• Tidak ada hasil yang ditemukan

SIAP UKK SEMESTER 2 BHS JAWA KELAS 5

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "SIAP UKK SEMESTER 2 BHS JAWA KELAS 5"

Copied!
6
0
0

Teks penuh

(1)

A. Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tanda ping (x) ing aksara a, b, c utawa d !

Wacanen crita wayang ing ngisor iki banjur jawaben pitakone on. 1 - 5 !

PANDHAWA LIMA

Prabu Pandhudewanata kagungan putra lima lanang kabeh. Mula banjur diarani Pandhawa Lima. Pambarepe Pandhawa yaiku Prabu Puntadewa ratu ing Ngamarta. Prabu Puntadewa duwe watak ambeg darma lan narima.

Dene panenggake Pandhawa aran Raden Werkudara. Raden Werkudara satriya sing gagah prakosa. Raden Arjuna satriya bagus panegahe Pandhawa. Raden Arjuna prigel tur pinter, sekti mandraguna.

Raden Arjuna duwe pamomong ponakawan papat cacahe kang ngawiji yaiku, Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Punakawan iku ala rupane, nanging luhur bebudene. Punakawan mau ngajeni lan tresna banget marang bendarane. Mula menyang ngendi bae mesthi bebarengan ora ana sing keri.

Putra Pandhawa kang nomer papat lan lima kembar, ateges laire bareng yaiku Raden Nakula lan Sadewa.

Putra Pandhawa kang cacahe lima mau watake andhap asor, lembah manah, lan ngajeni ing liyan. Wiwit cilik Pandhawa wis nemoni kasangsaran. Kasangsaran iku disebabake dening Kurawa sing kepengin nyirnakake Pandhawa. Ananging saka prihatine para Pandhawa, kabeh kasangsaran bisa kasih kabingkas lan kuwat nglakoni.

1. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?

a. Crita Wayang b. Pandhudewanata c. Putra Pandhawa d. Pandhawa Lima

2. Prabu Puntadewa duwe watak ....

a. ngajeni ing liyan c. ambeg darma lan nrima

b. sekti mandraguna d. ngajeni lan trisna marang liyan

3. ... sing nyebabake kasangsarane Pandhawa?

Tembung pitakon sing bener kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....

a. sapa b. apa c. geneya d. kepriye

4. Pandhawa seng pambarep jenenge ....

a. Puntadewa b. Arjuna c. Semar d. Bagong

5. Apa sebab para Pandhawa uripe sengsara wiwit cilik?

a. amarga diganggu para punakawan c. amarga kaluwargane pancen wes sengsara

b. amarga dimusuhi Kurawa d. amarga ditinggal bapa biyunge

6. Geneya kowe ... wae?

Tembung dwilingga salin swara sing trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....

a. mrene-mrene b. mrana-mrana c. mrana-mrene d. mrene-mrana

7. Sapa sing tuku (pangan) iki?

Tembung sajroning kurung yen diwenehi panambang –an – dadi ....

a. dipangan b. panganan c. pangannan d. Pakpahan

8. Marang tangga kita kudu duwe tata ....

a. tertib b. busana c. krama d. baka

9. Alise Surti lan Dewi ....

a. ngundhup mlati b. nanggal sapisan c. liyep alindri d. nyigar jambe

10. Anak bebek arane meri, yen anak pitik arane ....

a. kuwuk b. piyik c. kuthuk d. kenthi

(2)

11. Alif ngepel Alif nyapu

Ukara ing dhuwur yen didadekno ukara camboran sapadhan yaiku ....

a. Paidi ngepel uga Paidi nyapu c. Paidi ngepel lan nyapu

b. Paidi ngepel nanging nyapu d. Paidi ngepel amarga nyapu

12. Ayo dak ajari nggawe celengan lemah!

Tembung dak ajari yen diudhali miturut linggane dadi ....

a. dak – ajari b. dak – ajar - i c. dak - a- jar- i d. dak-a-ja-ri

13. Omah cilik ing tengah sawah diarani ....

a. gubug b. gandhok c. gardu d. gadri

14. Wah,. Gelase pecah!

Ukara iku medharake rasa ....

a. bungah b. kecewa c. susah d. seneng

15. Perangan layang ulem kang isine menehi kabar keslametan lan pangajab amrih kang dikirimi layang

uga slamet diarani ....

a. titi mangsa b. adawiyah c. bebuka d. peprenahan

16. diwaca ....

a. pitik jago b. pitike jago c. pitik loro d. pitike lorot

17. Kowe apa sida lunga menyang Kediri?

Krama inggile ....

a. Panjenengan apa sida tindak Kediri ?

b. Panjenengan punapa siyos tindhak dhateng Kediri ? c. Sampean punapa siyos kesah wonten Kediri ? d. Sampean punapa sida kesah dhateng Kediri ?

18. Lembeyane mbak Nana kaya ....

a. merak kesimpar b. gagak reraton c. bethet sayuta d. macan luwe

19. Panjenengan punapa sampun mireng menawi eyang gerah ? Basa ngokone ....

a. Panjenengan apa wis mireng yen embah lara? b. Panjenengan apa wis mireng yen eyang lara? c. Kowe apa wis krungu yen embah lara? d. Kowe apa wis krungu yen embah sakit?

20. Piranti kanggo SMS jenenge ....

a. email b. komputer c. HP d. telepon

21. Ibu Guru : “Kowe mau bubar mangan apa Rin?”

Rini : “....”

Wangsulane Rini kang bener yaiku ....

a. Kala wau bubar dhahar kwaci c. Aku mau bubar nedha kwaci

b. Aku mau mangan kwaci d. Kula wau bibar nedda kwaci

22. Sing nduweni gadhing yaiku ....

a. ula b. gajah c. manuk d. jaran

23. Awake kuru semangka. Tegese awake ....

a. gedhe banget b. cilik banget c. lemu banget d. kuru banget

24. Nyimpen dhuwit sing luwih aman ana ing ....

(3)

25. Tembung linggane dipakani yaiku ....

a. makan b. pakan c. pakani d. akan

26. Wit krambil arane ....

a. klapa b. ruyung c. glugu d. tebon

27. Godhong gedang seng enom arane ....

a. ujungan b. pupus c. klaras d. janur

28. Para warga padha gugur gunung mbangun jembatan.

Gugur gunung padha karo ....

a. rebutan b. gotong royong c. nyambut gawe d. mlayu

29. Kenthongan digawe saka ...

a. wesi b. atom c. Kayu / pring d. seng

30. “Iki tembang pocung“ yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku ....

a. c.

b. d.

B. Ceceg – ceceg ing ngisor iki isenana nganggo tembung sing mathuk! 31. Jurerit yen diudhal miturut tembung linggane dadi ....

32. Yen wanci padhang bulan, padhange kaya ....

33. Jabrisan iku arane anake lele. Lah yen kampret iku arane anake ....

34. Pocung, Mijil, Kinanthi lan Dhandhanggula klebu tembang ....

35. Desa mawa cara negara mawa ....

36. Kaya banyu karo lenga tegese sedulur kang ....

37. Pitik walik saba kebon bathangane ....

38. Piranti pawon kang kanggo iris-iris yaiku ....

39. SHU cekakan saka ....

40. Juru tulis ing kalurahan jenenge ....

41. Abang-abang, ireng-ireng, iku kalebu tembung ....

42. Drijine kaya ...

43. Senjatae ula arane ....

44. Wite gedhang jenenge ....

45. Godhong kacang lanjaran arane ....

C. Wangsulana miturut prentahe!

46. Gawea ukara nganggo tembung panyandra miji timun !

Wangsulan :

47. Ibu mboten kersa rawuh dateng dalemipun Budhe.

Kepriye basa ngokone ? Wangsulan :

48. Salah sijine perangan nulis layang ulem-ulem yaiku : titi mangsa.

Apa bae kang klebu titi mangsa iku ? Wangsulan:

49. Tulisen 3 wae tembung dwi lingga!

Wangsulan :

50. Nggaweo crita pengalaman kang nyenengake (minimal 15 baris)!

(4)

A. Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tanda ping (x) ing aksara a, b, c utawa d ! Wacanen crita ing ngisor iki banjur jawaben pitakone on. 1 - 5 !

TLAGA SARANGAN

Tlaga Sarangan cocok kanggo plesiran wayahe liburan panjang. Tlaga Sarangan uga disebut Tlaga Pasir dumunung ing perenge Gunung Lawu (3.267 meter) sing dhuwure watara 1.287 meter saka lumahe banyu segara. Tlaga alam sing jerone nyandhak 40 meter iki adohe 17 km sakulon kutha Magetan utawa 60 km saka kutha Surakarta. Tlaga Sarangan mapan ing desa Ngerong, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, Jawa Timur.

Sumber banyu tlaga dumunung ing telung grojogan yaiku Watu Andha, Pundhak Kiwa, lan Jarakan. Saka grojogan tetelu, banyu sing bening, resik, lan adhem njejet, ngebaki tlaga sing jembare watara 30 hektar iki. Banyu tlaga sabanjure dienggo kebutuhan penduduk klebu kanggo olah tetanen kebon strawberi.

Minangka papan plesiran kuna, Tlaga Sarangan nyedhiyakake sakehe kebutuhan wisatawan. Sing pengin praon sumadhiya 50 prau motor (tarip Rp 40.000), sing ngersakake ngubengi tlaga sumadhiya jaran (tarip Rp 30.000), sing ngersakake nginep ana 43 hotel kelas melathi lan penginepan. Uga akeh papan kanggo mundhut oleh-oleh, klebu panganan khas Madiun, brem. Warung mangan paling akeh: sate terwelu kanthi tarip Rp 7.000 ( 20 sunduk).

1. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?

a. Plesiran b. Tlaga Sarangan c. Kaendhahan d. Sumber Banyu

2. Sebutan liya Tlaga Sarangan yaiku ....

a. Tlaga Lawu b. Tlaga Kembar c. Tlaga Pasir d. Tlaga Adhem

3. Kepiye keadaane Tlaga Sarangan?

a. dhuwur, adhem njejet, taripe larang c. endah, banyune bening, lan resik

b. biasa wae, banyune rodo anget d. resik, banyune anget, rusuh

4. Dolanan opo wae sing disediakake ing Tlaga Sarangan?

a. prau, jaran, hotel lan penginepan, warung lan papan mundhut oleh-oleh b. prau, jaran, motor balap, warung apung, lan penginepan gratis

c. pemandhiyan, arena out bond, prau getek, lan hotel d. balairung, prau, jaran, warung apung, flying fox

5. Tlaga Sarangan mapan ana desa ....

a. Plaosan b. Magetan c. Ngerong d. Madiun

6. Aja ... wae, menenga kene dhisik.

Tembung dwilingga salin swara sing trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....

a. bali-bali b. bola-bali c. bolo- bolo d. bola-bola

7. Marsudi (ingu) welut. Tembung jeron kurung durung bener kang bener ....

a. ingun b. ngingu c. ngingua d. ngingon

8. Gatut Koco kuwi satriya kang gagah ....

a. gedhe b. ageng c. sakti d. prakosa

9. Rambute ....

a. nanggal sepisan b. ngudhup turi c. ngembang bakung d. merak ati

10. Anake wedhus jenenge ....

a. embeng b. cempe c. belo d. gudel

11. Kowe tuku bakso ... mie ayam, le?

Tembung kang cocog kanggo njangkepi kara ing dhuwur yaiku ....

a. lan b. ing c. utawa d. sanajan

(5)

12. Bukuku dak wenehake adik.

Tembung dak wenehake yen diudhali miturut linggane dadi ....

a. dak – wenehake c. dak – we – ne - ha - ke

b. dak – weneh - ake d. dak – we – neh - ake

13. Omah kanggo ngingu Kwan diarani ....

a. gubug b. gandhok c. gardu d. kandhang

14. Ye, ora mungkin iso!

Ukara iku medharake rasa ....

a. bungah b. ngece c. susah d. seneng

15. Wusana cukup semene wae.

Perangan layang ing dhuwur ing bab ....

a. panutup b. pambuka c. surasa basa d. titi mangsa

16. diwaca ....

a. sinau basa jawa b. sinau basa jawi c. singa harimau d. sinten mawon

17. Bapak menyang kantor nggawa tas.

Krama inggile ....

a. Rama teng kantor mbekta tas. c. Bapak teng kantor mbekta tas.

b. Rama dhateng kantor mbekta tas. d. Bapak menang kantor mbeta tas.

18. Hasna ayu banget kaya ....

a. merak kesimpar b. yuyu kecepet c. dewi ratih d. rembulan abang

19. Panjenengan punapa sampun dhahar ? Basa ngokone ....

a. Panjenengan apa wis mari mangan? c. Sampeyan apa wis mari mangan?

b. Panjenengan apa wis mari nedo? d. Kowe apa wes mari njeglak?

20. Piranti kanggo ngetik lan duga bisa nyetel musik lan film yaiku ....

a. radio b. tivi c. komputer d. hp

21. Amin : “Wilujeng dalu, Pak?”

Pak Wakid : “Lho kowe ta, Min, kene-kene lungguh kene!”

Amin : “ ....”

Pak Wakid : “Kok njanur gunung ta, Min?”

Wangsulane Amin kang bener yaiku ....

a. Inggih, Pak, matur nuwun c. Kok panjenengan ngertos, Pak

b. Wonten nopo to, Pak d. Inggih, kula njanur gunung

22. Sing nduweni sungu yaiku ....

a. ula b. gajah c. menjangan d. jaran

23. Ambune arum jamban. Tegese ambune ....

a. arum banget b. wangi banget c. badheg banget d. enak banget

24. Papan kanggo nyimpen klambi utawa panganggo jenenge ....

a. dompet b. kulkas c. lemari d. kasur

25. Tembung linggane nyangoni yaiku ....

a. sangu b. sangon c. nyangon d. pakon

26. Wite jagung arane ....

a. glugu b. damen c. tebon d. debog

27. Godhong klapa seng enom arane ....

(6)

28. Kowe aja ngembang jambu, biasa wae. Ngembang jambu nduweni maksud ....

a. mlongo b. kemaruk c. heboh d. mbeton

29. Piranti kanggo maneni pari secara tradisional jaman biyen jenenge ....

a. doser b. brujul c. ani-ani d. kekeyan

30. “Mangan bakso” yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku ....

a. c.

b. d.

B. Ceceg – ceceg ing ngisor iki isenana nganggo tembung sing mathuk!

31. Tinemu yen diudhal miturut tembung linggane dadi ....

32. Masiha risih awan, kerana udan langite Keaton peteng kaya ....

33. Anake kodhok jenenge ....

34. Tambang macapat kuwi cacahe ana ....

35. Becik ketitik, ala ....

36. Kaya mimi lan mintuna, tegese bocah loro padha ....

37. Sega sakepel dirubung tinggi, bathangane ....

38. Piranti kangge nyetak tulisan jenenge ....

39. KUD cekakan saka ....

40. Sing mimpin urusan keagamaan ing desa arane ....

41. Mondar-mandir, wira-wiri, iku kalebu tembung dwilingga ....

42. Lambene kaya ...

43. Senjatae tawon arane ....

44. Wite aren jenenge ....

45. Godhong pari arane ....

C. Wangsulana miturut prentahe!

46. Gawea ukara nganggo tembung panyandra nggendhewa pinenthang !

Wangsulan :

47. Rayinipun Ahmad mboten kerso sekolah.

Kepriye basa ngokone ? Wangsulan :

48. Apa bae perangane layang kuwi? Coba sebutake!

Wangsulan:

49. Tulisen 3 wae jenenge Kwan lan anake!

Wangsulan :

50. Nggaweo crita pengalaman kang nyenengake (minimal 15 baris)!

Wangsulan: (yen ora cukup tutukno ing mburi)

Referensi

Dokumen terkait

Tembung sing cocok kanggo gambar ing sisih yaiku ….. Piye swarane

Ukara sing isine padha karo pacelathon ing dhuwur yaiku ..... Narti telat mangkat sinau bebarengan amarga momong adhine

Tembung kang bener kanggo njangkepi ukara yaiku ..... Tas iku

Ukara ing ngisor iki sing bener panulise aksara kapitale yaiku………... Ana

tuku buku, menawa ditulis kanthi aksara jawa yaiku ….. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nggo tembung

Tembung kang mathuk kanggo nglengkapi ukara ing dhuwur yoiku….. Aku sakeluwarga arep

Tembung kang paling trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

caranipun nggarap soal nomer sanga!” Tembung pitakon kang bener kanggo nglengkapi ukara ing dhuwur yaiku. tegalan ana ing sisih wetan