Kagem tiang .... Njowo
Reresik jiwa lan raga ing laku pasa
Saben ngadhepi sasi Pasa, Bu Pur, sing ngemonah warung panganan ing tlatah Pabelan,
Kartasura, bakal nyumadhiyakake kulawargane kanggo ngowahi jam dodolan. Yen dina-dina
sanjabane sasi Pasa Bu Pur dodolan wiwit lebar subuh nganti ngancik Magrib, dene yen wancine
sasi Pasa, dodolane diowahi wiwit ngancik Magrib nganti kira-kira tabuh 10 wengi.
“Wus mataun-taun kedadeyan kaya mangkene iki daklakoni. Kejaba kanggo ngurmati warga sing
padha ngleksanakake ibadah pasa, aku dhewe sakulawarga uga nglakoni ibadah pasa. Jan-jane
yen dipetung saka bebathen ya eman-eman yen awan-awan ora dodolan. Amarga kasunyatane
arepa sasi Pasa, ing dalan kene iki tetep ana wae warga sing butuh mangan ing wanci awan,”
pratelane Bu Pur, sawetara dina kapungkur.
Yen wus lumebu ing sasi Pasa, racake pancen akeh warung-warung dodol panganan sing tutup
ing wanci awan. Yen ta ana sing tetep bukak, biyasane dipepaki kordhen utawa aling-aling liyane
supaya ora ngawistarani saka dalan yen ing warung kuwi cemepak panganan lan ana wong-wong
sing nembe mangan utawa ngombe. Ancase padha, kanggo ngurmati wong-wong sing nembe
nglakoni ibadah Pasa.
Miturut budayawan Jawa, Winarso Kalingga, tumrap bebrayan Jawa tekane sasi Pasa pancen
dadi dina-dina kang asipat mligi. Apamaneh pancen akeh warga bebrayan Jawa sing ngrasuk
agama Islam. Arepa Islame durung temen-temen, miturut Clifford Geertz sinebut abangan,
ananging yen wancine sasi Pasa saperangan warga bebrayan Jawa tetep ngleksanakake ibadah
pasa.
Dina-dina ing sasi Pasa dadi dina-dina kang asipat mligi amarga ya ing wektu iku akeh warga
sing gentur anggone reresik dhiri, reresik jiwa ragane kanthi laku ibadah pasa. Sasi Pasa dadi
wektu kang mirunggan kanggo meper hawa napsune. Wong-wong sing padha sulaya dielingake
supaya padha lerem, ngresiki atine dhewe-dhewe.
Akeh wong Jawa nganggep yen nglakoni ibadah pasa kanthi jiwa sing durung resik, samengkone
ibadah pasane ora bakal migunani. Amarga iku ing bebrayan Jawa lumrah tinemu tradhisi apura
ingapuran sedina sadurunge lumebu ing sasi Pasa.
Biyasane tradhisi apura ingapuran kanggo mapag tekane sasi Pasa iki dijumbuhake kalawan
tradhisi nyadran, yaiku asung sesaji lan jiyarah ing kuburane leluhur, wong tuwa lan sing
dikurmati.
Apura ingapuran
Kaya kang isih lestari ing tlatah Tumang, Cepogo, Boyolali, tradhisi apura ingapuran mapag
tekane sasi Pasa iki dikantheni tradhisi mertamu ing omahe tangga teparo. Sawise reresik
kuburan bebarengan, iki sing sinebut tradhisi nyadran, banjur dibacutake tradhisi mara dhayoh
ing omahe tangga teparo, kawiwitan saka sing dianggep luwih tuwa.
Nalika mara dhayoh iku sing duwe omah bakal nyumadhiyakake suguhan panganan kemilan lan
panganan liyane. Tradhisi mara dayoh iki dadi sarana apura ingapuran murih nalika nglakoni
ibadah pasa wus ora ana rasa pingget ing ati, ora ana krenteg gawe kapitunane liyan, pokoke
nalika nglakoni ibadah pasa wus ora ana reridhu ing batin sing nuwuhake rasa rupak.
“Adoh sadurunge agama Islam lumebu ing Tanah Jawa, yektine wong Jawa iku wus duwe
tradhisi pasa. Ana pasa mutih, pasa ing dina weton, pasa ngrowot, pasa dina Senen lan Kemis,
pasa nalika anak nembe nandhang lelara abot utawa nembe ujian ing sekolahe lan sapiturute.
Ancase ya padha karo ibadah pasa ing sasi Pasa, yaiku reresik jiwa raga. Wong Jawa duwe
keyakinan yen jiwane resik bakal luwih gampang nyedhak marang Sing Maha Kawasa,”
piterange Winarso.
Tumindake Bu Pur lan para bakul panganan liyane sing milih nutup warunge utawa bebakulane
ing wanci awan, utawa sakorane masang aling-aling ing warunge, yektine uga mujudake kupiya
reresik jiwa raga.
Lire, kanthi ora dodolan ing wanci awan, utawa masang aling-aling ing warunge, ora bakal
“nglarani” atine liyan sing nembe nglakoni pasa.
“Yen ing basa padinan, tumindak ngono kuwi katelah toleransi utawa tepa slira. Lan yen
didhudhah, werdine toleransi iku rak ya njaga supaya atine liyan ora kelaran. Supaya wong liya
bisa ngleksanakake apa kang dilakoni kanthi ayem lan temen-temen. Suwalike, kanthi toleransi
yektine uga njaga awake dhewe supaya kalis saka tumindak deksiyane wong liya,” pratelane
Winarso.
Ing madyaning bebrayan Jawa pancen wus dadi pakulinan yen sasi Pasa iku kudu nggedhekake
tepa slira. Kepara bab tepa slira iki uga sumrambah tumrap warga bebrayan Jawa sing ora pasa.
Warga sanjabane golongan Islam tansah aweh kalodhangan tumrap warga sing ngleksanakake
ibadah pasa ing sasi Pasa.
Sing gampang didulu, ing sasi Pasa akeh warga sing saben parak esuk klothekan turut dalan
gugah-gugah supaya ora kasep anggone saur. Akeh uga mesjid sing nyetel pepeling tumrap
warga sing pasa kanthi swara sing sero banget.
Tumrap warga sanjabane golongan Islam mesthine swara klothekan iku ya ngganggu anggone
turu, ananging dijarke wae amarga tepa slira mau.
karya widya
Upaya ningkatake drajat spiritual metafisik
Tembung pasa, tapa, ngurang-ngurangi mujudake laku kang mligi tumrap upaya ningkatake drajat kajiwan utawa spiritual sing wus lumrah ing madyaning bebrayan Jawa.
Pawadan iku, miturut dosen seni joged ing Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Darsono SKar MHum, nalika hamicara ing sawijining pirembugan budaya ing Dalem Purwohadiningratan, Triyagan, Sukoharjo,
sawetara dina kapungkur, ing jagad seni joged uga ana laku pasa.
Sing wus lumrah dimangerteni bebrayan Jawa yaiku laku pasa tumrap para pambeksa bedhayan sawetara dina sadurunge mbabar beksan bedhayane. Pasa minangka wewaton arep mbabar beksan bedhayan, kayadene Bedhaya Ketawang, Bedhaya Surya Sumirat, Bedhaya Dirada Metha lan liyane ora liya laku kanggo ningkatake drajat spiritual murih kalis saka sambikala nalika ngayahi kuwajiban mbeksa bedhayan sing sakral iku.
Lan ing kabeh piwulang agama lan kaprecayan yekti ana piwulang bab laku pasa iki kanthi cakrik sing beda-beda. Yen dipindeng saka spiritual metafisik, miturut andharan ing sawetara kapustakan sing ngrembug religi-ne wong Jawa, pasa iku nuwuhake perbawa sing apik banget tumrap raja lan jiwa. Pasa yen dipindeng saka jagad supranatural nuwuhake perbawa ngowahi sistem molekul raga, badan wadhag, lan eterik bakal ningkat getere saengga ndadekake raga luwih tanggap marang samubarang kedadeyan ing sakiwa tengene. Ing ukara liya, ragane manungsa ora mung kasinungan pancadriya ananging ana sing kaping nenem.
Yen sawijining wong iku kulina nglakoni pasa, geter raga lan eterik-e bakal sansaya mundhak, tundhone kabeh racun, daya negatip lan titah eterik negatip sing manjing ing raga lan jiwane bakal metu. Raga lan jiwane bakal luwar saka maneka warna daya lan perbawa negatip.
Nalika raga lan jiwane resik utawa suci, samengkone kabeh roh suci (pralambang Gusti Sing Maha Kawasa) bakal tumeka lan nyawiji. Iki bakal ndadekake jiwane tentrem, urip lan panguripane tansah kepenak lan sakebing reridhu kang diadhepi bisa diawekani kanthi gampang.
miturut tanggalan Jawa. Ancase laku pasa iki ora liya kanggo ningkatake drajat spiritual metafisik murih bisa raket sesambungan kalawan sedulur gaibe, yaiku sedulur papat lima pancer. Werdine ora liya supaya tansah bisa nyedhak marang Sing Maha Kawasa.
Lan kasunyatane miturut asil panaliten medis, laku pasa iku pancen nuwuhake perbawa positip tumrap raga. Kanthi pasa, organ pencernaan bisa ngaso, racun-racun ing sanjerone raga bisa diwetokake lan tundhone raga dadi sansaya kuwat, seger lan tansan waras. Kacihna apa wae jinise laku pasa iku, yen dilakoni kanthi temen-temen bakal nuwuhake perbawa positip tumrap raga lan jiwa.
Laku pasa sing ngoyot marang tradhisi lan kabudayan Jawa yaiku mutih (ora mangan apa-apa kejaba sega putih lan ngombe banyu bening), ngeruh (mung mangan janganan lan woh-wohan), ngebleng (ora mangan, ora ngombe, ora metu saka ngomah kejaba yen arep nggeguwang, nglereni kabeh pakaryan, ora turu, ora saresmi lan sapiturute), pati geni (kayadene ngebleng katambah ora kena metu saka kamar).
Saliyane iku uga ana pasa nglowong (ora kena mangan lan ngombe ndalem wektu tinamtu lan mung bisa turu suwene telung jam ndalem sedina sewengi), ngrowot (wektune wiwit mletheke srengenge nganti angslup lan mung antuk mangan bangsane pala kapendhem), nganyep (mung mangan panganan sing ora ana rasane utawa tawar), ngidang (mung mangan bangsane godhong-godhongan lan ngombe banyu bening), ngasrep (mung mangan lan ngombe sing ora ana rasane lan diwatesi kaping telu jroning
sedina), ngepel (mung mangan sega sekepel jroning sedina), lan isih ana tradhisi pasa liyane.
karya widya
Wong Jawa kudu tansah ngudi kawujude jalma utama
Ing buku The History of Java sing wus dijarwakake ing Basa Indonesia dening Eko Prasetyaningrum sakancane lan dibabar dening Penerbit Narasi, Yogyakarta,
Thomas Stamford Raffles, Gubernur Jenderal Hindia Belanda taun 1811-1816, ngandharake yen wong Jawa mujudake pribumi sing anteng, arang sing mbara, luwih seneng urip ing wewengkon papan klairane lan ora gampang kepancing tumindak deksiya utawa cecongkrahan.
Gegambaran sipate wong Jawa sing ditulis dening Raffles iku yekti ana jumbuhe kalawan kansunyatan bebrayan Jawa. Miturut sutresna budaya Jawa kang uga paraga Presidium Pusat Lembaga Kabudayan Jawi (PLKJ) Surakarta, Widijatno Sontodipuro, nalika wawangunem kalawan Espos ing Reksapustaka Pura Mangkunagaran, sawetara dina kapungkur, wong Jawa sing ngugemi Jawane pancen ceples kaya andharane Raffles kasebut.
“Wong Jawa iku wiwit cilik tansah digegulang supaya ora kendhat ngudi luhuring bebuden,” piterange Widijatno.
Drajat kamanungsan kang mangkono kuwi bisa digayuh kanthi laku mesu budi, meper hawa napsu kang tundhone bakal njurung kawujude manungsa sing anteng jiwane lan ragane, narima ing pandum, uwal saka rasa rupak saengga tansah ngupaya ngedohi samubarang tumindak kang bisa ngrugekake liyan, utawa sakorane ora nglarani liyan.
Miturut Widaningsih, warga Cemani, Sukoharjo, sing wiwit cilik digegulang ing kulawarga sing kenthel ngugemi budaya Jawa, kabudayan Jawa pancen nyumadhiyakake maneka laku kanggo nggayuh kawujude jalma utama. Salah sijine yaiku laku pasa. Widaningsih sing putrane kabeh wus dewasa iku ngandharake, wiwit cilik tansah digegulang dening wong tuwane supaya seneng ngurang-ngurangi. “Laku ngurang-ngurangi iki sing gampang dhewe ya kanthi pasa. Lan nganti saiki aku isih bisa nglakoni pasa Senen lan Kemis, katambah pasa ing dina weton lan masani anak-anakku yen katemben ngadhepi ujian ing kuliyahe, ujian ing pakaryane lan sapiturute. Lan aku dhewe ngrumangsani yen laku ngurang-ngurangi iku pancen gedhe banget mupangate tumrap jiwa lan rasa pangrasa,” pratelane Widaningsih. Alpha-Omega
Maneka warna laku pasa sing lumrah ing budaya Jawa, yaiku pasa mutih suwene 40 dina tumrap priya lan 27 dina tumrap wanita, pasa ngrowot, pasa ngebleng sedina sewengi, pasa ing dina weton, pasa nalika nandhang rasa rupak utawa ngadhepi reridhu ing uripe lan jinis-jinis pasa liyane kabeh ngandhut ancas murih bisa luwar saka maneka warna reridhu lan panandhang saengga bisa nggayuh urip lan panguripan kang luwih apik.
Urip sing luwih apik tumrap wong Jawa iku, miturut Widijatno, dudu urip sing sarwa kacukupan
tansah nengenake sandhang lan praja, lan ngiwakake pangan. Lire, sandhang lan praja iku pralambang sikep, tumindak lan kapribaden. Dene pangan iku pralambang hawa napsu.
Sakadoh-adohe wong Jawa saka piwulang agama, kacihna ngugemi oyot budayane, mesthi duwe rasa lan pamikiran yen kabeh sing dumadi lan ana ing alam donya iki ana Sing Peparing, ana Sing Gawe lan ana Sing Kuwasa. Amarga iku, wong Jawa mesthi tansah kalimputan ing rasa yen sangkan paraning dumadi iku punjere ya ana ing Sing Maha Kawasa. Laku pasa ing tradhisi Jawa ora liya kanggo nggayuh sangkan paraning dumadi iki.
Sikep religi-ne wong Jawa kang kaya mangkene iki jumbuh kalawan panemune Pierre Teilhard de Chardine, filosof saka Perancis, sing ngandharake yen manungsa iku eling manawa Gusti Allah iku kawitan lan pungkasaning uripe manungsa, Gusti Allah iku titik kawitan evolusi (Alpha), ananging uga titik pungkasan kasampurnan (Omega). Kanthi mangkono, kabeh laku uripe manungsa, sujarahe manungsa lan evolusi donya tumuju ing siji, yaiku titik Omega.
karya widya
Meper hawa nepsu
Kurang telung dina maneh bakal lumebu sasi Pasa. Miturut agama Islam, tibane sasi Pasa racake mesthi kudu dipapag kanthi ati seneng, awit ing sasi kuwi akeh kabecikan sing bisa digayuh.
Ing tlatah Jawa sing bebrayane wus nampa piwulang Islam, sadurunge mlebu sasi Pasa warga bebrayan padha tata-tata. Padatan ing pirang-pirang panggonan, tumekane sasi Pasa dipapag kanthi laku reresik jiwa lan raga, supaya anggone mlebu sasi mulya kuwi temen-temen uwis temata.
Ing sasi Ruwah sadurunge Pasa, wong-wong kang mbara padha nglodhangake wektu mulih ing desane. Malah akeh sing rila ora mulih desane nalika dina riyaya, nanging malah mulih sing sasi Ruwah. Ragat sepira wae ora dipetung supaya bisa tilik leluhur sing wis sumare, bekti marang uwong tuwa sing isih urip, apa dene ketemu sedulur lan kanca-kanca lawas ing tradhisi mapag sasi Pasa.
Ing wektu iku padha njaluk pangapura tumrap kabeh dosa lan luput setaun kepungkur. Ancase supaya jiwane dadi resik lan suci. Awit, manungsa urip kuwi ora bisa kalis saka dosa dan kilap, wiwit saka pikiran, pangucap, nganti tumindak kang disengaja apadene sing ora.
Upamane tumindak kilap marang wong tuwa, sedulur cedhak, tangga teparo, kanca nyambut gawe, lan liya-liyane. Tumindak sing wis kepungkur sing sarwa reged kudu enggal-enggal diguwang, kayata drengki, srei, dahwen panasten, umuk, wegahan, sesongaran, lan sapiturute. Tumindak mangkono kuwi ngregeti jiwane manungsa lan kudu diresiki kanthi njaluk pangapura marang liyan.
Wong-wong padha nekani umbul, kolam renang, lan liya-liyane kanggo ngresiki awak. Saperangan tumindak mau yektine duwe ancas padha, ngresiki jiwa lan raga. Menawa dipikir-pikir, reresik tata lair lan tata batin dibutuhake ing jaman saiki. Akeh prekara kang bisa ngrusak tatanan bebrayan amarga jiwa lan raga ora tau diresiki.
Coba ditamatna prekara sing pirang-pirang dina iki kerep mlebu ing layang kabar, kayata prekara korupsi para wakil rakyat, genti-genten nutuh nampa barang haram, lan liya-liyane.
Sri Susuhunan Paku Buwono IV ing Serat Wulangreh paring pituduh supaya kita bisa meper hawa nepsu. “Padha gulangen ing kalbu, ing sasamita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, ing kaprawiran den kaesthi, pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.”
Tegese kira-kira asahen atimu supaya lantip nyawang sasmita gaib, aja kakehan mangan lan turu supaya bisa nggayuh luhuring budi. Ana ing Serat Wulangreh uga kasebut menawa ana papat nepsu sing
diduweni menungsa, yaiku nepsu lawwamah, amarah, sufiyah lan nepsu muthmainnah.
Nepsu lawwamah iku panggonane ing weteng, yaiku nepsu ngelak, luwe lan ngantuk. Dene nepsu amarah yaiku nepsu sing kawujud nalika nesu, srei, lan drengki. Nepsu sufiyah, yaiku nepsu nuwuhake brahi, kangen, lan tresna marang lawan jinis. Nepsu muthmainnah, yaiku kabecikan sing kawujud ing katentreman batin, seneng marang kabecikan lan luhuring budi. Nepsu mangkene iki sing mesthine uga diduweni manungsa.
Hamula, manungsa urip kudu tansah nyaket marang Gusti Pangeran. Kanggo luwih nyaket, manungsa kudu tansah resik lan suci jiwane kanthi laku meper hawa nepsu
karya widya
Upaya njumbuhake budaya Jawa lan agama Islam
Petungan dina becik lan dina ala kanyatane isih diugemi dening saperangan warga bebrayan Jawa, ora mindeng apa agama kang dirasuk. Akeh wong Islam, Katholik, Protestan, Budha, Hindhu, agama liyane lan uga kang nganut kapitayan marang Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi kang isih nyinau lan nggunakake petungan Jawa.
Miturut andharane budayawan Jawa Winarso Kalinggo, sejarahwan saka Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Tunjung Wahadi Sutirto lan sawetara kapustakan bab panangggalan Jawa, tanggalan kang asipat njumbuhake kabudayan lan petungan Jawa asli kalawan agama Hindu, kaprah sinebut tahun Saka utawa tanggalan Saka, dianggo lan diugemi wong Jawa nganti taun 1633 Masehi.
Nalika Sultan Agung Hanyakrakusuma jumeneng nata ing Mataram, raja kang kenthel agama Islame iku banjur ngowahi tanggalan Jawa kanthi revolusioner. Nalika iku, miturut andharan ing buku Upacara Pengantin Jawa, anggirane Purwadi lan Enis Niken H, weton Panji Pustaka, tanggalan Saka wus lumaku nganti pungkasan taun 1554.
Angka taun Saka 1554 banjur dibacutake ing tanggalan riptane Sultan Agung kanthi angka taun 1555. Tanggalan Saka lelandhesan petungan Syamsiyah (solar system), yaiku lakune bumi ngubengi srengenge. Dene tanggalan racikane Sultan Agung lelandhesan petungan Komariyah (lunar system), yaiku lakune mbulan ngubengi bumi, kayadene petungan tanggalan Hijriyah.
”Owah-owahan tanggalan Jawa dadi tanggalan riptane Sultan Agung iku kawiwitan ing tanggal 1 Sura taun Alip 1555, mbeneri tanggal 1 Muharam taun 1043 Hijriyah, kang uga mbeneri tanggal 8 Juli taun 1633 Masehi. Dinane Jemuah Legi,” piterange Winarso.
Winarso nambahake, apa kang ditindakake Sultan Agung kanthi ngripta tanggalan kang njumbuhake petungan tanggalan Jawa lan tanggalan Hijriyah iku mujudake karya kang lelandhesan pangajab kanggo njembarake perbawane agama Islam ing tanah Jawa.
”Sultan Agung duwe pangajab ndunungake panguwasa babagan agama lan babagan politik marang panjenengane. Wusanane Sultan Agung ngupaya murih panguwasa babagan agama munjer ing panjenengane,” piterange Tunjung sawetara wektu kapungkur.
Upayane Sultan Agung ngripta tanggalan kalebu revolusioner amarga petungane beda kalawan taun Saka kang wektu iku isih dianggo lan diugemi dening warga bebrayan Jawa.
Araning sasi ing taun Hijriyah yaiku Muharam, Syafar, Rabiulawal, Rabiulakhir, Jumadilawal, Jumadilakhir, Rajab, Sya’ban, Ramadhan, Syawal, Dzulqaidah lan Dzulhijah.
Dene araning sasi ing tanggalan Jawa riptane Sultan Agung yaiku Sura, Sapar, Mulud, Bakda Mulud, Jumadilawal, Jumadilakir, Rejeb, Ruwah, Pasa, Sawal, Dulkangidah, Besar. Bedane tanggalan Hijriyah lan tanggalan Sultan Agung dumunung ing taun wastu (tegese cendhak) lan taun wantu ing petungan tanggalan Sultan Agung. Ing taun wastu sasi Besar umure 29 dina, dene ing taun wantu sasi Besar umure 30 dina
karya widya
Peradaban-e wong Jawa luwih maju
Ana beda kang cetha antarane mahargya taun anyar Masehi lan taun anyar Jawa. Yen wancine mahargya tekane taun anyar Masehi, racake warga bebrayan ing ngendi wae tansah nggelar adicara kang asipat pahargyan seneng-seneng, suka parisuka.
Nanging yen wong Jawa mahargya taun anyar Jawa, lumrahe ora kanthi nggelar adicara pahargyan seneng-seneng, suka parisuka mangkono kuwi. Wong Jawa, utamane kang isih kenthel diwernani kabudayan Jawa warisane para leluhur, mahargya tekane taun anyar kanthi laku prihatin, teteki, nenepi, olah jiwa lan olah rasa.
Ana warga bebrayan kang saben lumebu sasi Sura nggelar adicara mligi ngrumat maneka pusaka tinggalane leluhur, ana kang mligi nekani papan-papan kang dianggep sakral kanggo nenepi, ana kang nggelar laku kungkum, pasa pirang-pirang dina lan maneka laku liyane kang ancase tumuju marang olah
jiwa lan olah rasa.
Pawadan kanyatan mangkono iku, miturut sutresna budaya Jawa kang uga budayawan, Mufti Raharjo, nuduhake yen yektine peradaban-e wong Jawa iku luwih maju yen katandhingake peradaban kang sinebut jaman modhern.
”Luwih majune peradaban-e wong Jawa bisa katitik saka werdine maneka laku lan tradhisi kang kagelar saben mahargya taun anyar Jawa. Kabeh laku lan tradhisi kang kagelar duwe ancas padha yaiku olah jiwa, olah rasa, mbiji diri pribadine manungsa lan ngenam-nam apa kang wus dilakoni sadawane setaun kang wus kliwat,” piterange Mufti.
Dene bebrayan jaman modhern nalika mahargya taun anyar Masehi, racake mung wates suka parisuka, seneng-seneng, mangan-mangan, njoget-njoget, jedhar-jedhor nyumet mercon utawa kembang api lan adicara-adicara sajinis kang sipate mung wates seneng-seneng sauntara. ”Dudutane, yen wong Jawa mahargya taun anyar Jawa, werdine ana ing olah jiwa lan olah rasa, kang tundhone anjog ing pangajab bisa sansaya cedhak marang Sing Gawe Urip,” pratelane Mufti.
Kanyatan iki beda banget yen katandhingake kalawan tradhisi mahargya taun anyar Masehi. Mahargya tekane taun anyar Masehi luwih kenthel dimensi pisike lan dimensi kadonyane. Titikane, akeh adicara suka parisuka, seneng-seneng kang digelar ing papan kang sarwa gumebyar lan ngentekake ragad ora sethithik. Isine adicara ya mung wates mangan-mangan, ngombe-ngombe, njoget bebarengan, pamer sandhangan anyar lan aneh lan sajinise.
Adicara mangkene iki, miturut Mufti, sejatine ora numusi utawa ora nyambung kalawan werdine
mahargya tekane taun anyar. Kepriye bisa ngenam-nam pikir, ndhudhah pribadine dhewe, instropeksi lan nyepakake jiwa kanggo mecaki taun anyar yen ana ing satengahing adicara kang sipate seneng-seneng, suka parisuka, jor-joran lan sajinise? Dudutane, saperangan gedhe pahargyan mapag taun anyar Masehi luwih asipat pisik kang anjoge mung ana ing karep kanggo seneng-seneng.
karya widya
Tradhisi kanggo memayu hayuning bawana
Duh Gusti Pangeran kula, Sesembahan kula... Mugi wonten kepareng Paduka...
Kula nyuwun pangapura hawit saking sedaya dosa lan kalepatan kula...
Kanthi tulusing manah, kula nyuwun pinaringan kanugrahan tumuruning welas asih Paduka, Dzat Ingkang Hamurba Hamisesa Gesang...
Mugi ing warsa enggal punika:
Ingkang sami nandhang roga utawi sakit, enggalo waluyo
Ingkang sami kekirangan, mugi enggal pinaringan kawontenan ingkang cekap ...
Mugi Negari Indonesia, sumrambahipun Kitha Solo saisinipun enggal luwar saking sakathahing reridhu lan bebendu
Mangkono unine saperangan donga panyuwunan ing adicara slametan mahargya taun anyar 1 Sura Jimawal 1941 ing Kantor Dinas Pariwisata Seni dan Budaya (Disparsenbud) Kutha Solo, Rebo (9/1) kapungkur. Adicara slametan, ngumbulake donga, iku uga dipepaki pasugatan jenang Suran kang disumadiyakake dhewe dening para karyawan Disparsenbud Kutha Solo.
Adicara slametan mahargya taun anyar 1 Sura 1941 iku ditekani kabeh karyawan Disparsenbud, kalebu Kepala Disparsenbud, Handartono. Sawise rampung anggone ngumbulake donga, pasugatan jenang Suran saubarampene banjur dirahabi bebarengan nggunakake takir saka godhong gedhang minangka gantine piring.
Jenang Suran kang arupa jenang utawa bubur beras dipepaki sambel goreng tholo, perkedel kenthang, suwiran endhog pitik digoreng dadar, krupuk lan sawetara lawuhan liyane pancen mujudake salah sijine ubarampe tradhisi mahargya taun anyar Jawa kang isih dileluri dening saperangan bebrayan Jawa. Saliyane diadani ing Kantor Disparsenbud Kota Solo, tradhisi ngumbulake donga lan pasugatan jenang Suran, ing dina Rebo (9/1) kapungkur, uga diadani dening warga ing tlatah kampung Yosodipuro. Warga ing saperangan tlatah RW 03 iku pancen wus mataun-taun ngleluri tradhisi nyumadiyakake jenang Suran lan bebarengan ngumbulake donga marang Gusti Allah Kang Maha Asih saben mahargya tekane tanggal 1 Sura.
bebarengan, ana kang urun beras, urun kenthang, urun kacang tholo lan urun liyane. Sawise jenang Suran saubarampene mateng banjur didum kanggo kabeh bale somah. Anggone ngrahabi sawise ana adicara ngumbulake donga bebarengan kang mapan ing salah sijine omah warga.
Akulturasi
Raharjo, salah sijine warga, lan Kepala Disparsenbud Kutha Solo, Handartono, ngandharake, ing tradhisi nyumadiyakake jenang Suran lan ngumbulake donga bebarengan iki ana tapsiran adiluhung kang racake wus ora dimangerteni dening bebrayan jaman saiki.
Tapsiran adiluhung iku menjila saka ukara-ukara donga kang diwaca sadurunge bebarengan ngrahabi jenang Suran saubarampene. Donga kang diwaca nggunakakake Basa Jawa. Ateges ngliwati wates-wates agama. Warga kang ngrasuk agama Islam, Katholik, Kristen, Hindu, Budha, Konghucu lan kapitayan liyane bisa bebarengan ndonga amarga ukara dongane ora nggunakakake tembung-tembung kang racake winates digunakake ing agama-agama tinamtu.
”Kanthi cara mangkene iki, kabeh warga bisa bebarengan mahargya taun anyar Jawa tanpa rasa ewuh pakewuh. Ing kene ana tapsiran yen mahargya taun Jawa anyar iku kenthel werna akulturasi budaya, tapsiran vertikal transendental lan memayu hayuning bawana,” pratelane Raharjo.
karya widya
Karya agung budaya Jawa
Cikal bakal keris tinemu ana ing relief Candhi Borobudur. Ana ing langkan candhi tinemu pepethan rupa keris disengkelit ana sabuke prajurit.
Wujude kaya wilah sing ana ing ganja keris. Wewaton pepethan rupa keris iku, bisa dipesthekake menawa dumadine keris wus ewonan taun kapungkur.Wektu sing kalebu suwe wiwit jaman Budha lan Hindhu nganti tekan jaman iki.
Mula ora aneh menawa keris duweni prabawa lan daya pangaribawa sing ngedab-edabi. Keris wis narik kawigaten sapa wae sing kepengin sinau lan nyinau keris. Dumadine keris ora bisa dipisahake karo paraga sing sinebut empu. Akeh banget empu sing ndedonga, maladi hening, tirakat, tarak brata, kanggo lambaran anggone gawe keris. Owahing wektu kawiwitan saka jaman kawuri lumaku ana pecakan jaman sing trus gilir gumanti, para empu wus kasil mujudake karya agung sing ngedab-edabi. Puluhan ricikan inukir ana keris sing wujude alus, endah, ngrumit, mrabu, lan mrebawani.
Kridhane para empu anggone mujudake keris ora bisa dipisahake karo gelaring alam. Babagan tetuwuhan lan gegodhongan dadi inspirasi kanggo njenengi keris, dhapur, lan pamor. Mula banjur ana jeneng sing ngrenggani pamor, yakuwi sekar, kembang, soka, mayang, mlathi, ron kendhuru, blarak, lan liya-liyane. Jeneng sato kewan sing duweni daya kekuatan uga ndayani, umpamane: naga, gajah, gana, singa, mahesa, kebo, kidang, jalak, bango, banyak, lan liya-liyane.
Ana maneh sing njenengi nganggo tembung: jagad, lintang, banyu, sumur, segara, teja, watu, damar, brama, kala, pendhawa, satriya, panji, puthut lan liya-liyane. Kabeh mau dadi titikan manawa para empu sing lagi ‘murba-masesa’ keris pancen caket lan raket karo lingkungan alam lan isine. Nalisik saka sujarah keris, akeh banget bukti menawa akehing bab ana ing keris dadi obyek studi sing jembar lan komplit. Mula ora aneh manawa banjur ngrembaka anane bebadan, paguyuban, paheman, lan pandhemen sing nggilut lan nguri-uri keris.
Ayahan sing kepengin nyinau lan ngerteni bab keris nganti bebles akeh tinemu. Mulane banjur ana tata gelaring pangawikan sing sinebut kerisologi. Sawijining ilmu utawa ngelmu sing mersudi lan jingglengi keris nganti jero. Sing dipindeng lan dipandeng ora mung babagan karagan (eksoteri) nanging uga perangan njero (isoteri), lan filosofine. Tebane pasinaon ngenani keris sangsaya jembar, ana sing mlembar lan uwal saka ranah ilmiyah. Babagan sing ora tinemu nalar (irasional) uga nemahi bebrayan mligine ana tlatah padesan. Keris banjur diprecaya nduweni pangaribawa sing bisa njangkung sapa wae sing kadunungan keris. Karana iku keris banjur diurmati, dijamasi, diaji-aji, lan kadhangkala dipahargya ana ing upacara sing agung utawa mirunggan.
Kajaba saka iku akehing keris ana sing dipapanake ana gedhong pusaka (njero Karaton), ana ing
museum-museum, lan papan-papan mirunggan liyane. Umur, wujud, ukiran, kaendahaning keris pranyata wus narik kawigaten bebadan UNESCO-PBB. Karana iku wiwit sasi November 2005 keris wus kasil dikukuhaken minangka warisan budaya donya (a masterpice of intangible heritage).
keris sing cacahe, rupane, kaendahane, prebawane, guna katiyasane pranyata banjur dadi luhur lan kasuwur ana ing donya. ::Ki Sutadi, Pangarsa Pepadi Jawa Tengah::
karya widya
UUD 1945 njurung lestarine budaya
Pasal 28I (bab hak asasi manusia) UUD 1945 asil amandemen utawa owah-owahan kaping papat nandhesake yen jati dhiri budaya lan hak bebrayan tradhisional diurmati laras
kalawan owah-owahane jaman lan peradaban.
Unine pasal iku, identitas budaya dan hak masyarakat tradisional dihormati selaras dengan
perkembangan jaman dan peradaban. Ing Pasal 32 ditandhesake yen nagara kudu ngrembakakake kabudayan nasional Indonesia ing satengahing peradaban donya kanthi aweh jaminan tumrap bebrayan supaya bisa bebas nguri-uri lan ngrembakakake piwulang kabudayane.
Unine Pasal 32 iki, negara memajukan kebudayaan nasional Indonesia di tengah peradaban dunia dengan menjamin kebebasan masyarakat dalam memelihara dan mengembangkan nilai-nilai budayanya. Saka pratelan rong pasal ing UUD 1945 asil owah-owahan kaping papat iku ana dudutan yektine hake warga kanggo ngugemi kabudayan asline pancen antuk jaminan saka nagara. Malah, kepara nagara dhewe kudu duwe program kerja kang ancase kanggo ngleluri lan ngrembakakake kabeh kabudayan dhaerah minangka sumber lan identitas kabudayan nasional.
Ing pasal-pasal iku uga cetha ditandhesake yen upaya ngleluri kabudayan, mligine kang katelah kabudayan tradhisional, kudu jumbuh utawa dilarasake kalawan owah-owahaning jaman.
Lelandhesan pratelan ing rong pasal UUD 1945 iku, wus samesthine yen tuwuh lan ngrembakane krenteg lan upaya kanggo ngleluri, ngrembakakake lan ndayakake sakehing kesenian tradhisional lan tapsiran-tapsiran asumber kabudayan dhaerah lan kabudayan tradhisional kudu antuk kalodhangan kang mirunggan.
Kayadene upaya kang sawetara wektu kapungkur dilakoni para sutresna seni tradhisi Komunitas Seni Sendhang Gotan ing Dukuh Karanggotan RT 43/RWXV, Desa Mranggen, Kecamatan Jatinom, Klaten. Ing pungkasan sasi November 2008 kapungkur, Komunitas Seni Sendhang Gotan nggelar adicara Gelar Seni Budaya Kampung.
Adicara kang kagelar sedina sawengi iku mbabar maneka seni tradhisi kang urip ing tlatah Karanggotan lan sakupenge. Kanggo ngregengake ana sawetara seniman saka Kutha Solo kang diundang melu ngramekake adicara iku. Ananging punjering karamen tetep pasugatan seni tradhisi kang asli saka tlatah Karanggotan lan sakupenge.
Miturut Sugeng Widodo, pangarsa Komunitas Seni Sendhang Gotan, adicara kagelar kanthi pangajab bisa ndudut gumregute warga Karanggotan lan sakupenge kanggo nresnani seni tradhisi.
karya widya
Budaya desa wis akeh kang rusak
Pangarsa Paguyuban Tri Tunggal Yogyakarta, Rama Sapto, mratelakake yektine ibuning nagara iku ora liya ya desa. Werdine, desa iku dadi perangan baku saka jejege negara. Lan kanyatane ya ing desa iku papan ngemonah sakehing sumber daya alam kang bisa diolah dadi sumber pangan.
Emane, wiwit mataun-taun kapungkur pranatan paprentahan ora mehak marang upaya ngleluri urip lan panguripan sarta kabudayan bebrayan desa. Kabeh kawicaksanane pamarentah kang sinebut
pemberdayaan desa, penguatan desa lan pembaharuan desa wusanane mung nuwuhake rusake kabudayan asli desa.
Filosofi desa mawa cara negara mawa tata ora ditrepake nalika pamarentah netepake pranatan lan kawicaksanan kanggo mbangun desa. Kapitalisasi ekonomi kang ditrepake pamarentahan penjajah, revolusi hijau lan upaya nguwati paprentahan desa kang dicakake paprentahan orde baru (Orba), sarta demokratisasi desa sadawane jaman reformasi iki mung ngasilake sansaya kuwate elite ekonomi lan elite politik ing desa.
Apamaneh nalika pamarentah ngetrapake pranatan kang asipat nyragamake utawa madhakake kabeh bebadan paprentahan desa, kang dumadi sabanjure ora liya ya mung sansaya menjilane kekuwatan elit politik lan elit ekonomi desa.
Dene bebrayan desa kang kudune urip, ngrembaka lan maju lelandhesan tata cara asumber kabudayane dhewe ora direwes. Malah akeh kawicaksanan lokal kang wus kabukten bisa ngleluri alaming desa, ngleluri sakehing sumber daya alam ing desa, suwe-suwe dadi cures, kalah dening program pemberdayaan desa, penguatan desa, pembaharuan desa, revolusi hijau lan kawicaksanan liyane. Bambang Hudayana, dhosen ing Jurusan Antropologi Fakultas Ilmu Budaya UGM Yogyakarta, ing tulisane asesirah Keluar dari Involusi Agenda Pembaharuan Desa, kang kaemot ing jurnal Mudik, weton Forum Pengembangan Pembaharuan Desa (FPPD), mratelakake, yen mindeng saka sujarah ekonomi lan politik desa, yektine kawicaksanan pembaharuan desa kang ancase mujudake otonomi, demokrasi lan partisipasi cetha yen durung murakabi kanggo ngrampungi perkara kang tuwuh saka kanyatan uriping desa jaman saiki
karya widya
Tata cara dikiwakake, dredah bakal mratah
Wolak-waliking jaman lan dayane globalisasi, modernisasi sarta sansaya majune teknologi informasi lan komunikasi sansaya ndhesek maneka rupa kearifan utawa kawicaksanan lokal kang dadi landhesane filosofi desa mawa cara negara mawa tata.
Miturut dosen Filsafat Ilmu ing Program Pascasarjana Universitas Sebelas Maret (UNS), Dr Oesman Arif, nalika wawangunem kalawan Espos sawetara dina kapungkur, kacihna unen-unen desa mawa cara negara mawa tata iku sejatine mujudake pepesthen urip, ananging kanyatane malah dikiwakake. Sing mratah sabanjure malah sikep meksakake panemu utawa kekarepan marang liyan utawa klompok liyan supaya manut marang tata cara kang diugemi dhewe. Sing dumadi sabanjure malah cecongkrahan, dredah lan rusake bebrayan.
Oesman njupuk tuladha nalika jayane orde baru (Orba) kang dipimpin presidhen sawargi Soeharto, akeh kawicaksanan kang ancase kanggo nata negara, nata urip lan panguripane rakyat, nanging asile ora salaras kalawan ancase.
”Soeharto iku kondhang minangka presidhen Indonesia kang uripe kenthel diwernani kabudayan Jawa. Malah panjenengane uga kerep lelandhesan kawicaksanan lan kabudayan Jawa nalika bakal netepake sawijining kawicaksanan ing paprentahan. Emane cara ndunungake lan ngetrapake filosofi-filosofi kang dijupuk saka kaskayane kabudayan Jawa ora trep kalawan apa kang samesthine,” piterange Oesman. Malah kang mratah sabanjure, dudu ngurmati filosofi desa mawa cara negara mawa tata, ananging malah ngathik lan ngetrapake tata cara dhewe kang ora lelandhesan kabudayan kang wus dadi jati dhiri. Kang dumadi sabanjure, akeh wong kaningaya, akeh kaskayane alam kang dibroki dening kekuwatan saka nagara manca. Lan wusanane bangsa Indonesia kelangan ”kamardikane” amarga gumantung marang pambiyantu awujud utangan saka nagara manca kang luwih kuwat sakabehe.
Nalika Orba ambruk lan digenteni paprentahan orde reformasi, miturut Oesman, gegebengan desa mawa cara negara mawa tata isih dikiwakake. Kabudayan saka nagara manca sansaya gemruduk lumebu lan dadi werna kang menjila dhewe. Dene kabudayan lokal kang sejatine mujudake jati dhiri, malah
dikiwakake. Cara anyar
Nalika para wakil rakyat ing DPR lan MPR nyarujuki amandemen utawa owah-owahan UUD 1945, lan kasil kababar kaping papat, sejatine dadi pawadan laire tata cara anyar ing uriping bebrayan bangsa Indonesia.
”Sing dadi pitakonan, owah-owahan UUD 1945 kang saiki wus nganti kaping papat iku salaras kalawan filosofi desa mawa cara negara mawa tata apa ora? Yen ora, samengkone ya bakal nuwuhake dredah anyar maneh. Dene yen wus salaras, tegese mung kari njurung uripe bebrayan bangsa iki supaya bali menyang tata cara asumber kabudayane dhewe,” pratelane Oesman.
Werdine unen-unen desa mawa cara negara mawa tata bakal murakabi tumrap upaya mbangun uriping bebrayan kang tumuju marang mamayu hayuning bawana. Sarate, kabeh tata cara kudu dibalekake
marang kearifan lokal, kudu dibalekake marang kaskayane kabudayan.
Kabagyane wong Jawa kang isih ngugemi kabudayane cetha yen beda banget kalawan kabagyane wong-wong ing Amerika. Saengga yen kabagyan iku mung diukur saka pemerataan ekonomi, samengkone malah bakal nuwuhake karusakan ing bebrayan.
”Pawadan iku, filosofi desa mawa cara negara mawa tata sejatine kudu lelandhesan kabudayan lokal. Nalika pamarentah netepake lan ngetrapake sawijining kawicaksanan kudu jumbuh kalawan kanyatan kang dumadi lan urip. Kayadene warga Papua kang wus kaprah mangan sagu ya kudune aja dipeksa ninggalake sagu lan kudu mangan sega saka beras,” piterange Oesman.
Kanggo njejegake maneh filosofi desa mawa cara negara mawa tata, Oesman mrayogakake supaya para intelektual ing kabeh tlatah bisa bali ndhudhah maneka rupa kawicaksanan lokal.
karya widya
Desa mawa cara, negara mawa tata
Unen-unen Jawa, desa mawa cara negara mawa tata, ateges sawenehing papan, bisa desa, kutha apadene negara, iku nduweni tata cara dhewe-dhewe. Tata cara iku kang ngatur urip lan panguripane warga kang dumunung ing tlatah kono.
Lan yen ana wong saka njaba kang mertamu, lumebu utawa manggon ing papan iku mau, kudu bisa manjing ajur-ajer kalawan tata cara kang diugemi. Yen tata cara ing papan anyar iku padha kalawan tata cara ing papan asale, wong mau bakal kepenak anggone srawung karo warga kono.
Dene yen tata cara ing papan anyar mau kanyatane beda kalawan tata cara kang diugemi ing papan sadurunge, mesthi wae wong mau kudu sinau lan nglakoni samubarang tata cara ing papan anyar iku. Yen dheweke ora gelem bakal dicap murang tata lan wusanane ora bisa ajur-ajer kalawan bebrayan ing papan iku mau.
Miturut budayawan Jawa, Winarso Kalinggo, nalika wawangunem kalawan Espos, sawetara dina kapungkur, ing daleme, tlatah Cemani, Sukoharjo, unen-unen iku sejatine wus menjila dadi cekelane bebrayan. Ora mung bebrayan Jawa, ananging uga bebrayan ing tlatah liyane, kacihna ukarane beda ananging werdine padha.
”Yen ing tlatah Melayu ana unen-unen di mana bumi dipijak di situ langit dijunjung. Unen-unen iki ngemu teges ana ngendi wae sawijining wong iku dumunung, dheweke kudu ngurmati tata cara kang wus kaprah, lumaku lan dadi cekelane bebrayan ing papan iku,” piterange Winarso.
Yen ngrembug unen-unen iki kanthi luwih jero, miturut Winarso, kanthi wantah pancen jumbuh kalawan kanyatan kang dumadi. Wiwit jaman kuna makuna nganti jaman saiki, racake saben desa, saben kutha lan sumrambahe saben negara, mesthi duwe tata cara dhewe-dhewe kanggo ngatur samubarang ing uripe bebrayan kang dumunung ing papan-papan iku.
Ing jaman krajan, prasasat saben desa duwe ciri dhewe-dhewe, duwe paprentahan dhewe, saengga antarane desa siji lan sijine kang sejatine cedhak lan mung winates dalan utawa iline kali wus duwe tata cara dhewe kang beda banget antarane siji lan sijine.
Kanyatan iki, miturut paraga Presidium Pusat Lembaga Kabudayan Jawi (PLKJ) Surakarta, KRHT Widijatmo Sontodipuro, jumbuh kalawan sesanti Bhinneka Tunggal Ika kang dadi jati dhirine bangsa Indonesia. Nalika wawangunem kalawan Espos ing Pura Mangkunagaran, sawetara dina kapungkur, kahanan kang Bhinneka Tunggal Ika iku mesthi wae uga kahanan kang desa mawa cara negara mawa tata.
Lire, kayadene bebrayan Jawa wae ana Jawa Surakarta, Yogyakarta, Surabaya, Banyumas, Tegal lan liyane. Kabeh bebrayan Jawa adhedhasar tlatah papan dununge iku duwe tradhisi dhewe-dhewe, duwe kesenian dhewe-dhewe, saengga mesthi wae uga duwe tata cara dhewe-dhewe kanggo ngatur
bebrayan. Ananging tetep manunggal minangka bebrayan Jawa. Tetep nyawiji
Empu Tantular ing kitab riptane, Sutasoma, kanthi pratitis madhahi kanyatan desa mawa cara negara mawa tata ing sesanti Bhinneka Tunggal Ika, sanadyan beda-beda ananging tetep siji, yaiku Nuswantara. Yen saiki ateges, sanadyan beda-beda ananging tetep nyawiji minangka bangsa Indonesia.
Miturut budayawan kang uga dosen ing Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Waridi, kahanan kang kawujud saka sesanti Bhinneka Tunggal Ika ora kena ditegesi kabeh kang beda-beda kudu dadi siji, seragam, lan
ngilangi bedane, ananging malah kudu ditegesi tetep beda-beda, ora prelu didadekake seragam, angger bisa urmat kinurmatan antarane siji lan sijine.
Saka padha-padha njunjung rasa urmat ing antarane samubarang kang sarwa beda iku, temahane bakal nuwuhake semangat nyawiji minangka sedulur tunggal ibu pertiwi lan bapa akasa. Dadi Bhinneka Tunggal Ika iku jebles kalawan unen-unen desa mawa cara negara mawa tata. Beda panggonan mesthi beda tata carane, ananging tetep dadi sedulur tunggal ibu pertiwi bapa akasa.
Lan yen ngonceki unen-unen desa mawa cara negara mawa tata, saka tembung desa lan negara iku wae wus cetha wela-wela kanyatan kang beda. Desa iku luwih kenthel dening werna semangat nyambut gawe, budaya agraris, dene negara kang ing tetembungan Jawa bisa ditegesi kutha, luwih kenthel dening werna semangat intelektual.
Ananging antarane budaya lan semangat nyambut gawe kalawan budaya lan semangat intelektual iku, miturut Winarso, padha-padha butuhe. Para intelektual ora bisa urip yen ora ana warga desa kang sregep nyambut gawe, olah tetanen. Suwalike, wong-wong desa uga ora bakal bisa maju nut kelakone jaman yen ora ana urun rembuge para intelektual kang padha dumunung lan mbangun kridha ing kutha-kutha. ”Kanthi mangkono, unen-unen desa mawa cara negara mawa tata iku sejatine gegambaran uriping bebrayan. Ora mung bebrayan Jawa, ananging uga bebrayan kang tebane luwih amba. Dudutane, nganti kapan wae unen-unen iki kudune tetep diugemi, amarga pancen mujudake pepesthen,” pratelane
Winarso
karya widya
Ajining raga dumunung ing busana
Busana pancen dadi salah sijine ciri mligi utawa identitas tumrap wong Jawa. Miturut budayawan Jawa, KRMHT Djoko Pandjihamidjoyo, busana Jawa yektine ngandhut tuntutan mungguhing urip. Wong Jawa kang sejati iku yen wus wasis micara Basa Jawa, wasis nyandhang Jawa lan wasis maca lan nulis aksara Jawa.
Kasunyatane, jaman saiki luwih akeh wong Jawa kang wus kelangan katelune. Kamangka kayadene cak-cakan busana, lamun trep kalawan prabatan bakal jumbuh kalawan filosfi ajining raga dumunung ing busana. Ngrembug bab tata busana Jawa, miturut Ki Djoko, ora bisa uwal saka budaya Jawa. Amarga busana Jawa pancen kalebu pange budaya Jawa kang asumber saka Karaton Surakarta Hadiningrat, yaiku busana Jawa kang nganti saiki adhakan padha kawuningan ing bebrayan umum.
Tata busana Jawa ing pahargyan temanten kang kaprah ing bebrayan, tata busana Jawa ing maneka adicara formal utawa informal ing paprentahan lan uga ing bebrayan umum lan uga busana Jawa kang kaprah dianggo ing padinan sumbere ora liya tata busana minangka pange kabudayan Jawa kang asumber saka Karaton Kasunanan Surakarta.
Adhedhasar andharan ing buku Kawruh Sapala Tata Busana Jawi I, anggitane S Yusdiyanto, weton Sanggar Pasinaon Pambiwara Karaton Surakarta, taun 2004, busana Jawa gagrak Surakarta, kayadene kang lestari ing Karaton, lan mratah ing masarakat, prabotane pancen akeh. Mula saka iku, sok sapaa kang arep manganggo busana Jawa saorane kudu nyumurupi wujud utawa mangerteni parabote busana lan tata cara manganggone.
Miturut Sugiyatna, nimpuna pangracik busana Jawa, filosofi busana Jawa iku jero banget. Busana Jawa kang baku iku kedadeyan saka iket blangkon, beskap lan cenela utawa selop.
”Iket blangkon iku ukurane utawa pralambang pikir, beskap iku ukurane rasa pangrasa lan cenela iku ukurane utawa pralambang tumindak. Wong manganggo busana Jawa sapangadeg, yaiku iket blangkon, beskap lan cenela, yektine dadi pralambang yen manungsa iku kudu nyalarasake antarane pikir, rasa pangrasa lan laku utawa tumindak. Yen katelune wus salaras, uripe mesthi slamet, slamet ing donya lan akerat, lan uga tansah antuk karahayon, kamulyan lan karaharjan.”
Lelandhesan filosofi mangkene iki, yektine manganggo busana Jawa pancen kudu netepi trep-trepane, supaya nges lan dhemes.
Ngetrepake tata busana Jawa
Karepe pamarentah Kutha Solo mono sedya ngleluri budaya Jawa kanthi sarana mbudayakake maneh sandhangan Jawa ing sawijining adicara upacara formal pamarentahan.
Nanging amarga kang melu upacara saperangan gedhe durung pana bab tata busana Jawa, wusana nuwuhake panyaruwe saka pirang-pirang warga amarga akeh kang kleru anggone manganggo busana Jawa.
Kacihna, krentege pamarentah Kutha Solo kang sedya nuwuhake maneh werna budaya Jawa ing tlatah Kutha Solo, mligine bab manganggo sandhangan Jawa, mujudake krenteg kang apik, kudu dijurung. Miturut nimpuna bab sandhangan Jawa kang uga sutresna budaya Jawa, Sugiyatna, nalika wawangunem kalawan Espos ing kiyos Busana Kejawen Surakarta ing sisih wetan Alun-Alun Lor Karaton Surakarta, sawetara dina kapungkur, yen isih ana klera-klerune bab manganggo busana Jawa, ya kudu dibenerake. ”Pancen akehe panyaruwe amarga ana kang kleru anggone nyandhang Jawa nalika upacara pengetan madege Kutha Solo sawetara dina kapungkur. Nanging aja ndadekake nglokro tumrap kabeh pehak kang duwe krenteg bakal nenangi, ngleluri lan nguripake maneh budaya Jawa, mligine sandhangan Jawa, ing Kutha Solo. Klera-kleru kang dumadi bab kang lumrah, amarga saperangan gedhe warga bebrayan wus suwe ora manganggo sandhangan Jawa,” pratelane Sugiyatna.
Dene miturut salah sawijining warga, Bambang Harjanto, kanyatan yen jaman saiki luwih akeh warga kang ora mangerteni bab tata busana Jawa pancen dadi pepesthene jaman. Lire, majuning jaman, owah-owahaning jaman pancen nuwuhake maneka warna budaya anyar kang sarwa narik kawigaten, kalebu bab budaya nyenyandhang.
Apamaneh, jarene Bambang kang dumunung ing tlatah Kelurahan Kadipiro, Solo, cakrik-cakrik
sandhangan asile budaya modheren racake sarwa praktis lan kepenak dianggo. Dene sandhangan Jawa pancen kudu nggunakake undha usuk kang asipat baku. Perangan sandhangan siji lan sijine ana aturane dhewe-dhewe nalika arep dianggo. Lan cara manganggone uga ana trep-trepane, ora bisa sakepenake dhewe.
Sugiyatna nambahake, krenteg kanggo mbudayakake maneh sandhangan Jawa lan isih akehe klera-kleru bab cara manganggone, kudu ditegesi minangka upaya kanggo mujudake mitos dadi etos. Sing dikarepake mitos yaiku bab tata busana Jawa kang kasunyatane pancen sansaya dikiwakake ing
bebrayan umum. Dene sing dikarepake etos yaiku upaya murih warga gelem tetepungan maneh kalawan tata busana Jawa lan mratahake maneh bab tata busana Jawa ing bebrayan.
”Ngowahi mitos dadi etos utawa laku iku pancen ora gampang. Nalika puluhan taun warga ora tau tetepungan kalawan tata busana Jawa, nalika kudu nganggo ya mesthi bakal akeh klera-klerune. Nanging yen pangarsane bebrayan agung, mligine para budayawan lan sutresna budaya Jawa panggah kapriadreng lan ora mingkuh saka upaya nenangi kabudayane dhewe, samengkone tata busana Jawa bakal dadi pangerten kang kaprah maneh ing bebrayan,” piterange Sugiyatna.
Lelandhesan budaya
Kacihna ing wektu-wektu pungkasan iki ing maneka warna adicara formal utawa informal lan maneka rupa pahargyan kaprah tinemu wong kang kleru anggone nyandhang Jawa, ananging yen krenteg kanggo ngupaya murih mitos bisa menjila dadi etos lumaku tanpa kendhat, ora nganti rong taun maneh, bab tata busana Jawa wus bakal menjila dadi pangerten kang kaprah ing bebrayan umum ing Kutha Solo.
Apa kang kelakon ing adicara upacara pengetan madege Kutha Solo sawetara dina kapungkur, miturut Sugiyatna, kudu ditegesi minangka sarana ndhidhik bebrayan bab tata busana Jawa. Kanthi kedadeyan sawetara dina kapungkur iku, apamaneh dijurung dening warta ing ariwarti, bebrayan bakal bisa
ndunungake kepriye cara manganggo sandhangan Jawa kang trep lan bener lan kepriye cara manganggo kang geseh kalawan trep-trepane.
Bab klera-kleru ing trep-trepane manganggo busana Jawa iku ora mung dumadi ing bebrayan umum. Ing sanjerone Karaton Kasunanan Surakarta wae Espos tau mrangguli ana abdidalem tataran adipati sepuh kang nyengeni sawetara abdi dalem lurah kang kleru anggone manganggo sandhangan pisowanan. Kedadeyan iku dumadi sawetara wektu kapungkur ing adicara pisowanan agung pengetan jumenengan Sampeyan Dalem Sinuhun Pakubuwana XIII Hangabehi.
Kamangka, kaprahe jejer abdi dalem karaton iku mesthine wus antuk piwulang bab tata busana Jawa sadurunge winisudha minangka abdi dalem karaton. Apameh yen ing bebrayan umum, mesthi luwih akeh
maneh warga kang ora pana bab tata busana Jawa.
karya widya
Ngenani budaya Jawa, wong Jawa dhewe, miturut
Koentjaraningrat, lumantar bukune asesirah Kebudayaan Jawa, weton Balai Pustaka, 1984, yektine mindeng yen kabudayane ora sarwa padha, ora sragam, ora homogen.
Wong Jawa wus mangerteni yektine ana maneka warna kabudayan kang asipat regional, sadawane tlatah Jawa Tengah, Jawa Timur lan Yogyakarta, kang kondhang minangka punjere kabudayan Jawa. Kabudayan Jawa kang tuwuh lan ngrembaka ing tlatah Solo lan Yogyakarta asumber kabudayan karaton, kabudayan Jawa kang tuwuh lan ngrembaka ing tlatah Banyumasan lan Bagelen duwe ciri mligi,
kabudayan Jawa ing tlatah pasisiran (Indramayu-Cirebon) beda kalawan kabudayan Jawa ing tlatah liyane.
Mangkono uga kabudayan Jawa kang tuwuh lan ngrembaka ing tlatah Surabaya lan pasisiran Jawa Timur kenthel diwernani agama Islam. Mesthi wae kabudayan Jawa ing Surabaya lan pasisir Jawa Timur kang wus diwernani agama Islam iku beda kalawan kabudayan Jawa ing tlatah liyane.
Ananging ing tlatah Jawa Timur ana kabudayan Jawa kang oyote padha kalawan kabudayan Jawa ing negari gung (Solo lan Yogyakarta) yaiku ing tlatah Madiun, Kediri lan delta Kali Brantas. Tlatah Madiun, Kediri lan delta Kali Brantas iki kaprah sinebut tlatah mancanagari.
Dene tlatah sawetane Malang lan Kali Brantas mujudake tlatah papan tuwuh lan ngrembakane
kabudayan Jawa kang wus diwernani kabudayan Madura. Wong Jawa Timur, nyebut wong-wong Jawa kang dumunung ing pesisir kidul Jawa Timur minangka ”tiyang kilenan”.
Lan ana maneh tlatah ing Jawa Timur kang duwe ciri kabudayan mligi, yaiku wong-wong Jawa kang dumunung ing tlatah Tengger. Wong-wong kang dumunung ing sakupenge Kutha Banyuwangi, kaprah sinebut ”tiyang osing” uga duwe ciri kabudayan dhewe. Kanthi mangkono, kabudayan Jawa pancen asipat maneka rupa, werna werna, ora homogen.
Kanyatan mangkene iki, miturut I Nengah Mulyana, warga Bali kang wus sawetara taun dumunung ing Kutha Solo, nuwuhake kanyatan pancen angel yen kudu nemtokake pathokan saengga sawijining wong iku bisa sinebut Jawa sejati lan Jawa kang ora sejati.
”Yen ana sesebutan Jawa sejati lan Jawa kang ora sejati, kudune ana pathokan kang asipat baku. Kanyatane, nemtokake pathokan tumrap Jawa sejati lan Jawa kang ora sejati iku kaya-kaya dadi mokal yen mindeng kanyatan kabudayan Jawa iku maneka warna. Lan nganti saiki aku dhewe durung bisa nemtokake ukuran kanggoku dhewe nalika arep mbiji sawijining wong Jawa iku kalebu Jawa sejati utawa Jawa kang ora sejati,” pratelane Mulyana
karya widya
Jawa nut jaman kelakone
Ngenani sebutan Jawa pancen kerep dadi pradondi, akeh wong tuwa kang nyebut cah enom saiki ora Jawa, dene sing enom uga gemang yen diarani ora Jawa awit dheweke lair lan gedhe ing tanah Jawa.
Ngenani bab iku, Guru Besar Ilmu Sejarah Universitas Gadjah Mada Yogyakarta, Prof Dr Bambang Purwanto, nelakake, Jawa iku yektine ora liya ya kabudayan. Kanthi mangkono, sapa wae lan apa wae bisa ndhaku, didhaku utawa ngidentifikasi dhirine minangka Jawa, nanging yektine ya mung wates legalitas utawa formalitas.
Lan sing diarani kabudayan, mesthi wae ora asipat gumathok lan tansah owah. Kabudayan ngalami owah-owahan jumbuh lakuning jaman. Kabudayan tansah urip lan ngrembaka nut lakuning jaman. ”Saka kahanan lan kanyatan mangkono kuwi, Jawa utawa kabudayan Jawa kang tuwuh, urip lan ngrembaka ndalem 300 taun kepungkur mesthine bakal beda kalawan Jawa kang tuwuh, urip lan
ngrembaka ing wektu iki. Dudutane, Jawa jaman saiki ya ora kudu padha karo Jawa 300 taun kapungkur, 400 taun kapungkur utawa kang luwih tuwa maneh,” piterange Bambang ana sawijining adicara ing ISI Solo sawetara dina kapungkur.
Pawadan kanyatan yen kabudayan iku tansah nut lakuning jaman, miturut Bambang, wus samesthine ing jagating kabudayan Jawa, jumbuh kalawan laku lan owah-owahan jaman, tansah ana owah-owahan uga. Lire, kudu ana asil-asil kabudayan anyar sajroning kabudayan Jawa nut lakuning jaman lan
owah-owahaning jaman.
Generasi mudha Jawa jaman saiki ora kudu niru generasi mu-dha jaman 300 taun kapungkur. Lan asil-asil kabudayan Jawa jaman 300 taun kapungkur ora kudu kabeh ditiru ing kabudayan Jawa jaman saiki. Sing mesthi bakal lestari mung wates oyoting kabudayan, kang ora liya landhesan filosofi kang bisa madhahi sakabehing sanggit anyar kabudayan nut owah-owahane jaman.
Kanthi tansah lumintu tuwuhing kabudayan anyar sajroning kabudayan Jawa, tambahe Bambang, yektine saben generasi kang lair saka kabudayan Jawa bisa duwe identitas dhewe kang nuduhake Jawane. Bisa wae, ana wong mbiji sawijining wong dudu Jawa sejati, nanging yektine wong iku sejatine ya wong Jawa, amarga uripe kalimputan kabudayan Jawa.
Kanthi mangkono, miturut Bambang, nalika hamicara ing diskusi ngrembug Jawa sejati ing gedhong Teater Besar ISI Solo, sawetara dina kapungkur, nalika ngrembug bab Jawa sejati utawa sejatine Jawa sing baku ora liya ya karya budayane.
”Sing sinebut Jawa, ya kabudayan Jawa, miturutku tansah winengku ing lakuning jaman kang tansah njurung marang dumadine owah-owahan kabudayan kang asipat sansaya gawe gregete kabudayan iku dhewe. Ganti gumantine generasi kang winengku kabudayan Jawa, mesthine bakal nambah dinamis-e Jawa. Lan samengkone, bab Jawa sejati lan sejatine Jawa bakal bisa dimangerteni kanthi temen-temen, ora prelu dadi pradondi,” piterange Bambang.
Guru Besar ISI Solo, Prof Dr Rustopo, kang wus kasil mbabar buku karyane asesirah Jawa Sejati, Otobiografi Go Tik Swan Hardjonagoro, ing kalodhangan iku, ngandharake, yen ngrembug kepriye lan sapa wong Jawa sejati iku, pancen ora ana pathokane. Mangkono uga yen ngrembug, kepriye lan kaya ngapa kang sinebut sejatine Jawa iku, uga ora ana pathokane.
Rustopo sarujuk karo andharane Bambang, yen yektine Jawa iku mujudake kabudayan. Lan minangka kabudayan, sipate dinamis, tansah bakal tuwuh owah-owahan nut lakuning jaman. Lan saben generasi kang lair mesthi bakal duwe werna budaya dhewe, kacihna tetep ora uwal saka oyot kabudayane. ”Yen ngrembug bab Jawa sejati, miturutku luwih penting mbangun kalodhangan murih generasi Jawa jaman saiki lan jaman kang bakal teka bisa ngasilake karya-karya budaya kang luwih akeh maneh, kayadene karya budaya kang diasilake para pujangga-pujangga jaman sadurunge,” pratelane Rustopo
karya widya
Negesi Jawa sejati
Putri, siswa sawijining SMPN ing Kutha Solo lan Amri, warga Palur, Karanganyar, padha-padha ora bisa guneman basa Jawa krama kanthi teteh, laras lan trep karo undha-usuke.
Bisane guneman nganggo basa Jawa mung wates basa Jawa ngoko lan basa Jawa krama kang salah kaprah.
Ananging, Putri sing saiki kelas II SMP lan Amri sing saiki dadi dwija komputer yakin yen nganti saiki tetep dadi wong Jawa kang sejati utawa sayekti.
Miturut Amri, kabeh kulawargane, bapak ibune, embah-embahe lan leluhure kabeh, miturut cathetan sarasilah cetha yen wong Jawa asli. Lire, lair, urip lan mati ing tlatah Jawa Tengah. Ana sing dumunung ing Solo, Klaten lan Karanganyar.
Putri mangkono uga. Lelandhesan pangertene nganti wektu iki, bapak ibune, embahe lan embah buyute yekti yen wong Jawa. Guneman padinan ya nganggo basa Jawa, sanajan basa Jawa kang salah kaprah. Sawetara tradhisi warisan leluhure uga isih dileluri, kayadene gawe jenang abang putih saben dina weton, padusan yen mapag tekane sasi Pasa lan sawetara tradhisi liyane.
”Nanging yen dikon maca lan nulis aksara Jawa aku pancen ora bisa. Biyen jaman isih sekolah SD pancen sinau maca lan nulis aksara Jawa. Nalika iku sithik-sithik ya bisa yen mung maca lan nulis aksara Jawa. Lah, yen saiki ya wus lali. Wong nalika anakku sing sekolah SD njaluk diwarahi nalika duwe PR (pekerjaan rumah-red) nulis aksara Jawa, dakakon takon marang embahe wae. Yen bapak ibuku pancen isih wasis maca lan nulis aksara Jawa,”pratelane Amri, nalika wawangunem kalawan Espos ing tlatah Kartasura, sawetara dina kapungkur.
Basa Jawa kang salah sijine nggladhi bab kawasisan maca lan nulis aksara Jawa.
Dene Amri nelakake ora bisa guneman basa Jawa kanthi netepi undha-usuking basa, ora bisa maca lan nulis aksara Jawa lan uga wus adoh saka oyot kabudayane pancen dadi jati dhirine saperangan gedhe wong Jawa jaman saiki.
Oyot kabudayan
Nanging, dheweke tetep yakin arepa ora bisa maca lan nulis aksara Jawa, ora bisa nggunakake basa Jawa trep karo undha-usuking basa lan wus adoh saka oyot kabudayan Jawa, nanging tetep dadi wong Jawa, wong Jawa asli.
”Jati dhiriku ye tetep wong Jawa. Kepriye ora? Lah bapak ibuku lan embah-embahku kabeh ya wong Jawa. Nalika aku omah-omah sisihanku ya saka kulawarga Jawa. Lire, maratuwaku lan leluhure kabeh ya wong Jawa. Dadi kanthi kahanan apa wae aku iki tetep yakin minangka wong Jawa, wong Jawa asli, dadi ya wong Jawa sejati uga,” tandhese Amri.
Dene ing kalodhangan liya, Dwi Susanto, sawijining intelektual mudha, ing kalodhangan hamicara ing sawijining adicara diskusi kang mapan ing gedhong Teater Besar ISI Solo, sawetara dina kapungkur, nelakake, kabeh wong duwe hak kanggo ndhaku yen dhirine iku wong Jawa. Kacihna ora kenal budaya bathik, keris, ora wasis maca lan nulis aksara Jawa lan uga ora prigel nyandhang cara Jawa, tetep bisa sinebut wong Jawa sejati, amarga pancen ora ana ukuran kang gumathok ngenani sapa ta wong Jawa sejati iku.
KRMHT Djoko Pandjihami-djoyo ngandharake, lamun kajarwakake, Jawa iku maknane prasaja, ngerti dunung pangetrapane. Jawi kang asale saka basa kramane Jawa ateges ndarbeni tata krama, tata basa, tata susila lan ngajeni mring sapepadha. Jiwa mengku teges tansah angatepi budaya kejawen kang nyata luhur. Dene Jiwi ateges tetep nyawiji marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
”Lamun jejering wong kang wus ngrasuk Jawa, Jawi, Jiwa lan Jiwi, iku kang bisa sinebut sejatining wong Jawa. Dene Jawa sejati, sejene bibit, bobot, bebete nut alur Jawa uga wus nduweni sangu wasis micara basa Jawa, prigel bab tata busana Jawa lan wasis maca lan nulis aksara Jawa. Saliyane iku uga wasis ngrukti kabudayan Jawa lan ngantepi tata krama budi pakerti luhur kejawen,” piterange Ki Djoko.
Ki Djoko nambahake, wong Jawa kang bisa njawani kudu bisa meper hardaning angkara murka, ndarbeni laku brata, cegah dhahar lawan sare, lembah manah lan tansah agawe senenging liyan kang kabeh mau dadi ciri kas jati dhiri tumrap wong Jawa.
karya widya
Jawa sejati tansah memayu hayuning bawana
Budayawan Jawa kang uga seniman, Sugiyatna, ngandharake, yen ngrembug Jawa iku yektine ora mung wates ngrembug pulo kang sinebut pulo Jawa, uga ora mung wates aksara, basa, sandhangan lan wujud-wujud pisik liyane.
Miturut budayawan kang sasuwene iki nggilut donyaning ngathik lan ngrakit sandhangan Jawa iki, ngrembug bab Jawa, apamaneh kang sinebut Jawa sejati, yektine tebane luwih amba tinimbang wates-wates lan wujud-wujud wadhag.
”Miturutku sing sinebut Jawa iku luwih marang dununging laku. Wong Jawa sejati iku kudu bisa
ndunungake laku murih kawujud salarase pikir, rasa lan tumindak. Saksapaa bisa ndunungake laku kang arupa pikir, rasa lan tumindak kang tebane bisa mujudake memayu hayuning bawana, ya iku wong Jawa,” piterange Sugiyatna, nalika wawangunem kalawan Espos ing sawetane Alun-Alun Lor Karaton Kasunanan Surakarta, sawetara dina kapungkur.
Kanthi mangkono, miturut Sugiyatna, kanggo ndhudhah sapa lan kepriye wong Jawa sejati iku, kudu bisa ndhudhah pangerten-pangerten lan tapsiran-tapsiran lelandhesan sastra cetha. Lire sastra cetha, ora mung wates ndulu wujud wadhag, wujud tulisan utawa teks, ananging kudu bisa ndhudhah apa kang dumunung ing suwalike, kang sayekti.
Sugiyatna nambahake, yektine jaman saiki kang sinebut Jawa iku kahananae nembe murca, ana nanging ora bisa didulu wujude. Jawa murca iki kang saiki mratah ing bebrayan. Wong-wonge cetha yen wong Jawa amarga dumunung ing pulo Jawa, bisa manganggo sandhangan Jawa, maca lan nulis aksara Jawa, micara basa Jawa, ananging dununging laku durung kabeh salaras kalawan laku tumuju marang memayu hayuning bawana.
ana nanging ora katon wujude kang sejati. Dadi ya pancen sapa wae bisa sinebut Jawa sejati yen bisa jumbuh kalawan Jawa kang nembe murca iku. Dene salah sijine ukuran Jawa kang murca iku, miturutku, ora liya ya dununging laku kang nyalarasake pikir, rasa kan tumindak kanggo memayu hayuning bawana. Lan piwulang mangkene iki anane ya mung ing kabudayan Jawa.”
Putra putri Dalem Sinuhun Pakubuwana XII, GKR Wandansari, ngandharake, ngrembug Jawa (ing basa Indonesia) lan Jawa pancen ana tapsiran kang beda. Sesebutan wong Jawa (ing basa Indonesia) yen sing mindeng wong-wong Betawi (Jakarta) ateges wong kang asale saka tlatah Yogyakarta lan Surakarta. Wong Jawa Barat lan Jakarta ora kalebu wong Jawa ing tapsiran iki.
Mangkono uga yen Jawa (ing basa Indonesia) iku sing mindeng wong Sumatera, ateges wong kang asale saka Jawa Barat, Jawa Tengah, Jawa Timur, Yogyakarta lan uga Jakarta. Jawa ing kene ateges pulo Jawa.
Dene yen sing dirembug iku Jawa (yen ditulis nganggo aksara Jawa nggunakake aksara ja lan aksara wa) miturut Wandansari, ateges tapsiran kang asipat batin. Wandansari, nelakake, salah sijine tapsiran Jawa kang asale saka aksara ja lan wa yaiku sipat prasaja (saka aksara ja) lan walaka (saka aksara wa).
karya widya
Jatidhiri Jawi ingkang sejati
Jatidhiri Jawi menika nyakup tuwin ngukup perangan ingkang tebanipun jembar sanget.
Underaning prekawis kawengku ing jagad Jawi ingkang arupi tradhisi, filsafat, aksara, basa, susastra, tuwin budaya Jawi. Jatidhiri Jawi saget dipundhudhah saking sujarah Jawi ing jaman purwanipun. Tukipun wonten ing susastra Jawi ingkang kaserat dening mpu tuwin pujangga minangka pandam pandoming dumadi.
Gumelaring jagad Jawi wonten ing wayang purwa (ingkang amurwa kandha) wonten ing lampahan Manikmaya. Lampahan Manikmaya hanggelar bebadranipun Hyang Antaga, Hyang Ismaya, miwah Hyang Manikmaya minangka caraka ingkang badhe nindakaken darma memayu hayuning bawana. Ciri-ciri Jawi kathah pinanggih wonten ing susastra Jawi ingkang dipungelar wonten ing jagad pewayangan. Kajawi menika jatidhiri Jawi mboten saget uwal saking gegebengan utawi kapitadosan ing tlatah kejawen. Ing jagad kejawen dipunpitados wonten-ipun Sang Pamomong ingkang tansah momong lan ngemong tanah Jawi. Wonten ing jagad pewayangan paraga Semar kapiji minangka pamonging satriya hambeg utami anggenipun badhe merangi watak-watak durangkara.
Ciri-ciri tuwin jatidhiri Jawi kathah pinanggih wonten ing filsafat Jawi. Filosofi Jawi nuntun dhateng ngelmu sangkan paraning dumadi. Pramila lajeng mbabar pangawikan ingkang sambet kaliyan Gusti-kawula utawi kawula-Gusti. Jejering kawula kedah eling, kumawula, ngabekti tuwin manembah dhateng Gustinipun. Kanthi menika jatidhiri Jawi ingkang sejati sambet kaliyan alam hakekat ing jagad kejawen. Pramila lajeng wonten wos utawi suraos wonten ing ngelmu pangawikan manunggaling kawula-Gusti. Jatidhiri Jawi ugi nyakup perangan ingkang kasat mata wiwit tlatah Banten, Pasundan, pesisir kilen dumugi pesisir wetan, tlatah Kedu, Magelang, Banyumas, Ngayogyakarta, Surakarta, dumugi tlatah Blambangan. Kalebet ing ngriki ardi Tidar minangka pakuning Tanah Jawi. Tlatah Ngayogyakarta lan Surakarta sinebat negari gung amargi wontenipun karaton minangka punjering budaya Jawi ingkang adi luhung miwah adi luhur.
Budaya Jawi kasebat adi luhung amargi mengku perangan budaya ingkang nuntun dhateng
kaendahaning bebrayan. Pramila lajeng mbabar prasetya wonten ing sesanti: Memayu hayuning bawana, memayu hayuning jagad, memayu hayuning nusa bangsa, miwah memayu hayuning sasama. Budaya Jawi hanggadhahi ciri-ciri adi luhung amargi mengku pangawikan ingkang tumuju dhateng kawaskithan, kawiryan, kawicaksanan, kaluhuran tuwin kasampurnaning gesang.
Kathah sanget wedharan susastra Jawi ingkang caket tuwin raket kaliyan ingkang murba lan masesa jagad. Kalebet ing ngriki jagad cilik (mikro kosmos) tuwin jagad gedhe (makro kosmos). Filsafat Jawi dipunngendikakaken langkung jangkep katimbang filsafat kilen (Barat) ingkang underanipun wonten ing kawicaksanan.
Jatidhiri Jawi ugi katingal saking filsafat Jawi ingkang langkung onja katimbang filsafat ing tlatah sanesipun. Menapa kemawon ingkang dumados ing tanah Jawi wiwit brang kilen dumugi tlatah brang wetan saget dados titikan minangka Jatidhiri Jawi ingkang maneka warni. Ing saben tlatah pinanggih ciri-ciri budaya ingkang mboten sami kaliyan tlatah sanesipun. Sesanti adikaryanipun Mpu Tantular wonten
ing kitab Sutasoma inggih menika: Bhinneka Tunggal Ika saget dipunwastani minangka jatidhiri Jawi ingkang sejati.
Samangke, sesanti Bhinneka Tunggal Ika sampun manunggal minangka jatidhiri Nuswantara tuwin inukir wonten lambang nagari peksi Garudha. Kanthi menika, Pancasila ingkang nyawiji kaliyan peksi Garudha saget dipunwastani minangka jatidhiri Jawi ingkang lajeng dipunkukuhaken minangka dhasar miwah falsafah negari.
karya widya
Raket karo omben-omben
Adhedhasar kamus Baoesastra Djawa (Poerwadarminta, 1939) tembung tayub ateges kasukan jejogedan nganggo dijogedi tledhek. Dene miturut kamus Kawi-Jawa (Winter lan Ranggawarsita, 1987) dijlentrehake yen tembung tayub iku raket gandheng cenenge karo tembung nayub kang ateges ngombe, sukan-sukan, yaiku ngombe omben-omben kang ndadekake mabuk utawa minuman keras (Miras).
Lelandhesan pangerten iki, miturut sutresna joged tayub ing Dukuh Gumping, Desa Blangu, Kecamatan Gesi, Sragen, Darmo Suwito, 77, pagelaran tayub ngandhut pangerten lan tapsiran minangka kesenian rakyat, mligine among tani ing Jawa.
Wujude pagelaran arupa joged sukan-sukan kang diwernani ngombe Miras. Lan iki dadi sarana tumrap warga bebrayan kanggo ngraketake paseduluran lan memitran antarane siji lan sijine, antarane tangga teparo lan antarane tlatah siji lan sijine.
”Amarga iku, miturut pangertenku lan pamawasku, pagelaran tayub mujudake kesenian rakyat kang bisa menjila minangka sarana madhahi maneka panemu, aspirasi, kabutuhan lan gagasane para warga ing tlatah urip lan ngrembakane seni tayub iku,” piterange Darmo, nalika wawangunem kalawan Espos ing Blangu, sawetara dina kapungkur.
Miturut Clifford Geertz, amarga seni tayub menjila minangka sarana madhahi sakehing panemu, aspirasi, kabutuhan lan gagasan bebrayan kang ngurip-urip seni tayub, ateges seni tayub kasil nyawiji sacara struktural lan kajiwan sajroning wangunan kabudayan kang diugemi lan diurip-urip dening bebrayan. Kanyatan iki, miturut Darmo, mbokmenawa kang ndadekake seni tayub nganti saiki isih lestari ing tlatah Kecamatan Gesi. Lan miturut pangertene, tambahe Darmo, seni tayub pancen wus nyawiji ing madyaning bebrayan warga pitung desa ing tlatah Kecamatan Gesi.
Haryanto, 26, salah sijine generasi mudha warga Gumping, Desa Blangu, ora nampik panemune Darmo iku. Kacihna tetep luwih akeh generasi mudha kang luwih seneng marang pagelaran campursari, nanging yektine ing bebrayan warga tlatah Gesi, mligine ing Desa Blangu, seni tayub pancen luwih ngoyot.
”Luwih ngoyot amarga kepara saben omah ing tlatah Blangu kene, mligine ing tlatah Dukuh Gumping, wargane luwih seneng nyetel musik-musik kang biyasa kanggo ngiringi pagelaran seni tayub. Yen ora percaya, takaturi nglodhangake wektu ing wayah awan mlaku-mlaku ing tlatah Dukuh Gumping kene. Saka omah-omahe warga sing keprungu mesthi tembang-tembang kang biyasa kanggo ngiringi joged tayub, dudu tembang-tembang campur sari,” piterange Haryanto.
Apa kang diandharake Haryanto pancen ana buktine. Nalika Espos sowan ing griyane Danang Wijaya, Kepala Desa (Kades) Blangu, saka omah warga ing sisih wetan lan kidul keprungu swara tembang-tembang sing disetel saka kaset utawa CD kang pranyata ora liya tembang-tembang-tembang-tembang kang biyasa kanggo ngiringi joged tayub.
Miturut Haryanto, generasi mudha ing tlatah Kecamatan Gesi pancen luwih seneng marang pagelaran campursari, ananging uga tansah nekani lan ngramekake pagelaran tayub kang digelar dening warga. Nanging, miturut Darmo, joged tayub kang isih lestari ing tlatah Gesi nganti wektu iki, 80% wus owah saka asale. Darmo isih ngugemi joged tayub sing pakem
Mayokake bisnis pariwisata sarana filosofi budaya Jawa
Ngetrapake budaya Jawa ing jagad bisnis pariwisata yektine ora mung wates ”ngedol” maneka asil karya budaya kang pancen dadi jathi dhirine bebrayan Jawa. Njawakake ora mung wates nggelar pakeliran wayang kulit, mbabar karawitan, mamerake utawa nganggo bathik utawa mung wates nggunakake basa Jawa.
Miturut Public Relation Manager The Sunan Hotel Solo, Retno Wulandari, nalika wawangunem kalawan Espos, sawetara dina kapungkur, The Sunan Hotel duwe kawigaten mligi kanggo ngetrapake budaya Jawa ing pangemonahe hotel. Bisnis jasa lan pariwisata kang lumaku ing The Sunan Hotel tetep lelandhesan oyot kabudayan Jawa.
Nanging saksapaa sing wus tau mlebu utawa nginep ing The Sunan Hotel ora bakal nemokake maneka werna pralambang asil karya budaya Jawa. Amarga The Sunan Hotel pancen milih bab filosofi-ne budaya Jawa tinimbang pralambang-pralambang arupa asil karya budaya Jawa.
”Yen bab pralambang, ing hotel iki mung ana loro, yaiku cakrik gedhonge kang ana sing wangin pendhapa lan wayang cacah loro sing dipasang ing sakiwa tengene konter resepsionis, liyane iku ora ana,” piterange Retno.
Nanging sawetara wektu kapungkur, hotel internasional iku kasil antuk pangaji-aji saka Kinarya Soerya Soemirat (sanggar beksan apunjer Pura Mangkunagaran) minangka hotel lan punjer bisnis kang setya ngleluri budaya Jawa. The Sunan Hotel, miturut Retno, ngleluri budaya Jawa kanthi cara ngetrapake filosofi ing pasrawungan, yaiku grapyak semanak, kebak esem, ngregani liyan lan tansah ngudi harmonisasi.
”Trep-trepane filosofi iki ing kabeh perangan kegiyatan hotel kang gegayutan karo kabutuhane para tamu. Dadi, kacihna para tamu bakal ngrasakake dumunung ing sajroning bebrayan Jawa tanpa kudu ndulu utawa ngrungokake ciri-ciri budaya Jawa kang arupa pralambang asil karya seni lan budaya. The Sunan Hotel ora mindeng bab pralambang, ananging luwih bab filosofi-ne. Yen wates pralambang, malah para tamu ora kepranan. Apamaneh tamu hotel iki racake umur 25-35 taun lan rata-rata uga ekonomi tengahan munggah,” piterange Retno.
Plihan mangkene iki, tambahe Retno, salah sijine lelandhesan tetenger lan jenenge hotel. Jeneng ”Sunan” kang dipilih wus yekti nuduhake yen hotele dumunung ing madyaning bebrayan Jawa. Sunan dhewe uga mujudake tetenger kabudayan Jawa kang punjere ing Kutha Solo minangka pralambang pangayoman lan panguwasa. Lan tetenger kuluk keprabon minangka cirine hotel, uga ngandhut tapsiran bab pangayoman, ngudi jejeging adil lelandhesan piwulang spiritual lan tansah ngudi murih langgenge swasana harmonis.
Saka kandhutan tapsiran sajroning jeneng The Sunan Hotel lan tetenger kuluk keprabon iku, miturut Retno, jlentrehe menjila ing sikep kabeh pegawe ing hotel iku kang tansah ngupaya lumadine tapsiran-tapsiran iku ing tingkah laku, tata gunem lan pasrawungan. Kanthi mangkono, arepa para pegawene ora ana sing nganggo bathik, ora guneman nganggo basa Jawa lan ora ana swara tetabuhan gamelan, ananging swasana lan atmorsfer hotel tetep kalimputan perbawane budaya Jawa.
Ing kalodhangan liya, sutresna budaya Jawa, Mufti Raharjo, ngandharake yektine ing Kutha Solo pancen kudu wus ngetrapake upaya enrich our heritage, yaiku nguwati Kutha Solo ing bab pusaka warisan para leluhur. Lan saka ukara enrich our heritage iki, ateges laku kang dumadi ora mung wates nenangi lan ngleluri kabudayan warisan leluhur, ananging uga ngupaya tuwuh lan ngrembakane budaya lan tapsiran anyar kang ngoyot marang kabudayan asline, yaiku kabudayan Jawa.
karya widya
Bisnis kang nJawani
Wong Jawa dedagangan kuwi kudu sabar. Amarga mesthi akeh sing utang.
Mangkono pratelane sawetara kanca nalika ngrembug bab budaya Jawa lan bisnis. Yagene kudu sabar? Kanggo mangsuli pitakon iki bisa didudut saka gegambaran ing andharan iki.
Nganti saiki isih mratah anane warung cilik-cilik ing maneka papan, wiwit ing tlatah kutha gedhe nganti tlatah karang pradesan. Prasasat warung-warung cilik iku ora ngrewes marang ngrembakane mal, pasar