• Tidak ada hasil yang ditemukan

Tuladha Pambagyaharja  Pambagyaharja Penganten

Dalam dokumen modul bhs jawa kls xi.docx (Halaman 32-36)

TANGGAP WACANA PAMBAGYAHARJA

C. Tuladha Pambagyaharja  Pambagyaharja Penganten

Assalamu ’alakum Wr. Wb.

Nuwun! Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.

Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu … ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.

Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun Bapak/Ibu … ing ratri/siang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin. Amin. Amin Ya Robbal Alamin.

Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng

Pangeran Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.

Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha ampun kaaturakenn sedherek ingkang sowan wonten ngarsa panjenengan, boten wonten awonipun menawi kula aturaken malih. Kados ingkang sampun kaserat menggah wigatosing gati Bapak/Ibu …anetepi wajibing asepuh amiwaha putra, ngentas pitulus kenya putrinipun … ingkang sesilih gendhuk …, kapalakramakaken kaliyan Bagus …, putra kakungipun Bapak/Ibu …, ingkang pidalem ing …, sampun kalampah ijab saha kabul manut satataning agami lan nagari ing dinten … winantu wilujeng kalis ing rubeda. Ingkang menika panjenenganipun sedaya kasuwun rawuh ing rompok mriki saperlu kasuwunan tambahing donga pangestu dhumateng penganten kekalih mugi anggenipun sami lelumban ing bebrayan agung, tansah atut runtut, manggih basuki kang kaesthi, satemah enggal kaparingan nugrahaning gusti momongan datan angarani kakung menapa estri, kkanthi angugemi brayat rinancang tanpa keri.

Salajengipun, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha dipun aturaken dening sanak kadang ingkang sowan, ananging boten wonten awonipun kula aturaken menggah ingkang dados wigatosing pahargyan ing ratri/siang menika. Sanggyaning tamu ingkang pantes ingkang pantes sinudarsana, kawuningan bilih Bapak/Ibu … ing wekdal menika kagungan kersa/hajat mbojakramekaken putrinapun putri ingkang sesilih pun gendhuk … pikantuk anak mas Bagus … putra kakungipun Bapak/Ibu ….

Ingkang pidalem ing … kalurahan … kecamatan …

Ingkang ijab lan kabulipuun sampun kaleksanan ing dinten Jumat Wage surya kaping … utawi tanggal 2 Juli 2011 ing Masjid Shuhada Ngayogyakarta pinanggih ing karaharjan.

Kanthi rawuh panjenengan sedaya amimbuhi donga pangestu dhumateng penganten kekalih anggenipun badhe ngambah alam bebrayan enggal, mugi tansah kalis nir ing rubeda, kacelakna ing karaharjan sedayanipun. Amin. Lumampahing pahargyan ing wekdal menika boten saged kalampah menawi tanpa iguh pratikel, penggalihan saha sumbang surung arupi menapa kemawon saking tangga tepalih sanak kadang inggih wiwit nguntir tali sepisanan ngantos samangke saparipurnaning gati, ingkang menika awit saking sedaya kesaenanipun dipunaturaken agenging panuwun kairing donga dhateng pangeran Allah SWT. Mugia keparingan lelintu nugraha ingkang langkung kathah. Amin. Amin. Amin.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kula kurmati!

Bapak/ibu …boten kesupen ugi, nyuwun agenging pangapunten ing mbokbilih anggenipun caos, lungguh menapa dene suguh ing samangkenipun ingkang namung sarwa prasaja saengga boten laras kaliyan kalengganipun

Bapak/Ibu/sdr sedaya. Pramila saestu sepisan malih Bapak/Ibu … tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Inggih namung amrih rancaging panindak mbokbilih samangke para mudha ngaturaken cihnaning pakurmatan arupi unjukan saha lampiranipun ingkang sarwa prasaja sampun lumados lan kaasta, nuwun sewu kersaa angresepi kaunjuk saha kadhahar samardikaning penggalih tanpa kula angacarani malih.

Wasana cekap semanten ingkang dados aturipun Bapak/Ibu …

Lan kula pribadhi anggen kula matur ugi kathah tuna dungkap saha tumpang suh tuwin ndadosaken runtiking penggalihipun para rawuh, saestu nyuwun samodra pangaksama. Makaten kasekecakna lenggah dumugi

saparipurnanipun damel, kanthi akhirul kalam, Wabilahitaufiq Wal hidayah. Wassalamu’alaiku Wr. Wb. Nuwun!

Pambagyaharja Supitan

Assalamu ’alakum Wr. Wb.

Nuwun! Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.

Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu … ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.

Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun Bapak/Ibu … ing ratri/siang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin. Amin. Amin Ya Robbal Alamin.

Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng

Pangeran Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.

Salajengipun saestu linepatna ing deduka, tinebihna ing tulaksarik, dene kula kumawantun lumaraping atur saengga ngirangi kamardikan panjenengan sedaya ingkang nedheng eca wawan pangandikan.

Nuwun, inggih awrat mundhi panyuwunanipun adhi kula pun Drs. Harjuna Sasrabahu sekaliyan, supados angaturaken menggah ingkang dados osiking manahipun saengga gumelaring pasamuwan siang/dalu menika. Wondene menggah wigatosing sedya, ing pahargyan menika, senadyan sedayanipun sampun sami priksa kanthi kaserat ing serat sedhahan ingkang kaaturaken menapa dene aturipun utusan ingkang marak sowan, boten wonten awonipun yen ta kula aturaken malih kepara damell lega-legawaning manah menggah kasunyatanipun.

Inggih awit saking rahmating Gusti saha puja-puji pangestunipun para sepuh miwah para rawuh sedaya, kadangkula anem inggih adhikula … sampun kalampahan nindakaken kewajibanipun tiyang sepuh, ingkang ginadhuhan putra kakung sampun ndungkap wahyaning dewasa, mila anggadhahi hajad ngislamaken utawi nyupitaken putra kakungipun ingkang kapatedhan nama pun Bagus ….

Wondene tumapaking pagas, sampun kaleksanan kalawau sonten wanci tabuh gangsal, kanthi rahayu wilujeng kalis niring sambekala, awit saking panggayomaning Gusti ingkang murbeng dumadi. Ingkang menika adhikula pun … kekalih, nyuwun tambahing donga pangestu, mugi-mugi anak kula suwau enggal saras kados wingi uni, miwah icaling sukerta papa cintrakanipun, kantuna manggih bagya mulya, dados lare utama, susila miwah piguna. Lare ingkang mbangun miturut lan bekti ing tiyang sepuh, murakabi bebrayan kanthi mungguh, tan kendhat ngibadah ing Hyang widhi kanthi tuwajuh, saha manut tuntunaning agami ingkang rinengkuh. Amin.

Kalekasananing pahargyan ing wekdal menika, karana sih nugraha pambiyantunipun para sanak kadang pamong mitra, tangga tepalih, miwah panjenengan para tamu ingkang sampun kepareng pariing pisumbang awujud menapa

kemawon, ingkang saestu saged angenthengaken sesanggeman saha bot-repotipun adhikula, ingkang menika kadang kula anem inggih adhikula … ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kesaenan, saengga pikantuk lelintu nugraha ingkang matikel-tikel, miwah bebingah ingkang langkung kathah. Amin. Amin. Ya Robbal Alamin.

Minangka pungkasaning atur, mbokbilih Bapak/Ibu … anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kuciwa lan kirangipun, mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samodra pangaksama. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Ibu/Bapak …, menawi wonten galap-gangsuling atur, gonyak-ganyuking wicara miwah boten jangkep ing unggah-ungguh lan tata basa satemah adamel runtiking wardaya, saestu nnamung tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.

Akhirul kalam, wa billahi taufik wal hidayah Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun.Nuwun.

IV. PENDALAMAN MATERI

A. Pambagyaharja penganten ing ndhuwur wacanen kanthi permati. Banjur komplitana tabel ing ngisor iki!

Cengkorongan Pambagyaharja

Paragraph ka- Katrangan

salam pambuka Kapisan (1) atur puji syukur marang

Pangeran

atur kasugengan, kairing atur panuwun

wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah

atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhi)

panutuping atur/salam

A. Pambagyaharja supitan ing ndhuwur wacanen kanthi permati. Banjur komplitana tabel ing ngisor iki!

Cengkorongan Pambagyaharja

Paragraph ka- Katrangan

salam pambuka Kapisan (1) atur puji syukur marang

Pangeran

atur kasugengan, kairing atur panuwun

wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah

atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhi)

panutuping atur/salam

Dalam dokumen modul bhs jawa kls xi.docx (Halaman 32-36)