Naskah Carangan Sandiwara Jawa “Andhe-Andhe Lumut”
AKSARA JAWA
VI. LANGKAH KERJA
1. Bubar mancing banjur golek kayu Yen ditulis Aksara Jawa …
1. bub/mnCi=bnUJu/[zGGo[lkKyu 2. bub/mnCi=bnJu/a=[go[lkKyu 3. bub/mvCi=bvJu/a=[go2kKyu 4. bub/mvCi=bvJu/[zGo[lkKyu 5. bub/mvCi=bvJ/a=[go[lkKyu
1. “Nuwun sewu, pak. Punapa kepareng tasipun kula bektaaken?”. Kang matur kepingin … 1. Disiki pak gurune
2. Boncengake pak gurune 3. Pamit marang pak gurune 4. Menyang mburi
5. Atur pambiyantu marang pak gurune 1. Bapak : “Sesuk awakmu melu lunga apa ora?” Anak : “Insya Allah benjang … derek”
1. Saya D. Aku 2. Dalem E. Nyong 3. Kula
1. Pak Hendra : “Lha ana apa kok nndadak nggoleki Bu Wiwid?” Nazkia : “Kula dikengken ibu maringaken serat kanggo Bu Wiwid.
Atur Nazkia ing dhuwur dadi bener manut unggah-ungguh Basa Jawa, yen ukarane diganti … 1. Kula dipunutus ibu ngaturaken serat kagem Bu Wiwid
2. Kula dikongkon ibu menehake serat kanggo Bu Wiwid 3. Kula dipunutus ibu menehake serat kanggo Bu Wiwid 4. Aku diutus ibu nagturaken serat kagem Bu Wiwid 5. Aku diutus ibu ngaturake serat kagem Bu Wiwid 1. Parikan ana ing basaIndonesiakaaran …
1. Puisi D. Cerpen 2. Gurindam E. Soneta 3. Pantun
1. Titikane parikan ing ngisor iki kajaba … 1. Duweni purwakanthi ab-ab 2. Pedhotan parikan 4-4, 4-8, 8-8 3. Dumadi saka sampiran lan isi
4. Duweni guna paedahe piweling lan nyemoni 5. Awujud cangkriman
1. Kembang mlati, warna peni ganda wangi Watak putri, kudu titi ngati-ati
Parikan ing dhuwur duweni pedhotan … 1. 4-4, 4-4 D. 4-8, 4-8 2. 4-2, 4-2 E. 8-8, 8-8 3. 4-6, 4-6
1. Manuk tuhu, menclok pager …
Isi kang mathuk kanggo parikan ing dhuwur yaiku … 1. Dadi murid, sing taberi
2. Aja ngenyek, padha kanca 3. Yen sinau, dadi pinter 4. Watak putri, kudu titi 5. Lamun sabar, bisa lejar
1. Unen-unen kang wujude canngkriman, batangane ana ing sajroning unen-unen kuwi diarani … 1. Parikan D. Cangkriman
2. Wangsalan E. Paribasan 3. Purwakanthi
1. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. Batangane wangsalan ing dhuwur …
2. Kreweng E. Meri 3. Guling
1. II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1. Tulisen Candrasengkala taun 1988, 2010, lan 2011!
1. Coba gawenen gancaran / parafrase saka tembang Asmaradana kangwissumadya!
Asmaradana
Gegarane wong akrami Dudu bandha dudu rupa Among ati pawitane Luput pisan kena pisan Yen ampang luwih gampang Yen angel, angel kalangkung Tan kena tinumbas arta
1. Tulisen mawa Aksara Jawa wacan ing ngisor iki! Merapi Krodha Maneh
Trauma merga pajebluge Gunung Merapi durung bae ilang. Nanging gunung geni paling aktif sadonya kuwi krodha meneh. Pengamat Gunung Merapi posko Kaliurang, Sleman,Yogyakarta, Triyono ngandharake menawa aktifitase gunung kasebut saya mundhak wiwit kemis nganti setu.
1. Gawea parikan kanthi pedhotan 4-8!
## Sugeng Makarya ## WULANGAN 1
NYEMAK MUSYAWARAH
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/Semester : XI / 2
Metode : Demonstrasi, Tanya jawab, Latihan/Drill Waktu : 2 x 45 menit
1. I. PANUDUH PIWULANG
1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
2. Uga maca materi bab NYEMAK MUSYAWARAH kanthi dibolan-baleni.
3. Kanggo ngukuhake pemahaman, diprayogakake supaya maca buku referensi liyane. 4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
6. Rembugen/Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet. 1. II. KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi : MENDENGARKAN :
Mampu mendengarkan dan memahani wacana lisan nonsastra maupun sastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa Kompetensi Dasar :
Indikator :
1. Menyebutkan pokok-pokok isi musyawarah 2. Merangkum pokok-pokok isi musyawarah
3. Menyampaikan secara lisan rangkuman pokok-pokok musyawarah dengan menggunakan bahasa karma 4. Menanggapi (isi) musyawarah yang disampaikan secara lisan oleh teman sekelasnya
1. Nyemak
Ana sajroning bebrayan ana tembung krungu, ngrungokake lan nyemak. Katelune beda-beda tegese. Krungu tegese proses kegiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi ora sengaja utawa saderma kabeneran. Tuladha : Nalika aku sinau, aku krungu barang tiba saka ndhuwur gendheng.
Ngrungokake tegese proses kegiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi sengaja nanging during ana unsure
pemahaman.
Tuladha : nalika aku sinau basa Jawa, aku krungu lagu karemenanku, sabanjure aku ngrungokake lagu kuwi. Barengwisrampung lagune,aku sinau maneh.
Nyemak tegese proses kegiyatan nyemak lambing-lambang lisan kanthi nggatekna kang tumenen, paham,
apresiatif, sarta interpretasi antuk informasi, nangkep isi utawa pesen sarta paham tegese babagan sing diomongake pembicara.
Tuladha : aku mesthi nyemak piwulangan sing diparingake guruku kanthi tumenen, sinambi nyathet bab-bab penting sing diterangake.
Jinising nyemak kaperang dadi loro, yakuwi : a). Nyemak Ekstensif
Tegese proses nyemak ana bebrayan saben dinane. Kayata nyemak radio, televise, pacelathon ning pasar, lsp. Ana patang perangan nyemak ekstensif
1. Nyemak Sekunder, nyemak sing kedadeyan sarana kebeneran. Upamane : lagi sinau uga bisa ngrungokake wong omong, swara radio, tv, lsp.
2. Nyemak Sosial, nyemak sing ditindakake ana bebrayan social. Kayata : pasar, terminal, kantor pos, lsp. 3. Nyemak Estetika / Apresiatif, tegese kegiyatan nyemak kanggo nikmati karya sastra. Kayata : nyemak
puisi, cerita, syair lagu, lsp.
4. Nyemak Pasif, tegese ngrungokake sing dilakoni kanthitampaana upaya sadar. Tuladhane nyemak basa dhaerah ngasi tekan bisa.
b). Nyemak Intensif
Tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen lan konsentrasi sing dhuwur. Ciri-ciri nyemak intensif :
a. Nyemak kanthi pemahaman
1. Nyemak kanthi kebak konsentrasi 2. c. Nyemak paham bahasa formal 3. Diakhiri reproduksi hasil simakan Jinising nyemak Intensif yaiku :
1. Nyemak Kritis tegese :kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen kanggo menehi biji kang objektif, nemtokake asli lan orane, kaluwihan, lan kakurangan-kakurangane.
2. Nyemak Konsentratif, tegese : kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati; kanggo entuk pemahaman sing apik tumrap informasi sisng dirungokake. Tujuan nyemak konsentratif yaiku :
- Nggoleki sesambungane antarunsur sajroning nyemak.
- Nggoleki sesambungane kuantitas lan kualitas sajroning komponen. - Nggoleki informasi penting.
- Nggoleki urutan penyajian bahan semakan. - Nggoleki gagasan utama
1. Nyemak eksploratif, tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati kanggo entuk informasi anyar. Tujuane :
- nemokake gagasan anyar.
- Nemokake informasi anyar lan tambahan saka bidang tertentu.
- Nyemak kanggo nemokake topik-topik anyar sing bisa dikembangake. - Nemokake unsure-unsur bahasa sing sifate penting.
1. Nyemak Interogatif, tegese : kegiyatan nyemak sing nduweni tujuan kanggo nggoleki informasi kanthi cara ngajokake pitakon-pitakon sing diarahake tumraping entuk-entukaning informasi. Tujuane :
- Kanggo nggoleki fakta-fakta / kasunyatan. - Nyemak gagasan anyar.
- Nyemak kanggo entuk informasi sing disemak asli apa ora. 1. Nyemak Musyawarah
Nyemak Musyawarah kalebu nyemak intensir yaiku nyemak konsentratif. Topik sing dirembug ana sajroning musyawarah kuwi beda-beda. Musyawarah dadi gayeng menawa topike isih actual.
Kango nggoleki informasi penting ana sajroning musyawarah bisa nggunakake format ing ngisor ini. 1. Tema / topik : ……… 2. Paraga Musyawarah : 1. ……….. 2. ……….. 3. ……….. 4. ……….. 3. Isi Musyawarah a. Pambuka : ………. b. Isi : ………. c. Panutup : ………. 4. Simpulane : ………. 1. I. PENDALAMAN MATERI
Ing ngisor iki ana tetes musyawarah (kudune didemonstrasikake). Semaken kanthi permati banjur gawea kelompok diskusi kanggo ndiskusikake bab-bab kang penting.
Format laporan diskusi kaya ing ngisor iki :
1. Tema / topik : ……… 2. Paraga Musyawarah : 1. ………. 2. ……….. 3.……….. 4……….. 3. Isi Musyawarah a. Pambuka : ……….
b. Isi : ………. c. Panutup : ………. 4. Simpulane : ……….
REBOISASI
Sawijining dina ing RT 4 / RW V Kampung Tegalsari nganakake rapat RT sing mbahas bab penghijauan utawa reboasasi.
Ketua RT : Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh. Warga : Wa’alaikum salam.
Ketua RT : Matur nuwun kula aturaken dhumateng para bapak warga RT 4 ingkang sampung kersa angrawuhi musyawarah rutin bulanan punika. Wonten ing wekdal punika, kula badhe medharaken bab ingkang saged dipun wastani wigati. Sakjane ngono ya antaraning penting ora penting. Jlentrehipun kados makaten. Sapunika lak mangsa rendheng kamangka kahanan RT 4 punika ing pinggir radosan taksih kosong dereng wonten tanemanipun. Kados pundit menawi dipun anakaken penghijauan ?
Pak Agus : Wah….sajakipun kok sae punika, kula inggih setuju kemawon. Sanesipun kados pundit ? Pak Marno : Babagan ingkang sae kados makaten menawi kula nggih monat-manut mawon.
Pak Joko : Monat-manut nggih pareng, Pak. Ning niku lho, dananipun kados pundit ?
Pak RT : Lja….punika ingkang kedah dipun rembug sesarengan. Mangga kula aturaken panjenengan ingkang ngrembug. O …..inggih, Pak Marno rak bendhahara, ta. Kados pundit, Pak ? kahanan kas RT ?
Pak Marno : Mekaten Bapak-bapak, kas RT kita taksih wetah, tegesipun dereng dipun angge kegiyatan ingkang mbetahake arta kathah. Wingi halal bihalal rak sederma kempalan sarasan. Gunggunge arta wonten Rp. 500-an ewu. Sumangga panjenengan kemawon.
Ketua RT : Wah ….kaleresan menawi makaten. Kados pundit Bapk-bapak bab penghijauan punika ? Warga : Setujuuuuuu………! Hu…..hu…….hu……..
Pak Jarot : Nyuwun sewu, Pak RT, lajeng jinisipun taneman punika punapa ? Jinis rak nggih netepake rega barang ?
Pak Joko : Kados pundit menawi glodog utawi cemara kemawon. Sae lho taneman punika. Warga : Wah………cocok………cocok !
Pak RT : Nggih sampun. Menawi makaten mangga minggu ngajeng kita gotong royong nanem pelem. Matur nuwun sanget dene panjenengan sampun ngarujuki bab punika. Kula cekapi semanten………..
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. 1. II. TUGAS
1. Ing Njaba Kelas
Golekana acara musyawarah ing tv/radio, rungokno/semaken kanthi permati. Banjur format sing ana ndhuwur isenana. !
1. Ing Njero Kelas
1. Ndiskusikake babagan ing ndhuwur
2. Wakil kelompok kanthi pasangan maju ing ngarep kelas. 3. Kelompok liyane mbiji kelompok sing maju.
4. Sakwise kabeh kelompok maju, kelompok-kelompok mau nduduhake hasile diskusi lan alasane presentasi hasil diskusi kelompok.
6. Ngempalake hasil diskusi.
7. Nggarap tugas pribadi uji pemahaman 8. Nggarap tugas pengembangan sikap.
9. Konsultasi kalawan guru menawa kangelan. 1. LANGKAH KERJA.
2. Maca pawarta lan informasi materi kanthi patitis. 3. Nggarap tugas kelompok sing cumepak.
4. Nggarap tugas individu sing cumepak.
5. Ndiskusikake tugas kelompok diterusake diskusi kelas. 1. IV. PENILAIAN
2. Uji Pemahaman Aspek : Kognitif
Indikator : 1. Mencatat pokok-pokok pembicaraan (siapa yang berbicara dan apa isi pembicaraan). 2. Merangkum isi pembicaraan ke dalam beberapa kalimat.
3. Mengajukan dan menjawab pertanyaan isi musyawarah.
4. Menanggapi pembicaraan dalam bentuk kritikan atau dukungan. Kelas / Semester : XI / 2
1. Wenehana tandha ping ana aksara A, B, C, D, utawa E marang jawaban kang paling bener ! 1. Kegiyatannampaswara kanthi ora sengaja, saderma kebeneran diarani …
1. Nyemak B. Semak C. Nguping D. Krungu E. Ngrungokno 2. Dene kegiyatan (sing positif),nampaswara kanthi sengaja tur entuk reproduksi diarani …
1. Nyemak B. Semak C. Nguping D. Krungu E. Ngrungokno 3. Ing ngisor iki sing dudu kalebu nyemak ekstensif yaiku …..
1. Nyemak sekunder B. Nyemak kritis C. Nyemak social 2. Nyemak estetika E. Nyemak pasif
4. Yen pas ana jroning pasa kowe nyemak tembung-tembunge wong ing pasa kuwi diarani …. 1. Nyemak sekunder B. Nyemak kritis C. Nyemak social
3. Nyemak estetika E. Nyemak pasif
5. Ciri-cirining nyemak intensif ana ing ngisor iki, kajaba …… 1. Kanthi pemahaman
2. Konsentrasi sing temenan 3. Paham basa formal 4. Informasi penting
5. Reproduksi hasil simakan
6. Kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen kanggo menehi biji sing objektif, asli lan orane, lan kekurangan-kekurangane diarani nyemak …..
1. Kritis B. Konsentratif C. Eksploratif D. Interogratif E. Intensif 7. Ing ngisor iki tujuane nyemak eksploratif, kajaba …..
1. Nemokake gagasan anyar 2. Nemokake informasi penting
3. Nemokake informasi anyar lan tambahan 4. Nemokake topik-topik anyar
5. Nemokake unsur-unsur basa sing sifate penting. 8. Nyemak musyawarah kalebu nyemak …..
1. Sekunder B. Sosial C. Estetika D. Ekstensif E. Intensif 9. Sing kudu digatekake ana ing nyemak sawijining musyawarah yaiku …..
1. Topik B. Paraga C. Wektu D. Simpulan E. Asile 10. Topik musyawarah ana ing ndhuwur yaiku …..
1. Penghijauan dhateng wono 2. Penghijauan salebeting kampong. 3. Penghijauan radosan RT4
4. Penghijauan griya piyambak-piyambak. 5. Penghijauan lapangan RT 4
II. Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki !
1. Coba bedakno tegese krungu, ngrukokake, lan nyemak !
Wangsulan : ………
……… ……… ………
1. Nyemak ekstensif ana pira ? cethakno !
Wangsulan : ………
……… ……… ………
1. Apa tujuane nyemak konsentratif. Sebutna 4 wae !
Wangsulan : ………
……… ……… ………
1. Kepriye kesimpulane musyawarah ana ing dhuwur ?
Wangsulan : ………
……… ……… ………
1. Coba wenehana tanggapanmu (akeh 2 ukara) tumrap gagasane Pak RT !
Wangsulan : ……… ……… ……… ……… B. Pengembangan Sikap Aspek : Afektif
Indikator : 1. Mencatat pokok-pokok pembicaraan (siapa yang berbicara dan apa isi pembicaraan) 2. Merangkum isi pembicaraan ke dalam beberapa kalimat.
4. Menanggapi pembicaraan dalam bentuk kritikan / dukungan. Kelas / Smt : XI / 2
No Indikator Kriteria
Ok Kr Ar Ot 1 Siswa melu piwulangan Nyemak Musyawarah
2 Siswa aktif sajroning pelajaran 3 Siswa aktif nggarap tugas individu 4 Siswa aktif nggarap tugas kelompok 5 Siswa aktif diskusi kelompok 6 Siswa aktif diskusi kelas
7 Siswa aktif nyusun hasil diskusi 8 Siswa aktif nyimpulake diskusi kelas
Katerangan : Skor Ok : Ora kendhat 4 Kr : Kerep 3 Ar : Arang 2 Ot : Ora tau 1 VIII. TINDAK LANJUT
Yen tugaswisrampung jumbuh karo langkah gawe ing ndhuwur, siswa dikarepake nerusake piwulangan sateruse, menawa during dibaleni maneh kanthi remedial.
WULANGAN 2
NGREMBUG MACAPAT (MICARA)
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/Semester : XI / 2
Metode : Demonstrasi, Tanya jawab, Latihan/Drill Waktu :2 x 45 menit
1. I. PANUDUH PIWULANG
1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
2. Uga maca Materi bab NGREMBUG MACAPAT kanthi dibolan-baleni.
3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane. 4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan. 6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet. 1. II. KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi : BERBICARA
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan nonsastra maupun sastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa
Kompetensi Dasar : Membahas atau mendiskusikan isi tembang macapat Indikator :
1. Menyebutkan paugeran tembang macapat (guru gatra, guru wilangan, guru lagu, wataking tembang) 2. Mendiskusikan isi atau makna tembang macapat yang disajikan guru
4. Menanggapi hasil diskusi yang dibawakan oleh perwakilan kelompok
5. Membuat tembang macapat (yang ditentukan oleh guru) dengan bahasa ngoko/krama 6. Menembangkan tembang macapat yang disajikan guru
III. INFORMASI MATERI A. Tembang Macapat
Tegese Tembung Macapat
Macapat ditegesi maca papat-papat tegese macane papat-papat, saben pamunggele tembung kedadeyan saka patang wanda. Ananging iki dudu siji-sijine teges.. salah sawijining pakar Sastra Jawa, Arps negesi macapat kanthi teges-teges kang maneka warna kaya kang kapacak ana bukune kang asesirah Tembang in two traditions.
Kajaba saka kuwi, -pat ngrujuk marang panandha diakritis (sandhangan) ana sajroning aksara Jawa kang jumbuh lan mathuk ana sajroning tetembangan macapat.
Miturut Serat Mardawalagu, sing dianggit dening Ranggawarsita, macapat kuwi saka singkatan frasa
maca-pat-lagu sing tegese nembangake maca-pat-lagu kang angka papat “memaca-pat-lagukan nada keempat”. Kajaba maca-pat-maca-pat-lagu, isih ana
maneh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu. Maca-sa kalebu maca lagu utawa tembang kang paling tuwa, miturut ujaring kandha diripta dening para Dewa lan diturunkan marang pandita Walmiki lan digandhakake dening sang pujangga istana Yogiswara saka Kediri.Maca-sa saiki diarani tembang gedhé. Maca-ro kalebu
tembang gedhé kang gunggunge pada saben pupuh bisa kurang saka papat, lan gunggunge wanda saben gatra ora kudu padha. Maca-tri utawa kategori angka telu yakuwi tembang tengahan kang miturut ujaring kandha diripta dening Resi Wiratmaka, pandita istana Janggala lan kasampurnakake dening Pangeran Panji Inukartapati lan sadulure. Pungkasane, macapat utawa tembang cilik diciptakake dening Sunan Bonang lan diturunake marang para wali.
Sejarah macapat
Sacara umum macapat thukul nalikaning zaman Majapahit lan kawiwitan antuk pangaribawa saka Walisanga. Kahanan iki mligi ana ing Jawa tengah, dene ing Jawa Timur lan Bali macapat wis ditepungi sadurunge Islam teka ing laladan Jawa.. tuladhane ana sawijining naskah saka Bali atau Jawa Timur kang asesirah Kidung Ranggalawé kang tinulis ing tahun 1334 Masehi.
Struktur macapat
Sawijing karya sastra macapat biasane kaperang dadi pirang pupuh. Saeben pupuh kaperang dadi pirang-pirang pada. Saben pupuh migunakake utawa struktur kang padha. Metrum iki gumantung saka watak isi teks kang diceritakake.
Gunggunge pada saben pupuh beda-beda, gumantung marang gunggunge naskah kang digunakake. Sabanjure saben pada kaperang dadi larik utawa gatra. Sabanjure saben gatra kaperang wanda. Saben gatra nduweni wanda kang tetep lan dipungkasi dening vocal kang padha.
Tabel macapat
Supaya luwih gampang mbedakake antaraning guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang kuwi, saben metrum ditata ana sajroning table ing ngisor iki.:
Metrum Gatra I II III IV V VI VII VIII IX X
Tembang cilik / Sekar alit
Dhandhanggula 10 10i 10a 8é 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
Maskumambang 4 12i 6a 8i 8a
Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i
Asmarandana 7 8a 8i 8é 8a 7a 8u 8a
Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i
Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i
Mijil 6 10i 6o 10é 10i 6i 6u
Pocung 4 12u 6a 8i 12a
Tembang tengahan / Sekar madya
Jurudhemung 7 8a 8u 8u 8a 8u 8a 8u
Wirangrong 6 8i 8o 10u 6i 7a 8a
Balabak 6 12a 3é 12a 3é 12u 3é
Gambuh 5 7u 10u 12i 8u 8o
Megatruh 5 12u 8i 8u 8i 8o
Tembang gedhé / Sekar ageng
Girisa 8 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a
Tembang Macapat ing ngisor iki sinaunana ! ASMARADANA
Asjamara ari mami Masmirah kulaka warta Dasihmu tan wurung layon Aneng kutha Prabalingga Prang tandhing Wuru Bisma Kariya mukti wong ayu Pun kakang pamit palastra
Watake tembang Asmaradana : merak ati, sedhih (karanaasmara)
Tegese tembang ing ndhuwur yaiku nyritakake bab Darmawulan (mantune Patih Logender) sing arep pamit marang garwane (Anjasmara) kanggo ngluruk perang ana ing Kutha Prabalingga/Blambangan mungsuh Adipati Menak Jinggo/Wuru Bisma. Pungkasaning perang Damarwulan mesthekake, menawa dheweke mesthi tumekaning lampus/mati amarga Adipati Menak Jinggo iku sekti mandraguna. Mulane, Anjasmara dipamiti (mukti ing Majapahit) dene Damarwulan arep palastra/mati.
Ing ngisor iki ana tembang Maskumambang sing ditulis dening sdl. M Wijotohardhjo bab Tsunami ing Aceh ! Coba sinaunana !
MASKUMAMBANG
1. Samubarang kumambang kentir ing warih Raos kawlas arsa
Dene ngaten kang kaeksi Manungsa, kewan lan brana
2. Sumatera Lor, Aceh lan manca negari Srilangka,India
Siam,Malaysiatuwin Kepuloan Maladewa
3. Kenging lindhu kang gedhe ngedap-ngedapi Sarta banjir bandhang
Tirta samodra ngebyuki
Alun gung nyempyok dharatan 4. Mewu ewu kuwandha ngeres ersi
Tan kober karumat Margi sinapu Tsunami Tan ana bangkit suwala
5. Padunungan, pasar, took, kantor,loji Bosah baseh, wrata
Kang kalis keplayu ngungsi Salang tunjang pados gesang
6. Pating glolo, pating jlerit lan histeris Madosi kluwarga
Kang ical tumekeng lalis
Mbuh neng ngendi tan kawuryan 7. Sanadyan ta manut ngelmu Geologi Mung prastawa lumrah
Anane lindhu tektonik Perangan bumi kang owah
8. Nanging iku dadi tandha sarta bukti Kuwasaning Allah
Paring prengetan lan uji Marang sakabehing titah
9. Lamun kita kathah tumindak nalisir Cengkah sing pitedah
Lan nerak wewaler Gusti Kanthi tan rumangsa dosa
Tembang Maskumambang iki watake meh padha kalawan tembang Asmaradana. Watake Maskumambang kuwi : sedhih, nelangsa. Maskumambang ing ndhuwur kedadeyan saha sangang (9) pupuh utawa pada. Saha pupuh siji nganti tumekaning pupuh 9 nyritakake bab panandhang kasangsaran tragedy/musibah Tsunami.
Ing ngisor iki arep kababar tuladha-tuladhane tembang sing bisa kanggo maneka warna kabutuhaning masyarakat. 1. Tembang kanggo cangkriman
Pocung
Kang sinebut dudu bapa dudu biyung Tansah nggulawentah
Ngesoh elmu kebak asih
Nadyan abot ndra selak lan suwale Bapak pucung dawa iren mlayu-mlayu Sabamrana-mrana
Saben jalma den untali
Sak mangkono si pucung ku migunani
1. Tembang kanggo pendidikan, budi pekerti, moral Pocung
Murid iku kudu manut marang guru Rukun marang kanca
Aja climut aja jail aja nakal Putra iku kudu bekti marang ibu Uga marang bapa
Dituturi dititeni
Sinaune disregepi aja mblayang 1. Tembang pitedah / tuntunan Mijil
Dedalane guna lawan sekti Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane Tumungkula yen dipun dukani Bapang den simpangi
Ana catur mungkur
Lamun sira pengin urip aji Aja pamer wong
Aja tansah ngunggulan dirine Marang liya kang gelem ngurmati Kabeh den rukuni
Ati kudu tulus
B. Parafrase Tembang Macapat
Parafrase tegese ngowahi tembang/geguritan sing maune awujud pupuh/pada /bait dadi gancaran/prosa. Ana basaIndonesiagampange sinebut memprosakan puisi. Perlu dimangerteni, tembang uga kalebu salah sijining jinis geguritan, geguritan kang kuno. Mawi paugeran guru gatra, guru lagu, guru wilangan, lan nduweni watak dhewe – dhewe. Ngarang tembang ora kena ngawur, kudu nganggo paugeran-paugeran mau.
Ing ngisor iki ana tuladha tembang sing arep didadekake gancaran (paraphrase). 1) Dhandanggula
Dhandanggula
Kawruhana wong priya sejati Lamun arsa hanguapaya garwa Den patitis pamilihe
Pisan kengguh wong ayu
Kaping pindho milih wong sugih Kaping telu kawibawan
Kaping papatipun
Kena sambang – sarawungan Bisa uga ginelut ing tembang manis Marma denya waspada
Tembang ing ndhuwur gancarane ana ing ngisor iki.
Kawruhana/mangertanana wong priya kang sejati. Menawa nggolek garwa kudu sing patitis, kudu ngati-ati, kanthi permati, ora grusa-grusu. Yen kengguh wong ayu, ayu kang bener iku hayu tegese nylametake lelakon. Dadi yen wong lanang milih wong ayu (hayu) kudu ngerti yen calon garwane iku bakal nylametake lelakon, dudu wong ayu sing nyengsarakake lelakon.
Kapindho, yen milih garwa maraga garwane wong sugih ya kudu ngati-ati. Sebab wong lanang yen milih bojo sugih, ing tembe mburine bakal ora kajen. Ora mung dheweke ananging bisa uga wong tuwane, sedulure, lan sapanunggalane, sebab dianggep wong mlarat. Mula wong lanang iku kudu rumagang gawe duwe panggaotan aja mung nunut wong wadon. Tegese wong lanang iku kudu tanggung jawab.
Kaping telu, yen milih calon bojo amarga nunut kawibawan. Tuladhane calon bojone putrane wong kondhang,