SERAT PARAS
Naskah Serat Paras punika anggitanipun Kanjeng Sunan Kalijaga.
Serat paras menika cariyos ingkang nggambaraken pasuryan utawi tindak-tanduk ingkang endah lan patut dipun tuladhani saking Nabi Muhammad. Ananging menawi dipun tinggali inggih namung nyariyosaken Kangjeng Nabi Muhammad nalikanipun cukur rema.
°°°° PUPUH I °°°° ASMARADANA
01. //Ingsun amimitii amuji / anebutna maning sukma, / kang murah
ing dunya mengko / tur kang asih ing ngahirat / kang pinuji tan pegat / angganjar kawelas ayun / angapura ing dong dusa//
02. //Wonten carita winarni / caritaniyaii para ngulama / murmane
ginurit mengko / carita sinungan tembang / anembangiii
asmaradana / kasmaran ingsun ngrungu / bagindha Ali winarna//
03. //Kang sinisiyan ing nyuwangiv Widi / bagindha Ali miharsa / saking
Nabi Rasul mengko / kang sinungraha dengan Yang / ing dunya ing ngahirat / Nabi Rasul mangke muwus / ing sapa kawulaning nyuwang//
04. //Kawulane nyuwangv kang mu’min / anulisa sipat ing Yang /
lamon wis katulis mengko / simpenen ing numah hiro / sawabipun akathah / angedhohaken setan iku / luputa libaning raja//
05. //Lawan luput bilahi malih / adoh saking panyakitan / tan kena
cilaka mengko / tan kena drengkine jalma / luput teluh tetreganyana / lawan ngedohaken satru / tan kena sesuker ika//
06. //Miwah datan kena lali / lawan oleh kabecikan / salawase urip
mengko / lan tekan tanggane pisan / lan sing sapa amacahavi /
gawanen jimat puniku / padha lan wong haji//
07. //Lawan malih sami neki / mardikaaken wong satunggal / den
dohaken bilahine / lan dosane kang kaliwat / angendikavii
Rasulullah / lamon winacakaken wong iku / ing wong lara agelisviii
waras//
08. //Aparanen dosa neki / dening Nyuwang Agung Kang Maha Mulya /
saking berkaheix rosul mengko / lan anak putu Muhamad / Hasan
Husen puniku / kinentujanx dening Yang Agung / saking mu’bal
mu’tal ika//
09. //Lan saking Seh Mahpul puniki / Seh Mahpul ika miharsa / saking
Abu Rohoirohxi mengko / kang sinung rohmad dening Yang / Abu
10. //Angendikaxii Bagendha Ali / kang sinung rohmad dening Yang /
kang kawikanan to mengko / dening satuhunexiii utusan /
Nyuwangxiv Agung Kang Maha Mulya / Nabi Muhamad puniku /
kekasihira Nyuwangxv sukma//
11. //Panutan sakehe Nabi / pangulunexvi Nabi sadaya / pangulune Nabi
kabeh / kedadiyanexvii Nabi Adam / antarane kang toya / kelawan
lebu punika / Nabi Rasul ta mangkono//
12. //Anderbenixviii andika Nabi / ing telaga kalkahosar / kahananira
Nyuwangxix sekabeh / amuji pinuji ika / tan pegat pamujinya / aweh
mupangat ing bisuk / ing tembe hari kiyamat//
13. //Panutan kang bangsa Hasim / lan bangsa Qures ika / lan kang
bangsa Ngarab mengko / lan ihrom punika Mekah / kelawan ing Medinah / lan bangsa Ngarab puniku / kelawan bangsa Istitamah//
14. //Lawan malih anderbeni / ing toya air janjam punika / lawan
padhukuanexx mengko / ing Ihjar namine ika / qolbune Nabi hiya /
kelawan bangsa rohani puniku / nyawane rohmane ika//
15. //Kang ibu namine singgih / Aminah nami ikaxxi / kang rama ika
westanya / abdulah asal wong Ngarab / anak puntune Nabi Adam / saturu turune iku / saking Nabi Ibrohim ika//
°°°° PUPUH II °°°° S I N O M
01. //Kang bangsa Nabi utusan / kelawan Nabi Ismail / bangsanira
Ngarab / punika wuwuse malih / sabda ngandika Nabi / panjenenganira dinulu / apan nurapati andhap / yen jumeneng lan wong kathah luhur dhewe//
02. //Cahyanipun kang wedana / melak melak anglir sasi / rema lemes
ketelaten / irenge yayah manangsi / saben riyaya haji aparas jenggasti rasul / gumawang cahyanira / pamulunira akuning / yen dinulu kadiya mas tanpa huna//
03. //Alise angrerunge ngimba / idepe tumungging ngawit / netrane
jahitan raras / aminis yen den tingali / semu belut ya lindri / yen mesem lir pindah curut / madu wus pinesti ika / kang lathi anurut adri / wajanipun gumubyar kadiya mutiyara//
04. //Miwah bebrengose ika / sumrebeng tur jularit / miwah jejenggote
ika / patang nyari panjang neki / irunge kerana neki / tenggaknya anglunge gadung / bahunya anglir wijang / tengahe amatrem kenges / yen asare kang jaja muji sumbawa//
05. //Suwara pan kadiya kumbang / tan pegat pamuji neki /
sawungunira anendra / tumulya agelis ngabekti / Nabi Muhamad suci / tan kelawan toya wudhu / Nabi mangke angendika / sare
netraning sun iki / nora sare ing jerone atining sun ika//
06. //Astane kadya gendhewa / alemes yen den tingali / tulise walikat
kanan / lailahailallah iki / walikat ingkang keri keri / tulise mangke puniku / Muhammad Rosulullah / Nabi Muhammad iki / utusane
Nyuwangxxii Agung Kang Maha Mulya//
07. //Nabi Muhammad punika / apan ika anderbeni / wulu kalih lembar
ika / gandane mrabu awengi / mapan kadya kasturi / gandanipun amperi arum / astane kalih pisan / rajahe teka angrawit / jarijine judhun melathi indah//
08. //Cahyane kang pusere ika / angebeki ing sabumi / wangkonge lir
mas gumawang / asingset yen den tingali / pupunira puniki / lir pudhak sinumpet iku / karone kang delamakan / gamparan pepede singgig / sampeyane medal toya kalis ika//
09. //Mowah mangke yen lumampah / agancang utusan singgih /
dening Nyuwangxxiii Agung Kang Maha Mulya / marang manusa lan
jin / lamun kinen amerangi / sakehe kapir puniku / derepun padha Islam / anuta agama suci / yen aperang sekedang kung puruna ika//
10. //Den iring iring ing wewayangan / pinayungan mega esri / yen
udan ora kodanan / lamun lumampah ing warih / datan teles puniki / sekedhik guyune iku / lamun katekanan sakit / dadi bekti pan serta wuwuh ganjaran//
11. //Burok tetunggangan nira / jemparing senjata neki / kucing
kekasihira / nanging asu alas nenggih / cecek kasakitaneki / susure waja puniku / bebalunge menyawak / amenging wong susur singgih / yen uluk salam datan kena kadinginan//
12. //Adil yen andum jarahan / ing rena kencana rukmin / sesutya lan
inten mulya / sekehe wong Islam iki / sabda andika Nabi / anak yatim datan kantun / Kanjeng Nabi punika / datan arsa anggadhuhi / ing sadirham datan arsa anggadhuhana//
13. //Kang manah nora kangungan / gandanipun amrit wangi / anerus
gandane kalembak / karingetepun awangi / abecik pakertineki / wuwusipun beber alus / wijiling pangendika / arumanis tur anglungit / pangulune mukmin anuntun wong kesasar//
14. //Asih ing tetemu ika / anderbeni sarengat singgih / lan amijiaken
ing toya / saking selaning jariji / Nabi Muhammad iki / sekelangkung mujijatipun / watu bisa rerasan / wulan aningarsa neki / angelokaken ing gunung hud punika//
15. //Awirang ing pangeranira / Nabi Muhammad iki / agung
penangisira / ing siyang kalawan latri / angkung sholating wengi / tan pegat pamujinipun / puwasa yen rahina / isnen kemis bel
puniki / siyang ndalu datan pegat pamujinira//
16. //Kekasihe jeng Nabi ika / tetiga kabehe singgih / ingkang rumiyin
ika / wewangi kang suci / kaping kalih pawestri / nenggih kaping tiganipun / kang tansah ing wedaya / tan nana pamada neki / amung sholat kang dadi telenging nala//
17. //Kang umur nabi panutan / sewidak tahun puniki / punjul tigang
tahun ika / anulya ngandika nabi / mapan pan Kangjeng Nabi / garwa putra samiya muhun / ing wulan rabingul awal / ing tahun dal puniki / ing dina Isnen tanggalipun kalih welas//
18. //Putra nabi panutan / wewolu cacahe singgih / ingkang
pembayute ika / Dewi fatimah puniki / panggulune ta singgih / Dewi Hafsah Jenab iku / lawan Mahemunah / Suwiyah Sodah puniki / kang kekasih awesta Dewi Rukiyah//
19. //Putra ingkang jalu ika / anama Rahaden Qosim / sumandene
puniki / Raden Berahim nama neki / lan malih sumande neki / Raden Toyib namanipun / putra ingkang taruna / Raden Tohir nama neki / garwanipun Jeng Nabi ika sesanga//
20. //Garwane kang sepuh dewe / Dewi Khatijah nenggih / panggulune
Dewi Hangisah / kang panengah nama neki / Umi Habibah iki / Dewi Hafsah jengeng ika / lawan Mahemunah / Suwiyah Sodah puniki / kang pamekas awesta Umi Selamah//
21. //Anenuhun ingkang wewenang / umat tuwan ingkang anulis /
angrumpaka sipat tuwan / ing kirang langkunge singgih / amung tuwan puniki / yen wonten salahe tanduk / tuwan ingkang ngapuntena / marang tuwan ingkang anulis / muga-muga angsal supangat tuwan//
22. //Panedhane ingkang anurat / tetepana ing iman neki / ing donya
rawuh ngahirat / antuka sihe nyuwangxxiv widi / lan malih supangat
nabi / punika panedhanipun / den dohaken ing marga sasar /
bidengah wilalat singgih / muga-muga antuka sihe nyuwangxxv
sukma//
23. //Luputa ing ila-ila / liputa lan sarik / amba nedha pangapura /
marang nyuwangxxvi kang maha suci / kaping kalih jeng nabi /
rosulullah kang linuhung / nedha berkah supangat / ing dunya tekan ngahirat / muga-muga angsal sih pangapura//
24. //Allah tangala ngandika / dateng nabi kang sinelir / duk kalanira
aparas / ana perapta wong sawiji / atakan mara jeng nabi / Abu Bakar delingipun / tuwan kadiya punapa / tetkala paras jeng nabi / aparas ambatangan dateng tuwan//
25. //Sapa siten kang amaras / dateng tuwan kangjeng nabi / jeng nabi
ndikane nyuwangxxvii agung / iku kang amaras / angendika Jabarail /
Allah tuwan rosulullah jumenenga//
26. //Nabi sinten ingkang uninga / ten kalaxxviii paras jeng nabi / sinten
ingkang maras ika / kekuluke saking pundi / miwah dintene singgih / lan punapa tahunipun / lawan pinten tanggalnya / sasine sasi kang pundi / lawan pinten umure tetkala paras//
27. //Lah tuwan carita kena / bagindha Abu Bakar angling / du’ kala
nira aparas / Muhamad ingkang linuwih / kala andika nabi / kala perang wulanipun / amungsuh lan Raja Lahad / ing bumi Mekah go neki / malem Isnen wektune Mekah punika//
28. //Nabi kala maca qur’an / mangke prapta Jabarail / ambekta ayate
ika / mangkono unine singgih / iki andikane nyuwangxxix widi /
pinesthi andika rosul / nabi nulya angendika / ataken ing Jabarail / nulya matur Jabarail marang Muhamad//
29. //Eh nabi yuwangxxx kang mulya / iki andikane nyuwangxxxi widi /
ingkang aning qur’an ika / amesthi ing tuwan singgih / tuwan kinen paras ugi / Nabi Muhamad amuwus / dateng Jabarail alon / Jabarail sanak mami / mangsa apa duk ingsun manke pinaras//
°°°° PUPUH III °°°° K I N A N T H I
01. //Jabarail mangke amuwusxxxii /mangke sun matur yang widi / tan
na suwe nulya prapta / ing ngarsane nyuwangxxxiii widi / Jabarail
matur inggal / dateng wahu ing nyuwangxxxiv widi//
02. //Lan punapa sasinipun / angendika nira nywangxxxv widi / ing
wulan ramedhon ika / kekasih ingsun paras nenggih / Jabarail
wangsul inggal / peraptaxxxvi ngarsane jeng nabi//
03. //Jabarail nulya matur / dateng nabi kang sinelir / andikanira
nyuwangxxxvii sukma / tuwan kinen paras nenggih / ing wulan
romedhon ika / matur aris kangekjng nabi//
04. //Dateng Jabarail wahu / tetkala paras jeng nabi / ing ngarsane
sapa hiya / Jabarail kesah gipih / matur marang Allah tangala / sesangat anulya bali//
05. //Kang weruh namanexxxviii nywangxxxix agung / Jabarail mangkat
agelis / patera kastuba salembar / awilis ing werna neki / wernane tuhune indah / pan tan ana ing dunya iki//
06. //Awerna kadiyaxl puniki / agelis binekta tumuli / tan na dangu
nulya peraptaxli / ing ngarsane jeng nabi / Jabarail aris amujur /
dateng wahu kangjeng nabi//
07. //Ngambil kastuba iku / kinen denira yang widi / angangge yaiku
kinen nganggiya puniki//
08. //Godhonge kastuba iku / ing dunya dereng amanggih / ing werna
kadiya punika / angendika jeng nabi kang sinelir / dateng Jabarail ika / sinten kang maras iki//
09. //Jabarail mangke amuwus / wus matur ing nyuwangxlii widi /
kawula kang kinen maras / dateng tuwan kangjeng nabi / atan
perentahe nyuwangxliii sukma / angendika kanjeng nabi//
10. //Inggih punapa kasraha nyuwang agung / kasraha ing nyuwang
widi / inggih punapa kasraha nyuwang sukma / Jabarail muwus aris / kawula ingkang amaras / nabi kekasih nyuwang widi//
11. //Manira kang maras iku / pangendika nira nyuwang widi / kawula
kang kinen maras / dateng tuwan kanjeng nabi / tetkala nabi pinaras ika / jeng nabi ing Jabarail//
°°°° PUPUH IV °°°° S I N O M
01. //Tetkala nabi pinaras / dateng wahu Jabarail / ing tanggal sawelas
ika / ing wulan romadhon singgih / ing dina Isnen nenggih / sedaya sahabatipun / mangu sakehe tumingal / tetkala paras jeng nabi / pan sedaya pepek aning ngarsa//
02. //Rema kapupu sedaya / tan nana tumibing siti / malah sami
rerebutan / sekathahe widadari / jeng nabi alon ngendika aris /
pira kehe remaning sun / Jabarail aris mujurxliv / kehe rema tuwan
singgih / pan sakethi tigang laksa tigang nambang//
03. //Tigang atus tigang dasa / tiga welas punjul neki / kelawan
langkung tetiga / punika cacahe singgih / sekathahe widadari / sedaya sami ngrebut / uman salembar-lembar sewang / sekathahe widadari / angendika nyuwang agung kang maha mulya//
04. //Allah tangala angandika / mangke dateng widadari / padha
mangkata sira den inggal / maringa kekasih mami / kebeh sira puniki / padha mupuha rambet / padha gawenen jimat / remane kekasih mami / talekena marang jariji nira//
05. //Supaya nira sadaya / sun luputaken ing benjing / ing sakehe dusa
nira / miwah ingkang animpeni / ing carita puniki / kekasih ingsun
acukur / saking enggon punika / peraptaxlv anggone kang suci /
sekathahe kang miharsa angetokena//
06. //Sekathahe umat sedaya / para soleh para mukmin / sedaya sun
wehi rahmat / umat ingsun kang nimpuni / ing carita puniki / kakasih ingsun acukur / ingsun lebaraken ika / sekathahe dosa neki / sun apura ing tembe hari kiyamat//
°°°° PUPUH V °°°° ASMARADANA
01. //Sun luputaken ing benjing / ing nalikane sekarat / lagi den ambil
nyawane / benjing sun wehi rahmat / lan sing sapa amacaha / miwah sekehe kang angrungu / sipat nabi caritanya//
02. //Miwah ta ingkang anulis / atwa simpena ika / senejan nyiliha
bahe / miwah ingkang anggawaha / atawa muru kapisan / miwah sekehe kang angrungu / caritane jeng nabi paras//
03. //Ingsung wehi selametxlvi benjing / ing dunya tekan ngahirat / sun
dohaken bilahine / ing benjing hari kiyamah / kerun wana kerun ika / sekathahe siksa kubur / miwah ing dina kiyamah//
04. //Lan tan pegat sun tingali / tan pegat sun wehi rohmat / lan sun
reksa rencanane / jim lawan iblis laknat / lan ora simpena ika / caritane jeng nabi rosul / miwah yen ora macaha//
05. //Wiwah yen ora ngajeni / lan sing ora arsa maca / sanak-sanak
ingsun sakabeh / amung aja wong satunggal / wong munapek punika / aja den kon maca iku / miwah lamon andelenga//
06. //Aja den kon maca tulis / aja den wehi miharsa / kerana ta
mangkene / sejatine nora arsa / lamun yen angrungu / aja den wehi pitutur / tuwa mahido ing saatar//
07. //Utawi carita iki / simpenen ing umahira / ingsun reksa sak isine /
ing umahira sedaya / adoh ing bilahinya / ing dunya ngahirat iku / miwah kang panggawe ala//
08. //Caritane kanjeng nabi / lamun den gawe lampahan / marang
pekir upamane / iku lamon den gawaha / yen arep anganggawe / anenedha mangke iku / pesthi kathah ingkang welas//
09. //Upami arta sademik / den ileni pitung dosa / ingkang aweh iku
mangko / saking momane nyuwangxlvii sukma / marang wong Islam
ika / pesthine iku rahayu / kang siji mulih sedasa//
10. //Lan antuk supangat nabi / lan sinung kanugrahan / saking
brekahe nyuwang manon / pan sekehe umat ing wang / lan sing sapa arep begja / amacaha ta ping pitu / saweni aja nendra//
11. //Dateng carita puniki / tetkala nabi pinaras / katurunan iku
mangko / rohmating wong tunggal dina / lan rijenike peraptaxlviii /
esuk sore ora surud-surud / peraptanexlix teka ya gampang//
°°°° PUPUH VI °°°° K I N A N T H I
01. //Nabi Muhamad mangke amuwus / ataken ing Jabarail / Jabarail
ingkang mongmong kawula gusti//
02. //Angendika kanjeng rasul / ataken ing Jabarail / ingkang ana iku
apa / matur malaikat Jabarail / bumi langit durung ana / loh kalam sampun dadi//
03. //Ngaras kursi dereng andulu / suwarga naraka pan sampun dadi /
dhindhing jalal pan sampun dumadi / Nabi Muhamad angendika / ingsun taken kang seyekti//
04. //Anegendika kanjeng rosul / ataken ing Jabarail / ingkang aran
lintang johar / iku ngendi surupe sayekti / Jabarail aturira / amba nan dereng ningali//
05. //Inggih leres tuwan ingkang sepuh / angendika kanjeng nabi /
Jabarail aturira / sumungkem ing kanjeng nabi / Nabi Muhamad angendika / Jabarail sanak mami//
°°°° PUPUH VII °°°° DHANDHANGGULA
01. //Wonten kidung rumeksa ing wengi / teguh rahayul luputa ing lara
/ luputa bilahi kabeh / jim setan datan purun / paneluhan tan nana
wani / miwah panggawe ala / gunane wong ngaluputli / geni
temahelii tirta / maling adoh datanliii ana ngarahing kami / guna
tutupan sirna//
02. Sekathaheliv lara padha bali / sekehe ngama pan saminyalv miruda /
kawelas asih pandulune / sekehe braja luput / kadiya kapuk tibane reki / sekehe wisa tawa / satru galak samiya tutu / kayu agung
lemah sangar / siyunge landhak guwaning wang silemahlvi miring /
miwah pangipone merak//
03. //Paguyangane warak sekalir / den winaca ing segara asat / pan
bisa ngambah telenge / mapan sari rahayu / ingiderane widadari / rineksa ing malaikat / sekathahe rasul / nabi temahe tunggal / ati Adam uteke Bagendha Esis / pangucapku Nabi Musa//
04. //Napasku Nabi Isa kang linuwih / Nabi Yakub pamirsaning wong /
Yusup rupaku mangke / Nabi Dawud suwaraku / miwah Sulaiman kasekten mami / Ibrahim nyawaning wang / Idris ing rambutku / Bagindha Ngali kuliting wang / Abu Bakar getih daging Umar singgih / bebalung Begendha Usman//
05. //Ya sungsumku Fatimah kang linuwih / kang minangka
rahayuning badan / Ayub minangka ususe / sekehe wudhu tuhu / mapan tunggal kelawan nabi / netraku ya Muhamad / pangulune rasul / pinayungan adam sarap / sampun pepek sekathahe para nabi / pan dadi sarira tunggal//
jagad / kesembadan dening date / sekathahe kang angrungu / kang amaca kang nimpeni iku / iku dadi rahayuning segara / pan ginariya sesembur / lamun winacakaken ing tuya / kinariya aduse rare tuwa pan gelis laki / kinariya tambane wong edan waras//
07. //Lamun sira arep nandur pari / puwasaha sawengi sadina /
iderana galengane / wacanen kidung iku / pesthi adoh ama bilahine iki / lamun sira arep lunga perang / wacanen ing sekul / antuka tigang pulukan / mungsuhira rep sirep tan nana wani / andulu marang sira//
08. //Lamun sira ayun teguh sekti / lakonono pateng puluh dina / pati
geni wekasane / amutiha karuhun / yen wus tutugira ngelampahi / mutih patang puluh dina / iku wus jangjine yang agung / yen udan ora kodanan / datan lara katibanan pukul wesi / miwah wesining gorenda// i amiwiti ii carita iii nembang iv ywang v ywang vi macaha vii ngendika viii gelis ix berkah x pinentu xi roiroh xii ngendika xiii satuhu xiv ywang xv ywang xvi pangulu xvii kedadiyan xviii ndarbeni xix ywang xx padhukuan xxi punika xxii ywang xxiii ywang xxiv ywang xxv ywang xxvi ywang xxvii ywang xxviii tetkala xxix ywang xxx ywang xxxi ywang xxxii muwus
xxxiii ywang xxxiv ywang xxxv ywang xxxvi prapta xxxvii ywang xxxviii nama xxxix ywang xl kadya xli prapta xlii ywang xliii ywang xliv matur xlv prapta xlvi slamet xlvii ywang xlviii prapta xlix praptane l ayu li luput lii atemagan liii tan liv sakehe lv samya lvi lemah
Sesaji punika minangka sarana kangge ndedonga marang Gusti ingkang akarya jagad. Dene makna saking sesaji-sesaji inggih punika :
01. Wedang teh anyeb lan legi, wedang kopi legi lan pahit nggadhahi
makna bilih ing pagesangan punika wonten manis lan pahitipun.
02. Wedang kopi campun santen punika gadhah makna bilih dados
manungsa sampun ngantos adagang adigung adiguna.
03. Makna saking panggang ayam inggih punika pagesangan punika
sedaya sampun wonten pasanganipun.
04. Golong kalih welas maknanipun inggih punika minangka
pangabekti marang Kangjeng Nabi lan sekabatipun Abu Bakar, Usman, Umar lan Ali.
05. Bubur kalih bungkus nggadhahi makna minangka pangabekti
marang kakang kawah adi ari-ari lan sedaya kulawarga ingkang sampun ing alam kubur.
06. Kupat lepet maknanipun punika minangka sanakipun marang bapa
tani lan biang tani supados dipun paringi kawilujengan rejeki.
07. Jajanan pasar punika mananipun minangka tulak balak kaki sumyar
lan nini sumyar supados ingkang gadhah hajat saged wilujeng.
08. Pisang mas raja nggadhahi makna kangge nebihaken setan.
09. Kembang kinang maknanipun inggih punika minangka pangabekti
marang roh-roh ing alam kubur.
supados isi saking griyanipun dipun paringi adem tentem.
11. Tigan ayam kampung punika gadhah makna supados manungsa