• Tidak ada hasil yang ditemukan

WACANA PERSUASI ( PANGAJAK)

Dalam dokumen modul bhs jawa kls xi.docx (Halaman 88-91)

Tabel macapat

WACANA PERSUASI ( PANGAJAK)

Paragrap persuasi iku sambungane saka kembangane paragrap argumentasi. Persuasi sepisanan ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaos. Banjur dibarengi nganggo ajakan, bujukan ,rayuan, imbauan utawa saran marang pamaos. Bedane paragrap argumentasi lan paragrap persuasi.

paragrap argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere gagasan / pendapat. nek paragrap persuasi ngarep – arep supaya pamaos melu karo kekarepane panulis.

Tuladha :

Praktik pidato iku gedhe banget mupangate. Saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyensemake ati. Saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. Saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara – cara pidato sing efektif lan nyenengake. Saya akeh pamikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh

pengalaman pamaos.Wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mauwis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo nggayuh keberhasilan pidato. Mula supaya mahir lan prigel pidato, panjenengan kudu nglakoni praktik pidato.

IV. PENDALAMAN MATERI

Ing ngisor iki ngenani tuladha sesorah kang nganggo wacan persuasi. Wacanen kanthi permati, banjur titenana ciri-ciri kang mligi wacan peruasi!

Mengeti dinten pendidikan nasional Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun!

Bapak Ibu Dwija Basa Jawa ingkang satuhu kinabekten; sarta sedaya kanca panyarta lomba sesorah ingkang dados kekudanganing para pinisepuh.

Sumangga kula dherekaken ngunjukaken raos syukur Alhamdulillah hirobil’alamin wonten ngarsanipun Pangeran ingkang Mahawikan inggih Allah Ta’alla, ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten kanikmatan, kabingahan, sarta kawilujengan dhumateng kula sedaya, satemah saged ndherek lomba sesorah ing enjing menika. Salawat saha salam mugi tansah katetepna dhateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, tumedhakipun dhateng garwa putra, para sekabat, sarta sedaya pandherekipun, mugi kalebetna kula lan panjenengan sedaya. Amin.

Ing salajengipun keparenga kula kanthi andhap asoring manah badhe ngaturaken sekedhik kanthi irah-irahan

Gerakan Disiplin Nasional Tumrap para Mudha lan Para Siswa.

Sanggyaning para siswa ingkang kula tresnani, tetembungan Gerakan Disiplin Nasional utawi GDN sampun sawetawis dangu kula mangertosi. Wondene menggah ingkang dados werdinipun inggih menika satunggaling tindak lampah ingkang kanthi raos lila lan legawa nindakaken sedaya pranatan saha aturan ingkang lumampah ing papan ngriku, sarta nebihi sedaya pepacuh utawi awisan kados ingkang sampun kapacak ing Tata Tertib Sekolah ingkang lumampah salebeting negari Indonesia. Jer kula sedaya kedah tansah enget, bilih wonten sawenehing paribasan mawa Basa Indonesia ingkang ungelipun Di mana bumi dipijak, di situ langit dijunjung. Ingkang tegesipun, wonten ing sadhengah papan ingkang kula anggeni menika, kula sedaya kedah angugemi, ngurmati, sarta nindakaken adapt-istiadat utawi tata cara ingkang sampun lumampah ing papan ngriku. Sampun ngantos nyingkiri utawi nebihi, kepara anjejegaken angger-angger ssaengga dados kuwajiban ingkang kedah dipunlampahi, syukur bage dados pakulinan ingkang mbalung sungsum tumraping para siswa. Angon mangsa makaten wonten Basa Jawi. Tegesipun dados siswa menika kedahipun mangertosi mpan lan papa, mangertosi kahanan utawi situasi ingkang dipun adhepi. Wonten ing irah-irahan sinebut tumrap para mudha saha para siswa, artosipun gerakan Disiplin Nasional mekaten kedah katindakaken dening para mudha sarta para siswa. Kanthi makaten lampahing gladhen kedah kawiwitan nalika taksih lare (prasiswa/dereng sekolah), kalajengaken sasampunipun mlebet sekolah utawi sampun dados nem-neman. Samangke dumugi dewasa sarta sepuh sampun dados budayanipun saben tiyang sami nggadhahi budaya dhisiplin ngantos mratah sanegari.

Kula sedaya kedah mangertosi bilih, ingkang kawastanan panggulawenthah (pendidikan) mekaten lumampah ing samadyaning kulawarga, ekolah, tuwin ing madyaning masyarakat. Kanthi mekaten kula sedaya kedah tansah mulat dhateng sedaya satunggal-satunggaling papan panggulawenthah kasebut, ingkang saestu benten

kawontenanipun sarta pangaribawanipun dhateng kadewasaning lare.

Menawi ing keluwarg sarta ing sekolah, temtu kemawon ingkang dados patuladhan sarrta paringipun seserepan ingkang sae-sae, ananging beda sarta tebih inggih menika pengaruh sarta patuladhan ingkang pinanggih ing masyarakat, menika menawi boten tansah ngatos-atos kathah perkawis-perkawis ingkang kedah dipunsaring kanthin saestu.

Kanthi wontenipun panggladhi Gerakkan disiplin Nasional wiwit alit sarta nalikanipun lare dados siswa, menawi lare menika saestu sampun nggadhahi cepengan ingkang dados piandeling gesang utawi way of life, saestu

nalikanipun pikantuk pambujuk-pambujuk sarta pangaribawa ingkang boten laras kaliyan adapt-istiadat sarta kabudayanipun, mesthi kemawon sampun gadhah panyaring utawi filter. Saged milih pundit ingkang saged dipuntulad sarta katindakaken tuwin pundi ingkang kedah dipuntebihi kepara dipuntilaraken.

Ing wekdal menika, kula sedaya sami ngawuningani, bilih Gerakan Disiplin Nasional saestu mrihatosaken sanget, kacihna kanthi wontenipun kedadosan-kedadosan ingkang saestu nyimpang saking paugeran sarta tata karma Nasional, kepara para pangarsa ingkang wonten nginggil inggih boten saged kangge tepa palupi, nalikanipun kula miwah panjenengan nyumerepi kawontenan ing TV ngantos sami jejotosan amargi beda pamanggih. Menika saestu tebih saking landhesan Pancasila ingkang antawisipun nyebataken demokrasi. Lan cetha boten jumbuh kalih piwulangan Jawa ingkang kebak tepa selira.

Ingkang menika , kula sedaya mliginipun para siswa sumangga nggrengsengaken GDN kanthi saking sekedhik ngulinakaken tigang kabudayan, inggih menika : budaya tertib (tertib ing sekolah, tertib ing margi, tertib ing masyarakat); budaya resikan (resikan badan, boten mbucal uwuh ing sadhengah papan) lan budaya makarya (ngginakaken wekdal kangge sinau)

Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi saged dados panglimbang sarta paninting, tumuju dhateng kadewasan lair lan batos. Amin.

Wonten kasar sarta lepating atur, kula namung tansah nyuwun lumunturing samodra pangaksama. Wabilahitaufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun.

A. Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

1. Apa isining pidato ing ndhuwur?

2.. Apa kang diarani Gerakan Disiplin Nasional kuwi? 3. Kenangapa disiplin nasional mrihatinake banget?

4. Ana wacan ing ndhuwur, ukara ngendi kang nuduhake menawa sesorah ing ndhuwur kuwi kalebu persuasi? 5. Gawea pitakonan lan wangsulane sisan, kang gegayutan karo paragraph ing ndhuwur kang cacahe 5!

WULANGANN 4

PARIKAN, WANGSALAN,

Dalam dokumen modul bhs jawa kls xi.docx (Halaman 88-91)