• Tidak ada hasil yang ditemukan

Buku tuntunan. Xperia L C2105/C2104

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "Buku tuntunan. Xperia L C2105/C2104"

Copied!
126
0
0

Teks penuh

(1)

Buku tuntunan

(2)

Isi

Xperia™ L Pandhuan pangguna...6

Persiyapan...7

Babagan Pandhu pangguna iki...7

Apa iku Android™?...7

Ringkesan ponsel...7

Ngrakit...8

Nguripake lan mateni piranti ...9

Kunci layar...10

Pandhuan atur wiwitan...10

Akun lan layanan...10

Ngerteni piranti...12

Nggunakake tombol...12

Baterei...12

Nggunakake layar demek...15

Nggunakake layar kemunci...17

Layar ngarep...17

Njupuk potret layar...20

Kanggo ngakses lan nggunakake aplikasi...20

Status lan kabar...22

Menu Setelan...24

Ngetik teks...24

Kustomisasi piranti...29

Nggedhekake output swara...31

Memori...32

Nggunakake piranti tanpa nyekel ...32

Setelan internet lan olahpesen...33

Ngontrol panggunaan data...33

Setelan jaringan seluler...34

Google Play™...36

Miwiti Google Play™...36

Ngundhuh saka Google Play™...36

Mbusak data aplikasi...36

Ijin...37

Nginstal aplikasi sing dudu saka Google Play™ ...37

Nelpon...38

Telpon darurat...38

Nangani telpon...38

(3)

Telpon konferensi...40

Setelan telpon...41

Kontak ...43

Njupuk kontak menyang piranti...43

Nransfer kontak menyang piranti anyar...43

Kontak ikhtisar layar...45

Ngatur kontak...45

Komunikasi karo kontak sampeyan...47

Nuduhake kontak...47

Nggawe serep kontak...47

Olahpesen...49

Nggunakake olahpesen teks lan multimedia...49

Pilihan pesen teks lan pesen multimedia...50

Olahpesen instan lan obrolan video...50

Email...52

Miwiti Email...52

Nggunakake email...53

Aplikasi "WALKMAN" ...56

Ngirim musik menyang piranti ...56

Ngrungokake musik...56

Layar ngarep WALKMAN ...57

Dhaptar lagu...58

Nuduhake musik...59

Ngapiki swara...60

Visualiser ...60

Layanan online Music Unlimited...61

Layanan musik...62

Teknologi TrackID...62

Music Unlimited™...63

radio FM...64

Babagan radio FM...64

Nggunakake saluran radio favorit...65

Setelan swara...65

Ngenali trek radio nggunakake TrackID™...66

Kamera...67

Babagan kamera...67

Nggunakake kamera foto...67

Deteksi pasuryan...68

Nggunakake Smile Shutter™ kanggo nangkep pasuryan sing

mesem...68

Nambahake posisi geografis menyang foto...69

(4)

Nggunakake kamera video...73

Album...78

Ndeleng foto lan video...78

Mbagi lan ngatur foto lan video...79

Ngedit foto nganggo aplikasi Photo editor...80

Album foto...81

Ndeleng foto ing peta...82

Video...84

Nonton video ing aplikasi Film...84

Nransfer konten video menyang piranti ...85

Ngatur konten video...85

Layanan Video Unlimited...86

Jlajah web...87

Babagan jlajah web...87

Konektivitas...88

Nyambung menyang jaringan nirkabel...88

Enggo bareng isi karo piranti DLNA Certified™...91

NFC...93

Teknologi nirkabel Bluetooth™...95

Nyambungake piranti karo komputer...97

Layar kaca...99

Waca cepet kode balok nganggo aplikasi NeoReader™...100

Smart Connect...101

Sinkronisasi data ing piranti...103

Babagan nyelarasake data ing piranti...103

Nyelarasake karo layanan Google™...103

Nyelarasake email, tanggalan lan kontak perusahaan...103

Sinkronisasi karo Facebook™...104

Peta lan lokasi...106

Layanan lan sumber lokasi...106

Nggunakake GPS...106

Google Maps™...107

Njupuk pituduh dalan...107

Tanggalan lan jam weker...109

Tanggalan...109

Jam weker...109

Dhukungan lan perawatan...112

Nganyarake piranti...112

Gawe serep lan pulihake aplikasi...113

(5)

Goleki piranti...117

Aplikasi Dhukungan...118

Daur ulang piranti...118

Referensi...119

Ringkesan lambang kabar lan status...119

Ringkesan aplikasi...120

Informasi penting...122

Brosur informasi penting...122

Watesan layanan lan fitur...122

Informasi hukum...122

(6)
(7)

Persiyapan

Babagan Pandhu pangguna iki

Iki Pandhu pangguna Xperia™ L kanggo versi Android™ 4.2 (Jelly Bean). Yen ora yakin piranti lunak versi apa sing aktif ing piranti, sampeyan bisa mriksa liwat menu Setelan. Kanggo informasi liyane babagan anyaran piranti lunak, waca Nganyarake

piranti.

Mriksa versi piranti lunak sing saiki ing piranti

1 Seret mudhun garis status, banjur tutul Setelan. 2 Tutul Babagan telpon > Versi Android.

Apa iku Android™?

Telpon pinter Xperia saka Sony mlaku nganggo platform Android. Ponsel Android bisa nindakake fungsi sing padha akehe karo komputer lan sampeyan bisa ngatur miturut kabutuhan. Contone, sampeyan bisa nambah utawa mbusak aplikasi, utawa ningkatake aplikasi sing wis ana kanggo ngapikake kagunaan. Ing Google Play™ sampeyan bisa ngundhuh sawetara aplikasi lan game saka koleksi sing terus saya akeh. Sampeyan uga bisa nggabungake aplikasi ing ponsel Android™ karo aplikasi liyane lan karo layanan online sing digunakake. Contone, sampeyan bisa nggawe serep kontak ponsel, ngakses akun email lan tanggalan saka sak panggonan, nglacak janjian, lan aktif ing jaringan sosial.

Ponsel Android™ saya suwe saya apik. Yen versi piranti lunak anyar kasedhiya lan ponsel sampeyan ndhukung piranti lunak anyar iki, sampeyan bisa nganyarake ponsel kanthi njupuk fitur-fitur anyar lan pangapikan pungkasan.

Ponsel Android™ sampeyan wis diiseni layanan Google™. Kanggo ngoptimalake layanan Google™ sing kasedhiya, sampeyan kudu nggawe akun Google™ lan mlebu ing akun kasebut nalika sapisanan miwiti ponsel. Sampeyan uga kudu duwe akses internet kanggo nggunakake fitur-fitur ing Android™.

Piranti lunak anyar sing mentas dirilis mbokmenawa ora kompatibel karo kabeh ponsel.

(8)

1 Lensa kamera ngarep

2 Sensor proksimitas/Sensor cahya lingkungan 3 Earphone 4 Tombol daya 5 Mikropon utama 6 LED Kabar 7 Layar demek 8 Mikropon kaloro 9 Lensa kamera 10 Lampu kamera

11 Stopkontak piranti tanpa nyekel 12 Port pangisi daya/Kabel USB 13 Area deteksi NFC™ 14 Spiker

15 Bolongan tali 16 Tombol kamera

17 Tombol Volume/Atur Ukuran

Ngrakit

Nyopot tutup mburi

• Lebokake kuku jempol menyang bukaan ing tutup mburi lan salah siji sisih piranti, banjur angkat tutup.

(9)

Nglebokake kertu memori lan kertu SIM

• Pateni telpon lan copot tutup mburi, banjur lebokake kertu memori lan kertu SIM menyang slot sing cocog.

Kertu memori bisa uga ora kalebu ing kabeh pasar.

Masang tutup mburi

1 Pasang tutup mburi menyang bagean mburi perangkat, banjur penet mengisor ing pojok ndhuwur kanggo ngunci tutup ing panggonane.

2 Pindhah saka ndhuwur mengisor, penet mengisor sisih tutup. Klip ing sisih njero tutup bakal muni klik yen wis kekunci ing panggonane.

Nguripake lan mateni piranti

Nguripake piranti

1 Penet terus tombol daya nganti piranti kedher.

2 Yen layar dadi peteng, penet tombol daya sedhela kanggo nguripake layar. 3 Tik PIN kertu SIM yen dijaluk, banjur tutul .

4 Yen layar ngunci, selehake driji ing layar banjur usap munggah utawa mudhun kanggo bukak kunci.

5 Enteni sedhela nganti piranti wiwit.

PIN kertu SIM pisanane disedhiyakake dening operator jaringan, nanging sampeyan bisa nggenti kuwi mengko saka menu Setelan. Kanggo ngoreksi kasalahan sajrone ngetik PIN kertu SIM, tutul .

(10)

Mateni piranti

1 Penet terus tombol daya nganti menu pilihan mbukak. 2 Ing menu pilihan, tutul Daya mati.

3 Tutul OK.

Butuh sawetara wektu nganti piranti mati.

Kunci layar

Nalika piranti urip lan dienengake sawetara wektu, layar dadi peteng kanggo ngirit daya baterei, lan ngunci kanthi otomatis. Kunci layar iki ngalangi tumindak tanpa kasengaja ing layar tutul nalika sampeyan lagi ora nggunakake telpon.

Ngaktifake layar

• Penet sedhela tombol daya .

Kanggo mbukak kunci layar

• Selehake driji ing layar lan geser munggah utawa mudhun.

Ana sawetara cara kanggo mbukak kunci layar. Kanggo informasi lebih luwih, deleng Setelan

kunci layar ing kaca 116.

Ngunci layar kanthi manual

• Nalika layar aktif, penet sedhela tombol .

Pandhuan atur wiwitan

Nalika sapisanan sampeyan miwiti piranti, pandhuan atur wiwitan mbukak kanggo nerangake fungsi dhasar lan mbantu sampeyan ngatur setelan sing penting. Iki wektu sing apik kanggo ngatur piranti supaya cocog karo kabutuhan tartamtu. Sampeyan uga bisa ngakses pandhuan atur wiwitan mengko saka menu setelan.

Ngakses panuntun atur wiwitan kanthi manual

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Tutul Setelan > Panuntun persiyapan.

Akun lan layanan

Mlebu ing akun layanan online saka piranti supaya entuk akses sing gampang nalika sampeyan pindhah-pindhah. Contone, sampeyan bisa nggabungake kontak saka akun Google™ menyang buku alamat, supaya kabeh disimpen ing sak panggonan.

Sampeyan bisa mlebu ing layanan online anyar saka piranti lan uga saka komputer.

Akun Google™

Duwe akun Google™ kuwi kunci kanggo nggunakake rerangken aplikasi lan layanan ing telpon Android™. Sampeyan mbutuhake akun Google™, contone, kanggo nggunakake aplikasi Gmail™ ing piranti, kanggo ngobrol karo kanca-kanca nganggo Hangouts™, kanggo nyelarasake aplikasi tanggalan ing piranti sampeyan karo Google Calendar™. Sampeyan uga mbutuhake akun Google™ sampeyan kanggo ngundhuh aplikasi lan game, musik, film lan buku saka Google Play™.

Microsoft

®

Exchange ActiveSync

®

account

Selarasake piranti karo akun Microsoft® Exchange ActiveSync® perusahaan sampeyan.

Kanthi mangkene, sampeyan bisa nglacak email, kontak lan acara tanggalan perusahaan kapan wae.

(11)

Akun Facebook™

Facebook™ iku layanan jaringan sosial sing nyambungake sampeyan karo kaca, kulawarga lan kolega sak donya. Atur wiwitan Facebook ben bisa dianggo ing piranti supaya sampeyan bisa tetep bisa dikontak saka ngendi wae.

(12)

Ngerteni piranti

Nggunakake tombol

Mundur

• Mundur menyang layar sadurunge

• Tutup tombol layar, kothak dialog, menu pilihan, panel Kabar, utawa aplikasi Ngarep

• Pindhah menyang Layar Ngarep Tugas

• Tutul kanggo mbukak jendhela sing nuduhake aplikasi sing lagi mentas digunakake lan garis small apps

Baterei

Ngisi daya baterei

Baterei wis diisi sebagean nalika sampeyan tuku piranti. Perlu wektu sawetara menit sadurunge lambang baterei katon ing layar nalika sampeyan nyambung kabel pangisi daya karo sumber listrik, kayata port USB utawa pangisi daya. Sampeyan isih bisa nggunakake piranti nalika piranti diisi daya. Ngisi daya piranti nganti suwe banget, umpamane sawengi nutug, ora bakal ngrusak baterei utawa piranti.

Baterei bakal kalong sethitik sawise diisi daya nganti kebak banjur ngisi maneh daya sawise sawetara wektu nalika pangisi daya disambungake. Iki tujuane supaya umur baterei awet lan status pangisian daya ngatonake tingkat kurang saka 100 persen.

(13)

Ngisi daya piranti

1 Tancepake pangisi daya menyang stopkontak.

2 Tancepake pucuk kabel USB menyang pangisi daya (utawa menyang port USB ing komputer).

3 Tancepake pucuk kabel USB sijine menyang port mikro USB ing piranti, kanthi lambang USB madhep munggah. LED status baterei bakal murup nalika ngisi daya diwiwiti.

4 Yen warna LED status baterei ijo, tegese piranti wis diisi daya nganti kebak. Jabut kabel USB saka piranti kanthi narik nanging aja nganti nekuk. Aja nganti nekuk konektor nalika njabut kabel saka piranti.

Gunakake pangisi daya lan kabel USB sing disedhiyakake bareng piranti supaya pangisian daya luwih cepet.

Yen daya baterei kosong, bisa diperlokake sawetara menit sadurunge lampu LED murup sawise kabel pangisi daya disambungake menyang sumber listrik.

Status baterei LED

Ijo Isi daya baterei wis kebak Abang kethip-kethip Baterei kari sethithik

Oranye Baterei lagi diisi daya. Tingkat baterei sedheng

Mriksa level baterei

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Babagan telpon > Status > Tingkat baterei.

Ngapikake kinerja baterei

Tips ngisor iki bisa nulung ngapikake kinerja baterei:

• Kerepa ngisi daya baterei piranti. Iki ora nggawa dampak tumrap jangka wektune baterei. • Ngundhuh data saka internet iku nganggo daya akeh. Yen lagi ora nggunakake internet,

sampeyan bisa ngirit daya kanthi mateni kabeh sambungan data sing liwat jaringan seluler. Setelan iki ora ngalangi piranti ngirim data liwat jaringan nirkabel liyane.

• Pateni sambungan Bluetooth® lan Wi-Fi® nalika sampeyan ora mbutuhake fitur-fitur iki. Sampeyan bisa nguripake lan mateni fitur-fitur iki kanthi luwih gampang saka panel Kabar kanthi nyeret mudhun garis status.

• Gunakake fitur mode STAMINA lan Mode baterei kari sethithik kanggo nyuda konsumsi daya baterei. Sampeyan bisa milih mode irit daya sing paling cocog karo cara panggunaan piranti sampeyan. Sampeyan uga bisa matutake setelan saben mode irit daya.

• Setel aplikasi sinkronisasi (digunakake kanggo nyelarasake email, tanggalan, lan kontak) kanggo nyelarasake kanthi manual. Sampeyan uga bisa nyelarasake kanthi otomatis, nanging bakal nambah interval sinkronisasi.

• Priksa menu panggunaan baterei ing piranti kanggo ndeleng aplikasi endi sing nggunakake daya paling akeh. Baterei nganggo daya luwih akeh nalika sampeyan nggunakake aplikasi video lan streaming musik, kayata YouTube™. Sawetara aplikasi sing diundhuh saka Google Play™ uga nganggo daya luwih akeh.

(14)

• Tutup lan metu saka aplikasi sing lagi ora digunakake. • Mudhunake level padhang tampilan layar.

• Pateni piranti utawa uripake setelan Mode pesawat yen sampeyan ana ing wilayah sing ora kalebu area jaringan. Yen ora, piranti bakal bola-bali nlusur cepet jaringan sing kasadhiya, lan iki nggunakake daya.

• Gunakake piranti tanpa nyekel asli saka Sony™ kanggo ngrungokake musik. Piranti tanpa nyekel nggunakake daya baterei luwih sethithik tinimbang spiker piranti iku dhewe. • Aktifake piranti ing siyaga kapan wae yen bisa. Wektu siyaga nuduhake wektu sajrone

piranti disambungake menyang jaringan lan lagi ora digunakake. • Pateni wallpaper urip apa wae.

Ngakses menu panggunaan baterei

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Manajemen daya > Panggunaan baterei kanggo ndeleng aplikasi endi sing diinstal sing paling akeh nggunakake daya baterei.

Nggunakake mode STAMINA

Nguripake fitur mode STAMINA kanggo nggawe ngaso sambungan Wi-Fi® , kiriman data lan sawetara aplikasi sing nganggo daya akeh nalika layar ora aktif. Nalika mode STAMINA aktif, sampeyan isih bisa nampa panggilan telpon, lan pesen teks lan pesen multimedia. Sampeyan uga bisa nyetel dhaptar aplikasi kanggo ngidini sawetara aplikasi tetep mlaku nalika layar ora aktif. Yen layar aktif maneh, kabeh fungsi sing ngaso terus urip.

Nguripake mode STAMINA

1 Seret mudhun garis status, banjur tutul . 2 Golek banjur tutul Manajemen daya.

3 Seret tandha geser sandhinge mode STAMINA nengen, banjur tutul Aktifake. katon ing garis status nalika mode STAMINA diuripake.

Mateni mode STAMINA

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya. 3 Tutul ing jejere mode STAMINA.

Nggenti setelan kanggo mode STAMINA

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya. 3 Kanggo mbukak menu setelan, tutul mode STAMINA. 4 Nambah utawa mbusak aplikasi, kaya sing dikepengini. 5 Yen wis rampung, tutul Rampung.

Ngira-ira wektu siyaga ing piranti

Wektu siyaga ngrujuk menyang jumlah wektu baterei bisa tahan yen piranti disambung menyang jaringan nanging lagi ora digunakake contone, kanggo nampa utawa nelpon. Mode STAMINA, yen diuripake, tansah ngetung wektu siyaga sing isih ana, sing bisa mawerna-wrna gumantung kepiye carane sampeyan nggunakake piranti. Mode

STAMINA luwih efektif kanggo ndawakake wektu siyaga yen layar piranti tetep kemunci. Yen sampeyan arang-arang ngunci layar, mbokmenawa sampeyan ora bisa ngerti pangapikan kinerja baterei.

Yen sampeyan lagi pisanan nggunakake piranti, wektu siyaga sing dikira-kira iku bisa uga ora akurat amarga durung ana riwayat panggunaan sadurunge.

Ndeleng wektu siyaga sing wis dikira-kira suwene

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

(15)

Nggunakake mode baterei Cendhek

Sampeyan bisa nguripake fitur Mode baterei kari sethithik kanggo irit daya yen level baterei cendhek. Fitur iki nulung sampeyan nyetel setelan kanggo padhang layar, kiriman data, lan fungsi kedher supaya sampeyan bisa nyuda panggunaan baterei.

Nguripake mode baterei Cendhek

1 Seret mudhun garis status, banjur tutul . 2 Golek banjur tutul Manajemen daya.

3 Seret nengen tandha geser ing jejere Mode baterei kari sethithik.

Mateni mode baterei Cendhek

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya. 3 Tutul ing jejere Mode baterei kari sethithik.

Nggenti setelan kanggo mode baterei Cendhek

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya.

3 Kanggo mbukak menu setelan, tutul Mode baterei kari sethithik. 4 Setel setelan kaya sing dikepengini.

5 Yen wis rampung, tutul .

Nggunakake layar demek

Lembar plastik pelindhung ditempelake ing layar piranti nalika sampeyan tuku piranti iku. Lembaran iki kudu diklethek sadurunge sampeyan nggunakake layar demek. Yen ora, layar demek ora bisa digunakake kanthi bener.

Nalika piranti urip lan dienengake sawetara wektu, layar dadi peteng kanggo ngirit daya baterei, lan ngunci kanthi otomatis. Kunci iki ngalangi tumindak tanpa kasengaja ing layar demek nalika sampeyan lagi ora nggunakake piranti. Sampeyan uga bisa nyetel kunci pribadhi kanggo njaga langganan lan pesthekake yen mung sampeyan sing bisa ngakses isi ing piranti.

Layar piranti sampeyan digawe saka kaca. Aja ndemek layar yen kaca retak utawa pecah. Aja njajal ndandani dhewe layar sing rusak. Layar kaca sentisif kena benturan lan goncangan mekanis. Rusak amarga sembrono ora dijamin dening layanan garansi Sony.

Mbukak utawa nyorot item

• Tunyuk item.

Nandhani pilihan

Kothak sing dicenthang Kothak sing ora dicenthang Urip

Mati

Nyenthang utawa mbusak pilihan

• Tutup kothak sing cocog utawa oper ing jejere jeneng pilihan.

Zoom

(16)

Ngatur ukuran

• Tempelake driji loro ing layar banjur ciutake bareng-bareng (kanggo nyilikake) utawa ambakake (kanggo nggedhekake).

Nalika sampeyan nggunakake driji loro ing layar kanggo ngatur ukuran, kuwi mau bisa ditindakake yen driji loro ana ing area sing bisa diatur ukurane. Yen sampeyan, umpamane, arep ngatur ukuran kanthi nggedhekake potret, priksa yen driji loro wis ana ing area pigura potret.

Nggulung

Gulung kanthi ngobahake driji menduwur utawa mengisor ing layar. Ing sawetara kaca web sampeyan bisa uga nggulung nyamping.

Nyeret utawa nggulung cepet ora bakal mengaruhi layar.

Nggulung

• Seret utawa gulung cepet driji menyang arah sing arep digulung ing layar.

(17)

Nggulung cepet

• Kanggo nggulung luwih cepet, geser cepet driji menyang arah sing dipengini ing layar. Sampeyan bisa ngenteni obahe nggulung nganti mandheg dhewe, utawa bisa dumadakan nyetop kanthi nunyuk layar.

Sensor

Piranti sampeyan nduweni sensor sing ndeteksi cahya lan jarak. Sensor cahya ndeteksi tingkat cahya sekitar banjur nyetel padhange layar sing cocog. Sensor jarak mateni layar demek sajrone telpon swara nalika kuping sampeyan cedhak layar. Iki ngalangi supaya ora sengaja ngaktifake sawetara fungsi piranti nalika sampeyan nelpon.

Nggunakake layar kemunci

Ing layar kemunci, sampeyan bisa muter trek, njupuk protret lan ngrekam video tanpa ngunci layar.

Njupuk potret saka layar kemunci

1 Kanggo nguripake layar, penet sedhela tombol daya .

2 Kanggo nguripake kontrol kamera, seret menyang sisih kiwa layar. 3 Tutul .

Ngaso trek audio saka layar kunci

1 Kanggo cepet ngaktifake layar, penet tombol daya sedhela wae. 2 Yen ditampilake kontrol pamuter musik, tutul .

Ngganti trek audio sing lagidiputer saka layar kunci

1 Kanggo cepet ngaktifake layar, penet tombol daya sedhela wae. 2 Yen ditampilake kontrol pamuter musik, tutul utawa .

Layar ngarep

Layar Ngarep iki minangka gateway menyang fitur utama ing piranti. Sampeyan bisa ngatur Layar Ngarep karo widget, trabasan, folder, tema, wallpaper lan item liyane. Ambane Layar Ngarep ngluwihi tampilan layar biasane, dadi sampeyan kudu nggulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo ndeleng konten ing kabeh panel layar Ngarep.

nuduhake bagean Layar Ngarep sing saiki dipanggoni. Sampeyan bisa nyetel salah siji panel minangka panel layar Ngarep, lan nambah utawa mbusak panel.

(18)

Item ing garis ing sisih ngisor layar tansah kasedhiya kanggo akses cepet.

Kanggo pindhah menyang layar Ngarep

• Pencet .

Kanggo nelusur layar Ngarep

• Gulung cepet nengen utawa ngiwa.

Nyetel panel minangka panel layar Ngarep utama

1 Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher. 2 Gulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo njlajah panel sing arep disetel

minangka panel layar Ngarep utama, banjur tutul .

Nambahake panel menyang layar Ngarep

1 Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher. 2 Gulung cepet ngiwa utawa nengen menyang panel jlajah, banjur tutul .

Mbusak panel saka layar Ngarep

1 Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher.

2 Gulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo njlajah panel sing arep dibusak, banjur tutul .

Widget

Widget yaiku aplikasi cilik sing bisa langsung digunakake ing Layar Ngarep. Contone, widget pamuter “WALKMAN” ngidini sampeyan miwiti muter musik kanthi langsung. Sawetara widget bisa diowahi ukurane, dadine sampeyan bisa nggedhekake kanggo ndeleng isi luwih akeh utawa nyilikake kanggo ngirit papan ing Layar Ngarep.

(19)

Nambahake widget menyang layar Ngarep

1 Demek terus area kothong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher, banjur tutul Widget.

2 Golek banjur tutul widget sing arep ditambahake.

Ngowahi ukuran widget

1 Demek terus widget nganti dadi gedhe lan piranti geter, banjur culake widget. Yen widget bisa diowahi ukurane, contone, widget Tanggalan, pigura sing disorot lan titik sing diowahi ukurane bakal katon.

2 Seret titik kasebut mlebu utawa metu kanggo nyilikake utawa nggedhekake widget.

3 Kanggo konfirmasi ukuran anyar widget, tutul ngendi wae ing Layar Ngarep.

Ngatur maneh layar Ngarep

Ngatur tampilan layar Ngarep lan ngganti fitur sing bisa diakses saka layar kasebut. Nggenti latar mburi layar, mindhah-mindhah item, gawe folder, lan tambah trabasan lan widget.

Pilihan Kustomisasi

Yen sampeyan demek terus area kosong in layar Ngarep, pilihan kustomisasi iki bakal katon:

Nambahake widget ing layar Ngarep. Nambahake aplikasi lan trabasan. Nyetel wallpaper ing layar Ngarep. Nyetel tema layar mburi.

Ndeleng pilihan pangaturan dhewe saka layar Ngarep

• Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher lan pilihan pangaturan dhewe katon ing sisih ngisor layar.

Nambahake trabasan menyang layar Ngarep

1 Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher. 2 Tutul Aplikasi > Trabasan.

3 Pilih trabasan.

Sampeyan bisa nambahake trabasan aplikasi langsung saka layar Aplikasi kanthi ndemek terus aplikasi kasebut.

Mindhah item ing layar Ngarep

• Demek terus item nganti dadi gedhe lan piranti kedher, banjur seret item menyang panggonan anyar.

Mbusak item saka layar Ngarep

• Demek terus sawijine item nganti dadi gedhe lan piranti geter, banjur seret item menyang .

Nggawe folder ing layar Ngarep

1 Demek terus lambang aplikasi utawa trabasan nganti dadi gedhe lan piranti kedher, banjur seret lan selehake ing ndhuwure lambang aplikasi utawa trabasan liyane.

2 Tik jeneng folder banjur tutul Rampung.

Nambah folder ing layar Ngarep

• Tutul terus sawijine item nganti dadi gedhe lan piranti geter, banjur seret item menyang folder.

(20)

Ngganti jeneng folder

1 Tunyuk folder kanggo mbukak.

2 Demek terus garis judhul folder kanggo nuduhake kolom Jeneng folder. 3 Ketik jeneng folder anyar banjur tunyuk Rampung.

Ngganti latar mburi layar Ngarep

Atur Layar Ngarep kanthi gaya sing dikarepake nggunakake macem-macem wallpaper lan tema.

Nggenti wallpaper layar Ngarep

1 Tutul terus bagian kosong ing Layar Ngarep nganti telpon kedher. 2 Tutul Wallpaper banjur pilih pilihan.

Nyetel tema layar Ngarep

1 Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher. 2 Tutul Irah, banjur pilih tema.

Yen sampeyan nggenti tema, ing sawetara aplikasi, latar mburi uga bakal digenti.

Njupuk potret layar

Sampeyan bisa njupuk gambar anteng ing layar apa wae ing piranti sampeyan minangka potret layar. Potret layar sing dijupuk kanthi otomatis disimpen ing Album gambar.

Njupuk potret layar

1 Tahan lan penet terus tombol daya lan tombol volume mudhun terus wae nganti sampeyan krungu swara klik.

2 Kanggo ndeleng potret layar, seret mudhun garis status nganti mentok.

Kanggo ngakses lan nggunakake aplikasi

Mbukak aplikasi saka trabasan ing Layar Ngarep utawa saka layar Aplikasi.

Layar aplikasi

Layar Aplikasi, sing dibukak saka Layar Ngarep, amot aplikasi sing wis pra-nstal ing piranti bebarengan karo aplikasi sing diundhuh.

Layar Aplikasi bisa ngluwihi ambane layar reguler, dadi sampeyan perlu nggulung cepet ngiwa lan nengen kanggo ndeleng kabeh isi.

Kanggo mbukak layar Aplikasi

• Saka Layar Ngarep, tunyuk .

Kanggo nelusur layar Aplikasi

• Saka layar Aplikasi, gulung cepet nengen utawa ngiwa.

Mbukak menu layar Aplikasi

• Nalika layar Aplikasi mbukak, seret pinggir kiwa layar menyang tengen.

Nggawe trabasan menyang aplikasi ing layar Ngarep

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Demek terus lambang aplikasi nganti layar kedher, banjur seret lambang menyang sisih ndhuwur layar. Layar Ngarep mbukak.

(21)

Mbukak lan nutup aplikasi

Kanggo mbukak aplikasi

• Saka Layar Ngarep utawa layar Aplikasi, tutul aplikasi.

Kanggo mindhah aplikasi

• Pencet .

Sawetara aplikasi dadi ngaso yen sampeyan menet kanggo metu, nanging aplikasi liyane bisa terus aktif ing latar mburi. Yen mengkono, liya wektu yen sampeyan mbukak aplikasi, sampeyan bisa nerusake sing ketundha. Elinga yen ing sawetara aplikasi sampeyan kudu mbayar biaya sambungan data nalika diuripake ing latar mburi, contone, layanan jaringan sosial.

Jendhela aplikasi sing bubar digunakake

Sampeyan bisa ndeleng lan ngakses aplikasi sing bubar digunakake saka jendhela iki.

Mbukak jendhela aplikasi sing mentas digunakake

• Penet .

Nggunakake app cilik

Saka jendhela aplikasi sing mentas digunakake, sampeyan bisa ngakses cepet sawetara app cilik kapan wae kanthi nggunakake garis app cilik. App cilik mung mbutuhake panggonan cilik ing layar. Sampeyan bisa interaksi nganggo app cilik lan aplikasi liyane bebarengan ing layar sing padha.

Mbukak garis aplikasi cilik

• Penet .

Mbukak app cilik

1 Kanggo ngatonake garis app cilik, penet . 2 Tutul app cilik sing arep dibukak.

Sampeyan bisa mbukak sawetara app cilik saknalika.

Nutup app cilik

• Tutul ing jendhela app cilik.

Mindhah app cilik

• Nalika app cilik mbukak, demek terus pojok kiwa ndhuwur app cilik kasebut, banjur pindhah menyang panggonan sing dipengini.

Nyilikake app cilik

• Nalika app cilik mbukak, demek terus pojok kiwa ndhuwur app cilik kasebut, banjur seret menyang pinggir tengen utawa pinggir ngisor layar.

Nata maneh aplikasi cilik ing garis aplikasi cilik

• Tutul terus aplikasi cilik tartamtu lan seret menyang posisi sing dipengini.

Mbusak aplikasi cilik saka garis aplikasi cilik

• Tutul terus aplikasi cilik tartamtu, banjur seret menyang njaba garis aplikasi cilik.

Mulihake app cilik sing wis dibusak

1 Bukak garis aplikasi cilik, banjur tutul .

(22)

Ngundhuh app cilik

1 Saka garis aplikasi cilik, tutul , banjur tutul lan tutul .

2 Goleki app cilik sing pengin sampeyan undhuh, banjur tindhakake instruksi kanggo ngundhuh lan ngrampungake instalasi.

Tambah widget minangka aplikasi cilik

1 Kanggo ngatonake garis aplikasi cilik, penet . 2 Tutul > > .

3 Milih widget.

4 Ketik jeneng kanggo widget, yen pentgin, banjur tutul OK.

Menu aplikasi

Sampeyan bisa mbukak menu kapan wae sampeyan nggunakake sawijine aplikasi. Menu katon beda-beda gumantung saka aplikasi sing digunakake.

Mbukak menu ing aplikasi

• Nalika nggunakake aplikasi, pencet .

Menu ora kasedhiya ing kabeh aplikasi.

Ngatur maneh layar Aplikasi

Mindhah-mindhah aplikasi mubeng ing layar Aplikasi miturut pilihan.

Ngatur aplikasi ing layar Aplikasi

1 Kanggo mbukak menu layar Aplikasi, seret pinggir kiwa layar Aplikasi menyang tengen.

2 Pilih opsi sing dipengini ing KATONAKE APPS.

Mindhah aplikasi ing layar Aplikasi

1 Bukak menu layar Aplikasi lan pesthekake yen Urutake dhewe dipilih ing KATONAKE APPS.

2 Demek terus aplikasi nganti dadi gedhe lan piranti kedher, banjur seret widget menyang panggonan anyar.

Mbusak instal aplikasi saka layar Aplikasi

1 Kanggo mbukak menu layar Aplikasi, seret pinggir kiwa layar Aplikasi menyang tengen.

2 Tutul Busak instal. Kabeh aplikasi sing ora bisa dibusak instale ditunduhake karo .

3 Tutul aplikasi sing pengin dibusak instal, banjur tutul Busak instal.

Status lan kabar

Garis status ing layar paling dhuwur ngatonake apa sing lagi aktif ing piranti. Ing sisih kiwa sampeyan entuk kabar yen ana sing anyar utawa sing lagi aktif. Contone, pesen anyar lan kabar tanggalan dikatonake ing kene. Sisih tengen ngatonake kekuwatan sinyal, status baterei, lan informasi liyane.

Panel kabar ngidini sampeyan nyetel setelan dhasar ing piranti, contone, Wi-Fi®,

Bluetooth®, kiriman data, lan swara. Sampeyan uga bisa mbukak menu setelan saka

(23)

Priksa kabar lan aktivitas sing lagi ditindakake

Sampeyan bisa nyeret garis status kanggo mbukak panel Kabar lan njupuk informasi liyane. Umpamane, sampeyan bisa nggunakake panel kanggo mbukak pesen anyar utawa ndeleng acara tanggalan. Sampeyan uga bisa mbukak sawetara aplikasi sing mlaku ing latar mburi, kayata pamuter musik.

Mbukak panel Kabar

• Seret mudhun baris status.

Kanggo nutup panel Kabar

• Seret munggah tab ing bagian ngisor panel Kabar.

Mbukak aplikasi sing mlaku saka panel Kabar

• Tutul lambang aplikasi sing mlaku kanggo mbukak.

Nolak kabar saka panel Kabar

• Selehake driji ing kabar banjur gulung cepet ngiwa utawa nengen.

Mbusak panel Kabar

• Saka panel Notifikasi, tunyuk Busak.

Setel piranti saka panel Kabar

Sampeyan bisa mbukak menu setelan saka panel Kabar kanggo nyetel setelan dhasar piranti. Contone, sampeyan bisa nguripake Wi-Fi®.

Mbukak menu setelan piranti saka panel Kabar

1 Seret mudhun garis status. 2 Tutul .

(24)

Nyetel setelan swara saka panel Kabar

1 Seret mudhun garis status. 2 Tutul .

Ngontrol fungsi Bluetooth® saka panel Kabar

1 Seret mudhun baris status. 2 Tutul .

Ngontrol fungsi Wi-Fi® saka panel Kabar

1 Seret mudhun garis status. 2 Tutul .

Nggawe bisa utawa ora bisa kiriman data saka panel Kabar

1 Seret mudhun garis status. 2 Tutul .

Menu Setelan

Ndeleng lan nggenti setelan piranti saka menu Setelan.

Ngakses setelan piranti

1 Saka Layar Ngarep, tutul . 2 Tutul Setelan.

Sampeyan uga bisa nyeret garis status undhuhan ing layar Ngarep banjur tutul kanggo ngakses setelan piranti.

Ngetik teks

Sampeyan bisa milih saka angka ing papan tombol lan cara input kanggo tik teks sing amot huruf, angka lan karakter liyane. Sampeyan bisa ngetik rong utawa telung basa Latin tanpa ganti keyboard. Keyboard internasional Xperia™ ndeteksi basa lan ngramal tembung nalika sampeyan ngetik.

Keyboard layar

Tunyuk tombol ing keyboard QWERTY sing ana ing layar kanggo ngetik. Sawetara aplikasi mbukak keyboard layar kanthi otomatis. Sampeyan uga bisa mbukak keyboard iki kanthi nutul kolom teks.

Nggunakake papan tombol layar

1 Genti huruf gedhe-cilik banjur uripake tombol huruf kapital. Kanggo sawetara basa, tombol iki digunakake kanggo ngakses karakter ekstra ing basa kasebut.

2 Nutup tampilan papan tombol layar. Cathet yen lambang iki ora katon ing mode ngadeg. 3 Tampilake nomer lan simbol.

(25)

4 Nggawe pribadhi papan tombol. Tombol iki ora katon sakwise papan tombol digawe pribadhi. 5 Tik spasi.

6 Penet tombol bali utawa konfirmasi input teks. 7 Busak karakter sadurunge kursor.

Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo ilustrasi lan ora kanthi nyata nggambarake piranti.

Nuduhake keyboard layar kanggo ngetik teks

• Tunyuk kolom entri teks.

Ndhelikake tombol layar

• Nalika tombol layar mbukak, tutul .

Nggawe pribadhi tombol layar

1 Bukak tombol layar, banjur tutul .

2 Turuti instruksi kanggo nggawe pribadhi tombol layar, contone, tandhani kothak centhang Tombol smiley.

Yen sampeyan ora menehi tandha ing kothak centhang Tombol smiley nalika nggawe pribadhi tombol layar, lambang smiley ora bakal katon.

Nggunakake tombol layar ing orientasi mujur nengen

• Nalika ngetik teks, puter piranti ing posisi miring.

Supaya papan tombol ndhukung fitur iki, mode mujur nengen kudu didhukung aplikasi sing digunakake, lan setelan orientasi layar kudu disetel dadi otomatis.

Ngetik teks nggunakake keyboard layar

• Kanggo ngetik karakter sing ana ing keyboard, tunyuk karakter kasebut.

• Kanggo ngetik karakter liyane, tutul terus karakter keyboard biasane kanggo entuk dhaptar pilihan sing kasedhiya, banjur pilih saka dhaptar. Umpamane, kanggo ngetik "é", tutul terus "e" nganti ditampilake pilihan liyane, banjur, kanthi tetep menet driji ing keyboard, seret lan pilih "é".

Ngalih antarane huruf kapital lan huruf cilik

• Sakdurunge sampeyan ngetik layang, tunyuk kanggo ngalih menyang baris ndhuwur , utawa sakwalike.

Ngaktifake huruf kapital

• Sadurunge ngetik tembung, tunyuk utawa nganti katon.

Ngetik angka utawa simbol

• Nalika ngetik teks, tunyuk . Bakal ditampilake keyboard angka lan simbol. Tunyuk kanggo ndeleng pilihan liyane.

Tik tandha waca sing umum

1 Yen wis rampung tik tembung, tutul bar spasi.

2 Pilih tandha waca saka bar calon. Tandha sing dipilih dilebokake sadurunge spasi.

Kanggo ngetik titik kanthi cepet, tutul bar spasi kaping pindho yen sampeyan wis rampung ngetik tembung.

Kanggo mbusak karakter

• Tunyuk kanggo nyeleh kursor sakwise karakter sing arep dibusak, banjur tunyuk .

Kanggo ngetik tombol bali

(26)

Milih teks

1 Tik sawetara teks, banjur tutul ping pindho teks mau. Tembung sing ditutul bakal disorot ing tab loro-lorone.

2 Seret tab ngiwa utawa nengen kanggo milih teks liyane.

Ngowahi teks ing orientasi mujur nengen

1 Tik sawetara teks, banjur tutul ping pindho teks sing ditik. 2 Pilih teks sing arep diowahi, banjur tutul Owahi... lan pilih pilihan.

Ngowahi teks ing orientasi ngadeg

1 Tik sawetara teks, banjur tutul ping pindho teks sing ditik kanggo ngatonake garis aplikasi.

2 Pilih teks sing arep diowahi, banjur gunakake garis aplikasi kanggo nggenti kaya sing dikarepake.

Baris aplikasi

1 Nutup baris aplikasi 2 Milih kabeh teks 3 Motong teks 4 Nyalin teks 5 Nempel teks

mung ditampilake yen sampeyan nyimpen teks ing clipboard.

Nggunakake fungsi Tulis gangsar kanggo nulis tembung

Sampeyan bisa nulis teks kanthi ngusapake driji saka huruf menyang huruf liyane ing tombol layar.

Tulis gangsar mung kasedhiya yen sampeyan nggunakake tombol layar.

Ngetik teks nganggo fungsi Tulis gangsar

1 Nalika keyboard layar ditampilake, geser driji saka aksara menyang aksara kanggo nglacak tembung sing arep ditulis.

2 Angkat driji sawise sampeyan rampung ngetik tembung. Tembung disaranake adhedhasar aksara sing dilacak. Yen perlu, pilih tembung sing bener ing garis calon.

3 Kanggo ndeleng pilihan liyane, gulung nengen utawa ngiwa ing garis calon tembung. Yen ora bisa nemokake tembung sing dipengini, tutul sepisan kanggo mbusak kabeh tembung, banjur coba maneh nglacak tembung, utawa tutul saben aksara kanggo ngetik tembung.

4 Yen setelan Spasi otomatis diuripake, lacak tembuk sabanjure sing pengin diketik. Yen ora, tutul spasi lan lacak tembung sabanjure sing pengin diketik.

Nggenti setelan Tulis gangsar

1 Nalika keyboard layar ditampilake, tutul .

2 Tutul , banjur tutul Setelan papan tombol > Setelan input teks.

3 Kanggo ngaktifake utawa mateni fungsi tulis Gangsar, centhang utawa busak centhang ing kothak Tulis gangsar.

(27)

Phonepad

Phonepad iku padha karo keypad telpon standar 12 tombol. Phonepad menehi pilihan input teks prediktif lan multitap. Sampeyan bisa ngaktifake cara input teks Phonepad liwat setelan keyboard. Phonepad mung kasedhiya ing orientasi mujur.

Nggunakake Tombol Telpon

1 Milih opsi input teks

2 Nggenti huruf gedhe-cilik lan nguripake tombol huruf kapital 3 Nampilake angka

4 Nampilake simbol lan smiley 5 Ngetik spasi

6 Ngetik tombol bali utawa konfirmasi input teks 7 Mbusak karakter sadurunge kursor

Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo ilustrasi lan ora kanthi nyata nggambarake piranti.

Mbukak Phonepad kaping pisanan

1 Tutul kolom entri teks, banjur tutul .

2 Tunyuk , banjur tunyuk Setelan papan tombol. 3 Tutul Tampilan papan tombol > Layout papan tombol. 4 Pilih Tombol telpon.

Tombol telpon mung bisa digunakake ing mode ngadeg.

Ngetik teks nggunakake Phonepad

• Nalika ditampilake ing Phonepad, tunyuk saben karakter mung sapisan, sanajan huruf sing dipengini dudu huruf kaping pisanan ing tombol kasebut. Tunyuk tembung sing ditampilake utawa tunyuk kanggo ndeleng saran tembung liyane banjur pilih saka dhaptar.

• Nalika ditampilake ing Phonepad, tunyuk tombol ing layar kanggo karakter sing pengin diketik. Penet terus nganti ditampilake karakter sing dipengini. Banjur tindakake padha kanggo karakter liyane sing pengin diketik.

Ngetik angka nggunakake Phonepad

• Nalika Phonepad mbukak, tunyuk . Phonepad angka bakal ditampilake.

Nyisipake simbol lan smiley nggunakake Phonepad

1 Nalika Phonepad mbukak, tunyuk . Ditampilake kothak karo simbol lan smiley. 2 Gulung munggah utawa mudhun kanggo ndeleng pilihan liyane. Tunyuk simbol

(28)

Setelan Keyboard lan Phonepad

Sampeyan bisa milih setelan kanggo keyboard layar lan Phonepad, kayata basa nulis lan koreksi otomatis.

Ngakses setelan tombol layar lan Phonepad

1 Nalika ngetik teks nggunakake tombol layar utawa Tombol telpon, tutul utawa .

2 Tunyuk , banjur tunyuk Setelan papan tombol.

Nambah basa tulis kanggo nulis teks

1 Nalika ngetik teks nggunakake tombol layar utawa Tombol telpon, tutul utawa .

2 Tutul , banjur tutul Setelan papan tombol.

3 Tutul Basa tulis banjur tandhani kothak centhang sing cocog. 4 Tutul OK kanggo konfirmasi.

Milih jinis layout keyboard

Jinis layout mung kasedhiya kanggo keyboard layar yen sampeyan milih rong utawa telung basa tulis lan bisa uga ora kasedhiya ing kabeh basa tulis.

1 Nalika ngetik teks nggunakake keyboard layar, tutul . 2 Tutul , banjur tutul Setelan papan tombol.

3 Tutul Basa tulis, banjur tutul . 4 Pilih jinis layout keyboard. 5 Tutul OK kanggo konfirmasi.

Setelan input teks

Nalika ngetik teks nggunakake keyboard ing layar utawa Phonepad, sampeyan bisa ngakses menu setelan input teks sing nulung sampeyan nyetel pilihan kanggo prediksi teks lan spasi otomatis. Misale, sampeyan bisa namtokake carane tembung dikoreksi nalika sampeyan ngetik.

Nggenti setelan input teks

1 Nalika ngetik teks nggunakake tombol layar utawa Tombol telpon, tutul utawa .

2 Tutul , banjur tutul Setelan papan tombol > Setelan input teks lan pilih setelan sing cocog.

Ngetik teks nggunakake input swara

Nalika ngetik teks, sampeyan bisa nggunakake fungsi input swara tinimbang ngetik. Sebutake tembung sing pengin sampeyan ketik. Input swara iku teknologi eksperimen saka Google™, lan kasedhiya kanggo sawetara basa lan wilayah.

Mbisakake input swara

1 Nalika ngetik teks nggunakake tombol layar utawa Tombol telpon, tutul utawa .

2 Tunyuk , banjur tunyuk Setelan papan tombol. 3 Centhang kothak Tombol ngetik swara Google.

4 Penet kanggo nyimpen setelan. Lambang mikropon katon ing tombol layar utawa tombol telpon.

Ngetik teks nggunakake input swara

1 Bukak keyboard layar utawa Phonepad.

2 Tutul . Yen muncul, sebutake teks sing arep diketik. Yen wis rampung, tutul maneh. Teks sing disaranake muncul.

(29)

Kustomisasi piranti

Sampeyan bisa nyetel setelan saperangan piranti supaya cocog karo kabutuhan. Contone, sampeyan bisa nggenti basa, nambah dering pribadhi, utawa nggenti padhange layar.

Nyetel volume

Sampeyan bisa nyetel volume nada dering kanggo telpon mlebu lan kabar uga kanggo muter maneh musik lan video.

Ngatur volume nada dering nganggo tombol volume

• Pencet tombol volume munggah utawa mudhun.

Ngatur volume pamuter media nganggo tombol volume

• Nalika muter musik utawa nonton video, pencet tombol volume munggah utawa mudhun.

Nyetel setelan swara

Sampeyan bisa nyetel setelan swara. Contone, sampeyan bisa nyetel piranti dadi mode bisu supaya bel ora muni nalika sampeyan lagi rapat.

Nyetel piranti ing mode kedher

• Penet tombol volume mudhun nganti katon ing garis status.

Sampeyan uga bisa menet terus tombol daya lan banjur tutul ing menu sing mbukak kanggo nyetel piranti dadi mode kedher.

Nyetel piranti ing mode bisu

1 Penet tombol volume nganti piranti kedher lan katon ing garis status. 2 Penet tombol volume maneh. katon ing garis status.

Sampeyan uga bisa menet terus tombol daya banjur nutul ing menu sing mbukak kanggo nyetel piranti sampeyan dadi mode bisu.

Nyetel piranti menyang mode kedher lan bel

1 Saka Layar Ngarep, tutul . 2 Golek banjur tutul Setelan > Swara.

3 Wenehi tandha ing kothak Kedher yen dering.

Tanggal lan wektu

Sampeyan bisa ngganti tanggal lan wektu ing piranti.

Nyetel tanggal kanthi manual

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Tanggal & wektu.

3 Busak tandha centhang ing kothak Tanggal & wektu otomatis, yen dicenthang. 4 Tutul Setel tanggal.

5 Setel tanggal kanthi nggulung munggah utawa mudhun. 6 Tutul Rampung.

Nyetel wektu kanthi manual

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Tanggal & wektu.

3 Busak tandha ing kothak Tanggal & wektu otomatis, yen wis dicenthang. 4 Tutul Setel wektu.

5 Gulung munggah utawa mudhun kanggo nyetel jam lan menit.

6 Yen cocog, gulung munggah kanggo nggenti am dadi pm, utawa kosok balene. 7 Tutul Rampung.

(30)

Nyetel zona wektu

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Tanggal & wektu.

3 Busak centhang ing kothak Zona wektu otomatis, yen dicenthang. 4 Tutul Pilih zona wektu.

5 Pilih salah siji.

Setelan nada dering

Nyetel dering

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Swara > Nada dering telpon. 3 Pilih nada dering.

4 Tutul Rampung.

Ngaktifake nada demek

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Swara.

3 Centhang kothak Nada demek dialpad lan Swara demekan.

Milih swara kabar

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek lan tutul Setelan > Swara > Swara kabar gawan. 3 Pilih swara sing arep diputer nalike ana kabar teka. 4 Tutul Rampung.

Setelan layar

Nyetel padhange layar

1 Seret mudhun garis status, banjur tutul > Tampilan > Padhang. 2 Seret panggeser kanggo ngatur padhange layar.

3 Tutul OK.

Suda level pepadhang kanggo nambah kinerja baterei.

Nyetel layar supaya kedher nalika didemek

1 Seret mudhun garis status, banjur tutul > Swara.

2 Centhang kothak Kedher yen demek. Saiki layar kedher yen sampeyan nutul tombol-tombol ing layar lan aplikasi tartamtu.

Ngatur wektu meneng sadurunge layar dipateni

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Tampilan > Turu. 3 Pilih salah siji.

Kanggo cepet mateni layar, penet tombol daya sedhela wae.

Setelan basa

Sampeyan bisa milih basa gawan kanggo piranti lan nggenti maneh basa mau liya wektu.

(31)

Nggenti basa telpon

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Basa & input > Basa. 3 Pilih salah sijine pilihan.

4 Tutul OK.

Yen sampeyan salah milih basa lan ora bisa maca teks menu, golek lan tutul . Banjur pilih teks ing jejere , lan pilih entri kapisan ing menu sing mbukak. Sampeyan banjur bisa milih basa sing dipengini.

Mode pesawat

Ing mode Pesawat, transceiver jaringan lan radio dipateni kanggo ngalangi gangguan ing peralatan sing sensitif. Nanging, sampeyan isih bisa main game, ngrungokake musik, nonton klip video lan isi liyane, anggere kabeh isi iki wis disimpen ing kertu memori utawa panyimpenan internal. Sampeyan uga bisa diwenehi kabar nganggo weker, yen weker wis diuripake.

Nguripake mode Pesawat nyuda panggunaan baterei.

Nguripake mode Pesawat

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Liyane.... 3 Wenehi tandha ing kothak Mode pesawat.

Sampeyan uga bisa menet terus tombol daya banjur pilih Mode pesawat ing menu sing mbukak.

Nggedhekake output swara

Sampeyan bisa nggedhekake output swara sing metu saka spiker ing piranti kanthi nggunakake fitur kayata Clear Phase™ dan teknologi xLOUD™.

Nggunakake teknologi Clear Phase™

Gunakake teknologi Clear Phase™ saka Sony kanggo nyetel kanthi otomatisl kwalitas swara sing metu saka spiker internal piranti lan swara dadi luwih alami lan resik.

Nggedhekake kwalitas swara spiker nggunakake Clear Phase™

1 Saka Layar Ngarep, tutul . 2 Golek banjur tutul Setelan > Swara. 3 Wenehi tandha ing kothak Clear Phase™.

Nguripake fitur Clear Phase™ ora ana pengaruhe tumrap aplikasi komunikasi swara. Contone, kwalitas swara ing telpon swara ora genti.

Nggunakake teknologi xLOUD™

Gunakake teknologi saring audio xLOUD™ saka Sony kanggo nggedhekake volume spiker tanpa ngorbanake kwalitas. Entuka swara sing luwih dinamis nalika ngrungokake lagu-lagi sing paling seneng.

Nggedhekake volume spiker nggunakake xLOUD™

1 Saka Layar Ngarep, tutul . 2 Golek banjur tutul Setelan > Swara. 3 Wenehi tandha ing kothak xLOUD™.

Nguripake fitur xLOUD™ ora ana pengaruhe tumrap aplikasi komunikasi swara. Contone, kwalitas swara ing telpon swara ora genti.

(32)

Memori

Sampeyan bisa nyimpen isi menyang panyimpenan internal piranti lan menyang kertu memori.

Kertu memori

Piranti ndhukung kertu memori microSD™, sing digunakake kanggo nyimpen isi. Jinis kertu iki uga bisa digunakake minangka kertu memori portabel nganggo piranti liya sing cocog.

Sampeyan bisa uga kudu tuku kertu memori kanthi kapisah.

Njabut kertu memori kanthi aman

Sampeyan bisa nyopot kertu memori saka telpon sakwayah-wayah nalika telpon

dipateni. Yen pengin nyopot kertu memori nalika telpon urip, sampeyan kudu njabel kertu memori dhisik sakdurunge nyopot saka telpon. Iki kanggo ngalangi supaya kertu memori ora rusak utawa data sing disimpen ing kertu memori ora ilang.

Medhot pasangan kertu memori

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Panyimpenan > Copot kertu SD.

Ngowahi format kertu memori

Sampeyan bisa ngowahi format kertu memori ing piranti, contone, kanggo mbebasake memori. Iki tegese sampeyan mbusak kabeh data ing kertu.

Kabeh isi ing kertu memori dibusak yen sampeyan ngowahi format kertu. Pesthekake yen sampeyan wis nggawe serep kabeh data sing pengin disimpen sadurunge ngowahi format kertu memori. Kanggo nggawe serep isi sampeyan bisa nyalin isi kasebut menyang komputer. Kanggo informasi liyane, waca bab Nyambungake piranti karo komputer ing kaca 97.

Nggunakake piranti tanpa nyekel

Gunakake aksesori sing disadhiyakake bareng karo piranti, utawa aksesori sing kompatibel liyane, supaya kinerja bisa optimal.

Nggunakake piranti tanpa nyekel

1 Sambungake piranti tanpa nyekel menyang piranti. 2 Kanggo njawab telpon, penet tombol jawab telpon. 3 Kanggo mungkasi telpon iki, penet tombol nangani telpon.

Yen piranti tanpa nyekel ora kalebu bareng piranti, sampeyan bisa tuku kapisah.

Yen sampeyan lagi ngrungokake musik, musik mandheg nalika sampeyan njawab telpon lan dibacutake maneh sawise sampeyan mungkasi telpon.

(33)

Setelan internet lan olahpesen

Kanggo ngirim pesen teks lan pesen multimedia lan kanggo ngakses internet, sampeyan kudu duwe sambungan data seluler lan setelan sing bener. Ana sawetara cara sing beda kanggo njupuk setelan iki:

• Kanggo umume jaringan seluler lan operator, setelan internet lan olahpesen wis diinstal sadurunge ing piranti. Sampeyan bisa wiwit langsung nggunakake internet lan kirim pesen.

• Ing sawetara kasus, sampeyan bakal diwenehi pilihan ngundhuh setelan internet lan olahpesen nalika sapisanan nguripake piranti. Sampeyan uga bisa ngundhuh setelan iki liya wektu saka menu Setelan.

• Sampeyan bisa nambah lan nggenti setelan internet lan jaringan kanthi manual ing piranti sawayah-wayah. Hubungi operator jaringan kanggo informasi rinci babagan setelan internet lan olahpesen.

Ngundhuh setelan internet lan olahpesen

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Xperia™ > Setelan Internet. 3 Tutul Tampa.

Mulihake setelan internet gawan

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Tutul Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Access Point Name. 3 Tutul .

4 Tutul Reset menyang gawan.

Access Point Name (APN)

APN digunakake kanggo masang sambungan data antarane piranti karo internet. APN nemtokake jinis alamat IP sing arep digunakake, cara pangamanan sing arep dianggo, lan sambungan tetep-pungkasan sing arep digunakake. Priksa yen APN migunani yen sampeyan ora bisa ngakses internet, ora ana sambungan data, utawa ora bisa ngirim utawa nampa pesen multimedia.

Ndeleng APN sing saiki

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile. 3 Tutul Jeneng Jalur Akses.

Yen sampeyan nduwe sawetara sambungan sing kasedhiya, sambungan jaringan sing urip bakal dituduhake nganggo tandha centhang.

Nambah setelan internet kanthi manual

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Jeneng Jalur Akses. 3 Tutul .

4 Tutul APN anyar.

5 Tutul Jeneng banjur tik jeneng profil jaringan sing arep digawe. 6 Tutul APN banjur tik jeneng jalur akses.

7 Tik kabeh informasi sing dijaluk dening operator jaringan. 8 Tutul , banjur tutul Simpen.

Ngontrol panggunaan data

Sampeyan bisa tetep nglacak jumlah data sing dikirim menyang lan saka piranti liwat data seluler sampeyan utawa sambungan Wi-Fi® sajrone wektu tartamtu. Contone, sampeyan bisa ndeleng jumlah data sing digunakake dening aplikasi individu. Kanggo data sing dikirim liwat sambungan data seluler, sampeyan uga bisa nyetel panggunaan bebaya lan watesan kanggo nyingkiri prabeya tambahan.

Nyetel setelan panggunaan data bisa nulung supaya sampeyan tetep luwih bisa ngontrol panggunaan data nanging ora bisa njamin prabeya ora tambah.

(34)

Ngakses setelan panggunaan data

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Panggunan data.

Nguripake utawa mateni kiriman data

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Panggunan data.

3 Kanggo nguripake utawa mateni kiriman data, tutul tombol urip-mati ing sandhinge Lalu lintas data seluler.

Sampeyan uga bisa nguripake utawa mateni kiriman data kanthi menehi utawa busak tandha ing kothak centhang Lalu lintas data seluler ing bab Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

Nyetel bebaya panggunaan data

1 Pesthekake yen kiriman data wis diuripake. 2 Seret mudhun garis status, banjur tutul . 3 Golek banjur tutul Panggunan data.

4 Kanggo nyetel tingkatan bebaya, seret garis bebaya menyang angka sing

dikepengini. Sampeyan nampa kabar bebaya nalika jumlah kiriman data nyedhaki tingkatan sing disetel.

Nyetel watesan panggunaan data

1 Pesthekake yen kiriman data wis diuripake. 2 Seret mudhun garis status, banjur tutul . 3 Golek banjur tutul Panggunan data.

4 Wenehi tandha ing kothak Setel watesan data seluler yen durung ditandhani, banjur tutul OK.

5 Kanggo nyetel watesan panggunaan data, seret garis menyang angka sing dikepengini.

Yen panggunaan data wis tekan watesan sing disetel, kiriman data ing piranti bakal mati kanthi otomatis.

Ngontrol panggunaan data aplikasi individu

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Panggunan data. 3 Golek banjur tutul aplikasi sing dikepengini.

4 Wenehi tandha ing kothak Watesi data latar mburi.

5 Kanggo ngakses setelan sing luwih spesifik kanggo aplikasi kasebut, tutul Deleng setelan aplikasi banjur genti sing dikepengini.

Setelan spesifik kanggo aplikasi ora mesthi bisa diakses.

Kinerja aplikasi individu bisa kena pengaruh yen sampeyan nggenti setelan panggunaan data sing gegandhengan.

Ndeleng data sing dikirim liwat Wi-Fi®

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Panggunan data.

3 Tutul , banjur wenehi tandha kothak Tampila. panggun. Wi-Fi yen durung diwenehi tandha.

4 Tutul tab Wi-Fi.

Setelan jaringan seluler

Piranti kanthi otomatis ngoper saka antarane jaringan seluler gumantung ing jaringan seluler apa sing kasadhiya ing wilayah kasebut. Sampeyan uga bisa kanthi manual nyetel piranti kanggo nggunakake tipe jaringan seluler tartamtu, contone, WCDMA utawa GSM.

(35)

Milih mode jaringan

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile. 3 Tunyuk Mode Jaringan.

4 Pilih mode jaringan.

Milih jaringan liya kanthi manual

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Operator jaringan. 3 Tutul Mode tlusuran > Manual.

4 Pilih jaringan.

Yen sampeyan milih jaringan kanthi manual, piranti ora bakal nggoleki jaringan liya, sanajan sampeyan pindhah menyang sanjabane jangkoan jaringan sing dipilih kanthi manual.

Nguripake pilihan jaringan otomatis

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Operator jaringan.

3 Tunyuk Mode tlusuran. 4 Tunyuk Otomatis.

Mateni lalu lintas data

Sampeyan bisa mateni kabeh sambungan data liwat jaringan seluler supaya ora ngundhuh data lan sinkronisasi sing ora dipengini. Hubungi operator jaringan yen mbutuhake informasi rinci babagan rencana langganan lan tarip lalu lintas data.

Nalika lalu lintas data dipateni, sampeyan isih bisa nggunakake sambungan Wi-Fi® lan Bluetooth®. Sampeyan uga bisa ngirim lan nampa pesen multimedia.

Mateni kabeh lalu lintas data

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile. 3 Busak centhang ing kothak Lalu lintas data seluler.

Roaming data

Sawetara operator jaringan ngidini sampeyan ngirim lan nampa data seluler nalika sampeyan roaming ing sak njabane jaringan asal. Disaranake supaya sadurunge mriksa tarip transmisi data sing gegandhengan.

Nguripake roaming data

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Liyane... > Jaringan mobile. 3 Wenehi tandha ing kothak Roaming data.

(36)

Google Play™

Miwiti Google Play™

Bukak Google Play™ lan mlebua ing donya aplikasi lan game. Sampeyan bisa nelusuri aplikasi lan game liwat sembarang kategori. Sampeyan uga bisa menehi rating aplikasi utawa game banjur ngirim saran.

Kanggo nggunakake Google Play™, sampeyan perlu nduwe akun Google™. Waca

Ngatur wiwitan akun Google™ ing piranti ing kaca 53.

Google Play™ bisa uga ora kasedhiya ing kabeh negara utawa wilayah. Yen ngundhuh konten menyang piranti, sampeyan bisa uga dikenani biaya kanggo sajumlah data sing ditransfer menyang piranti. Hubungi operator jaringan kanggo informasi babagan rencana lengganan lan biaya lalu lintas data sampeyan.

Kanggo Mbukak Google Play™

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk . 2 Temokake banjur tunyuk Play Store.

Ngundhuh saka Google Play™

Sampeyan bisa ngundhuh kabeh jinis aplikasi saka Google Play™, kalebu aplikasi gratis.

Sadurunge ngundhuh aplikasi

Sadurunge wiwit ngundhuh saka Google Play™, priksa manawa ana sambungan internet sing bisa digunakake.

Uga, elinga yen sampeyan bisa uga dikenani prabeya kiriman data nalika ngundhuh isi menyang piranti. Hubungi operator kanggo informasi liyane.

Ngundhuh aplikasi sing gratis

1 Ing Google Play™, golek item sing arep diundhuh kanthi nelusur kategori, utawa nggunakake fungsi telusur.

2 Tutul item kanggo ndeleng rincian, banjur turuti pandhuan kanggo ngrampungake panginstalan.

Ngundhuh aplikasi sing mbayar

1 Ing Google Play™, golek item sing pengin diundhuh kanthi njlajah kategori, utawa kanthi nggunakake fungsi tlusur.

2 Tutul item kanggo ndeleng rincian, banjur turuti instruksi kanggo ngrampungake tetukon.

Mbusak data aplikasi

Sampeyan kadhangkala bisa uga perlu mbusak data aplikasi. Iki bisa uga amarga, contone, memori aplikasi kebak, utawa sampeyan pengin mbusak skor game paling dhuwur. Sampeyan bisa uga pengin mbusak email mlebu, pesen teks lan multimedia ing sawetara aplikasi.

Mbusak kabeh cache aplikasi

1 Saka Layar Ngarep, tutul . 2 Temokake banjur tutul Setelan. 3 Tutul Aplikasi.

4 Tutul aplikasi sing kabeh cache-ne pengin dibusak. 5 Tutul Busak cache.

(37)

Mbusak aplikasi sing diinstal

1 Saka Layar Ngarep, tutul . 2 Temokake banjur tutul Setelan. 3 Tutul Aplikasi.

4 Pilih aplikasi sing pengin dibusak. 5 Tutul Busak instal.

Ora mungkin mbusak sawetara aplikasi sing wis diinstal.

Ijin

Sawetara aplikasi bisa uga butuh ngakses data, setelan, dan maneka fungsi ing piranti sampeyan supaya bisa temandang kanthi bener. Yen mengkono, aplikasi perlu ijin sing cocog saka sampeyan. Contone, aplikasi navigasi perlu ijin kanggo ngirim lan nampa kiriman data, uga ngakses panggonan sampeyan.

Sawetara aplikasi bisa uga nyalahi panggunaan ijin kanthi nyolong utawa mbusak data, utawa nglapurake panggonan sampeyan. Pesthekake yen sampeyan mung instal lan menehi ijin menyang aplikasi sing dipercaya.

Ndeleng idin aplikasi

1 Saka Layar Ngarep, tutul . 2 Temokake banjur tutul Setelan. 3 Tutul Aplikasi.

4 Tutul aplikasi sing dipengini.

5 Gulung mudhun kanggo ndeleng rincian ing Ijin.

Nginstal aplikasi sing dudu saka Google Play™

Nginstal aplikasi saka sumber sing ora dingerteni utawa ora dipercaya bisa ngrusak piranti. Kanthi gawan, piranti sampeyan disetel kanggo mblokir pamasangan sing kaya mengkono. Nanging, sampeyan bisa nggenti setelan iki lan ngidini pamasangan saka sumber sing ora dingerteni.

Sony ora menehi jaminan utawa garansi babagan kinerja aplikasi saka pihak katelu utawa isi sing dikirim liwat undhuhan utawa antarmuka liyane menyang piranti sampeyan. Kajaba iku, Sony ora tanggung jawab kanggo karusakan apa wae utawa sudane kinerja piranti amarga kanggo ngirim isi pihak katelu. Mung gunakake isi saka sumber sing dipercaya. Hubungi panyedhiya isi manawa sampeyan duwe pitakonan utawa uneg-uneg.

Ngidini panginstalan aplikasi sing dudu saka Google Play™

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Keamanan. 3 Centhang kothak Sumber ora dingerteni. 4 Tutul OK.

(38)

Nelpon

Telpon darurat

Piranti ndhukung nomer darurat internasional, contone 112 utawa 911. Biasane,

sampeyan bisa nggunakake nomer kasebut kanggo telpon darurat ing negara endi wae, nganggo utawa tanpa nglebokake kertu SIM yen sampeyan ana ing jangkoan jaringan.

Telpon nomer darurat

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk . 2 Temokake banjur tunyuk Telpon.

3 Ketik nomer darurat banjur tunyuk Telpon. Kanggo mbusak nomer, tunyuk .

Sampeyan bisa nelpon nomer darurat sanajan ora ana kertu SIM sing dipasang utawa yen telpon metu dialangi.

Telpon nomer darurat yen kertu SIM dikunci

1 Tunyuk Telpon darurat.

2 Ketik nomer darurat banjur tunyuk Telpon. Kanggo mbusak nomer, tunyuk .

Nangani telpon

Sampeyan bisa nelpon kanthi mencet nomer telpon sakcara manual, kanthi nutul nomer sing disimpen ing dhaptar kontak, utawa kanthi nutul nomer telpon ing layar cathet telpon. Sampeyan bisa gunakake fitur pencet cerdas kanggo golek nomer kanthi cepet saka dhaptar kontak lan cathet telpon.

Nalika sampeyan nelpon, mikropon utama piranti lan mikropon kaloro bebarengan nyuda gangguan lan swara ing latar mburi.

Aja nutupi mikropon kaloro nalika sampeyan lagi nelpon.

Nelpon kanthi mencet nomer

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk . 2 Temokake banjur tunyuk Telpon.

3 Ketik nomer panampa banjur tunyuk Telpon. Kanggo mbusak nomer, tunyuk .

Kanggo nelpon nganggo pencet cerdas

1 Saka Layar Ngarep, tutul . 2 Temokake banjur tunyuk Telpon.

3 Gunakake tombol angka kanggo ngetik hurup utawa angka sing cocog karo-kontak sing pengin ditelpon. Nalika sampeyan ngetik saben hurup utawa angka, daphtar sing cocog bakal katon.

4 Tutul kontak sing arep ditelpon.

Mungkasi telpon

• Tunyuk .

Telpon nomer internasional

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk . 2 Temokake banjur tunyuk Telpon.

3 Demek terus 0 nganti ditampilake tandha “+”.

4 Ketik kode negara, kode wilayah (tanpa 0), ketik nomer telpon, banjur tunyuk Telpon.

(39)

Njawab telpon

• Seret menyang sisih tengen layar.

Nolak telpon

• Seret mangiwa ngideri layar.

Nolak telpon kaloro

• Yen krungu suara bip bola-bali nalika lagi nelpon, tutul .

Ngganti volume speaker sajrone nelpon

• Pencet tombol volume munggah utawa mudhun.

Nguripake speaker sajrone nelpon

• Tunyuk .

Nggawe bisu mik sajrone nelpon

• Tunyuk .

Kanggo ngaktifake layar sajrone nelpon

• Penet sedhela .

Ngetik nomer sajrone nelpon

1 Sajrone nelpon, tutul . Papan tombol katon. 2 Tutul nomer sing pengin ditik.

Nggawe bisu nada dering kanggo telpon mlebu

• Nalika nampa telpon, pencet tombol volume.

Telpon pungkasan

Ing cathetan telpon, sampeyan bisa ndeleng telpon ora kejawab , telpon mlebu lan telpon metu .

Ndeleng telpon ora kejawab

1 Nalika ana telpon ora kejawab, katon ing bar status. Seret mudhun baris status.

2 Tutul Telpon ora kejawab.

Nelpon nomer saka cathetan telpon

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Telpon.Ditampilake cathetan telpon ing sisih ndhuwur layar.

3 Kanggo nelpon nomer kanthi langsung, tutul nomere. Kanggo ngowahi nomer sadurunge nelpon, demek terus nomer kasebut, banjur tutul Owahi nomer sadurunge telp.

Sampeyan uga bisa nelpon nomer kanthi nutul > Telpon balik.

Nambahake nomer saka cathetan telpon menyang kontak

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Telpon.Ditampilake cathetan telpon ing sisih ndhuwur layar.

3 Demek terus nomer kasebut, banjur tutul Tambah menyang Kontak. 4 Tutul kontak sing dipengini, utawa tutul Gawe kontak anyar.

(40)

Surat swara

Yen langganan sampeyan klebu layanan surat swara, panelpon bisa ninggalake pesen swara nalika sampeyan ora bisa njawab nelpon. Nomer layanan surat swara biasane disimpen ing kertu SIM. Yen ora ana, sampeyan bisa njaluk nomer saka panyedhiya layanan lan ngetik kanthi manual.

Ngetik nomer surat swara

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Setelan telpon > Surat swara >Setelan surat swara > Nomer surat swara.

3 Ketik nomer surat swara. 4 Tutul OK.

Nelpon layanan surat swara

1 Saka Layar Ngarep, tutul . 2 Temokake banjur tunyuk Telpon. 3 Demek terus 1.

Telpon multi

Yen ngaktifake telpon tunggu, sampeyan bisa nangani sawetara telpon sekaligus. Yen diaktifake, sampeyan bakal nampa swara thit yen ana telpon liya mlebu.

Ngaktifake utawa mateni telpon tunggu

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Setelan tambahan. 3 Kanggo ngaktifake utawa mateni fungsi ngenteni telpon, tunyuk Telpon tunggu.

Njawab telpon liya lan nahan telpon sijine sing lagi aktif

• Yen krungu suara bip bola-bali nalika lagi nelpon, tutul .

Nelpon nomer kaloro

1 Sajrone nelpon, tutul .

2 Tik nomer panampa banjur tutul . Telpon kapisan ditahan.

Ngalih ing antarane sawetara telpon

• Kanggo ngalih menyang telpon liya lan nahan telpon aktif, tutul Ngalih menyang telpon iki.

Mungkasi telpon aktif lan bali menyang telpon sing ditahan

• Tunyuk Pungkasi telpon.

Telpon konferensi

Kanthi telpon konferensi utawa multi peserta, sampeyan bisa nggabung obrolan karo rong peserta utawa luwih.

Telpon konferensi

1 Sajrone nelpon, tutul .

2 Penet nomer peserta kaloro banjur tutul . Sawise peserta liyane njawab telpon, telpon saka peserta kapisan bakal ditahan.

3 Tutul kanggo nambahake peserta kaloro menyang telpon konferensi. 4 Kanggo nambah peserta nelpon liyane, baleni langkah 1 nganti 3.

Ngobrol kanthi pribadi karo peserta telpon konferensi

1 Sajrone telpon konperensi, tutul {0} peserta.

2 Tutul nomer peserta sing pengin diajak ngobrol kanthi pribadi.

(41)

Medhot peserta saka telpon konferensi

1 Sajrone telpon konferensi aktif, tunyuk tombol sing nuduhake nomer peserta. Contone, tunyuk 3 peserta yen ana telung peserta.

2 Tunyuk ing jejere peserta sing pengin dipedhot.

Mungkasi telpon konferensi

• Sajrone nelpon, tunyuk .

Setelan telpon

Ngalangi telpon

Sampeyan bisa ngalangi kabeh utawa kategori telpon mlebu lan telpon metu tartamtu. Nalika sapisanan nggunakake ngalangi telpon, sampeyan kudu ngetik PUK (Personal Unblocking Key) banjur ngetik sandhi anyar kanggo nguripake fungsi ngalangi telpon.

Ngalangi telpon mlebu utawa metu

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Blok telpon. 3 Pilih salah siji.

4 Ketik sandhi banjur tutul Aktifake.

Nolak telpon nganggo pesen

Sampeyan bisa nolak telpon nganggo pesen sing wis disetel sadurunge. Nalika sampeyan nolak telpon nganggo pesen sing kaya mengkono, pesen dikirim kanthi otomatis menyang panelpon lan disimpen ing piranti sampeyan.

Enem pesen wis disetel ing piranti. Sampeyan bisa milih saka pesen-pesen sing wis disetel iki, sing uga bisa diowahi yen perlu.

Yen arep nolak telpon kanthi pesen sing-wis disetel.

• Seret Tolak nganggo pesen munggah, banjur-pilih pesen.

Nolak telpon kapindho kanthi pesen sing wis disetel

• Nalika sampeyan krungu swara bip bola-bali sajerone nelpon, seret Tolak nganggo pesen munggah, banjur pilih pesen.

Ngowahi pesen sing digunakake kanggo nolak telpon

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek lan tutul Setelan > Setelan telpon > Tolak telpon nganggo pesen. 3 Tutul pesen sing pengin diowahi, banjur genti saperlune.

4 Yen wis rampung, tutul OK.

Nerusake telpon

Sampeyan bisa nerusake telpon, contone menyang nomer telpon liya, utawa menyang layanan panjawab.

Nerusake telpon

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Terusake telpon. 3 Pilih salah siji.

4 Ketik nomer sing pengin dienggo nerusake telpon banjur tunyuk Aktifake.

Mateni terusake telpon

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Terusake telpon. 3 Pilih opsi, banjur tutul Pateni.

(42)

Nuduhake utawa ndhelikake nomer telpon

Sampeyan bisa milih kanggo nuduhake utawa ndhelikake nomer telpon ing piranti panrima nalika sampeyan nelpon.

Nuduhake utawa ndhelikake nomer

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Setelan tambahan > ID panelpon.

Nomer Telpon Saluran Tetep

Yen wis nampa kode PIN2 saka panyedhiya layanan, sampeyan bisa nggunakake dhaptar Nomer Telpon Saluran Tetep (FDN) kanggo matesi telpon metu.

Ngaktifake utawa mateni telpon winates

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Nomer telpon tetep. 3 Tunyuk Aktifake telpon winates utawa Pateni telpon winates.

4 Ketik PIN2 banjur tutul OK.

Ngakses dhaptar panrima telpon sing dijawab

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Nomer telpon tetep > Nomer telpon tetep.

Referensi

Garis besar

Dokumen terkait

• Meningkatkan akses pendidikan menengah universal, terutama untuk masyarakat miskin dan daerah-daerah yang belum memiliki satuan pendidikan menengah.. • Meningkatkan

Berdasarkan hasil penelitian dan pembahasan dapat ditarik kesimpulan bahwa pelaku usaha kelompok milenial di sektor pariwisata memiliki persepsi yang baik dan sikap yang

Menurut peneliti hasil penelitian ini menunjukkan bahwa ada pengaruh pemberian massage terhadap peningkatan berat badan pada balita usia 3-5 tahun, terlihat dari

yang dikeluarkan pada bulan Nopember 1945 misalnya, secara tegas menyatakan tujuan  partai itu sebagai “mempertahankan kedaulatan Republik Indonesia dan agama Islam dan

Pemilihan Umum Anggota DPR, DPD, DPRD Provinsi dan DPRD Kabupaten/Kota Tahun 2014.

• Menyerahkan formulir pendaftaran disertai fotokopi surat baptis katolik dan fotokopi Kartu Keluarga kepada Pengurus Lingkungan serta kelengkapan lain yang tertera

Dalam situasi seperti ini, media bisa menjadi fasilitator yang membuat kita lebih akrab satu sama lain yang membangkitkan persepsi baru sebagai keluarga yang

Sampel diambil berdasarkan metode purposive sampling dengan kriteria: (1) Perusahaan yang terdaftar secara berturut-turut pada periode tahun 2008-2012; (2)