• Tidak ada hasil yang ditemukan

Pasrah Pengantin adalah salah satu rangkaian dari temu pengantin masyarakat Tengger yang berupa serah terima pengantin dari mempelai putra kepada mempelai putri. Pihak mempelai putra diwakili oleh Legen, sedangkan pihak mempelai putri diwakili oleh orang yang biasanya juga mantan Legen. Dalam serah terima pengantin ini terjadi sebuah dialog yang terjadi antara kedua wakil dari masing-masing pengantin dengan menggunakan bahasa jawa. Keduanya duduk saling berhadapan dengan disaksikan oleh keluarga kedua mempelai. Inti serah terima ini adalah menyerahkan pengantin putra kepada keluarga pengantin putri. Dialog yang terjadi dilakukan begitu cepat karena panjangnya dialo g tersebut. Di beberapa daerah dialog tersebut dilagukan, sehingga membuat para hadirin lainnya tidak merasa jenuh dan menjadi daya tarik sendiri.

Dialog yang terjadi adalah sebagai berikut: 1. Wdk : Kok gatos langkah ndiko kang manten. 2. Lng : Inggih gatos.

3. Wdk : O, kang bagus punopo ndiko taksih baru dhateng langkah ndiko kang binagus.

4. Lng : Adi inggih.

5. Wdk : O, kang binagus kumolo kawulo ketingal ngangge rasukan ijem tan moro seblak-seblak nopo damele tiyang kekalihan runcang-runcung mawi gatos.

6. Lng : Adi inggih Adi gatos nglangkungi sasat saking gatos inggih kulo kang maes adi benjing kerto ayu ajeng kerto basuki inggih kulo kang maes adi dasat adi binagus.

7. Lng : Adi binagus malah wonten ajeng awit sari asto ndiko kang kiwo ndugegno bojo rejeki, asto ndiko kang tengen tampanono mas kumolo inten, gadhung anting-anting sak ngandapipun pandansari dasat adi binagus.

8. Wdk : O, kang binagus kumolo kawulo, katuran poro bage tan mondro- mondro tejo laksono tejane wong bagus anyar katon bambang lintirno wingking pundi ingkang minongko ajeng pundi ingkang sinedyo lampah ndiko kang binagus.

9. Lng : Adi binagus malah kulo dipun kengken ngredi wongso melathi sekarsari ronggo jati sari jinggo cemoro dopo wungu mancik mangke dasat adi binagus.

10. Lng : Adi binagus malah kulo njuluki kang bagus joko riyo prabu intoro yen gunjingo yen titiro menebah melampah maras sak penggalihan ndiko dasat adi binagus.

11. Wdk : O, kang binagus kulo nggadahi putro taruno kepudak tan keporo ayu tan sami wonten basahan ndiko ngendereh kenging kiniset, wonten sabuk ndiko kendho kenging kinencengono, wonten dhuwung ndiko moglang mogleng kenging kiningsetono, wonten bebet ndiko landhung kenging kiningkis, wonten kringet ndiko serawehan kenging kinusap, gentap untap agung toyo beto bolo intoro jaler setri titir gunjing kumitir kamoran maras mlampah ndiko kang bagus. 12. Lng : Adi gatos adi binagusmalah kulo yumingal-tumingil nanging kulo

ningali lintang kemukus damar kurung kemrencang sak lebetipun griyo malang megung mendhung ngrambyak dadoso layang lagu jarwo netesono sak pangestu ndiko dasat adi binagus.

13. Lng : Adi binagus malah kulo mirengaken penyandranipun adi klethak klethek kados prodo sinatrap, kretap-kretip kados genogo geneber, mbledak-mbleduk kados mendhung kebaratan, ronca-rance kados penjundukan kembang sekar melathi, cerajas -cerajas kados suwarane delen sewu mlebet kekembangan dasat adi binagus.

14. Wdk : O. kang binagus kumolo kawulo malah wonten ireng manis kuncung emas kusumane sekar dasar rasukan rembenan kasuruane kang adoh griyo tambesono lampah ndiko kang binagus.

15. Lng : Adi binagus malah kulo mirengaken suwarane gender sewu ngarum- ngarumo tiyang sebo dasat adi binagus.

16. Lng : Adi binagus malah wonten kondrang kinongo numang-naming aron sak kethem dasat adi binagus.

17. Wdk : O, kang binagus kumolo kawulo nggadahi kembang wasidro, wonten suwal ndiko landhung sinatrap celono, wonten bebet ndiko suwek ombo sinatrap kunco, wonten sabuk ndiko jinggo sinatrap prodo, wonten udheng ndiko bathik sinatrap kepolo, wonten klambi ndiko kolo menggiri sinatrap dhodho, wonten benik ndiko ngancing gang ngrembat ngremik lampah ndiko kang binagus.

18. Lng : Adi binagus malah kulo mireng sumeret retnong raino jenggeret medal sandikolo riyono kok sampun mapan dasat adi binagus. 19. Lng : Adi binagus malah kulo mirengaken wonten suwaranipun ardi

Bromo sing sumiyang gemuruh gumblender medal wuku langkir sinantrak angling kombang dasat adi binagus.

20. Wdk : O, kang binagus ketinggalan ngangge rasukan pethak medal saking wetan nglumpuko sami pethak lirno kados kuntul mesi reraton, dene mangke ngangge rasukan abrit medal saking kidul nglumpuko sami abrit lirno kados kumbang kemloso ngedheng, dene mangke ngangge rasukan kuning medal saking kilen nglumpuko sami kuning lirni kados kepodhang midoro, dene mangke ngangge rasukan cemeng medal saking ler nglumpuko sami cemeng lirno kados gagak sinawuhan, megak metro nyleret sak ngandhapipun alis lampah ndiko kang binagus.

21. Lng : Adi binagus malah kulo mirengaken gendhing during sing angleng miring beji lelangonan padusane mbok sinantri adi sinorogane nogosari agung tampo lelawan dasat adi binagus.

22. Lng : Adi binagus malah kulo mirengaken suryonoto kusumo kepanglang gelang mendhak moro mantri anom saiki kulo nyarumeno rembag ndiko kalih kawulo dasat adi binagus.

23. Wdk : O, kang binagus kumolo kawulo nggadhahi udheng bathik losar-losir wedi weleko melak-melik kados sorotipun lintang, pencarang- pencorong kados sorotipun bulan, kebyar-kebyar kados sorotipun

srengenge, murup muncar kados sorotipun ndaru, darso darbogo kepudhang kaluk ngepang badan lampah ndiko kang binagus.

24. Lng : Adi binagus malah kulo medal pundi medal sak pinggire ari-ari dasur punopo titihane kapal napas nopo penganggone kapal napas klathakan kayu empuh songgo wedhi ginampar ginawe sak larabe abang kendhah rangah cemethi jatos ketingal anjlojok sekedah dasat adi binagus.

25. Lng : Adi binagus malah kulo ngangge wedhak putih sekar gondo nguncari ngiras ngucap kados cracap dasat adi binagus.

26. Wdk : O, kang binagus kumolo kawulo nggadhahi bokor ndiko slulupi udheng abang isine who gratang ndiko tumbas limang kupang sinampurno sodo lanang, rokok danyang pet cupetono bako gambir suruh sari sinarekno tiyang kekalihan sumonggo kulo aturi nigo ndarwo kok kepucang arum lanyah ndiko kang binagus.

27. Lng : Adi binagus malah kulo tampeni asto kekalih sak lebete bokor ndiko modang sak derenge kulo wastani wonten who ndiko minongko dados sakwenange manah kawulo, wonten opo ndiko minongko dadoso sak sinumpekane ambekan kawulo, wonten sata sari kunjuk moro ngucap mbok sinantri adi pupopo sampen pepek sanak sae wong tuwo ndiko sedoyo.

28. Lng : Adi binagus sembah lampah wonten setundak melok dokori lait- linggih dalem melok kantus kengken ngesrahaken bektanane kang manten, kang manten taksih gandrang-gandrung runga-rungu lenggah-lenggeh, kang manten linggih amben gadhing antol santun lemeke kang manten kloso sinebet, kang manten kulo linggihaken sak lere margi alit, kang manten njaluk pengiringan tabuhan surobalen, mbok manten nja luk sinapakan tabuhan surobalen dadoso sak pengrum-pengarume kang manten, kang manten taksih sloso gene sloso ayu, kang manten kulo panggihaken mbok ranten, mbok ranten kepanggiho sari muti tamparono roso jengandiko di sampun. 29. Wdk : O, kang binagus kumolo kawulo nglebetaken patreman kinuntunan

cepoko wakul wedi wringinono kindo tego kinawisono kasur gadhing kinayungan gendolo giri sinayudono dene tiyang sepuh tiyang lurah sedoyo sampun.

30. Lng : O, adi adi binagus punopo sampun uno miraosipun adi gentose raos sedyo lampah sedyo kulo kang setindak wonten ing raos kang sakecap melok dokoro lait linggih ajengan dalem melok kantus Pak…….ngesrahaken bektanane kang manten taksih mbekto bolo intoro sedah luruso jengandiko di sampun.

31. Wdk : O, kang binagus kumolo kawulo wonten pasrahipun kang manten kulo tampeni asto kekalih kulo pundi kulo suwun kulo cesncang sakpucuke rekmo kambonono mustiko cahyo marcoyo dadoso ndiko mercoyo kalih kulo ndiko ana k kakung kulo anak estri dawek rekso rinekso dene dalu mangku dinten benjing sinayudono tiyang lurah tiyang sepuh sedoyo sampun.

Pasrah nang sing duwe gawe: Kang nggadhah damel.

Kulo andhap pinarak ing ajengan dalem, sedyo kunjuk-kunjuk sungkem, serahipun kunjuk dumateng dalem.

Kulo wahune nampeni bektanane kakang penganten dene sakniki sampun pasrah kang nggadhah damel.

Lampiran 13.