• Tidak ada hasil yang ditemukan

Nglagokake Tembang Macapat

Dalam dokumen modul bhs jawa kls xi.docx (Halaman 42-47)

NEMBANG MACAPAT

D. Nglagokake Tembang Macapat

Tembang macapat ing ngisor iki lagokno kanthi irama kang trep ! Pangkur Jinejer ning wedhatama

Mrih tan kemba kembenganing pambudi Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepa asepa lir sepah samun Samangsane pakumpulan

Gonyak ganyuk nglelingsemi

ASMARADANA Anjasmara ari mami

Masmirah kulaka warta Dasihmu tan wurung layon Aneng kutha Prabalingga Prang tandhing Wurubisma Kariya mukti Wong ayu Puh kakang pamit Palastra

MASKUMAMBANG Akeh janma kandha yen manungsa kuwi Bisa neka loka

Ing jagad jalaran saking Katiban wahyu kabegjan

Tembang pangkur ing ndhuwur ngemu kawruh / nyritakake wong kang bodho ananging ora nggagasan. Tegese ora ngrumangsani yen menawa dheweke kuwi bodho. Dadine, ngomonge ndhuwur-ndhuwur / muluk-muluk ora ketemu nalar. Ngadhepi wong sing kaya mangkono iku luwih becik kudu ngalah. Sing pinter / nalare mlaku kudune trima ngalah lan njaga rasa-pangrasa wong bodho kuwi.

Dene ana tembang amaradana nyritakake pawongan (Damarwulan) kang pamit marang kekasihe yakuwi

Gandeng Menakjingga iku kawentar sekti mandraguna, mula saka kuwi Damarwulan mesthekake yen takdire tumekang pati/lampus wus cedhak

Tembang Asmaradana nduweni watak merak ati, sedhih, amarga nandhang asmara.

IV. PENDALAMAN MATERI

I. Wenehana tanda ping ana aksara a,b,c,d utawa e ana wangsulan kang paling bener !

1. Sing awujud puisi jawa tradisional yaiku ……

1. Tembang b. Parikan c. Singir d. Geguritan e. Mantra 2. Ing ngisor iki sing kalebu tembang cilik yaiku …., kajaba…

1. Kinanthi b. Pucung c. Asmaradana d. Gambuh e. Mijil 3. Dene sing kalebu tembang tengahan yaiku ….

1. Gambuh b. Wirangrong c. Balabak d. Juru demung e. Sinom 4. Ing ngisor iki sing dudu tembang tengahan yaiku …..

1. Gambuh b. Wirangrong c. Balabak d. Juru demung e. Sinom 5. Ing ngisor iki sing dadi paugerane tembang, kajaba ….

1. Guru gatra b. Guru lagu c. Guru wilangan d. Guru tembang e. Dhong – dhing 6. Guru wilangan tembang asmaradana sing ora padha wandane ana ing gatra …

1. 3 b. 4 c. 5 d. 6 e. 7

7. Guru lagu tembang Sinom Parijatha ana ….. gatra 1. 6 b. 7 c. 8 d. 9 e. 10

8. Guru wilangan tembang Sinom Parijatha sing beda gunggunge ana gatra nomer .. 1. 5 lan 7 b. 5 lan 9 c. 7 lan 9 d. 6 lan 9 e. 7 lan 8

9. Ing ngisor iki watake tembang Pangkur …. 1. sengsem, nesu, dendam.

2. gandrung, tegang. 3. lugu, susah, prasaja.

4. luwes, manis, sarwa cocok.

5. susah, rasa cuwa/gela kang mbangeti. 10. Ing ngiso iki watake tembang Asmaradana….

1. sengsem, nesu, dendam. 2. gandrung, tegang. 3. lugu, susah, prasaja.

4. luwes, manis, sarwa cocok.

5. susah, rasa cuwa/gela kang mbangeti. 11. Ing ngisor iki watake tembang Megatruh ….

1. sengsem, nesu, dendam. 2. gandrung, tegang. 3. lugu, susah, prasaja.

4. luwes, manis, sarwa cocok.

5. susah, rasa cuwa/gela kang mbangeti.

12. Ing ngisor iki watake tembang Dhandanggula …. 1. sengsem, nesu, dendam.

2. gandrung, tegang. 3. lugu, susah, prasaja.

4. luwes, manis, sarwa cocok.

5. susah, rasa cuwa/gela kang mbangeti. 13. Ing ngisor iki watake tembang Sinom …

1. sengsem, nesu, dendam. 2. gandrung, tegang. 3. lugu, susah, prasaja.

4. luwes, manis, sarwa cocok.

5. susah, rasa cuwa/gela kang mbangeti.

14. Ing ngisor iki tembang sing ora nduweni guna/paedah kanggo mbabar rasa susah … 1. asmaradana

2. megatruh 3. pangkur 4. sinom

5. dhandanggula

15. Tembang sing cocok kanggo pambuka gendhing yakuwi … 1. asmaradana 2. megatruh 3. pangkur 4. sinom 5. dhandanggula V. TUGAS

1. Cakepan tembang Pangkur ing ngisor iki coba tembangno kanthi bener.

Pangkur

Jinejer ning wedhatama

Mrih tan kemba kembenganing pambudi Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepa asepa lir sepah samun Samangsane pakumpulan

Gonyak ganyuk nglelingsemi

 Pedoman Penyekoran:

No Uraian Kriteria Ketepatan

Benar Setengah Salah

1 Vocal 20 10 5 2 Patrap 20 10 5 3 Titi laras 20 10 5 4 Tempo 20 10 5 5 Ekspresi 20 10 5 Total Nilai 100 50 25 PACELATHON

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas / Semester : XI / I

Metode : Latihan, tanya jawab, ceramah, diskusi Waktu : 2 x 45 Menit

================================================================

I. PANUDUH PIWULANG

1. Supaya paham bab pacelathon lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.

2. Uga maca Materi Bab PACELATHON

3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane. 4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.

5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan. 6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.

II. KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH

Standar Kompetensi :

BERBICARA

Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan sastra maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa

Kompetensi Dasar :

Berdialog sesuai tingkat kesantunan Indikator :

1. menentukan tema dialog sesuai dengan ragam bahasa yang ditentukan 2. menyusun naskah dialog dengan menggunakan ragam bahasa krama 3. memeragakan dialog yang telah ditulisnya

4. Menanggapi penampilan peragaan dialog yang dibawakan teman

III. INFORMASI MATERI

1. Pangertosan Unggah-Ungguh Basa

Unggah-ungguh basa menika pranatan basa miturut lenggahing tata krama utawi sopan santun. Tegesipun sinten kemawon tiyang ingkang kawastanan mangertos unggah-ungguh basa, menawi nalikanipun gineman utawi srawung dhateng tiyang sanes basanipun kedah dipun arah-arah, netepi pranataning subasita, paugeran sopan santun, satemah tiyang wau tansah dipuntampi, dipunremeni ing pasrawungan sarta tebih saking panyendu.

Tiyang ingkang mangertos ing unggah-ungguh saged mapanaken dhiri-pribadhinipun saleres-leresipun sarta tansah caos kurmat dhateng tiyang sanes.

2. Bab-Bab Ingkang Gayut Kaliyan Unggah-Ungguh Basa

Tiyang ingkang saged tansah caos kurmat dhateng tiyang sanes, sarta mapanaken dhiri-pribadhinipun, pramila salebeting gineman utawi sesambetan kaliyan tiyang sanes kedah tansah ngengeti:

1. Umur/yuswa

Lare alit kedah asung kurmat dhateng ingkang langkung ageng, ingkang enem kurmat dhateng ingkang sepuh. 2. Peprenahan

Peprenahan ing pasedherekan/trah/awu. Ingkang akleres enem kedah ngurmati ingkang kaleres sepuh, sinaosa ing bab yuswa langkung sepuh. Anak kurmat dhateng bapak/simbok, adhi kurmat dhateng kakang/mbakyu, anak keponakan kurmat dhateng pak lik/pak dhe lsp.

3. Drajat/Pangkat

Kalenggahan (kedudukan) tiyang menawi drajat/pangkatipun andhap kedah caos kurmat dhateng ingkang

kalenggahanipun inggil. Upami pedamel kaliyan panginggilipun, rakyat kaliyan lurahipun, warganing pakempalan kurmat dhumateng sesepuhipun, lsp.

4. Kasugihan

Tiyang ingkang gadhah arta-bandha kathah utawi sugih wajib dipunkurmati dening tiyang ingkang mlarat. Tiyang ingkang pasitenipun wiyar, mesthinipun ugi dipun kurmati dening tiyang ingkang sitinipun ciyut. Senaosa kasebat ing nginggil boten lepat saking watak sarta bebudenipun tiyang ingkang sugih wau. Jer sedaya wau wangsul kaliyan ungel-ungelan ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana.

5. Luhuring Bebuden

Tiyang ingkang gadhah bebuden luhur langkung inggil mesthinipun langkung kinurmatan tinimbang ingkang boten. Upami: pimpinan agama (ulama); gadhah titel (Dr., Drs.lsp); ahli seni (seniman); ahli budaya (budayawan), lsp.

6. Keturunan

Anak turunipun tiyang ingkang gadhah kaluhuran kados kasebat ing nomer 5, badhe langkung dipunkurmati katimbang anak turunanipun tiyang umumipun.

7. Pitepangan Enggal

Tiyang srawung menika menawi sampun kulina ketimbang ingkang saweg tepang enggal mesthi raos kurmatipun beda. Langkung kurmat dhateng ingkang saweg pitepangan enggal. Pramila panganggenipun unggah-ungguh langkung dipungatosaken.

3. Wujuding Undha-Usuk Basa

Unggah-ungguh basa, wujudipun undha-usuk basa inggih menika:

Basa ngoko (dhapukanipun tembung ngoko sadaya) Tembung-tembung ing ukara basa ngoko lugu kuwi kabeh ngoko kayata: aku, kowe: ater-ater: dak-, kok-, di-; uga panambang : -ku, -mu, -ake, ora diowahi. Gunane basa ngoko lugu:

 Basa ngoko alus (dhapukanipun tembung ngoko kacampur krama/krama inggil)

 Basa krama (dhapukanipun tembung krama )

 Basa krama alus (dhapukanipun tembung krama kacampur krama inggil)

4. Trap-Trapanipun Basa

 Trap-trapanipun basa ngoko:

a) Kangge tiyang sepuh dhateng putranipun/tiyang enem;

b) Kangge sesami kanca ingkang sampun rumaket pasrawunganipun; c) Pangageng dhateng reh-rehanipun;

d) Guru dhateng siswanipun.

e) dianggo wektu ngunandika (ngomong karo awake dhewe)

 Trap-trapanipun basa ngoko alus

a) Tiyang sepuh dhateng tiyang enem, ingkang langkung enen langkung inggil pangkatipun. b) Kangge ngraosi tiyang sanes ingkang statusipun langkung inggil

c) Tiyang ingkang rumaket srawungipun, ananging sami dene kepingin ngajeni.

 Trap-trapanipun basa krama a) Tiyang gineman ing peken b) Tiyang sami pinanggih ing margi

 Trap-trapanipun basa krama alus

a) Anak dhateng tiyang sepuh, utawi tiyang ingkang langkung sepuh; b) Siswa dhateng guru

c) Pitepangan enggal;

d) Punggawa utawi reh-rehan dhateng penginggilipun; e) Anggota pakempalan dhateng ketuanipun.

Tuladha 1 pacelathon kang nganggo basa ngoko lan krama alus: B. Bapak A. Anak

B : Lho, kowe Di. Wayah apa tekamu? Rak ya padha slamet?

A : Pangestunipun Bapak. Wilujeng . kalawau enjing jam 9, anggen kula dumugi ing ngriki.

B : Bocah-bocah rak iya ora ana apa-apa, ta? Lha njur sida kepriye, anakmu si Gillang kae kokkon nerusake

nyang ngendi?

A : Menawi lare-lare sami sehat, ketingalipun inggih sami gumbira, dene bab Gillang, mila menika badhe nyuwun rembag. Kajengipun lare badhe sinau dhateng SMA N1 Pati. Kula radi kawratan.

B : Wah, ya kudu enggal kokputus bab iku. Aja kook sesuwe dene yen kowe njaluk rembugkuu mangkene. Wong

tuwa iku iya aja banget-banget enggone nyampuri pepingenane bocah. Yen wong tuwa wus nerangake kanthi gambling siji-sijine, lan iya pikolehe tumrap awake dhewe utawa masyarakat wus cukup. Bocahe milih endi, wong tuwa nimbang-nimbang maneh. Kaya-kaya yen Gillang milih sekolah kuwi, sakka rasaku yaw us pas. Aku ora kabotan, dene kowe ora lila iku, rak bab dhuwit sing kudu bokbayarake akeh banget, ta?

A : Wah, nggih mboten ngaten kok, Pak. Sampun sapunika kula ndherek pamanggihipun Bapak. Tuladha 2 pacelathon kang nganggo basa ngoko: Bocah marang bocah

A : Mas Nugraha, aku mbokdiwarahi garapan matematika dhek wingi kae, yen ora, mengko akubisa didukani Pak guru. Dhasar wingi aku ora mlebu, ora pamit sisan!

B : Lha, ya gene ta, kok ora mlebu? Enya iki lho, turunen wae. Mumpung isih esuk mengkoo mundhak selak mlebu. Ning aja nganti kumel lo, ya! Aku arp ngresiki blabag lan nyaponi kelas.

Tuladha 3 pawongan ngunandika:

“E, aku tak turu sedhela. Awakku kesele kok ora kira-kira.” IV. PENDALAMAN MATERI

A. Gawenen pacelathon (nganggo basa krama utawa krama alus, lan basa ngoko lugu utawa ngoko alus)

Dalam dokumen modul bhs jawa kls xi.docx (Halaman 42-47)