Episode VII (pada no 26) mengisahkan akhir dari sebuah perjalanan panjang Dewi Sekardadu atau Mbok Randa Gondang,
THE DRAGON :
E. Lampiran : Ringkasan Cerita
10. Danau Kerinci dan Legenda Naga
Adalah Calupat dan Calungga, dua bersaudara kembar yatim piatu yang tinggal di kaki Gunung Kerinci. Mereka memiliki pusaka Merah Delima dan Batu Putih peninggalan orang tuanya. Suatu hari Calungga pergi berburu seorang diri, dalam perjalanan ia menemukan sebutir telur raksasa.
Telur itu kemudian dibawa pulang untuk diperlihatkan kepada Calupat adiknya. Namun, ternyata Calungga memutuskan untuk memakan telur itu seorang diri, setelah menyantap telur raksasa, Calungga kehausan. Ternyata kehausan Calungga berbeda. Ia meminum air sungai sekitar Gunung Kerinci yang menyebabkan sungai menjadi kering. Tubuh Calungga lama-kelamaan berubah, memanjang dan memiliki sisik-sisik emas sebesar nyiru.
Calungga berubah menjadi seekor naga raksasa dengan batu mustika merah delima di kepalanya. Untuk menguji kesaktiannya, Naga Calungga memohon kepada segala dewa di bumi agar dapat menggenangi lembah dengan air sehingga terbentuklah danau besar. Putaran tubuh naga tersebut membentuk sebuah danau, yang sekarang disebut Danau Bento di kaki Gunung Kerinci.
Calupat adik Calungga tak kuasa hidup seorang diri, ia minta naga Calungga mengantarkannya ke perkampungan penduduk di sebelah Timur matahari terbit agar ia dapat hidup berdampingan dengan penduduk. Maka ditiup oleh sang naga sebuah muara dengan angin sakti yang sekarang ini menjadi sebuah sungai yang dinamai Sungai Muara Angin (Sungai Batang Merangin).
Kemudian air menyusut karena terbawa arus naga Calungga yang menghilir ke Timur, sehingga berubah menjadi sebuah lembah yang dinamai Renah Kerinci dan sebuah danau yaitu Danau Kerinci yang ada sekarang. Pada saat kedatangan mereka dihadapan penduduk sepanjang aliran sungai besar, Calupat duduk di atas kepala naga. Maka penduduk saat itu juga langsung menobatkan Calupat sebagai raja yang bergelar Sang Hyang Jaya Naga.
DAFTAR PUSTAKA Danandjaja,James
1991 Folklor Indonesia: ilmu gosip, dongeng dan lain-lain Jakarta. Jakarta: Grafitipers
Sudikan, Setya Yuwana
2001 Metode Penelitian Sastra Lisan: paradigma, pendekatan, teori, kosep,tehnik penyususnan proposal, tehnik pengumpulan data, tehnik analisis data, dan tehnik penulisan laporan.Surabaya: Citra Wacana
Balesan LAYANG SAKA KEKASIH : Mendeme R. Jaka Prakosa
Maca asil karya sastra utamane geguritan pancen ora padha karo maca wacan-wacan liyane. Nalika maca geguritan kanggo bisa memahami isine, ngrasakake sensasine, uga methik sari- sarine geguritan mau mbutuhaken modal/pawitan kang cukup ing babagan wawasan, pengetahuan, imajinasi lan uga keyakinan. Amarga patang perkara mau bakal bisa merbawani asile anggone maca. Asile maca ora mung bar maca banjur ilang tanpa tracak, nanging ana tabete, malah kepara bisa dadi asil karya sing anyar, sing sok malah luwih menjila tinimbang geguritan sing diwaca. Iku yen dipandeng saka ulah macane para panikmat sastra sing klebu golongane para winasis, kaya ilmuwan ing babagan sastra, uga kritiskus sastra. Kanggone para penikmat sastra sing kagolong dudu para winasis nanging pandemen geguritan, asile maca saliyane kanggo awake dhewe, bisa uga rupa jladrenan sing siap diolah dadi punjeran pirembugan nalika lagi sarasehan/lelenggahan bebarengan. Kanggone para pemaos sing maca mung kanggo ngisi waktu longgar ya mung bisa dadi bahan angen-angenan, kadhang malah ilang blas.
Nanging wiwitan maca saben irah –irahane geguritan ing Antologi geguritan Layang Saka Kekasih (LSK) seratane sedulur R. Djoko Prakosa. Kawiwitan saka Luh nganti tumekane Geter
sakcleraman, irah – irahan mau menehi tengara anane rasa nelangsa, getem, nesu napsu, kapang, katresnan, relegius, endah, culika lan sapanunggalane bisa ingaran jangkep rasa kang dirasake titah kang tinitah lan lakon kang kabeber ing alam donya. Sateruse nalika maca oleh rong guritan ana rasa cumlekit sing beda, ora padha karo maca geguritan liyane. Sing maune ancase mung kepingin maca siji apa loro saka geguritan mau, amarga mung kanggo ngisi wektu longgar, kok banjur malah dadi angen- angenan. Angen-angen mau sing njalari ana rasa kurang tuwuk, isih kepingin nambah maneh maca geguritan liyane. Ora mung kandheg ing angen-angen, ati uga wiwit katut iline rasa pangrasa
sing tuwuh saka tembung-tembung ing geguritan mau. Ana rasa tresna, welas, trenyuh, bungah, mulya, panalangsa, uga berahi.
Rasa pangrasa sumusup ing antarane leng-lenge rasa lungit kang maune tinutup rapet dadi menga, siyaga nampa apa bae saka asile olehe maca sing ora kanyana-nyana. Nuwuhake gegambaran kang ndadekake badan uga katut adhem panas, mrinding, sriwing-sriwing, malah kala-kala krasa lagi mlebu ing sajerone geguritan, bisa melu ngrasake nikmate adon katresnan, bisa ngrasake kalegan ketekan karepe, kacuwan kandheg penggayuhe, kesepen kagubel rasa kapang. Kabeh amarga ngetutake tembung-tembunge kang rinakit ing saben guritan mau bisa njurung marang gambaran kang nyata, blaka suta tanpa tedheng aling – aling. Blaka suta tanpa tedheng ali – aling iki salah siji saka kekuatane geguritan sing diimpun ing antologi Layang Saka Kekasih (LSK).
Nanging yen dijingglengi luwih manteng ora mung kuwi sing dadi kekuatane geguritan LSK, bisa nyiptakake donyane dhewe kanthi mandiri, ora melu lumrahe geguritan Jawa sing wis ana. Donyane dhewe sing uga duwe otonomi dhewe, njejegake apa sing diduweni dhewe dening geguritan LSK. Slaras karo pangandikane para winasis yen tha donyane sastra, salah sijine geguritan iku nduwe kemandirian, sing ora bisa digugat dening sapa bae. Ucul saka sapa sing nyerat, uwal saka jamane nalika geguritan sinerat, uga terserah sakarepe sapa sing maca. Donya mau kacipta ora mung saka dayane tembung – tembung, pangrakite ukara, lan wewangunane geguritan, nanging mrenthul saka rasa ngese ati nalika maca geguritan LSK.
LSK, sing dumadi saka 113 geguritan kuwi pancen rasane beda, sanajan sing maca para winasis, pandhemen lan para pamaos lumrah. Kanggone para winasis ing babagan kasusastran Jawa, LSK bisa dadi bahan analisis sing ora ana enteke diwawas saka kacamata maneka warna, krana LSK iki nduweni keistimewaan. Keistimewaane manggon ana kekendelane anggone nyuguhake tetembungan sing sasuwene iki dianggep, kasar, saru/lekoh. Sanajan tha uga migunakake tembung-tembung kang rasane ugi wis edi peni. Umpamane: Luwaring punagi, kekasihku, isih dakregem rapet jroning pasupenan, nalikane
antarane aku lan sliramu tatap pandulu ngremet kacu biru. Ora maelu ombak biru ing dhadha, utawa nalika githok sing mengkorok
anggone mbombong katresnan sing wiwit mongkog semono uga geguritan layang saka kekasih. Tembung kasar, saru/lekoh sing ora lumrahe dianggo ana ing geguritan Jawa modern. Kaya tha umpamane sing digunakake kanggo irah-irahan geguritan Brai, Gah, Aku, kecu, lan asu, Dakdilat, Utegku..utegmu, semono uga tembung ing sajroning geguritan sewu driji ngremet planangan (Jigar), dakbuntel sarung mbandhem raimu, dakmamah lambe lan ilatmu, kempel dadi kecu, asu (Ibu Lan Watu), nyidham penthil satakir, tajin sacawik, wawaturuka ... wawakonthola (Gah) lan isih akeh maneh. Lumprahe geguritan Jawa modern lumrahe pangrakite tembung sing manis manuhara, alus, nganyut anyut.
Keistimewaan LSK maneh uga manggon ana ing pangrakite wewangunan ing saben geguritane, manjila banget yen katanding karo wewangunan geguritan Jawa modern liyane. Geguritan ing LSK kanthi bebas bisa mung dumadi saka pitung tembung, wolu sajudule
Pradhondhi 4 Ni... Dakreridhu Ni
Aku dadi kecu
Aaaaaaaaaa ...Su!!!!
Nanging bisa uga dumadi saka pirang – pirang larik ukara meh dadi rong kaca, yaiku geguritan kanthi irah – irahan Isih Ana Swara Alu. Geguritan iki dumadi saka 45 larik, tanpa ana pilahan pada, ndlujur ngono bae. Kaya ngono mau jan ora lumrah ing donyane geguritan Jawa modern, kulinane geguritan kuwi ditata tharik – tharik diperang – perang dadi pada.
Semono uga yen dipandeng saka keseluruhan geguritan LSK, sakcleraman mujudaken gegambaran sing nyata, yen tha ana sambung rapete ing saben geguritan karo geguritan liyane, gegambaran sing maujud yaiku gegambarane panguripane sawenehing titah manungsa sing bungah susah, begja cilaka,
kalegan kacuwan, niba nangi, anggone ngreka daya nggayuh lan mujudake janji suci katresnan sejati sing wis dadi janji (luwaring punagi) nganti mendhem (mabok) supaya bisa tentrem ing sadawane urip.
Tuladhane nalika maca layang kanggo kekasihe , sing tuwuh ing angen-angen, geguritan mau nduweni karep sing ora adoh saka anane layang utawa nawala sing bakal dikirim marang kekasihe, sing isine nyritakake nalika Aku lan sliramu netepi janji kanthi luwaring punagi ngesokake katresnanan sing wis lawas sumimpen. Lan lelakon/crita mau disimpen rapet ing sajerone impen isih dakregem rapet jroning pasupenan, nalikane tempuk pandeng-pandengan ing antarane aku sliramu tatap pandulu ngremet kacu biru.ora ngreken munclake rasa lan ketege jantung ing dhadha ora maelu ombak biru ing dhadha utawa githok sing mengkorok mbombong katresnann sing wiwit mongkog. Sing ana mung rasa marem lan mongkog katekan karepe nganti ora eling apa-apa pindha wong mendhem, polahe ora karuan, riyem-riyem ing pandulu, mosik, nafasmu lan nafasku butul langit, ndadeke
kringet adhem wiwit mekak playune , keteg jantung ing jiwamu jiwaku kaya ngono kuwi kahanane nalika luwaring punagi. Nanging bareng tekan larik-larik pungkasane geguritan, nyatane mung rupa pangimpen isih dakregem rapet jroning pasupenan lan aku lan sliramu isih kudu nunggu wektu lan titiwancine bisa netepi apa sing wis dadi janji kanthi dadi tugu ngranti playuning, titi nagih punagi
sanajan tha jane kepinginan kuwi wis ngangsa-angsa, kudu kumudu enggal kaleksanan lan cumondhok ing embun-embunan ndadekake gorehing jiwa kaya diundha, ya diulur uga disendal,
nafasmu lan nafasku anupus wiwit kemukus, kaya jiwa-jiwa sing ngundha jiwa. Nanging kabeh mau isih rupa impen lan gegayuhan
isih dakregem rapet jroning pasupenan. Uga ing salah siji tuladhane ing antologi LSK, Layang saka Kekasih mratelakake kahanan nalika nampa layang saka kekasih. Layang balesan saka
Layang Kanggo kekasih, sing wis suwe banget dianthi nganthi kaya kaya jiwa – jiwa sing ngundha jiwa saiki wis teka, nampa layang mau kanthi ati ora bisa digambarkake rasane, mung
dakusap riwe sing dineres saka panon, mbrabaking paningal sing kaca-kaca, ing pangkoning gisik wayah sore, ati lan graita
gemulung bareng ombak kesanga, ngebur keteging jantungmu jantungku. Ananging nalika layang dibukak dakbeber layangmu kekasihku, sanajan mung ing angenan, sing ana mung perih pindhane kegarit godhonge ri pepandan lan nglanguti kadya
kadya rembulan sing kalingan mega, ndadekake driji lan ati wus
pepes dadi kaladuk pepes, dluwang layang angenkadhung kentir semilire angin gisik. Pungkasane kari ati sing geseng bali sepi
sanajan bola-bali dakbeber layangmu, ing angen, mung bakal nambahi perih ati kang peprih ati, jiwa lan rasa anane mung bisa
ngulandara ing tegalan... sawah ...uga ing tlaga, kaya wong medhem, mung saderma kanggo njampeni tatu biru nandang wuru klayu esem kecutmu.
Mbok menawa bae ora mung kuwi keistimewaan saka geguritan LSK, kanggone para winasis isih akeh maneh sing bisa dijingglengi, dirembug, ditelaah lan dibahas miturut pamawase dhewe – dhewe.
Kanggo para panggurit liyane mbok menawa bae geguritan LSK, bisa dadi inspirasi nuwuhake kuwanen kanggo nganakake inovasi anggone nyerat geguritan supaya ora mung nyerat geguritan sing asifat deskriptif , sing nyebabake maca geguritan ora bisa menehi tabet utawa ora nabet ing ati/pikiran, mari maca ya ilang ngono bae. Amarga yen maca geguritan ora nuwuhake tantangan apa-apa, ndadekake geguritan ora bisa nengsemake lan narik kawigaten, mula ora nyalahake yen para taruna/taruni Jawa ora kesengsem maca geguritan malah kepara ngedohi, apa maneh gelema nulis kanggo nerusake panulisan geguritan. Nanging uga bisa lan kersa nyerat geguritan sing bisa menehi greget lan grengseng tumrap sing maos. LSK wis bisa mbuktekake kepiyea bae wujud lan rupane mesti bisa nyiptakake donya dhewe, ora kudu diwangun saka tembung – tembung kang alus manuhara, kanthi pathokan lan paugeran sing njlimet. Nyatane tembung sing lumrahe dianggep saru/lekoh lan cremet bisa disandingake tembung – tembung kang endah, ora malah ngurangi ngesing teges lan kaendahane geguritan mau. Malah bisa menehi sensasi sing beda, marang pamaos sing beda – beda uga.
Kanggone pandemen pamaos geguritan antologi LKS iki bisa didadekake sarana ngenam – enam pangangen – angen sing ngambra wara, kanggo nuruti obah mosiking jiwa lan pikiran, kobaring semangat ing ati lan hardane nafsu birahi. Ing LSK kabeh bisa katurutan. Tuladha ana ing geguritan Daksraya, pamaos bisa kagawa ing suasana jinja, rangu – rangune jiwa ngadhepi kahanan lan kasunyatan. Antarane pangangen – angen sing dikarepake lan kasunyatan sing cumepak. Nganti nyraya angin wengi sing sumilir ing gisik kanggo ngelus larapan godhong ri pepandhan/ cahyaning rembulan kang tumlung ing pucuking ombak/ supaya bisa minangkani anggone nyethet sewu pepasihan (alon – alon dakkekep rasaku ing antarane keketeg jantungMu lan jantungKU).
Daksraya Daksraya
Angin wengi sing sumilir ing gisik Ngelus larapan godhong ri pepandhan Nyempyok wangine esemu
Banjur dakaras tajeming pandulu darbekMu Kaya thathit
Kumelap antarane napas lan keteg jantung Kang wiwit abang
Mbranangake ati lanang getih lanang .... Daksraya
Cahyaning rembulan kang tumelung ing Pucuking ombak
Ombak pesisir sing wus keladuk nyempyok Kikising rasa pangantu – antu
Ngantu – ngantu tumelung rasamu Rasaku ...
Ndremil lambeku nyebut Asmamu Meper rasa katresnan sing ,manjila Aku gulung koming
Katatap thathit ing su;aking tatap pandulu Mripatmu mripatku
Riyem – riyem nyurasa rasa kang gemulung Bareng ombak lan
Semilire angin katresnan Rasmu rasaku gul;ung – gulung Antarane ombak, semilire angin
Lan kemrisike tembang kapang ri pepandhan Kang tansah nyethet sewu pepasihan (alon – alon dakkekep rasaku ing antarane keketeg jantungMu lan jantungku,
sauntara ombak lan gisik ppagut lathi .../.ri pepandhan lan rembulabn tatap Pandulu gawe wewayangan romantisme biru
Ing geguritan daktantang urip iki, kobaring semangat kanggo nggayuh gegayuhane urip sauger durung layu, otot bebayu, lan katresnan isih manjila ing keteg – keteg jantung kudu kanthi tatag sanajan to yen kudu kanggo nyigar ati, rembulan, apadene
srengenge, kudu sigra ngobarake geni kuwanen, natasi jaman. Daktantang Urip Iki
Daktantang urip iki Kanggo nyigar ati Rembulan
Srengenge melahi prau – prau kang Lelayaran ... Daktantang urip iki
Kanthi tatag sanajan to Ati wus butul rambut Sirah ...
Kudu sigar ngobarake geni kewanen Natasi jaman ...
Sauger durung layu Otot bebayu, Katresnan,
Keteg – keteg jantung sing menjila, Lan aku sliramu sengkud
Tumungkul melahi prau – prau Kang lelayaran
Yen kepingin nguja lan ngundha pangangen – angene ulah asmara, meh kabeh gegurtian ing LSK saliyane sing wis daksebut,
ing pungkasaning rembug tumuju ing babagan kanikmatane anggone bisa campuh salulut, ulah asmara lan adon tresna. Umpamane kayata, ing Jigar, kepiye jigare ati lanang kang kebak sewu pitakon lan alok kelangan endi jagadku..., kamangka
sauntara iku uga sadalan – dalan, sewu driji ngremet planangan.
Apa maneh ing Gah, pikiran kang didasari rasa cremet, lan kepingin ngecul nafsu birahine kanthi maca mantra gaweyan
....ooooo...oooo wawaturuka makanika nika wawatokonthola mekanika nika bisa kalegan yen sedyane anggone nyidham penthil satakir, tajin sacawuk.
Gah Gah....
Gincu palsumu mulas gusi lan untu Riyem – riyem ngemu nepsu... Gah....
Aku dadi gedhibal mblayu mburu napas biru Sanajan ing batin rengkaku banjur nguwuh ...ooooo...oooo wawaturuka makanika Nika wawatokonthola mekanika nika where ayu
paran sedyamu... phulus hayu... hayu ...hayu ...hayu wahyaningmangsa kala
nyidham penthil setakir tajin secawik ... para sedyamu
(aku sliramu sesidheman antarane geget Lambe lan untu ...)
Uga ing Brai ( bisa birahi, utawa dandan) sanajan tha anggone nglantarake nganggo pratelan lumrah, tetep bisa ngobarake pangangen – angen anggone wus kapang (rindu) salulut, kaya ing ngisor iki,
BRAI
Wus kapang,
Awit ing aku wis lawas datan ngunus patrem Aran curiga
Endah nglegena,...
Anggaku anggumu necep sarining kisma Musus bebayu
Ngudi murcane banyu pertala pipitu Banyu sanga...
Kapangku kapangku
Kekudangan jroning kwade hu...lae...saresmi Hulaelaeeeee... ya lae...lae....lae Wus kapang
Ing lungguh kwade Pagut lathi liru bebayu Anggamu anggku ruket marikelu
Kanggone pamaos sing mung kanggo srana ngisi waktu kang longgar, yen pas maca paling yen nemoni sing rada melas umpamane kaya Luh, Dakanggit, lan liyane, ya mung bisa ngresah oooo..., ing ngisor iki geguritan Luh, sing dadi pambukane LSK,
Hang isun tangisi
Isu gandhangi ring lelurung Paaran magih dhemen, parane.... Lae laeya lae ....
Kembang mayang mung kari wiji Ring tanea ijen klisikan
Hang isun ulemi sing ana katon ....isun akeh Lupute dhemenane serang – serangan Nedha ngapura ring rika .... iki dinae rika wis Kadhung ulih suci
Paran tambah dhemene ati rika Isun kari gulinge
Ring tanean ijen klisiskan
Lha yen nemoni sing rada endah mung komentar hem...., kayata Daksumpingake Mlathi, Kembang Telasih Kanggo Andriani,
lan liya – liyane. Nanging yen pas maca sing rada cremet lan ngemu ngundang birahi kaya ing ndhuwur ( Gah, Brai) utawa
tembunge thok slorok kaya ing Idu lan Watu, Utegku ... Utegmu
ngisor iki, paling yang mung cengar – cengir.
Utegku ... utegmu Ni dakjampeni ...
Utegku ...utegmu ....sawise nandang lara Judheg sawetara wektu
Mikir gaweyan, politik, lan ekonomi sing Semrawut ...
Ni dakjampeni...
Utegku.... utegmu... sing mbedhedheg Judheg kagubel ballada Cinta segi tiga tekan Perselingkuhan eksagonal, ... katresnan – Katresnan sing apaes kembang gambar Prawan – prawan bukak kothang lan sruwal Dzikire jaman – dzikire kahanan mbabar gambarMinthi – minthi laki rabi sak margi margi ... Ni.... dakjampeni
utegku ....utegmu nganggo bratawali aran pil ekstasi ....nguntal babu ... mapan turu sabu – sabu. (utegmu – utegku ...perlu turu)
Kanggone penulis, saliyane apa sing wis kawedhar ing nduwur mau, isih ana maneh sing ndadekake cingak, nuwuhake tanda pitakon lan rasa cumlekit kang beda. Rasa kang beda mau tuwuh amarga mrangguli tembung – tembung kang tansah mecungul ing saperangane gedhe geguritan mau, yaiku tembung
punagi, sing maknane nadar, kang digandheng karo tembung
nagih, ngregem, luwaring, njapeni, natasi, tatasing, nagih. Semono uga tembung kang mawa teges luwih enteng tinimbang punagi
yaiku janji lan prasetya kang digandheng karo tembung
nagih,ngremet, ...mu, dak..., ...sepi, mungkasi, suci uga tembung
biru ing 27 geguritan sing digathukake karo tembung, nepsu, mripat, esem, kacu, ombak, keladuk, ayang-ayang, napas, tatu romantisme, katresnan, atitugu, gincu, segara, getih, kuwung. Isih ana maneh tembung sing asring diprangguli ing geguritan LSK yaiku tembung wuru, jiwa – jiwa wuru , lawas wuru , keladuk wuru , wuru klayu , sing wuru, nandang wuru , marikelu mendhem. Lan kang pungkasan tembung saresmi, lae saresmi , mantra saresmi , sliramu saresmi , janji saresmi, aji saresmi suci. Patang tembung
mau nlusup ngono bae tanpa bisa dakpambengi, ngrasuki pikiran lan ngracuni jiwa, pikolehe nuwuhake pitakon apa tha jan – jane sing dikarepkake dening LSK?
Tembung punagi, sing maknane janji/nadar, tegese nduweni janji yen tha klakon apa sing dikarepne kudu dilakoni. Ing geguritan liyane uga ana tembung janji lan prasetya. LSK menehi gambar nyata yen tha urip iki satemene punagi/janji. Manungsa tinitahake ing alam donya dening Gusti Alloh kang akarya jagad kanthi dijanji. Janjine kudu bisa dadi kholifah ing donya, sing tegese bisa njaga donya saka kerusakan. Manungsa pinangka sing nyekel janji kudune netepi janjine. Tegese njaga donya, ya njaga agamane lan manungsane (awake dhewe, keturunane, masyarakat sakiwa tengene, bangsa lan negara), saka laku kang nistha, njaga alam saisine supaya tetep lestari kanthi bisa menehi manfaat kanggo panguripane manungsa.
Nanging punagi mau apa bener wis diugemi lan dilakoni dening manungsa, apa malah diblenjani? LSK nuduhake penting ngugemi lan netepi janji nanging nyatane LSK uga nuduhake gampange anggone mblenjani janji. Geguritan asesirah Layang Saka Kekasih lan Layang Kanggo Kekasih, mbuktekake yen tha ana janji marang kekasihe ( kekasih ing antarane manungsa) sing isih diugemi nanging nalika ditagih nyatane malah diblenjani.
Layang Kanggo Kekasih Luwaring punagi ....
Isih dakregem rapet jroning pasupenan Antarane aku sliramu tatap pandulu ngremet Kacu biru
Ora melu ombak biru ing dhadha Utawa ...
Githok sing mengkorok mbombong .
Katresnan
Sing wiwit mongkog ...
Riyem – riyeming pandulu Mosik
Sauntara
Kringet adhem wiwit mekak playuning Keteg jantung ing jiwamu jiwaku ...Luwaring punagi... Kekasihku
Aku lan sliramu dadi tugu ngranti playuning Titi nagih punagi (napasmu napasku anupus Wiwit kemukus
Kaya jiwa – jiwa sing ngundha jiwa)
Layang saka Kekasih