• Tidak ada hasil yang ditemukan

NASKAH SOAL 2 UAS CADANGAN KTSP

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2018

Membagikan "NASKAH SOAL 2 UAS CADANGAN KTSP "

Copied!
9
0
0

Teks penuh

(1)

I. SOAL PILIHAN GANDA

Kanggo pitakon nomer 1 nganti 40 pilihen salah siji wangsulan sing paling bener kanthi menehi tandha ping ( X ) ing aksara A, B, C, D, utawa E ana ing lembar jawab !

1.

Gatekna pawarta ngisor iki!

“Pameran maneka tuwuhan pasren kang digelar ing plataran Taman Budaya Jawa Tengah (TBS) Sala, wiwit dina Kemis nganti Setu kapungkur, nudhuhake yen pasar tuwuhan pasren wiwit sepi. Para pandemen tuwuhan pasren wes ora dlidir kaya dene sawetara wektu kapungkur. Apa maneh racake saben pameran uga duwe pangsa pasar dhewe dhewe.”

Isine pawarta ing ndhuwur yaiku .... A. pasar tuwuhan pasren wiwit sepi B. plataran taman budaya jawa tengah C. pameran maneka tuwuhan pasren

D. pandhemen tuwuhan pasar wis ora dlidir maneh E. pameran tuwuhan duwe pangsa pasar dhewe-dhewe

2.

“Tarumbu karang duweni mupangat kanggo njaga keseimbangan habitat laut. Sejene iku, Taman terumbu karang uga bisa dadi objek wisata amarga kaelokane ing pantai-pantai Indonesia.”

Manawa digatekake paragraf ing ndhuwur kalebu paragraf.... A. narasi

B. persuasi C. eksposisi D. deskripsi E. argumentasi

3.

“Kanthi nugrahaning Gusti ingkang Maha Agung, ing wekdal punika kula lan panjenengan sedaya taksih ... karaharjan sarta kawilujengan.”

Tembung kang trep kanggo njangkepi perangan sesorah kasebut yaiku.... A. nyenyuwun

B. pinaringan C. tumanduk D. kawilujengan E. wilujeng

4.

Pak RT : Bapakmu karo masmu ana ngendhi?

Putri : Bapak kula lunga mas kula sadeyan sayur dhateng pasar.

Tembung lunga lan pasar ora trep miturut unggah-ungguh basa. Tembung kang trep yaiku .... A. kesah, pasar

B. kesah, peken C. kesahan, peken D. tindak, pasar E. tindak, peken

5.

“Para sesepuh, pinisepuh ingkang kinabekten. Keparenga kula sumela atur saha nggempil kamardikan panjenengan sedaya karana kula piniji Bapa Purnama Aji Wijaya sekalian, kinen ngaturaken pambagyaharja raos suka ebahing manah, bingah saha lekasing sedya ing kalenggahan punika.”

Katitik saka perangane sesorah ing ndhuwur kalebu.... A. wosing atur

(2)

E. pambukaning atur

6.

Budaya menika minangka woh pangolahing budhi. Wondene pangolahing budhi nggadhahi teges makarti lair lan batin sesarengan. Kanthi mekaten budaya saged kawastanan woh pangulahing budi ingkang jumbuh lair lan batosipun.

Paragraf ing ndhuwur kalebu paragraf.... A. naratif

B. induktif C. interatif D. deduktif

E. deduktif-induktif

7.

Semaken tembang ing ngisor iki! Nora nganti kebanjur

Barang polah ingkang nora ... Yen kebanjur sayekti kojur tan becik Becik ngupaya iku

Pitutur ingkang sayektos

Tembung kang trep kanggo njangkepi tembang macapat kasebut yaiku.... A. titis

B. tanggap C. waton D. teteg E. jujur

8.

Semaken lelagon ing ngisor iki!

Lingsir Wengi Lingsir Wengi

Sepi durung bisa nendra Kagodha mring wewayang Angreridhu ati

Kawitane

Mung sembrana njur kulina

Ra ngira yen bakal nuwuhke tresna Nanging dhuh tibane

Aku dhewe kang nemahi Nandhang branta

Banjur lara

Sambat-sambat sapa

Rina wengi sing tak puji aja lali Janjine muga bisa tak ugemi

Pitutur luhur kang bisa kajupuk ing lelagon campursari kasebut yaiku.... A. aja nggodha kanthi wewayangan

B. rasa tresna tuwuhe ora kanyana-nyana C. yen nandhang branta aja sambat sapa-sapa D. yen janji kuwi kudu bisa diugemi

E. aja lali rina lan wengi tansah memuji

9.

?ai=finmi=guakumev=ps/$uukkaa$koaaakuuukupirnTik=kgap[kkTkKytu kbel\akuknal\a ks/aklF$au= akrs/iks/Ta$lnSpnu=glkn.

Miturut wacan ing ndhuwur piranti kanggo praktek sing dituku yaiku.... A. leptop, mouse, speaker

(3)

D. kabel , resistor, kondensator E. kabel, solder, tang, speaker

10.

Kembang adas, sumebar tepining alas. Bacutane parikan ing ndhuwur yaiku.... A. tiwas adas, sliramu ora gagas B. tiwas gagas, kowe blas ora eling C. tiwas mampir, kowe ora ana ngomah D. tiwas bablas, ora ana wong sing mampir E. tiwas tiwas, nglabuhi wong ora nggagas

11.

Dhandhanggula

Kawruhana wong priya sejati Lamun arsa hangupaya garwa Den patitis pamilihe

Pisan kengguh wong ayu Kaping pindho milih wong sugih Kaping telu kawibawan

Kaping papatipun

Kena sambang sasrawungan Bisa uga ginelut ing tembung manis Marma denya waspada

Ing ngisor iki dudu tegese ukara den patitis pamilihe yaiku.... A. kanthi teliti

B. kanthi pener C. kanthi premati D. kanthi ngati-ati E. kanthi grusa-grusu

12.

Gatekna pacelathon ing ngisor iki! Sekar : “Kula nuwun Mbah”

Simbah : “Oo. Sekar. Tekamu rak ya slamet ta?” Sekar : “Nggih, pangestunipun Simbah, kula ... “

Sekar : “Mbah sejatosipun kula badhe ... kalawingi. Amargi jawah boten ... ibu.” Simbah : “Lho lha iki bapakmu, Kok ora mrene! “

Sekar : “ Bapak ... Workshop Kewirausahaan dhateng Semarang.” Tembung kang trep kanggo ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku .... A. wilujeng, sowan, pareng, kondur

B. wilujeng, sowan, pareng, sowan C. wilujeng, tindak, pareng, tindak D. wilujeng, sowan, pareng, kondur E. wilujeng, sowan, pareng, tindak

13.

“Ing wasana minangka pungkasaning atur Bapa Sastra Wardaya sekaliyan lumantar kula, wonten atur kula ingkang mboten mranani dhiri labet kiranging seserepan kula ing reh subasita, basa, tuwin sastra mugi kaparingan agenging samodra pangaksama.”

Perangan sesorah ing ndhuwur kalebu.... A. salam panutup

B. salam pambuka C. wigatosing atur D. purwakaning atur E. wasananing atur

(4)

Miturut pratelan ing ndhuwur sing dadi talanging basa yaiku.... A. Kula

B. Para tamu C. Penganten D. Para rawuh

E. Bapa Sastra Wardaya

Wacan iki kanggo soal nomer 23 lan 24!

15.

“Kumbakarna ditimbali dening Prabu Dasamuka kinen madeg senapati ngrabaseng prajurit Pancawati, andhahane Prabu Rama. Rangu-rangu atine awit dheweke ngerti jalarane Prabu Rama Wijaya ngrabasa negara Ngalengka. Ora liya merga srakahe Prabu Dasamuka ngrebut garwane Prabu Rama, ya Dewi Shinta. Tumindake pun kakang pancen nalisir saka bebener. Ananging menawa ngelingi bumi Ngalengka, bumi wutah getihe sing bosah-baseh uga para kawula sing dadi kurban peperangan, tuwuh tekad sing makantar jroning wardaya kanggo bela negarane.”

Punggelan crita ing ndhuwur paraga kang duweni watak angkara murka yaiku .... A. Kumbakarna

B. Dasamuka C. Rama Wijaya

D. Dasamuka lan Kumbakarna E. Dewi Shinta

16.

Ing ngisor dudu amanat saka paraga Kumbakarna yaiku .... A. duweni watak utama

B. duweni watak kastria C. wani pati bela negarane

D. ngelingake marang sedulur kang kleru E. seneng ngrebut bojone liyan

17.

Wacanen perangan sesorah ing ngisor iki!

Kula nuwun,

Adhi Suwignya, suslihipun Bapa Sumarjan ingkang kula tresnani. Kula dipunresaya kadang kula sepuh Kangmas Sukiya ing Ngayogyakarta Hadiningrat.

Kapisan ngaturaken salam wilujengipun kadang kula sepuh Kangmas Sukiya sekaliyan. Kaping kalihipun, kula kapitados hanglarabaken putranipun jaler ingkang nama Bagus Banjar Susena, S.S. ing ngajeng kaajab hangemong Rara Ayu Galuh Purwandari, S. Psi. putranipun Bapa Sumarjan sekaliyan. Ingkang menika lampahipun panggih kula sumanggakaken.

Miturut wacan ing ndhuwur upacara pasrah/panampi iku ditindakake nalika .... A. tamu rawuh

B. tamu kondur C. sadurunge panggih D. sawise panggih E. ijab kobul

18.

Miturut wacan ing ndhuwur tegese tembung dipunresaya yaiku ... A. dipercaya

B. ditimbali C. dijaluki tulung D. diprentah E. makili

(5)

B. Fatimah karo Ghojali bakal kerja ana ing Singapura C. Fatimah lan Ghozali nyambut gawe ing Perusahaan. D. Fatimah karo Ghazali ketampa ing negara Singapura. E. Fatimah Karo Ghozali arep nyambut gawe ana Singapura.

20.

?pwiuknNkw=ake$oaikukufuouou$

lnDis/ipLinZkonikw=auuwzugemiauknnHuknnSepiai=pm[ih ....

A. s/epiai=gkw

B. rkmai=gkw

C. rkmai=ps/$

D. s/epibzeu\

E. s/ekkalhan\

21.

Artikel iku katulis kanggo medharake panemune sawijining panulis. Dene kang kalebu perangane artikel yaiku ....

A. salam pambuka, alinea pambuka, alinea panjelas, alinea panutup B. irah-irahan. alinea pambuka, alinea penjelas, alinea panutup

C. irah-irahan, atur pakurmat, alinea pambuka, alinea penjelas, alinea panutup D. atur pakurmat, alinea pambuka, alinea penjelas, alinea panutup

E. irah-irahan, judul, alinea pambuka, alinea penjelas, alinea panutup

22.

Bab kang wigati jrone nulis artikel kang sepisanan yaiku .... A. milih tema

B. nemtokake judul C. ngrembakakake tema D. nggawe alinea sepisan E. nggawe dudutan

23.

Semaken crita ing ngisor iki!

Waskita mlebu kelas. Lagi sepisan iki Bu Suci ketemu Waskita. Bocahe dedeg piadege lumayan gedhe, pakulitane coklat resik, lungguh bangku deretan telu saka kiwa. Ing tengah Bu Suci nglukir papan lungguhe para siswa kalebu Waskita.

Bu Suci : ( Mirsani lan nuding bangku nomer loro sisih tengen) : Waskita coba kowe pindah sisih kana!”

Waskita : Mboten Bu! Kula teng mriki mawon!’’

Bu Suci : Kenangapa?( ngempet nesu banjur printah marang murid liyane) Narsih pindhaha bangku mburi, cedhak Rosidah (mirsani Waskita maneh) Yen kowe ora gelem pindah coba apa sebabe? Maturo mesti kowe duwe alesan ta?

Tema saka punggelan drama ing ndhuwur yaiku .... A. budhi pekerti

B. kesarasan C. pendidikan D. pasulayan E. kesabaran

24.

Latar kadadeyan ing punggelan crita ing ndhuwur ana ing .... A. Omah

B. Kantor C. Kantin D. Kelas E. Sekolah

25.

“Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinabekten. Bapak/Ibu Guru sarta Staf Karyawan ingkang tansah kinurmatan, ugi sedaya siswa kelas X, XI, sarta kelas XII ingkang tansah kula tresnani sarta ingkang dados kekudanganing para pini sepuh.”

(6)

A. purba wasesa B. purwaka basa C. wasana basa D. surasa basa E. panutup

26.

Patemonan kang dipandhegani dening para ahli/ pakar/ nara sumber kanggo ngrembug sawijining masalah tinamtu diarani....

A. sesorah B. sarasehan C. ceramah D. panyandra E. medhar sabda

27.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

‘’Pak Heru Lan Bu Heni uwis urip bebrayan 20 tahun suwene, saiki duwe anak sing jenenge Galuh. Galuh wes ngancik dewasa dadi siswa kelas III SMK. Ing wektu iki Galuh lagi nglakoni PSG ana Dinas Pertanian. Galuh rumangsa seneng amarga wes bisa ngrasakake piye to dadi wong yen nyambut gawe iku.”

Punggelan drama ing ndhuwur nggunakake basa.... A. krama lugu

B. krama alus C. ngoko lugu D. ngoko alus E. krama ndesa

28.

“Lamat-lamat wus katon tejane, ketingal alon-alon lampahipun Sri Atmaja Penganten Putri mijil saking sasana rinengga tumuju ing sasana Pahargyan.”

Miurut wacan ing ndhuwur tembung tejane tegese.... A. tindak-tanduke

B. jangkahe C. jengkare D. rupane E. sorote

29.“Swaraning gong, beri, busur, tambur lan brengengenging jaran, kaya mbelah-mbelahake bumi,

polahe wadya bala kaya gabah diinteri. Tandhange kaya banteng ketaton. Kehing pepati banjir getih kadya samodra rob.”

Panyandra ing ndhuwur nggambarake .... A. pageblug

B. sayembara C. kewan kerah D. bebaya E. paprangan

30.

Pitutur luhur utawa pesen kang kasimpen ing sajroning crita iku diarani.... A. paraga

B. alur C. setting D. amanat

E. underaning rembug

31.

Ing ngisor iki kang dudu titikane wacana argumentasi yaiku .... A. mratelakake panemu supaya kang maca percaya

(7)

D. panutup kang isine dudutan

E. njembarake pangertene wong lumantar analisa proses

32.

Wacana kang tujuane kanggo menehi data, bukti utawa asil-asile nalar supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo panemune panulis diarani ....

A. argumentasi B. eksposisi C. persuasi D. deskripsi E. narasi

33.

Wacanen wara-wara ing ngisor iki!

Wara-wara

Tumrap para siswa lulusan SMA/SMK kang kepengin cepet nyambut gawe, PT. Subur Makmur arep mbutuhake karyawan sing dipapanake ing bagian produksi. Dene syarate kapacak ing kantor PT. Subur Makmur, diutamakake sing lagi wae lulus SMA/SMK. Lamaran bakal katutup tanggal 17 Juli 2018 jam 03.00 WIB. Lamaran katujokake ing PT. Subur Makmur Jl. Manggala No 25 Semarang.

Isine wara-wara kasebut PT. Subur Makmur mbutuhake.... A. pemudha-pemudhi

B. lulusan SMA/SMK C. lamaran

D. karyawan E. gawean

34.

Gatekna punggelan crita ing ngisor iki kanthi premati!

“Wengi kuwi aku ora bisa turu jalaran kelingan karo nasibku. Anggonku ngangsu kawruh ing SMK wis luwih saka setahun. Kabeh dilakoni kanthi rekasa, jalaran aku nyambi golek pangupa jiwa. Ora mokal awaku dadi kuru aking. Malah bola-bali aku nandhang kacilakan. Nanging aku percaya urip iku kadya cakra manggilingan.”

Crita ing ndhuwur kalebu jenise crita pengalaman.... A. seneng

B. lucu C. sedhih D. urip E. ing SMK

Wacan ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 3 lan 4!

35.

“Esuk kuwi Pak Danang lungguh ana ing emper omahe, dheweke mujudake wong kang kagolong sukses amarga bandhane akeh. Usahane maneka warna lan ana ing kutha-kutha gedhe ing Jawa Tengah. Dumadakan ana tamu kang aran Bu Marta, karepe arep nyilih dhuwit marang Pak Danang kanggo nempur beras amarga uripe lagi apes lan susah. Sawise antuk silihan dhuwit udakara 200 ewu Bu Marta banjur mulih.”

Miturut crita cekak ing ndhuwur Pak Danang duweni watak.... A. seneng

B. rekasa C. sugih bandha D. seneng tetulung

E. adigang adigung adiguna

36.

Setting kang ana ing crita cekak kasebut yaiku.... A. kamar

(8)

D. emper omah E. omah

37.

?pb[ikkKfukwuengav$cchka:578:k$ytwn\a

Menawa kasalin nganggo aksara latin yaiku....

A. Pabrike duwe tenaga anyar cacahe 578 karyawan . B. Pabrike duwe karyawan anyar cacahe ana 875 wong. C. Pabrike duwe tenaga cacahe ana 578 karyawan. D. Pabrike duwe karyawan anyarcacahe 579 karyawan. E. Pabrike duwe tenaga anyar cacahe 587 karyawan.

38.

Sun Nggegurit

Kahanan jaman saiki Sipat pemudha-pemudhi Srawunge saya ndadi Raket wewekane Sepi Tan kadi jaman nguni Srawunge sarwa ngati ati

Geguritan ing ndhuwur nggunakake purwakanti.... A. guru sastra

B. guru swara C. guru basa D. lumaksita E. parikan

39.

Semaken pratelan ing ngisor iki!

1. Festival Batik Nusantara sedya kagelar ing Balai Kota Sala, tanggal 28-29 Juli 2017. 2. Festival Batik Internasional sidane bakal kagelar ing wulan Mei 2018 kang bakal teka. 3. Festival bakal manggon ing Balai Kutha Sala, Kampung Batik Kauman lan Laweyan Sala 4. Dene ancase nggelar Festival Batik Internasional kang sedyane bakal kagelar ing wulan September 2017 ngarep diputusake wurung.

Menawa kasusun dadi pawarta kang runtut yaiku.... A. 2, 1, 4, 3

B. 1, 2, 4, 3 C. 1, 2, 3, 4 D. 1, 4, 2, 3 E. 3, 1, 2, 4

40.

Wacanen wacan ing ngisor iki!

“Dheweke banjur kandha marang aku kepriye carane ngadhepi lelakon iki kanthi sabar. Saben-saben nglebokake lamaran ing perusahaan mesthi ora kasil. Mula dheweke malah nekuni usahane nyambi dodolan sandhangan. Sanajan untunge ora akeh nanging bisa nyukupi kebutuhane.”

Tembung lelakon ing punggelan crita cekak kasebut kalebu .... A. dwipurwa

B. dwiwasana C. dwilingga

D. dwilingga salin swara E. tembung garba

II. SOAL URAIAN

(9)

1. “Ing Kutha Semarang ana sawijing pemudha jenege Joko. Bocahe bagus malah ana sing ngandakake mirif bintang Film, nanging luwih semanak, bocahe grapyak tur ya andhap asor, saben-saben ketemu mesthi ngluruhi kanthi tutur basa kang alus. Senengane nonton pameran lukisan ing TBS, yen nyawang lukisan kang elok nengsemake atine mesti dipandheng suwe....” Saka punggelan crita kasebut golekana tembung sarojane, kepriye watake paraga lan apa sudut pandange sing digunakake pengarang?

2. Samengko ingsun tutur

Sembah catur supaya lumuntur Dhihin raga cipta jiwa rasa kaki Ing kono lamun tinemu

Tandha nugrahaing Manon

Tembang kasebut kalebu jenise tembang macapat apa? golekana paugerane!

3. Salinen nganggo aksara latin!

?menwakubis/lulus/SekkalhaakukpkznCepeuKe$oamenwkumPke$obLvJknaufkr:965: kawurupiyth.

4. “Kapan to le kowe bali” ngudarasane Suminah sing urip ijen ana ngomah. Saben dinane amung ngalamun mikirake anake sing lunga golek gawean. Gaweyane saben dinane amung dodolan krupuk, bathine amung sithik, jarene amung cukup kanggo mangan. Nanging dheweke kalebu wong sing sabar lan tlaten . Wis telung sasi Suminah ditinggal anake menyang Jakarta. Miturut kabar jarene anake kang aran Untung arep bali dina Setu. Ananging nganti wayah surub dienteni durung katon kledhange.”

Miturut wacan ing ndhuwur sapa wae paragane lan kepriye watake paraga kasebut?

5. 1. Nindakake observasi lapangan 2. Nemtokake tujuane karangan 3. Gawe utawa nemtokake topik 4. Ngrembakakake kerangka karangan 5. Gawe kerangka karangan

6. Gawe dudutan

Pratelan ing ndhuwur urutna supaya dadi cengkorongan karangan argumentasi kanthi becik!

Referensi

Dokumen terkait

Ukara ngoko lugu kasebut yen disalin ing basa krama alus dadi ….. Kula dikengken ibu nedha sakniki

Tembung kang trep kanggo ukara ing dhuwur yaiku.. Sing ora kalebu tembang

Ratu Ayodya, Prabu Dasarata peputra Rama sing sabanjure nggenteni dadi ratu ing kang jejuluk Prabu Rama.Kanggo ngganepi jejering urip Prabu Rama nggarwa Dewi Sinta putri saka

Dhata (3) arupa dialog, tuturan ing ndhuwur nggunakake ragam basa dongeng yaiku ragam basa jawa krama diwenehi ragam basa jawa ngoko Konsep ragam basa dhewe yaiku

Miturut urut-urutan ing dhuwur, wayang digawe saka .... Tembung disungging ing dhuwur padha tegese karo tembung ..... Carane gawe lenga klentik yaiku klapa sing

Ing ukara tanggap ater-ater kang digunakake yaiku ater-ater tripurusa.. Sing kalebu ater-ater tripurusa,

Tembung pitakon sing bener kanggo njangkepi ukara iki yaiku.. Ukara ing ngisor iki sing

Miturut Aslinda (2014:66) tegese interferensi panggangone unsur basa sing kagolong sajrone basa wektu kanggo wicara ing basa liyane lan bisa ngetrepake rong sistem basa