• Tidak ada hasil yang ditemukan

SOAL UAS BAHASA JAWA KLS XII 2024

N/A
N/A
eko puji santoso

Academic year: 2024

Membagikan "SOAL UAS BAHASA JAWA KLS XII 2024 "

Copied!
9
0
0

Teks penuh

(1)

SOAL UAS BAHASA JAWA KLS XII 2024

Soal:1) Ibu : “Bapak wis dhahar?”

Bapak : “Wis ndhek mau, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung teka.”

Basa kang digunakake sajroning pacelathon antarane Bapak lan Ibu, yaiku ….

A: ngoko lugu B: ngoko lan krama C: krama lugu D: krama alus E: ngoko alus

kunci: E

Soal:2) Pak Kepala Sekolah punapa sampun rawuh? Ukara ing dhuwur migunakake basa ....

A: ngoko lugu B: ngoko alus C: krama lugu D: krama alus E: krama desa

kunci: D

Soal:3) Ragam undha-usuk ing basa Jawa bakune kapantha dadi rong perangan yaiku ….

A. ragam ngoko alus lan krama inggil B. ragam ngoko lan krama

C. ragam ngoko andhap lan krama D. ragam krama alus lan krama inggil E. ragam krama lugu lan krama alus

kunci: B

Soal:4) Bapak : “Pie, Le, anggonmu lomba maca geguritan mau esuk?” Dimas : “Kula pikantuk juwara tiga, Pak.”

Bapak : “Juwara telu ya apik, Le. Kepara malah bisa kodadekake pengalaman.”

Pacelathon ing dhuwur bisa dimangerteni menawa watake Bapak yaiku ….

A: gumedhe B: loma C: wicaksana D: sareh E: narima

kunci: C

Soal:5) Tuladha cangkriman pepindhan yaiku ….

A: dikethok malah saya dhuwur B: manuk biru

C: wong kang ketiban duren iku sugih pari ana

D: kapal disawat watu bisa kelem

E: yumaerong lutmaendhut kunci: A

(2)

Soal:6) Guneman karo kanca sakelas nggunakake basa ….

A: ngoko alus B: ngoko andhap C: krama alus D: ngoko lugu E: krama lugu

kunci: D

Soal:7) Gatekna pratelan ing ngisor iki!

(1) Marang kanca sing wis kulina, padha drajate, lan ngajeni.

(2) Wong enom marang wong tuwa.

(3) Batur marang bendarane.

(4) Garwane priyayi marang sing kakung.

(5) Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajate.

Katrangan ing dhuwur kang nuduhake panganggone basa krama lugu kang trep katuduhake nomer ….

A: (1), (2), lan (3) B: (1), (3), lan (4) C: (2), (3), lan (5) D: (2), (4), lan (5) E: (1), (4), lan (5)

kunci: E

Soal:8) Sawijining karya sastra kang dipentasake dening paraga diarani ….

A: pantomim B: nyindhen C: sandiwara D: macapatan E: geguritan

kunci: C

Soal:9) Ukara ing ngisor iki kang ngandhut tembung saroja yaiku ….

a. Warga Desa Samimakmur guyub rukun gawe kreteg.

b. Polahane Galuh nunjang palang amarga tangine kawanen.

c. Pak Budi anggone nyambut gawe kanthi adus kringet.

d. Ngandhani Bayu padha dene nguyahi segara.

e. Ora prelu sumelang marang pandakwa marang awake dhewe amarga becik ketitik ala ketara.

kunci: A

(3)

Soal:10) Kang dadi sumbering crita ing cerkak, yaiku ….

A: Tokoh B: amanat C: plot D: alur E: tema

kunci: E

Soal:11) Tandha-tandha fisik lan nonfisik kang diduweni paraga bisa diarani ….

A: Agama B: watak C: latar D: basa E: amanat

kunci: B

Soal:12) Sajroning cerkak ngandhut nilai kang ana gegayutane karo tindak-tanduk ing pasrawungan antarmanungsa sing diarani nilai ….

A: budaya B: moral C: sosial

D: kamanungsan E: etika

kunci: C

Soal:13) Aja dhemen memada sameng dumadi. Ukara kasebut klebu jinis ….

A: purwakanthi lumaksita B: purwakanthi sastra C: tembung entar D: purwakanthi basa E: purwakanthi swara

kunci: B

Soal:14) Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake ….

A: prastawa sujarah

B: kedadean sajroning kraton C: kedadean apa anane

D: samubarang papan kanthi princi E: panguripan saben dina

kunci: E

Soal:15) Seni drama kang mijil saka wewengkon Jawa Timur, yaiku ….

A: Kethoprak B: lenong C: dhagelan D: ludruk

E: wayang wong kunci: D

(4)

Soal:16) Wusanane Raden Putra ndhawuhi prajurite kanggo nggawa selir lan tabib menyang alas minangka paukuman tumrap lelakon sing wis ditindakake. Banjur Raden Putra, Patih, lan Cindelaras methuk permaisuri supaya bali menyang kraton. Raden Putra, Permaisuri, lan Cindelaras rahayuning ngaurip bebarengan.

Punggelan naskah drama ing dhuwur klebu ing perangan … A: Prolog

B: epilog C: pandom D: paraga E: dialog

kunci: B

Soal:17) Ing ngisor iki pepindhan kanggo nyandra kahanane wadyabala yaiku ….

A: ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton B: brengose nguler keket

C: soca bang angatirah

D: sumbare kaya bisa mutungna wesi gligen E: akehe pepati kaya pageblug

kunci: A

Soal:18) Gatekna pratelan ing ngisor iki!

(6) Topik (7) Ngadege (8) Swarane (9) Polatane (10) Papan

Klebu budi pakartine wong kang nindakake pacelathon, yaiku ....

A: (1), (2), lan (3) B: (1), (3), lan (4) C: (2), (3), lan (4) D: (1), (4), lan (5) E: (1), (3), lan (5)

kunci: C

Gatekna pacelathon ing ngisor kanggo mangsuli pitakonan nomer 19–21!

Ibu : “Kowe wis siap ta, Dimas, kanggo maju lomba macapatan mengko?”

Dimas : “Pangestunipun, Bu, kula sampun siap.”

Bapak : “Dadi juara utawa ora iku dudu prakara kang wigati, Le. Paling utama kowe duweni pengalaman tur bisa wani ngadhepi wong akeh. Menawa kasil entuk juara kuwi undhuh-undhuhanmu anggone gladhen macapatan sasuwene iki.”

Ibu : “Menawa mengko kasil antuk juara, ora kena umuk ya, Le. Kudu tansah andhap asor. Menawa ora bisa dadi juara, ya aja cuwa atimu.”

Dimas : “Nggih, Pak, Bu.”

(5)

Soal:19) Ragam basa sing digunakake dening Ibu yaiku basa ….

A: ngoko lugu B: ngoko alus C: krama lugu D: krama alus E: krama desa

kunci: A

Soal:20) Kudu tansah andhap asor. Menawa ora bisa dadi juara, ya aja cuwa atimu.

Tegese tembung cuwa yaiku ….

A: seneng B: bungah C: sedhih D: gela E: prihatin

kunci: D

Soal:21) Katrangan kang trep kanggo nggambarake surasane pacelathon ing dhuwur yaiku ….

A: lomba macapatan

B: Dimas maju lomba macapatan

C: piweling wong tuwane Dimas babagan kalah lan menang lomba D: Dimas wis kasil dadi juara lomba macapatan

E: lomba macapat dianakake ing sekolahane Dimas kunci: C

Soal:22) Perangan unsur sajroning cerkak kang nelakake babagan wektu, papan panggonan prastawa dumadi, lan swasana kang dumadi klebu ing babagan ….

A: Alur B: Setting

C: lelewaning basa D: pamawase pangripta E: paraga

kunci: B

Soal:23) Ukara kang migunakake purwakanthi guru swara yaiku ….

A: Minangka manungsa kang butuh panguripan, kita kudu obah mesthi bakal mamah.

B: Sadawane urip, Bayu mung jer ketula-tula katali.

C: Rembuge Bima pancen gawe mangan ati, atine nganti kelara-lara.

D: Aja dhemen memada sameng dumadi.

E: Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik.

kunci: A

(6)

Soal:24) Kula ngasta seratipun kanca badhe diparingaken Pak Guru.

Tembung-tembung kang dadekake luput ukara kasebut yaiku ….

A: kula lan ngasta

B: ngasta lan diparingaken C: seratipun lan diparingaken D: kula lan kanca

E: kula lan seratipun kunci: B

Soal:25) Nindi : “Lita, wis wengi ki ayo gek bali bae!”

Lita : “Nanging dalane isih rame, kae sawangen.”

Nindi : “Iki wis wengi sanadyan ta dalan rame, yen koturuti nganti manjing esuk ya isih rame. Ora penak karo tangga teparo apa maneh awake dhewe iki bocah wadon.”

Lita : “Iya bener kandhamu, awake dhewe kuwi bocah wadon tur ya ora wani nerak paugeran kang ora tinulis ing masarakat.”

Punggelan pacelathon ing dhuwur ngandhut babagan nilai ….

A: Budaya B: agama C: sosial D: didaktis E: estetis

kunci: A

Soal:26) Bayu : “Dimas, wis sinau aksara Jawa kanggo ulangan mengko?”

Dimas : “Ora prelu sinau bae aku wis apal lan ngerti wangunane.”

Bayu : “Yen ngono mengko wis siap kanggo ulangan mengko, ya?”

Dimas : “Ya, genah bae aku siap.”

Saka pacelathon bisa dimangerteni watak-wantu paraga. Watake Dimas yaiku ….

A: Kuminter B: andhap asor

C: ngajeni marang liyan D: sesongaran

E: blaka suta kunci: A

Soal:27) Ora klebu unsur ekstrinsik sandiwara, yaiku ....

A: latar belakang digawene crita dialami pangripta

B: kahanan masarakat saka ekonomi, sosial, budaya, lan pulitik

C: latar belakang diciptakake, yaiku kapan karya sastra kasebut ditulis D: kahanan masarakat nalika karya sastra kasebut diciptakake

E: kahanan crita ana alur, amanat, gaya basa, lan paraga kunci: E

(7)

Soal:28) Pamentasan sandiwara dumadi saka babak-babak. Dene saben babak lumrah dumadi saka pirang-pirang ….

A: paraga B: tema C: adegan D: watak E: latar

kunci: C

Soal:29) Sandiwara kadhapuk saka tembung sandi lan wara. Tegese sandi yaiku ….

A: Laku B: samar C: ajaran D: piwulang E: tindak

kunci: B

Soal:30) Watak tokoh utawa paraga sajroning crita iku bisa dimangerteni kanthi rong cara utawa metode. Ora klebu teknik dramatik yaiku ….

A: tindak tanduke tokoh l

B: ingkungan kahuripane tokoh C: tata basane tokoh

D: langsung dening pengarang E: pikirane tokoh

kunci: D

Soal:31) Minangka pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan. Tembung lantip

tegese ….

A: tanggap ing sasmita B: gathekan, landhep pikirane C: andhap asor

D: prigel E: trengginas

kunci: B

Soal:32) Ukara ing ngisor kang migunakake krama alus, yaiku ….

A: Menawi mekaten nggih ora becik.

B: Sadaya tiyang gesang kuwi boten saged urip piyambakan.

C: Yen jenengan kersa mangga mampir griya kula.

D: Minangka tiyang gesang wonten bebrayan punika kedah tumindak sae.

E: Sampeyan sampun kula aturi wingi sore, napa kesupen?

kunci: D

Soal:33) Gatekna pratelan ing ngisor iki!

(11) tari remo (12) jejer (13) bedhayan (14) dhagelan

(8)

(15) pasulayan (16) crita inti

Pratelan ing dhuwur kang klebu perangan strutur tontonan ludruk sing urut lan trep katuduhake nomer ....

A: (1), (2), (3), lan (4) B: (1), (3), (4), lan (5) C: (1), (3), (4), lan (6) D: (2), (3), (4), lan (5) E: (1), (4), (5), lan (6)

kunci: C

Soal:34) Ing ngisor iki kang klebu seni tari kerakyatan yaiku ….

A: tari gambyong B: tari ndolalak C: tari prawiraguna D: tari merak E: tari ayun-ayun

kunci: B

Soal:35) Perangan naskah drama awujud pacelathon diarani ....

A: Prolog B: epilog C: pandom D: paraga E: dialog

kunci: E

Soal:36) Dhumateng pra rawuh sadaya sumangga kasuwun jumeneng sawetawis wekdal. Ukara ing dhuwur ngandhut tembung ….

A: plutan B: garba C: saroja D: camboran E: entar

kunci: A

(9)

Soal:37) Bab pokok sing bedakake antarane teks drama karo teks gancaran yaiku anane

… ing teks lakon drama.

A: irah-irahan B: wewarah C: antawacana D: tema E: urutan crita

kunci: C

Soal:38) Ing ngisor iki kang nuduhake tembung garba yaiku ….

A: Swarga B: wanodyayu C: lyan

D: srat E: kwalon

kunci: B

Soal:39) Teks sandiwara radhio ora butuhake pituduh laku, nanging butuhake ....

A: Kramagung B: pituduh akting C: pituduh pocapan D: pituduh bloking E: pituduh gladhen

kunci: C

Soal:40) Seni drama kang mijil saka wewengkon Jawa Timur, yaiku ….

A: Kethoprak B: lenong C: dhagelan D: ludruk

E: wayang wong kunci: D

Referensi

Dokumen terkait

Faktor ingkang nyebabaken pamilihan ragam tutur ngoko lugu siswa: kirangipun panguwaosan siswa ing babagan tembung krama inggil, langkung gampil dipunginakaken siswa,

Basa Ngoko Alus iku dienggo guneman marang wong saderjat sing during raket, gaweo

Basa ngoko bisa diandharake minangka basa kang tingkatane paling dhuwur, yaiku nggunakake tetembungan krama sing digunakake dening wong sing durung kenal akrab, anak marang

Faktor ingkang nyebabaken pamilihan ragam tutur ngoko lugu siswa: kirangipun panguwaosan siswa ing babagan tembung krama inggil, langkung gampil dipunginakaken siswa,

Miturut pratelan ing ndhuwur sing dadi talanging basa yaiku..... Bapa

Basa ngoko bisa diandharake minangka basa kang tingkatane paling dhuwur, yaiku nggunakake tetembungan krama sing digunakake dening wong sing durung kenal akrab, anak marang

Ngoko Lugu adalah bentuk unggah- ungguh bahasa Jawa yang semua kosakatanya berbentuk ngoko dan netral (leksikon ngoko dan netral) tanpa terselip leksikon krama,

Ngoko Lugu adalah bentuk unggah- ungguh bahasa Jawa yang semua kosakatanya berbentuk ngoko dan netral (leksikon ngoko dan netral) tanpa terselip leksikon krama,