• Tidak ada hasil yang ditemukan

SOAL PAS BHS. JAWA KELAS 7 - KAMIMADRASAH

N/A
N/A
tedy tofan

Academic year: 2023

Membagikan "SOAL PAS BHS. JAWA KELAS 7 - KAMIMADRASAH"

Copied!
24
0
0

Teks penuh

(1)

Pilihen salah siji wangsulan sing paling bener!

Agrowisata Kebun Teh Wonosari minangka salah satunggaling papan wisata kang asri ana ing wewengkon Kutha Malang. Dumunung kira kira 6 km saka Lawang lan 30 km saka

Malang, ana ing lerenge Gunung Arjuna, mula hawane adhem

1. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....

A. Kolaborasi B. Idhentifikasi C. Klasifikasi

D. Deskripsi bageyan

Ing Coban randa saliyane banyu anjlog akeh wahana wisata kang bisa kita temoni kayata : kebun satwa lan kebon woh - wohan, taman labirin kanggo wahana dolanan goleki dalan, papan kanggo outbond uga ana, ana kuliner utawa café lan uga ana hunting foto.

2. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....

A. Idhentifikasi B. Kolaborasi C. Klasifikasi

D. Deskripsi bageyan

Ana ing papan wisata Jatim Park iku bisa ditemokake maneka warna wahana kanggo dolanan, kayata : kreta kelinci, bom-bom car, tornado, labirin lan sapanunggalane kang bisa gawe para wisatawan iku kasengsem marang papan panggonan kasebut.

3. Paragraf ing dhuwur kalebu struktur teks deskripsi yaiku ….

A. Idhentifikasi B. Klasifikasi C. Kolaborasi

D. Deskripsi bageyan

Sampun setunggal taun anggenipun kula ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki 4. Tembung “kawruh” ing ndhuwur kalebu tembung

….

A. Aran B. Kriya C. Wilangan D. Katrangan

kamimadrasah.id

PENILAIAN AKHIR SEMESTER 1 BAHASA JAWA KELAS 7 MTS

(2)

6. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….

A. Cara B. Wektu C. Upaya D. Panggonan

Esuk umun umun para kadhang tani tumandhang gawe menyang sawah, padha sayuk rukun makarya ing sawah kanthi sengkud, ana kang macul, ana kang ngresiki gulma, ana sing mupuk lsp, supaya nalika mangsa panen, asil panen apik lan nyenengake.

7. Tembung “ macul, ngresiki lan mupuk “ kalebu tembung ….

A. Wilangan B. Kahanan C. Panyilah D. Kriya

Adikku nggawa buku Basa Jawa kanggo sinau

8. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….

A. Upaya B. Wektu C. Tujuan D. Panggonan

Para pangunjung yen kepengin lunga menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.

9. Saka ukara ing ndhuwur, kang kalebu tembung ancer-ancer yaiku tembung ....

A. Menyang B. Sendhang biru C. Para pengunjung D. Kendaraan umum 1. Aku tuku gula ing pasar

2. Kula tumbas gendhis wonten ing peken 3. Kula mundhut gula ing peken

4. Kula mundhut gendhis ing peken

10. Ukara ing dhuwur kang kalebu basa ngoko lugu yaiku nomer ….

A. 1 B. 2 C. 3 D. 4

Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik.

11. Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….

A. Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik

B. Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik

C. Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.

(3)

D. Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut Batik

Gunung Arjuna yen didheleng saka kutha Malang mligine tlatah Singosari katon ijo royo royo, ing lembah utawa kaki gunung kaya kaya astane satria kang gagah prakosa njaga alam ing sakiwa tengene.

12. Miturut tata rakite utawa jenise tembung, tembung “saka” kalebu tembung ancer ancer amarga tembung saka ….

A. Sesulihing Gunung Arjuna

B. Nerangake kaendahan ing Gunung Arjuna C. Kanggo nerangake pangrasa ndheleng

Gunung Arjuna

D. Kanggo nyambung tembung di dheleng karo Kutha Malang

Minangka salah sawijining papan wisata ing Jawa Wetan, dumunung ing kutha Blitar kalebu wisata budaya / cagar budaya.

Manggon ana ing sangisore Gunung Kelud.

Ing sakupenge tinemu reca ( arca ) peninggalan saka kerajaan Kediri.

13. Wisata ing dhuwur nyritakake ….

A. Pesisir Ngliyep B. Kampung Coklat C. Candi Penataran D. Pesarean Bung karno

Telaga Sarangan iku dununge ing sakulone kutha Magetan, kurang luwih 16 km saka kutha.

14. Tembung kurang luwih yen karunut miturut macane nggunakake swara ….

A. U jejeg, A jejeg, U jejeg, I miring B. U jejeg, A miring, U jejeg, I jejeg C. U miring, A miring, U jejeg, I jejeg D. U miring, A jejeg, U jejeg, I miring

Mbah Sastra duwe pekarangan kang amba banget, dhewekke seneng ngingu kewan, akeh maneka warna kewan kang ana ing pekarangan kayata : sapi, wedhus, kebo, pitik, kelinci, bebek, menthog.

15. Manut teks ing dhuwur tembung kang nganggo swara miring yaiku ….

A. Sapi B. Kebo C. Kelinci D. Wedhus

Sawise lulus saka STOVIA, Dr Soetomo banjur nerusake perjuwangane ing Kutha Surabaya. Liwat organisasi Budi Utomo. Dr.

Soetomo uga ngedegake organisasi putri Mardika, yaiku sawijine organisasi kewanitaan kang nerbitake ariwarti Darma Kandha, sawijining surat kabar kang digunakake kanggo propaganda merjuwangake kamardikan.

16. Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur bageyan ….

A. Surasa B. Wasana C. Pambuka D. Idhentifikasi

1. Wekasan Riwayate

2. Perjuwangan lan lelabuhan 3. Riwayat Pakaryan

4. Asal Usul tokoh

5. Anugrah kang diterima

17. Pranyatan nomer … lan … ing dhuwur kalebu isi panutup / wasana teks profil.

A. 2 lan 3 B. 1 lan 5 C. 2 lan 4 D. 1 lan 3

Tokoh iki salah sawijining tokoh ing bal balan ( sepak bola ) kang ana ing Negara

Indonesia dhewekke nalika dadi pemain bal- balan iku dadi kapten kang kasil gawa tim Indonesia dadi juwara ngrebutake piala AFF tahun 2013 Saka watake kang teges lan disiplin, mimpin kanca kancane dadi tim kang kuat lan bisa dibanggaake.

18. Paraga utama crita ing dhuwur yaiku ….

A. Evan Dimas B. Lionel Messi C. Antony Ginting D. Valentino Rossi

Lelabuhanipun Bung Hatta kangge Negara Indonesia kathah sanget, piyambakipun aktif wonten organisasi kepemudaan, salah satunggaling perjuwangan saking Bung Hatta inggih menika dados wakiling bangsa Indonesia ana ing Perundingan yaiku Konferensi Meja Bundar kang dianakake ing negari Walanda kang isine nyuwun datheng negara ing donya lan negri Walanda kedaulatan Indonesia amargi bangsa Walanda iku melu ngatur pemerintahan Indonesia kamangka Indonesia wis mardika. Saliyane iku Bung Hatta uga gadhah jejuluk yaiku Bapak Koperasi Indonesia amarga kiprahipun kangge kesejahteraan lan kemakmuran masyarakat damel koperasi.

19. Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur bageyan ….

A. Surasa B. Wasana C. Pambuka D. Idhentifikasi

kamimadrasah.id

(4)

1. Wingi Dina nyilih buku ceritamu amarga dewekke seneng

2. Potlote apa wis kokbalekake 3. Payunge digawa bapak

4. Amarga kowe bali dhisik dadi tasmu dakgawakna

20. Tembung – tembung kang kawuwuhan ater-ater anuswara yaiku ….

A. Nyilih B. Digawa C. Dakgawakna D. Kokbalekake

21. Kang diarani pahlawan / tokoh iku minangka salah sawijining paraga kang bisa dadi patuladhan uga duweni gegayuhan marang nusa lan bangsa. Piyambakipun mimpin perang gerilya ing jaman penjajahan Walanda. Gambar ing ngisor iki tuladhane paraga kang melu nyengkuyung kanggo kamardikan Indonesia yaiku ….

A. B.J. Habibie B. Gajah Mada C. Jendral Sudirman D. Drs, Mohammad Hatta

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 22 lan 23!

Bu Lastri priyantun saking Ngayogyakarta, piyambakipun remen marang budaya Jawi mligine wonten ing nembang, yen nembang swantenipun sae.

22. Tembung “ nembang “ yen karunut pikantuk ….

A. Seselan ( N ) B. Sisipan ( in ) C. Ater ater ( N ) D. Ater ater ( Ny )

23. Pakaryan ( penggawean ) bu Lastri inggih menika ….

A. Niyaga B. Sinden C. Dalang D. Waranggana

Ing Tahun 2004 ing Negara Yunani dianakake pesta olahraga kang disengkuyung dening para atlit sadonya, ana salah sawijining paraga saka Negara Indonesia kang antuk juwara ing olahraga badminton yaiku Taufik Hidayat.

24. Taufik Hidayat uga sinebut pahlawan amarga

….

A. Nyiptakake teknologi

B. Berjuwang mbela kamardikan C. Berjuwang ing pendhidhikan

D. Kasil gawa medali emas ing olimpiade Kaprigelane nggunakake biola nuwuhake cipta lagu kayata Indonesia Raya, Di Timur

Matahari lan sapanunggalane. Saka kuwi dheweke banjur diwenehi anugrah Pahlawan Nasional.

25. Tembung “kaprigelane“ ing dhuwur nduweni teges ….

A. Pakaryane B. Sakbenere C. Irah irahane D. Ketrampilane

Sanajan Punakawan (Semar, Gareng, Petrok lan Bagong iku dadi batur lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya sing duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti sing ditindakake. Punakawan sing jujur, prasaja lan ora neka-neka.

26. Crita wayang ing dhuwur nuduhake unsur ....

A. Latar B. Tokoh C. Watak tokoh D. Pesen/ amanat

KARNA TANDHING

Perang Bharatayuda tambah dina ora mendha, ananging tansaya sengit lan nggegirisi. Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging isih luwih akeh sing ora karukti. Ambune anyir ludirane para prajurit campur bangere bathang kewan tunggangane.

27. Perang Bharatayuda yaiku perang antarane ....

A. Bharata lan Yuda B. Pandhawa lan Karna C. Kurawa lan Karna D. Pandhawa lan Kurawa Wacanen dialog ing ngisor iki!

Anak: Assalamualaikum

Ibu : Waalaikumsalam, piye kabarmu Nak ?”

Anak : Alhamdulillah, kabar sae Bu.”

Ibu : Sliramu apa wis mangan, Nak ?”

Anak : ...

1. Manut unggah-ungguhe, ukara sing bener kanggo mangsuli pitakone Ibu yaiku ....

A. Wis, Bu, mau isuk aku wis mangan.

B. Wis, Bu, wau enjing kula wis nedha.

C. Sampun, Bu, wau enjing kula sampun dhahar.

D. Sampun Bu, kalawau enjing kula sampun nedha.

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 29 lan 30!

(5)

Ninggal Arjuna sing atetawang tangis sinambi mbopong kunarpana Sang Adipati Karna tumuju pakuwone Pandawa.

Kunarpane Adipati Karno karukti dening para kadang Pandawa kairing donga puji. Iku minangka bukti yen tali paseduluran apa maneh tunggal bapak lan ibu ora bakal bisa kapisah lan pedhot kerana urusan donya.

28. Teks narasi ing nduwur kalebu struktur .…

A. Klimaks B. Resolusi C. Reorientasi D. Koda/ amanat

29. Dudutan/ kesimpulan sing bisa dijupuk saka paragraf ing nduwur njelasake nilai .…

A. Unggah-ungguh B. Tata krama C. Budi pekerti D. Sopan santun

1. Orientasi 2. Resolusi 3. Komplikasi 4. Klimaks 5. Reorientasi 6. Koda/ amanat

30. Urutan struktur teks narasi ing ndhuwur kang baku yaiku ….

A. 1 – 3– 2 – 4 – 5 - 6 B. 2 – 6 – 4 – 1 – 5 - 3 C. 3 – 4 – 1 – 5 – 6 - 4 D. 1 – 3 – 4 – 2 – 5 – 6

“Ing sakjabane padhepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing sisih wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa Surya ing sanggar pamujan..

……”

31. Paragraf ing dhuwur yen dideleng saka struktur teks narasi kalebu bagean ....

A. Klimaks B. Orientasi C. Resolusi D. Komplikasi

”Menawi makaten Kakang Adipati Karna, monggo enggal karampungaken jejibahan punika.” Arjuna atur sembah lan sumadiya nyengklak kreta perang, semono uga Adipati Karna.

32. Miturut struktur teks narasi, paragraf ing dhuwur kalebu bagean ....

A. Orientasi B. Resolusi

C. Komplikasi D. Koda/ amanat

Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis (dicepaki) ubarampene (kelengkapan) sesembahan, mapag

sumoroting sang bagaskara ing sisih wetan.

33. Tembung sang bagaskara tegese ....

A. Bumi B. Lintang C. Rembulan D. Srengenge

Para pahlawan rela ngorbanake jiwa raga kanggo bangsa lan negara Indonesia.

34. Tembung jiwa raga kalebu jinise tembung ....

A. Entar B. Garba C. Saroja D. Dasanama

Pantai Pelang endahe pancen kondhang Pantai Prigi bisa andudut ati.

35. Tembung andudut ati kalebu tembung ….

A. Purwakanthi B. Tembung entar C. Tembung saroja D. Tembung dasanama

Pak Kardi pingget atine jalaran wis diapusi putrane dhewe.

36. Tembung pingget atine tegese ....

A. Sabar B. Nangis C. Jengkel D. Lara atine

Crita wayang kulit lan wayang wong pada, mung beda paragane/ tokoh. Lakone jupuk saka kitab Mahabarata utawa Ramayana.

Salah sawijine paraga (tokoh) yaiku Pandhawa

37. Kang diarani panengahe Pandhawa yaiku ....

A. Bima B. Arjuna C. Sengkuni D. Duryadana

Tembung kang gunane kanggo ngurmati wong sing diajak omong-omongan, yaiku:

1. Wong sing durung kenal

2. Wong enom marang wong tuwa 3. Wong sing luwih dhuwur drajat lan

pangkate

kamimadrasah.id

(6)

38. Manut unggah-ungguh basane katrangan ing nduwur kalebu basa ....

A. Krama alus B. Krama lugu C. Ngoko alus D. Ngoko lugu

Tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 40 – 43!

YEN ING TAWANG ANA LINTANG (Pangripta: Anjar Any) Yen ing tawang ana lintang, cah ayu Aku ngenteni tekamu

Marang mega ing angkasa, nimas Sun takokne pawartamu

Janji-janji aku eling, cah ayu Sumedhot rasane ati

Lintang-lintang ngiwi-ngiwi, nimas Tresnaku sundhul wiyati

Reff: Dhek semana janjimu disekseni Mega kartika kairing rasa tresna asih Yen ing tawang ana lintang cah ayu Rungokna tangising ati

Binarung swarane ratri, nimas Ngenteni mbulan ndhadhari

39. Cakepan tembang kreasi ing dhuwur awujud ….

A. Langgam B. Panembrama C. Tembang dolanan D. Tembang macapat

40. Temane cakepan tembang ing dhuwur yaiku ....

A. Katresnan B. Kaendahan C. Perjuangan D. Pendidikan

41. Tembung ‟lintang‟ saka pethikan cakepan tembang ing dhuwur dasanamane ....

A. Kartika

B. Rembulan C. Panggonan D. Awang-awang

42. Tembang ing dhuwur migunakake purwakanthi guru swara. Ukara kang nuduhake purwakanthi guru swara, yaiku ….

A. Rungokna tangisan ati B. Yen ing tawang ana lintang C. Janji-janji aku eling, cah ayu D. Dhek semana janjimu disekseni Yo para kanca dolanan ing njaba Padhang mbulan padhange kaya rina Rembulane kang awe-awe

Ngelingake aja turu sore 43. Tembung “rembulan” tegese ....

A. Candra B. Kartika

C. Panggonan D. Awang-awang

Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik.

44. Tembung ing ndhuwur kalebu purwakanthi ….

A. Guru lagu B. Guru basa

C. Guru swara D. Guru sastra

Tindak-tanduk lan tutur kang kalantur, tamtu katula-tula katali, bakal kacatur, katutuh, kapatuh, pan dadi awon.

45. Rakitaning tetembungan ing nduwur diarani ….

A. Purwakanthi guru lagu B. Purwakanthi lumaksita C. Purwakanthi guru swara D. Purwakanthi guru sastra

Semaken irah-irahan/ judul tembang ngisor iki!

- Cidra

- Caping Gunung - Suwe Ora Jamu - Stasiun Balapan - Cublek-cublek Suweng - Gundhul-gundhul Pacul - Yen ing tawang ana lintang

46. Tembang ing nduwur kang kalebu tembang dolanan yaiku ....

A. Cidra, suwe ora jamu

B. Stasiun balapan, caping gunung

C. Cublak-cublak suweng, gundhul-gundhul pacul

D. Yen ing tawang ana lintang, cublak-cublak suweng

Semaken ukara ngisor iki!

1. Tatune methunthung mentheng-mentheng.

2. Anggonmu golek rejeki aja brangasan, sing penting sluman, slumun, slamet.

3. Bagas iku pancene ndablek ditimbali ibune inggah-inggih nanging ora kepanggih.

4. Jaman saiki golek jodho ora bisa ngawor, kudu didheleng babat, bibit, bobot, bebete.

47. Ukara nomer … lan ... migunakake purwakanthi guru sastra.

A. 2 lan 3 B. 4 lan 2 C. 3 lan 1 D. 1 lan 4

48. Gamelan sing diunekna bareng-bareng kanthi cara sing bener bakal ndadekna suara kang enak dirungakno. Gamelan nduweni ... titi laras.

A. 1 macem B. 2 macem C. 3 macem

(7)

D. 4 macem

Wacanen pacelathon/ dialog ing ngisor iki!

Irma : “ Ran, sesuk apa sida ulangan Basa Jawa?”

Rani : “ Sida Ir, apa kowe ora ngerti?”

Irma : “ Ora, jalaran aku pertemuan minggu kepungkur ora mlebu sekolah amarga lara.”

Rani : “ Yen ngono mengko sore sinau bareng bae ya Ir, ning omahmu.”

Irma : “ Ya, kebeneran aku mengko tak ngajak Sinta.”

Rani : “ Ya tak enteni tekamu, kae bel sekolah wis muni, ayo ndang mlebu kelas .”

49. Pacelaton/ dialog ing nduwur migunakake ragam basa ….

A. Ngoko lugu B. Krama lugu C. Krama alus D. Krama inggil

kamimadrasah.id

(8)
(9)

kamimadrasah.id

(10)
(11)

kamimadrasah.id

(12)
(13)

kamimadrasah.id

(14)
(15)

kamimadrasah.id

(16)
(17)

kamimadrasah.id

(18)
(19)

kamimadrasah.id

(20)
(21)

kamimadrasah.id

(22)
(23)

kamimadrasah.id

(24)

Referensi

Dokumen terkait

Selain pembelajaran dengan dibimbing oleh guru, siswa juga dapat belajar mandiri dengan mengerjakan Soal PAS Seni Budaya Kelas 8 Semester 1.. Soal ini disusun sebagai bahan

Bahan Soal UAS PAS PKn Kelas 6 Semester 1 dan Kunci JawabanKelas 6 Bahan Soal UAS PAS PKn Kelas 6 Semester 1 dan Kunci Jawaban Bahan contoh soal latihan ulangan UAS PAS pelajaran PKn

Jika dari 50 soal tersebut Fahmi menjawab 45 soal, dan ternyata benar 36 soal, berapakah nilai yang diperoleh Fahmi?. Operasi " * " berarti bagi bilangan pertama dengan bilangan kedua,

Kartu Soal Penilaian Akhir Semester (PAS) Akidah Akhlak Kelas 6

Kartu Soal Penilaian Akhir Semester (PAS) Bahasa Indonesia Kelas 5

NASKAH SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER PAS GANJIL Tahun Pelajaran 2023/2024 Satuan Pendidikan : MTs Negeri 12 Ciamis Mata Pelajaran : Bahasa Arab Kelas/Semester : VII /1 Hari dan

Soal Pas PSPTKR Semester 2 berisi pertanyaan tentang komponen dan jenis suspensi

Untuk mendekorasi kelas kita membutuhkan balon gabus warna dan juga pita hias Penggunaan tanda baca pada kalimat tersebut yang tepat adalah .... Untuk mendekorasi kelas, kita