• Tidak ada hasil yang ditemukan

Bersih Desa

Dalam dokumen 6. Modul PLPG Bahasa Jawa 2013 (Halaman 61-63)

LAGU KUDANGAN

D. Bersih Desa

Miturut dedongenganipun upacara barsih desa menika wonten gegayutanipun kaliyan cariyos utawi lelampahanipun Dewi Sri inggih menika dewining pangayoman, dewinipun pantun ingkang dados tedha baken tumraping tiyang Jawi. Mila nboten aneh menawi cariyosipun Dewi Sri menika sumebar kanthi wiyar tebanipun. wonten ing cariyos pewayangan tuwin ing cariyos masarakat ingkang ngrembaka kanthi lesan.

Wonten ing cariyos jaman kina, Dewi Sri asring pikantuk sesebatan Dewi Laksmi, Dewi Padma, Dewi Kumala tuwin Dewi Indhira. Dewi Sri dipun wastani dewi nasib, kasarasan tuwin kasulistyan. Dewi Sri manjalmi dados Dewi Sinta garwanipun Rama. Wonten cariyos ingkang langkung enem dados garwanipun Kresna sesilih Rukmini putrining nata negari Kundhina.

Ing cariyos serat Tantu Panggelaran ingkang dipun panggihaken rikala jaman Majapahit, dipuncariyosaken bab peksi klangenanipun Dewi Sri tuwin tuwuhipun pantun. Dewi Sri kagungan peksi ingkang kawastanan perkutut, puter, derkuku, tuwin dara wungu. Rikala peksi menika mencok wonten satunggaling pang, dumadakan dipungepyok dening Werti Kandhayan putranipun Werti Kandhihawan.Telihipun peksi menika bedhat, isinipun medal awujud gabah. Telihipun peksi perkutut isi gabah wosipun pethak, telihipun peksi puter isi gabah wosipun jene, dene telihipun peksi derkuku isi gabah wosipun abrit, tuwin telihipun peksi dara wungu isi gabah wosipun cemeng. Prabu Makukuhan, narendra ing nagari Purwacarita, mundhut gabah ingkang isi wos pethak, abrit, tuwin cemeng. Gabah warni tiga menika lajeng kadadosaken wiji, katanem, tangkar-tumangkar ngrembaka ngantos wekdal samenika. Mila ngatos sapriki ing tanah Jawi wontenipun inggih wos pethak, wos abrit, tuwin wos cemeng.Gabah ingkang isi wos jene katanem, thukul dados wit kunir. Ing upacara- upacara adat, kadhang kala mbetahaken uwos jene, umpaminipun menawi betah sekul punar. Uwos jene sok kangge sawur rikala ngusung kunarpa dhateng kramatan, ngluwari punagi, tuwin sapanunggalanipun.

Salah satunggaling carios rakyat nyariosaken menawi pantun menika asalipun tuwuh saking kunarpanipun Dewi Sri. Rikala Sri tuwin Sadana ngancik diwasa, kalih-kalihipun kesengsem, kepingin jejodhoan. Bathara Guru mboten marengaken, nanging Sadana adreng anggenipun badhe ndadosaken Dewi Sri jatukramanipun. Bathara Guru duka, kalih-kalihipun dipun sepatani, wasana pejah. Kunarpanipun Sadana kabucal dhateng seganten, nuwuhaken ulam tuwin kewan seganten. Kunarpanipun Dewi Sri kapetak ing siti dening Bathara Narada, wasana tuwuh tetuwuhan ingkang dipunwastani pantun. Tetuwuhan wau dipunopeni dening para tani ing Mendhang Kamulan.Tiyang ingkang pitados dhateng carios menika mestani menawi pantun menika jasatipun Dewi Sri. Kacarios Dewi Sri muksa minggah dhateng kawidadaren ing Kahyangan, dipunanggep dados pangayoman tuwin dewining pantun. Wonten upacara wiwit ingkang kalampah ing dinten ngajengaken methik pantun ingkang sepisan, dipunsaranani kanthi methik pantun sawatawis ingkang cacahipun ronggen ( wulen} miturut gunggung neptuning dinten. Ronggen pantun menika dipunenam utawi dipunklabang lamenipun,lan dipun tangsuli mawi lawe wenang. Anggenipun damel satunggal pasang, dipungandheng, dipunwastani Sri Sadana. Saumpami upacara wiwit dhawah dinten Rebo Pon, pantun ingkang dipunpethik kawanwelas rongge kaping kalih.Pantun ingkang dipunwastani Sri Sadana menika dipunemban mawi slendhang sutra utawi bathik, kaboyong

62

wangsul.Salajengipun pantun menika dipunpepe, dipunsimpen ing lumbung ing salebeting upacara minggah lumbung, tuwin dipunpething dados wiji pinilih.

Para maos, kaparenga ngambali perkawis sajen ing upacara Bersih Desa. Menawi naliti wujudipun samukawis ingkang kacawisaken kagem sajen kenging dipundudud, ingkang baken wujud sekul (sekul pethak, sekul punar, utawi sekul jene, sekul gurih utawi sekul wuduk), lelawuhan ingkang dipunolah saking wohing tetanen, mekaten ugi unjukan, dhedhaharan tuwin ubarampe sanesipun. Wujudipun sekul pethak ingkang dipunpetha piring mengkurep, dipunwastani sekul ambeng. Menika nggadahi suraos menawi wonten sambetipun kaliyan alangan utawi reribed. Tembung ambengan tegesipun alangan. Dene menawi wujud tumpeng, menika lambang ingkang gadhah suraos kapitadosan babakan sesambetanipun kawula tuwin Gusti. Dene menawi wujud golong utawi bal bunder, menawi ngemu suraos tuwin sedya ingkang sesambetan kaliyan golong giliking rembag ing paguyuban, pasederekan, lan sapanunggalipun Ubarampe sanesipun menika minangka kurban ingkang dipunwakili dhateng menapa ingkang kaangkat dados sajen.Ujubing sajen kacaosaken dhateng arwahipun para leluhur, arwahipun ingkang cikal bakal ing dusun menika, dhanyang ingkang mbaureksa desa lan sapanunggalipun. Bersih Desa ingkang rowa tuwin pagelaran ringgit purwa kanthi lampah Sri Sadana kaprah dipun remeni dening para petani lan kerep katindakaken wonten ing padusunan. Tiyang-tiyang pitados menawi Dewi Sri dewining pantun, dewining sandhang tedha, dewi pangayomaning para tani ingkang garap sabin tuwin tegal.

Kajawi Bersih Desa wonten malih upacara Ruwat Bumi tuwin Sesaji Gramawedha (Gramameda), ingkang ancas tujuannipun sami kaliyan acara Bersih Desa.Wonten sawatawis tiyang ingkang nganggep sami, nanging leresipun benten. Upacara menika limrahipun dipuntindakaken menawi ing dusun riku katrajang paceklik, awis sandhang tedha. Tiyang-tiyang mestani bilih perkawis menika satunggaling sapudhendha, amargi kathah tiyang ingkang lampah dursila, nggangu damel ingkang mbaureksa dhusun, lan sapanunggilanipun. Mila lajeng sami ngawontenaken sesaji kanthi pagelaran ringgip purwa. Wonten dhusun limrahipun mendhet carios Sri Bibit.

Wonten malih upacara ingkang satunggaltleraman kados Bersih Desa. Ing basa Jawi kino tembung dusun saget tegesipun laladan (dhaerah,wilayah). Wilayah ingkang jembar kenging dipunwastani negari.Upacara sesaji ingkang ancasipun kangge ngresiki negari, wonten carios kina wonren ingkang kasebat Aswameda, tegesipun kurban jaran. Dipunwastani kurban jaran amargi upacaranipun mawi nyembelih jaran, dagingipun dipuniris-iris kacemplungaken ing prapen minangka kurban. Saderengipun dipunpragad jaran dipunarak mubeng negari utawi mubeng kitha. Kurban aswameda katindakaken dening kulawarga Pandhawa sasampunipun perang Bratayuda. Kurban utawi sesaji menika ngemu kersa kangge nglebur dosa tuwin ngresiki negari ingkang risak amargi perang. Wonren ugi carios kina ingkang ngandharaken upacara agung ingkang dipunwastani Rajasuya. Upacara menika dipun tindakaken dening warga Pandhawa nalika Yudistira bade dados ratu. Sakmenika ugi taksih wonten upacara ingkang kasebat Sesaji Rajasuya. Upacara katindakaken menawi nagari nandhang duhkita. Kedahipun upacara menika katindakaken ing upacara jumenengan ratu, tuwin saben dinten tanggap warsa tanggal lan dinten jumenengan ratu. Ing jaman samenika taksih kathah upacara bersih desa , ingkang temtu kemawon kajumbuhaken kaliyan empan papanipun Tuladhanipun Upacara Bersih Desa ing dhusun Ngino, Seyegan, Godheyan Sleman , Ngayogyakarta.

Latihan

1. Mengapa masyarakat Jawa masih melaksanakan „Jamasan Pusaka “hingga saat ini, dan apa manfaatnya?

2. Bagaimanakah langkah-langkah membersihkan pusaka yang baik?

3. Mengapa orang Jawa masih menganggap pusaka sebagai benda keramat? 4. Jelaskan perbedaan fungsi pusaka pada jaman dulu dengan jaman

sekarang?

5. Berikan beberapa nama dhapur pusaka yang saudara ketahui! dan hari yang baik untuk membersihkannya!

63

6. Jelaskan keterkaitan antara bersih desa dengan tanaman padi di Jawa! 7. Mengapa Dewi Sri dianggap sebagai Dewi perlindungan?

8. Bagaimana pendapat saudara, apakah upacara bersih desa masih perlu dilestarikan?

9. Berikan contoh upacara bersih desa yang saudara ketahui dan apa fungsinya/?

10. Berikan argumentasi saudara tentang upacara bersih desa bagi generasi muda sekarang!

BAB VI

MENGENAL GAMELAN JAWA

Dalam dokumen 6. Modul PLPG Bahasa Jawa 2013 (Halaman 61-63)