Mata Pelajaran : BAHASA JAWA Hari/Tanggal :
Kelas : IX Alokasi Waktu:
Petunjuk Umum :
1. Berdoalah sebelum mengerjakan soal 2. Bacalah naskah soal sebaik - baiknya
3. Periksalah seluruh jawaban anda sebelum diserahkan ke pengawas Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener !!
1. Ukara ing ngisor iki sing tembunge kriya ora oleh ater-ater anuswara yaiku ....
A. Pak Wahyu nandur gedhang.
B. Budhe Karti tuku jadah.
C. Pakdhe Supri nggraji kayu.
D. Mas Danu menek kambil.
2. Bapak...oleh-oleh Pak lik.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur yaiku ....
A. maringi C. nyaosi B. nyukani D. menehi
3. Bapak, menawi panjenengan mboten kersa ngunjuk kula ugi mboten ...
ngombe.
A. ajeng C. purun
B. arep D. kersa
4. Pak Daliman tindak kantor...sepedha.
A. numpak C. nitih
B. nunut D. ndherek
5. Pak Sukirman...saking kantor jam 14.00 WIB.
A. mulih C. wangsul
B. bali D. Kondur
6. Tembung-tembung iki asale saka tembung lingga apa?
A. Atine
B. dikandhani C. ngeplak D. sumunar
7. Tembung-tembung ing ngisor iki gawenen ukara kang luwes!
A. gotong-royong B. akal pikiran
8. Paugerane/aturane tembang macapat iku ana 3, sebutna banjur terangna!
9. Ukara iki owahana basa ngoko alus!
Ibu menyang pasar tuku gula, beras, lan bumbon.
10. Tulisen aksara Jawa!
Bocah sekolah kudu sinau sing tumemen.
~ Selamat Mengerjakan ~