• Tidak ada hasil yang ditemukan

Kirab Kasatrian

Dalam dokumen Makna Tata Simbol dalam Upacara Pengantin Jawa (Halaman 131-135)

MAKNA SIMBOL PROSESI DALAM UPACARA PENGANTIN JAWA

ATUR PANAMPI

J. Kirab Kasatrian

Kirab kasatrian adalah perjalanan kedua mempelai yang berbusana satria dari ruang ganti menuju kursi pelaminan. Makna dari kirab kasatrian dapat disimak pada hasil wawancara berikut.

Kirab kasatrian merupakan simbol bahwa laksana seorang satria, suami-istri harus siap bekerja bersama untuk mewujudkan kebahagian keluarga mereka (A6.33).

Kirab atau prosesi, yaitu mempelai mengenakan busana kasatrian (busana satria) dari ruang ganti busana menuju pelaminan. Seperti seorang raja, mereka harus siap bekerja bersama untuk kesejahteraan keluarga, berjuang dan berjuang, tidak hanya berpangku tangan untuk mewujudkan kebahagian keluarga mereka. Itulah tugas mereka mulai saat ini (A6.34).

Kirab itu iring-iringan. Kirab kasatrian adalah berjalannya pengantin yang berbusana satria menuju pelaminan. Mereka berjalan bersama sebagai simbol bahwa mereka akan membangun keluarga bersama. Apapun rintangan akan dihadapi bersama (A6.35).

Makna T

at

a S

imbol dalam Upac

ar

a P

eng

antin Jaw

a

Kirab kanarendran kemudian dilanjutkan kirab kasatrian. Kirab kasatrian adalah perjalanan kedua mempelai yang berbusana satria dari ruang ganti menuju kursi pelaminan. Ini merupakan simbol bahwa laksana seorang raja dan permaisuri, suami-istri harus siap bekerja bersama untuk mewujudkan kebahagian keluarga mereka.

Saat kirab kasatrian, sang Pewara mengomentari sebagai berikut.

Wus lukar busana katong angrasuk busana satriya, sangsaya ngenguwung prabane, sangsaya mancorong guwayane, sangsaya manteb penggalihe, cinandra kadi Bagus Danang Sutawijaya atmajane Ki Gedhe Pemanahan akekanthen asta kaliyan Rara Dewi Semangkin atmajane Sri Sultan Drawa ing kalinyamat, lagya angenggar-enggar driya, ameng-ameng aneng udyana, mriksani panjrahing puspita kang nedheng mangundar ganda (Pewara mengatakan bahwa setelah berganti busana satria, pengantin putra terlihat semakin berwibawa, semakin bercahaya, dan semakin mantab hatinya. Pengantin putra bagaikan Bagus Danang Sutawijaya, sedang pengantin putri bagaikan Rara Dewi Semangkin. Mereka berdua sedang bergandengan tangan bersenang-senang di taman sambil menikmati indahnya bunga yang sedang semerbak mewangi (Tim Dwija, 2018).

K. Pambagyaharja

Pambagyaharja merupakan sambutan pemangku hajat sebagai ucapan selamat datang kepada para hadirin, baik tamu undangan maupun tamu pengiring pengantin pria dan keluarga besan. Pambagyaharja biasanya diwakilkan kepada salah satu keluarga tuan rumah yang dituakan atau tokoh masyarakat setempat. Pambagyaharja secara umum berisi ucapan selamat

Makna T

at

a S

imbol dalam Upac

ar

a P

eng

antin Jaw

a

permohonan do’a untuk pengantin, dan permohonan maaf atas penyambutan yang kurang berkenan. Berikut ini concoh sambutan pambagyaharja dalam Bahasa Jawa.

ATUR PAMBAGYAHARJA Assalamu’alaikum Wr. Wb.

- Panjenenganipun para priyayi agung ingkang satuhu luhuring budi.

- Panjeneganipun para pepundhen, para pinisepuh ingkang mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.

- Para purna karya labet praja, para sarjana sujana luhur ing budi ingkang minangka dados pandoming para kawula dasih ingkang kinurmatan.

- Para alim ulama ingkang ingkang rinten dalu tansah sinanding kitab wahyuning ilahi, ingkang pantes sinudarsana.

- Para kulawangsa barata wiyata ingkang tansah mastuti in reh kautamaning budi.

- Para kadang wredo mudha ingkang bagya mulya, sumawana para tamu kakung putri ingkang satuhu luhuring budi.

Karana piniji dening panjenenganipun Bapak ….. sekalian garwa ing kalenggahan punika kula mradapa kinen ngaturaken wedharing gantha babaring sedya. Minangka purwakaning atur kula, labet hanetepi wajibing bangsa Nuswantara ingkang linambaran agunging Pancasila, langkung rumiyin semangga kula dhereaken ngunjuaken puji syukur wonten ngarsa dalem

Makna T

at

a S

imbol dalam Upac

ar

a P

eng

antin Jaw

a

Gusti Allah ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng paring ganjaran, kawilujengan, punapa dene kanugrahan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, katitik ing wanci wekdal punika panjenengan dalasan kula taksih pinaringan barakah miwah rahmah saha dipun keparengaken ngawuningani edi penining swasana gebyar ing alam agesang in jaman wewangunan samangke. Sinawung raos manembah ing ngajeng, kula nyuwun agunging samodera pangaksami awit kula kumawantun mambeng kamardikan panjenengan sedaya ingkang nembe wawan pangandikan.

Para tamu, kakung putri ingkang bagya mulya. Madyaning suka ing kalenggahan punika Bapak …..lumantar kula hangambali malih ngaturaken sugeng rawuh, awit karawuhan panjenengan sedaya sinarengan paos panuwun ingkang tanpa pepindan. Mugi keparenga njenengi ngantos dumugi pari purnaning wiwahan ing kalenggahan punika.

Mancat krekating niat kanthi raos suka, keparenga kula ngaturaken wigatosing gati, sanadyan sampun cetha tarwaca salebeting kintaka wara, parandene labet saking tyas marwata suta, panjenenganipun Bapak….. sekalian garwa kepingin sanget ngaturaken wigatosing gati.

Netepi darmaning asepuh, panjenenganipun Bapak …..sekalian garwa saperlu mahargya suta hamiwaha siwi ing kalenggahan punika. Nun inggih siwi putrinipun ingkang asesilih Rara Ayu …(asma pengantin putri) dhaup pikantuk Bagus …..(asma pengantin pria)jalu tanaya Bapak/Ibu …..ingkang pidalem ing …..(desa). Wondene ijab miturut satataning agami sampun kalampahan kala dinten…… Panggih miturut satataning adat sampun kalampahan kalawau tabuh …. Kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.

Winantu pangajabing sedya saking Bapak/Ibu …..mugi wonten lilaning penggaligipun para tamu, langkung-langkung para pepundehen, para sesepuh

Makna T

at

a S

imbol dalam Upac

ar

a P

eng

antin Jaw

a

hastawa puji hastutinipun satemah pengantin sarimbit saged tresna tinresnanan, atut saha runtut anggennya manjing wonten ing bebrayan. Saha salajengipun inggal pinaringan kanugerahan saking Gusti Allah Ingakang Maha Kawasa wujuding golek kencana ingkang saged tata jalma minagka rerengganing bale wisma tangsuling katresnan jati nggennya gesang wonten alaming madya kanthi nidaaken kulawarga rinancang.

Para tamu kakung putri ingkang agunging darma, boten kalimputing nala Bpk/Ibu …. Ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para sanak kadang miwah tanggi tepalih pamong mitra samudayanipun, ingkang sampun kepareng paring eguh pratikel saha rerigen minggahipun dhumateng dana prabeya, sedaya kalawau hambok bilih Bpk…. sekalian garwa boten saged mangsulaken karanalair, amung kasumanggaaken wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kawasa. Mugi kadarman panjenengan sedaya dadosa amal kesaenan. Pepuntoning atur saking Bpk…sekalian garwa, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya wonten kiranging boja miwah krama, mugi diagung pangaksama panjenengan sedaya.

Kula minangka talanging basa ing kalenggahan punika, bilih anggen kula matur wonten kiranging krama saha gonyak-ganyuking wicara ingkang boten mranani diri, labet hangglenggana kiranging seserepan ingkang hanjalari kuthunging pamanggih miwah kirang pana dhumateng wewarahing para winasis ing reh basa tuwin sastra, mawantu-wantu kula tansah tumadhah baludaging samodraning pangaksama. Ing wasana, purnaning gati kairing sesanti rahayu-rahayu ingkang sarwi pinaggih.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb. (Tim Dwija, 2018).

Dalam dokumen Makna Tata Simbol dalam Upacara Pengantin Jawa (Halaman 131-135)

Dokumen terkait