• Tidak ada hasil yang ditemukan

Soal Bhs Jawa Kls 6a

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "Soal Bhs Jawa Kls 6a"

Copied!
5
0
0

Teks penuh

(1)

PEMERINTAH KABUPATEN GROBOGAN

DINAS PENDIDIKAN

UPTD PENDIDIKAN KECAMATAN GEYER

SEKOLAH DASAR NEGERI 1 ASEMRUDUNG

Alamat :Desa Asemrudung RT/RW: 12/02 Kecamatan Geyer Kode Pos 58172 Email: sdn1.asemrudung@gmail.com, Blog : http://sdasemrudungsatu.blogspot.com

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA SDN :

Hari / Tanggal : Kelas : VI (Enam )

Waktu : Nama :

Wacanen sing premati !

R.A.KARTINI

R.A.Kartini miyos tanggal 21 April taun 1879 ing Mayong , Jepara , Jawa Tengah. Panjenengane putrine Raden Arya Sasradiningrat , bupati ing Jepara . Sanajan ramane dadi bupati , R.A.Kartini tansah nggalih nasibe

bangsane. Utamane nasibe para putri Indonesia sing dhek semana ketinggal- an banget kemajuane karo para putra. Malah wiwit cilik para putri dipingit dening wong tuwane.

Kagawa saka rasa asihe marang bangsane , utamane para putri R.A. Kartini ngedegake sekolahan kanggo mulang wuruk para putri supaya bisa ter lan prigel .Sekolahan iku didegake sawise R.A.Kartini dhaup karo Raden Mas Adipati Arya Jayahadiningrat taun 1903. Raden Mas Adipati Arya Jayahadiningrat Iku bupati ing Rembang .

---I .wenehana tanda ping ( x ) aksara a , b, c, utawa d , ing sangarepe wangsulan sing bener !

1 Apa irah-irahane wacan ing ndhuwur ?

a.R.A.Kartini c.R.M.Jayahadiningrat b.R.A.Sastradiningrat d.R.A.Jayahadiningrat

2. Isine wacan ing ndhuwur nyritakake perjuanganane Ibu Kartini ing babagan . . . .

a. Kesehatan c.Pertanian b. Pendidikan d, Lingkungan

3.R.A.Kartini miyos tanggal 21 April taun 1879. Tembung miyos ing sajroning ukara kasebut nduweni teges . . . .

a.liwat c. lair b.medal d. metu

4. R.A.Kartini ngedegake sekolahan kanggo mulang muruk para putri. Tembung ngedegake kosokbalene . . . .

a. nglungguhake c.ngrubuhake b.nurokake d.nglakokake

5.Miturut isine wacan ing ndhuwur kasebut, ngandhut pesen supaya para putri . . .

a.ora bisa kalah karo para putra b.luwih asor tumrap para putra

(2)

d.pinter lan prigel saengga ora ketinggalan karo para putra

6.Tembung-tembung ing ngisor iki sing klebu tembung camboran yaiku . . . . a.andhap asor c.bangcuk

b.blaka suta d.adi luhung

7.Sing nonton bal-balan jejel . . . ngebaki stadion. a.muyel c.menceb b.riyel d. ngeyel

8.Wis ana sawulanan Reni nandhang lara . Mulane awake tansaya kuru sasat mung kari

. . . .

a.dubang c.bangjo b.lunglit d.bangcuk .

9. Ngger putuku, rungokna pituturku Sira ngabektiya

Marang yayah sarta wibi

Iku mono dhawuhe Gusti Pangeran

Isine geguritan kasebut ngandhut pesen supaya kita kabeh kudu . . . . a.manut yen dituturi c.ndonga murih wibawa

b.manembah Gusti d.ngabekti marang wongtuwa

10. Sira ngabektiya ,

Marang yayah sarta wibi

Ukara geguritan kasebut yen didadekake ukara gancaran dadine . . . . a.kowe kudu ngabekti marang manungsa

b.kowe kudu ngabekti marang Gusti Pangeran c..kowe kudu ngabekti marang wongtuwa d.kowe kudu ngabekti marang para leluhur

11. Tulisan Jawa kasebut diwaca . . . .

a.dirubung curut c.disurung katut b.disurung manut d.dirubung semut

12. Pardi sinau maca. Yen ditulis Jawa . . . .

a. b.

c.

d.

13.Ditakoni kok mung ngembang . . . , aja ndrenges wae.

a.jambu c.asem

b.suruh d.bakung

14.Roning . . . mas , sampun sayah nyuwun ngaso.

a.asem c.lombok

b.krambil d.mlinjo

15.Parmin lan Slamet ngangkat meja ing kamar. Ukara kasebut mawa tatanan . . . . a.J . W . K . L c .L . W .J .K

b. J .W .L .K d. L .W .K .J

16. Yen ditulis latin . . . .

(3)

17.Ibu ngendika , “Yen nunggang sepedhah sing ati-ati , Le !” Ukara kasebut klebu ukara . . . .

a.kandha c.tanggap

b.crita d.tanduk

18.Pak Guru dhawuh, “ Bocah-bocah , kowe kabeh kudu sing rukun ! Ukara kasebut yen didadekake ukara crita dadine . . . .

a.Pak Guru dhawuh bocah-bocah lan kowe kudu rukun b.Pak Guru ndhawuhi kabeh bocah-bocah supaya sing rukun c.Pak Guru dhawuh kudu rukun karo bocah-bocah

d.Pak Guru lan bocah-bocah didhawuhi yen kudu rukun

19.Godhong gedhang garing diarani . . . . a.dliring c.klaras b.kajang d.procot

20.Isine asem arane klungsu , yen isine duren arane . . . . a.botor c.bethem

b.pongge d.klathak

21.Kembange blimbing wuluh kuwi kena digawe tamba lara . . . . a.weteng c.panas

b.linu d.watuk

22.Parmin negor kayu nganggo graji. Kang dhapuk lesane ukara kasebut yaiku . . . . a.Parmin c.kayu

b.negor d.graji

23.Anake pitik jenenge . . . .

a.kuthuk c.beyes b.bledug d.munyuk

24.Pagupon iku jenenge kandhang . . . .

a.pitik c.jaran

b.macan d.dara

25.Balung klapa , ethok-ethok ora ngerti . Balung klapa tegese . . . .

a.bathok c.klothok

b.pathok d.menthok

26.Ukara ing ngisor iki sing klebu krama alus yaiku . . . . a.Bapak lagi maos koran

b.Aku diutus ibu tuku gula c.Budhe maringi sangu aku d.Ibu sampun kondur nitih dhokar

27.Bapak wis mulih saka sawah. Ukara kasebut yen didadekake krama alus . . . . a.Bapak sampun wangsul saking sabin

b.Bapak sampun kondur saking sabin c.Bapak wis kondur saka sawah d.Bapak wis wangsul saka sawah

28.Emboke dielus-elus , anake diidak-idak. Unen-unen iki klebu . . . .

a.pepindhan c.paribasan

b.wangsalan d.cangkriman

Unen-unen iki klebu . . . .

a.pepindhan c.paribasan

b.wangsalan d.cangkriman

29.Pitik walik saba kebon , batangane . . . .

a.kates c.nanas

b.waluh d.gedhang

30.Kuku Pancanaka kuwi gegamane . . . .

a.Arjuna c.Puntadewa

(4)

31.Putra pambarepe Pandhawa yaiku . . . .

a.Arjuna c.Puntadewa

b.Wrekudara d.Nakula

32. Tekan omah Jaka Kendhil crita karo emboke, anggone mentas weruh putri

adus ing tengah alas. Jaka Kendhil banjur nembung marang emboke yen arep ngancani putri ragil kuwi , nanging emboke menging . Jaka Kendhil banjur

kongkonan emboke supaya nglamar putri sing ragil kuwi ana ngarsane sang Prabu.

Irah-irahan sing trep kanggo crita ing ndhuwur yaiku . . . . a.Jaka Kendhil c.Putri Ragil

b.Sang Prabu d.Mbok Randha

33.Jaka Kendhil rumangsa . . . marang putri sing lagi nandhang susah.

a.seneng c.welas

b.serik d.bungah

34.Manuk tuhu mencok pager Ayo sinau ben . . . .

a.banter c.santer

b.pinter d.seger

35.Isi parikan ing soal nomer 34 kasebut ,manggon ing gatra ka. . . .

a.pisan c.telu

b.loro d.papat

36. Mung welingku

Mbudidaya ngelmu utama iku wajib Aja lena lan sembrana

Ben dadi wong kang mulya

Apa tegese tembung mbudidaya ing ukara geguritan kasebut ?

a.pesen c.nganakake

b.nggolek d.ngedegake

37.Miturut isine geguritan kasebut ,geneya mbudidaya ngelmu utama iku wajib ? a.ben sakti mandraguna c.ben dadi wong sing mulya b.ben dadi wong sing lena d.ben dadi wong sugih

38.Isi geguritan ing soal nomer 36 kasebut, ngandhut pesen yen satemene nggolek ngemu sing utama iku hukume . . . .

a.wajib c.ora perlu

b.ora wajib d.rada wajib

39.Ibu lagi mbunteli naga . . . ing amben mburi.

a.taun c.sari

b.sasra d.dina

40.Sari lan Dewi latihan nglangi ing Selokambang. Kang dhapuk jejering ukara kasebut yaiku . . . .

a.Sari lan Dewi c.nglangi

b.latihan d. ing Selokambang

41.Sampeyan badhe tumbas punapa ? Ukara kasebut klebu basa krama . . . .

a.inggil c.lugu

(5)

42.Raden Arjuna kagungan gegaman sekti kang awujud panah , yaiku : a.Panah Pasopati c.Panah Wijayandanu

b.Panah Guwawijaya d.Panah Songsong Tunggulnaga

43.Putra Pandhawa kang awatak jujur lan ora bisa basa yaiku . . . .

a.Yudhistira c.Bimasena

b.Janaka d.Nakula

44.Keturunane pitik Jawa karo pitik alas diarani . . . .

a.bekikuk c.kate

b.bekisar d.kedu

45.Waluh, semangka, lan timun kuwi klebu tanduran . . . .

a.palakirna c.palawija

b.palakependhem d.palakesimpar

46.Tahu lan tempe kuwi digawe saka . . . .

a.tebu c.tela

b.jagung d.kedhele

47.Kembang lombok arane menik, yen kembang kacang arane . . . .

a.besengut c.drenges

b.mayang d.gleges

48.Tukang nabuh gamelan kuwi diarani . . . .

a.niyaga c.waranggana

b.juru gendhing d.pacalang

49.Karawitan iku kabudayan kang adiluhung, mula kudu. . . .

a.disirnakake c.dilestarekake

b.disingkirake d.dilirwakake

50.Kucing ireng kae mangan tikus .Yen didadekake ukara tanggap dadi . . . . a.Tikus ireng kae dipangan kucing

b.Kucing dipangan tikus ireng kae c.Tikus dipangan kucing ireng kae d.Dipangan tikus ireng kae kucing

KUNCI JAWABAN :

1.a 11.d 21.d 31.c 41.c

2.b 12.c 22.c 32.a 42.a

3.c 13.b 23.a 33.c 43.c

4.c 14.d 24.d 34.b 44.b

5.d 15.b 25.a 35.b 45.d

6.c 16.c 26.d 36.b 46.d

7.b 17.a 27.b 37.c 47.a

8.b 18.b 28.d 38.a 48.a

9.d 19.c 29.c 39.c 49.c

10.c 20.b 30.b 40.a 40.c

PEDOMAN PENSKORAN

50 Soal bentuk pilihan ganda , 1 soal dijawab benar diberi skor 2 Skor maksimal = 50 x 2 = 100

Referensi

Dokumen terkait

Carane gemi kanthi ngurangi tuku jajan lan kesenengan.. Wong nyelengi iku yen kulino ora

Ukara ing dhuwur yen didadekno basa ngoko alus dadi ……… ab. Bapak dhahar roti lan Ibu

Pak Mantri : “Ngene, kanggo nyegah lelara DB, kudu nindakake nguras wadhah banyu, ngubur barang-barang kang ora kanggo kayata botot-botol, kaleng, lan nutup

Wahyu karo kance seneng lan sregep sekolah amarga bu Guru .... pinter mulang

Mula kanthi anane ramalan sing sok mleset kasebut, kabeh manungsa kudu akeh waspadane, supaya ora kena kacilakan awujud apa wae, kayata raga, bandha, utawa liyane.. Apa maneh tumrap

Yen golek ngelmu iku kanthi tenan bakal bisa gawe sentosaning diri pribadi.c. Golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya bisa kasil

Raden Pandhanarang utawa Pangeran Pandhanarang nganakake paseban karo para santri lan para abdi dalem. Pangeran Pandhanarang ndangu marang para santri mbokmanawa ana sing

bu guru – buku – ngasta – gambar tatanan tembung ing dhuwur iku sing bener yaiku ..b. buku gambar ngasta bu guru