• Tidak ada hasil yang ditemukan

rerepen karya k g p a a mangkunegara iv

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "rerepen karya k g p a a mangkunegara iv"

Copied!
16
0
0

Teks penuh

(1)

REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV

“PRAYANGKARA”

PUPUH I KINANTHI

1. ││Tata trepsilaning tembung tumiba tembang kinanthi

│ kinantha-kanthaning gita gitane kang ingupadi pada panduming budaya dayaning reh silakrami││

2. ││Kareming nala kalamun lam-lamen ing lami-lami lumalat mulat sasama samining bangsa marsudi suda sandeyaning karya │ karasa rosing dumadi││

3. ││Sinambung sembadeng kidung kumedah kadiya wanti

│ wantu wateking ngamudha │ padha mindhaka warjadi │ juwet juweh tan weweka │ wikaning awak pribadi││

4. ││Beda budine wong punjul │ tan paja jejel ing kapti │ kapitamyat ing pantaka │ pantoging manah manis │ manohara ring sesame │ semune turida yekti││

PUPUH II DHANDHANGGULA

1. ││Pisang jenar gandanira amrik │ janma ingkang kajantakeng praja │ grahitanen sabacute │ ingkang tumibeh luput │ saranane kang palwa mili │ parikan jamu tawa │ ywa sira katungkul │ ing solah kang tanpa karya │ menyan pita ingkang we mijil jasmani │ engeta kawirangan││

2. ││Nuswa alit tampingan Serandil │ pacet agung kang sasaneng toya │ kang narima sastitahe │ begja cilaka iku │ dasih nata ingkang sinelir waruju Sri Cempala │ nistha kawlas ayun │ tan pilih paraning marga │ jenang sobrah ancur bang jabaning tulis │ takdir tan kena selak││

“PRAYASMARA”

PUPUH I

(2)

1. ││Pisang leash sang rajeng Kubarsi │ saben dalu datan antuk nendra │ gunting wohan swareng bendhe │ kaciptra mung sireku │ garwa prabu Malawapati │ setyanana ngawula │ pambagening etung │ parane among sakedhap │ suling dara wana lit turuting tepi │ yen nyawang tarataban││

2. ││gayung sumur welut ing wanadri │tambanana inten branta kula │ rotan buntal tan ginawe │ tingslsns masingsun │ putrid adi nagri Kubarsi │ sakadare kewala │ salumpringing pantun │ lamine wanuh lan sira │ suku palwa kang arta cirri turanggi │ katon sasolahira││

3. ││Suket galeng rinumpaka gusti │ kang baita kandheg ing samodra │ rontang-ranting temahane │ abdinya nedya labuh │ mring kusuma kanga sung branti │ blimbing mindha widara │ careme dumunung │ wismeng pupujan ngulama │raosing tyas dhuh gusti kadya rinujit │ kang ketang among sira││

“REREPEN”

PUPUH I PANGKUR

1. ││Jirak pindha munggwing wana │ saying kaga we rekta kang muroni │ nyanyambi kalaning nganggur │ wastra tumrap mastaka │ pangikete wangsalan kang sekar pangkur │ baon sabin ing nawala │ kinarya langen pribadi││

2. Senthe lit sasaneng arga │ lenging roga mina kinarya dhesthi │ nglelejar lajering wuyung │ sikatan bang ngrembaka │ pinisuka kasukan saananipun │ wimbaningkang candra wela │ mrih purna pranaweng kapti││

3. ││Sarkara draw linama │ gelang sweda kramane marah siwi │ ilang laliyeng wulangun │ mundhu lit dhaonira │ lumeketing kayuwanireng kayun │ parab madyaning Pandhawa │ sarjua arjaning dhiri││

(3)

5. ││Wicara tanpa karana │ babasane janma munggal sapanti │ ngayawara tanpa dunung │ sampan panggilap wreksa │ peprenesan linaras resmining kayun │ narmada lit ngalang marga │ tan liya among ngrerepi││

6. ││Ron eling tengering marga │ barat wetan mina lembat jaladri

│ sun saweni timuripun │ wantya sang naribrangta │ mangke sampun diwasa warnane punjul │ karma sengseming sasana │ teka ana kang ngrasani││

7. ││Jambe geng wijiling arga │ sarpa warna kisma mawur kapilih

│ gawe sumelanging kalbu │ satriyadi Singgela │ datan bias nendra kalanireng dalu │ pamet brana jro pratala │ netra tansah

merem melik││

8. ││Sumedhi putra Ngalengka │ bale nata sang Endrakitla resi │ kadya paran raganingsun │ dhandhang lit mitra dhustha │ yen tuhua lir pawarta kang sun rungu │ kucumbining dwijawara │ sedheng sun kendhang sing ngriki││

9. ││Piningset sampur wanita │ nateng angga rangkep

tundhaning sari │ kancandheting manah ingsung │ kadang tepunging basa │ dene during kinaruh ing sidanipun │ turu wilis tanpa patra │ jroning urip sun anteni││

10. ││Wreksa angkuring suyasa │ kang toh kuda sendhang luber kang warih │ sun tetedha ring Hyang Agung │ tirta wijiling angga │ mung engeta bae marang dasihipun │ palwa kandheg ing muwara │ sun labuh dhepani nagri││

11. ││Katga pangruwat durmala │ sindu raga pasang ilining tasik │ pakaryan kringeta marus │ surya lalu diwasa │ datan nedya ring pawaka │ lebur luluh sun andhemi││

12. ││Saron geng mangka menggala │ pecuk seta kawuk kang madha warni │ mung tolehen awak ingsun │ kuji geng Tasik Waja V kasangsaya kadarpan ing tyas kadurus │ bantuning janma baksana │ wimbuh yen mulat maskwari││

13. ││Pathining madya rangkep tembunging ngeksi │ yayah saputing pandulu │ wastra tawing wiwara │ lir kataman gebyaring kilat narawung │ jawata geng salah warga │ sakala datanpa budi││

(4)

15. ││Sadpada bubar sing tala │ esuk kambuh brangtaning tyas tan sipi │ wilangan kinarya urup │ ketang laraning driya │ pager kuda deling malang kang binekuk │ gung kapelak kapalangan │ saking kek sikareng budi││

16. ││Tilam wastra ring kakapa │ raning prana ron lesah aneng siti

│ kasuraning tyas kang rawuh │ temu bang ande warna │ sanalika nir kadarman yun manempuh │ bubuk lit ngrabaseng wastra │ enget pasuwitan mami││

17. ││Wiwaradi dhatulaya │ jangkah madya niskara kang ngewani

│ yen ngantia tindak saru │ paparab sang mahdwija │sayektine ginuyu mring kang tan sarju │ siwalingf wreksa dinanda │ ilang tataliningsun nguni││

18. ││Tambra lit kulineng arga │ jayeng toya janma mnyandi warna

│ angur baya sun salimur │ majastra tungtung seta │ dimen aja kawistara brangtaningsun │ puja panulaking wisa │ Manawa tembe pinanggih││

19. ││Parabe Hyang Nilakantha │ lamun pasthi sira jodho lan mami │ godhag antaraning laku │ leta wukir samudra │ paken alit urut marga nora wurung │ pamoring estri lan priya │ dhaup lawan sira gusti ││

20. ││Titi pracihnaning kata │ pratandhane kang lagya andon wingit │ baya nora natuk telu │ kang kaya raganingwang │ away mamak amitambuh marang ingsun │ nikukuh isining praja

│ mangga manggala linewih││

21. Titi purwaning panitra │ prangwadanan ing ari Wrehaspati │ Besar tanggal kaping pitu │ nuju mangsa katiga │ ing tahun je angka sewu pitung atus │ wolung dasa kalih enjang │ pangriptaning kang ngrerepi.

PUPUH II

DHANDHANGGULA

1. │Rengating tyas rinapih ngrerepi │ rinumpaka sinawung sarkara │ wawangsalan karemene │ dhuh babo roning pantun

│ ancur pethak tumraping carmin │ saya lami karasa │ kalabang sumunu │ nor arena ing tyas ingwang │ benthic wreksa atmajeng Sentanu resi │ tan jenak aneng wisma││

(5)

alit wungu kang warni │ ambalut tur jatmika │ bajuning dyah tanggung │kuning bentrok maya-maya │ sekar pisang basa kawining nagari │ patut musthikang praja││

3. ││Suteng Endra watese kang tulis │ sun watara janma madyapada │ puter geng tutul murdane │ Tanana kang kadyeku │ tapas aren kang senthe wukir │ duk kuna jare ana │ sanjata pamupuh │ putrid adi ing Manggada │ watang criga tepi wastra kang cinawi │ kiraku during padha││

4. ││Menyan seta pangabaran peksi │ selawase sun anjajah praja │ pager pura pulas jene │ Batawi prapteng Kudus │ kakawine kang sosotyadi │ during tau umulat │ andakara murup │ memper mirib warnanira │ lambing brana pelem alit ganda wangi │ urup den doli karya││

5. ││Bale nata murweng darbe siwi │ baya paran tembe dadinira

│ gancar wayang upamine │ lakone raganingsun │ pacet agung kang suling paksi │ tan betah anyawanga │ putusing pangawruh │ kang kadya wulan purnawa │ kendhal jeram pungkas ingkang bangun enjing │ kaserang saput driya││

6. ││Sipat Kresna ron leash neng siti │ sun celaki wuwuh tejanira

│ ancur sotya tanuning we │ dhasare nyata punjul │ jambe arga nateng Biraji │ gawe kisruhing driya │ gagelang panuduh │ kongsi lali neng paseban │ bikang rekta neng wastra ngiras bebenting │ micara nora cetha││

7. ││Krameng boja praja sang Sumali │sun tatedha sang kalengkaningrat │ taru kang nedheng rumembe │ dadiya jodhoningsun │ kancuh ingkang duta narpati │ mangka kanthining gesang │ tyas sangsam binumbu │ saiba ayeming driya │ mulat sastra jinten langking madha warni │ nurunken wiji priya││

8. ││Sarah tala narendra kapi │ lamun benjang tembe dadi garwa

│ bidho geng pingul warnane │ sun reka-reka wuru │ nateng Kobar kang dindang kuning │ supadi anjintela │ pangabaran pandung │ tumuli ingsun ngrerepa │ lagu sastra sirating bramara gusti │ ing sekar madu retna││

9. ││Kirab wastra kadang Kartapati │ ingsun kebut aneng daganira │ kepet dangan lomeng wade │ yen nglilir mirah ingsun │ paparabe Hyang Surapati │ sun wedene ana wilwa │

ron usada rowang temah dadi weri │ pesthi balik

(6)

10. ││Gudhe pandhak sendhang geng ing wukir │ kaya ngapa leganing tyasingwang │ tarudi swarga enggone │ sasat katiban daru │ pisang panjang kang tanpa sari │ gapyakl gebyare ana

│ wisayaning manuk │ sakala datan panon rat │ ganggeng wreksa prajane sang Suryasiwi │ rumasuk malbeng angga││ 11. ││Teken palwa sela kang rininjing satangine saking pagulingan

│ kang lampis wungu kembange │ pantese pungun-pungun │ rajeng praja ing Ngambarkawit │ sun ajak marang jamban │ prasidaning laku │ banjur malbeng patamanan │ sepat panjang kukila kang mangsa pari │ mider angalap sekar││

PUPUH III S I N O M

1. ││Panedhaking purwa madya │ lumunturing tyas kaswasih │ paparikan rema seta │ unthuking nila upami │ sapa wani mengkoni │ mring retna dyah kang pinunjul │ narpati ing Sindhula │ wreksa minangsaeng siking │ mesthi bareng lebur luluh lan wakingwang││

2. ││Sanajan kang manca praja │ nagri kang urut pasisir │ carita kangf pininguit serat │ kendhang geng tengareng jurit │ tan wurung sun tekani │ sun ajak gondhelan sabuk │ kusuma menyan seta │ sarati dyah esthi putih │ singatiwas murdane dadi sasrahan││

3. ││Gusti kang pindha musthika │ pasewakan Hyang Pramesthi

│ ombak geng mawa maruta │ surendra buwana dadi │ yen nora samudra marus │ rondhon kentar ing toya │ balumbang alit pesagi │ tyas sumarah jiwa raga dadi tambak││

4. ││Legawane tyas sambada │ walang panjang mangsa pari │ kaleca kang rasa kamla │ sosotya munggeng wiyati │ mumundhuta wong kuning │ lintang munggeng langit biru │ iku yogya kinarya │ lumayanira maskwari │ susuk kondhe sineling retna mutyara││

(7)

kuning │ dhuh angger panedhaningsun │ pasiran ing bengawan

│ paksi sasmitaning lalis││

6. ││Saengga jro pagulingan │ tan nedya sawaleng kapti │ kang ganda tumraping angga │ ing ngindar banara pati │ darma ulun nglampahi │ punapa reh ta wong ayu │ narpati ing Ngayodya │ wong agung kang andon jurit │ tyas kadhadha dhadhap sakarsaning puja││

7. ││Laos wohe pindha wreksa │ cabe lit ronnya malintir │ cacade karem nglalaga │ megat tresna wong lagya sih │ kadereng ulun iki │ amrih kapadhaning kayun │ cumbananing manyura │ kang tambang pangenceng kelir │ wong parigel tangeh luntura sihira││

8. ││Baya sida mati ngarang │ yen gusti tan luntur kang sih │ kalabang mawa panjuta │ gagelang munggeng dariji │ tan rena laliningsih │ dhuh dadia papujanku │ kusuma menda wana │ siti rengka ing tetegil │ kalilana kawula ngudang bandara││ 9. ││Wader gung kang pindha gada │ kakayangan Suranadi │

patra jana saupama │ gagala pangarah mami │ puput jiwangong gusti │ kabanjur sida kalantur │ dhuh angger welasana │ sapa yoga mring nak mami │ nora liya mung sang retnaning buwana ││

10. ││Karoya kang pindha warna │ kusumeng dyah Kaelani │ yayi welasa maringwang │ away gung manggung prihatin │ lalu mangsa wonfg kuning │ paparikan jayeng ranu │ sudanen weh wiyoga │ yen kasep ambabayani │ gudhe rambat yayi laraku

kesandhang││

11. ││Prang wusananing brangta │ supadi lipur ing anggring │ ywa manggung tyas duka cipta │ bantheng bang wisma nagari │ dadia getih daging │ aja pijer kaparingu │ bale kuda bandara │ janma kang kentar ing warih │ tyas naratab yen enget mring warnanira││

12. ││Sasawi kang munggeng wisma │ wringin seta madha warni

│ yen lagya eling mring sira │ kadya wong kena ing dhesthi │ tan wrin sasami-sami │ tangeh karep mring tumuwuh │ papaesaning netra │ mungsuh kang ngajak lalis │ lalu aja myat bantala ngantariksa││

(8)

kalulutira │ ywa pijer nandhang prihatin │ paran dene delap kumudu tunggalan││

PUPUH IV P U C U N G

1. ││Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit

tembang wangsalan││

2. ││Kang tinembung, ing pangriptanireng tembung │ kadi mene aja │ kalantur nandhang prihatin │ ketungkula nglukita lali wigena││

3. ││Sotya rekta, garwa Kumbakarna prabu │ dhuh angger mas mirah │ dudukeng dasih kaswasih │ grahanarda niaya wong tanpa dosa││

4. ││ Kadhal gogo, kayu alit maleng ranu │ dhuh woting tyasingwang │ para tembayanta gusti │ suka juren dasih ta atyadhah duka││

5. ││Kajang tawang, kalpika rekteng panuduh │ acantheng mirah

│ mundhuta lintang ing langit │ lan karuyanen payangganing gelungira││

6. ││Jatyeng ranu, pasewakan jro tumenggung │ sajroning wigena │ ubayane sun anteni │ wiwindona kawulane ngarsa-arsa││

7. ││Beras pulut, ing Yujana sang aprabu │ angger wuwusira │ tan darbe paningal kalih │ mung abdine katon jroning karasikan││

8. ││Dhandhang alit, among dhustha paminipun │ sun tatedha mirah │ sira den tuhu ing janji │ eman lamun yen uncata ing prasetya││

9. ││Widheng galeng, putrid adining Madayun │ sapa duwe garwa │ ayu tur tuhu ing janji │ sasolahe jatmika bisa weh rimang││

10. ││Jamang wakul, satriya kumendhir tunggul │ eman dara eman

│ kawengku wonfg naliyaning │ bok Manawa ing karsa kurang

(9)

11. ││Sotyo karna, wreksa lina rone trubus │ intene pun kakang │ begjane kang duwe krami │ baya mirah kang pinuja dadi sira││ 12. ││Sarah madu, kunir pita jangkrik gunung │ lam-loamen tyas

ingwang │ yen tan temu sira gusti │ sawer ponthang ing tyas

anggung melang-melang││

13. ││Siti rengka, badan pisah wredinipun │ kadi tanpa jiwa │ lamun tan mulat sirekiu │ kunta kresna ing tyas anggung nyakrabawa││

14. ││Mirah ingsun, surya diwasaning laku │ sajroning anendra │ mung sira bae kaeksi │ kukus gantung ngalilir katon

gumawang││

15. ││Saron bumbung, terong alit ing babatur │ kang kula wibawa

│ bandara papatih Bali │ cacengklungen nganti paguting

asmara││

16. ││Gudha pingul, kang jae munggeng wana gung │ yen wong kaya ngapa │ aweta tyas Poyang-paying │ sewu wuyung miyat ing tyas geramehan││

17. ││Yam-yam tilam, prajiwataning jinemrik │ adhine pun kakang

│ nila pakaja rethathit │ baya sira kumalaning pagulingan││ 18. ││Lepning sekar, retna sosotyaning ayu │ kumalaning jagad │

baya kartika ingukir │ sun watara musthika ingkang pinudya││ 19. ││Sawi janur, putrid Kelan puspa luluty │ angger wartakena │

dasihmu kawelas asih │ gilang-giolang gumuling datanpa

rowang││

20. ││Garwa Karna, palwa kandheg samodra rowang │ sun labuhi sira │ kaganjur kabyataning sih │ sun tatedha dadia kanthi manira││

“MANUHARA”

PUPUH I

DHANDHANGGULA

(10)

2. ││Ingimur-imur mara mrepeki │ linali-lali saya ngalela │ lenge ing tyase ngalela │ lenge ing tyase ngaleleh │ parang wusaneng gandrung │ de kadereng darung kapati │ kapatuih ing pantaka │ pan teka kadurus │ kadrawasan ing kung rimang

│ reming netya satata kang mikatoni │ kontraning dyah

kotama││

3. ││Tam-tam tuman tumonton ing resmi │ reseping tyas ing respanitira │ nirnakken langen resmine │ sor kang angsana tunjung │ tunjung merang marang maskwari │ rekasa lumawana │ kucem warnanipun │ sari-sari sabuwana │ kasangsara lan sira rebut mamanis │ manungsung asung ganda││

4. ││Ganda arum tinumrapken maring │ wandanira sumrambah watara │ sumrik-sumrik sarandune │ kongas mangekes ing kung │ madu-madu pathi sabumi │ bubar padha tumiba │ tumpeg tumpuk sungsun │ seseg aneng sariranta │ kumarane kumerab amerab amerak ati │ marwasa weh wiyoga││

5. ││Miwah lidhah lawan kilat thathit │ apapanthan lawene anuksma │ kaneng liring karemane │ marma lamun tumundhuk

│ lir anggane sara sang kali │ lumarap ngalap jiwa │ nir jiwatanipun │ sumawana suryua candra │ myat kartika prabane amrabawani │ marang wadananira││

6. ││Sotya-sotya musthika di-adi │ jagad raya wus ngumpul sadaya │ dumunung tyasira angger │ kontap ngumala mertdu │ kasusilan silaning estri │ sutreptining akrama │ teja lan kukuwung │ kawangwang │ neng imbanira │ mamanone nanangi ana ing ati │ oneng anon mring sira││

7. ││Pradapane ingkang taru resmi │ raras rume rumarap ing sira

│ wus surem ngalih sunare │ sumirat maring tutuk │ tungtung seta ngrorontog ati │ bremara lan mutyara │cahyane cumundhuk │ cumandhi ring wajanira │ narawungi wangun lir tetesing warih │ kengis ngasmareng cipta││

8. ││Lung-elungan kalanganing langit │ anganglangi

lumengenging kisma │ tumungkul ngukel sinome │ sinatmata weh trenyuh │ ayuhing tyas rudita gati │swara samarcapada │ kang mardangga arum │ rumeket keket lan sira │ srining swara lir rindinging pra absari │ kumenyut nganyut jiwa││ 9. ││Temah tumpeg pepeg saananing │ tri buwana kumarane

(11)

mring kusuma kudu andasih │ asih ngestu pada │ ajrih bok sinatru │ sinadarga lamun sira │ musthikeng rat nadyan Supraba lan Ratih │ mung dadi kanthinira││

PUPUH II KINANTHI

1. ││Midering rat angelangut │ lalana jajah nagari │ mubeng tepining samudra │ sumengka anggraning wukir │ anelasak wana wasa │ tumurun mring jurang terbis││

2. ││Sayekti kalamun suwung │ tangeh miriba kang warni │ lan sira pepujaningwang │ Manawa dhasaring bumi │ miwah luhuring akasa │ tuwin jroning jalanidhi││

3. ││Iku ta sapa kang weuruh │ nanging kirane tyas mami │ sandyan ing tri buwana │ anaa kang madha warni │ maksih sumeh semu sira │ lurus larasing respati││

4. ││Myang dedeg pangadegipun │ sedheng sedhet amantesi │ sembada genging sarira │ lelewane milangoni │ wiraga raga karana │ murweng dyah yang-yanging bumi││

5. ││Manis gapyak lukitarum │ dhemes luwes merak ati │ susila tyase ngumala │ solahe Nyudarawerti │ juwawut geng kang salaga │ parikudu sung ngengeri││

6. ││Kadereng kudu andarung │ kumedah dadia abdi │ nira sang kalengkaning dyah │ kang merdu martaning dasih │ asih mring kwula wiyoga │ yogane kang ngusadani││

7. ││Sada kalaning lara kung │ kinungkunga ing pangeksi │ ing ngupakareng wiwida │ widagdaa ing pangremih │ reseping tyas manuhara │ larasing reh neng jinem mrik││

8. ││Baskara mijil kalalun │ jnama prinayitneng westhi │ sirna tyas mring kasujanan │ araning jati ngemasi │ gung rimang branta mangarang │ rangu-rangu angranuhi││

9. ││Sayakanira Hyang Wisnu │ sarane giyota milir │ gung kacakra solahira │ mangimur-imur ngrerepi │ we wijil ing antariksa │ pama edan andaleming││

10. ││Sang wresni Kesawa perabu │ bremara kang taleng siti │

setyanana tur kawula │ paron pamunduling rukmi │

(12)

11. ││Sastra pangandheging kidung │ sudarma Basudewaji │ ngestu pada mring kusuma │ manjanmaa ping sakethi │ pusara pangiket gangsa │ tumutur tan sedya kari││

12. ││Upama sira mas ingsun │ manuksma mring taru resmi │ ingsun manuksma ring sekar │ gadhung rumambat ing uwit │ lumalat mulet pradapa │ tumali tangkil kumantil││

13. ││Yen sira nuksma riningsun │ marang ingkang sarwa sari │ ingkang kang dadya sadpada │ rumarah mara mangungsir │ mangingsep maduning kusuma │ sanetyasa liliron sih││

14. ││Aywana sawaleng kayun │ kewala kadya angganing │ mimi kalawan mintuna │ supeket ing siyang ratri │ lusi geng kang sabeng rawa │ mung sira kang lulut mami││

15. ││Kambing wana kang sisiyung │ iswara nagri Biraji │ pangudang-kudanging driya │ yen kalakon dadi gusti │ kawis pita mawa ganda │ among aja manggung runtik││

16. ││Manawa netyanta sirung │ ilang tejaning mamanis │ sirna tyas mring kasusilan │ kusut raras ruming estri │ kang carma tumraping pada │ owelku kapati-pati││

17. ││Dhukut tegal pindha pantun │ pamintengwang kusumadi │

wangkawa manaweng surya │ yen bendu marang kang

ngabdi │ ngisma sasaneng kawaka │ gedhongen neng jinem wangi││

18. ││Gepyoken wudharing gelung │ suduken ing sadak rawis │ gablogana burat wida │ panduken kanaka lungit kalesa kentar ing toya │ sumarah karsanta gusti││

19. ││Carma wreksa kang wus luru │ nalikanira samangkin │ kalpika tumraping braja │ yen kapetuk lan sira ri │ larap ingkang riris madya │ kumepyur ing tyas tan sipi││

20. ││Dhengkelen kongsi samenut │ teratapan telung ari │ gumeter luwih rong dina │ gragapan saari-ari │ who gebang kang rinumpaka │ kaya ta ana sumandhing││

21. ││Sotya kakawin ranipun │ mulat nganan mulat ngering │ puspita rinawis rengga │ gugubah den walik-walik │ garwa sang resi Wisrawa │ dupi tan ana kaeksi││

22. ││Anjegreg jenger anjetung │ jinjang jejantunge rujit │ cipta murca ring tyasira │ gumulung ngrangkul geguling │ rinasa rasa udrasa││

(13)

M I J I L

1. ││Wastra ngangrang tebenging patani │ panggagasing batos

│ atma dwija Sampani wastane │ gung karanta ing siyang myang ratri │ ingkang sarpa langking │ mung sira riningsun││ 2. ││Patarendra parabing pawestri │ paran wekasing don │

kang toh pita sumrambah anggane │ lagya ana panujuning ati

│ ron leash ing siti │ ewuh marganipun││

3. ││Waeladi tanayeng Kadhiri │ kinira tyasingong │ yeksa prabu gorang sakadange │ datan mantra sira animbangi │ janma gung kajodhi │ wit asor kalangkung││

4. ││Tawing wastra ron kamal kang kuning │ nadyan sang lir sinom │ kukila gung sabaweng ratrine │ datan suda anganggep kakasih │ meksa raganingsun││

5. ││Pasir kresna ngujwala kaeksi │ lila trusing batos │ gothaka lit kawistara lenge │ suka dadya panongsong pakathik │ roning tangkil kawis │ sokur raganingsun││

6. ││Satriyadi pureng Glagahwangi │ patahen wakingong │ pragosa lit janjan ing warnane │ dadya tukang panebah jinem mrik │ jajaganggan neng wukir │ wasis nora kidhung││

7. ││Gudhe pandhak kanga apatra ruwit │ kapriye riningong │ suwati kang ngrabaseng tirise │ yen manggunga mung srawungan angling │ atmajeng Kekayi │ brangtengsun kadurus││

8. ││Wanara gung kramaning pangaksi │ tan kuwawa anon │ Sri Narendra Manggada parabe │ mring citranta ingkang pindha sasi │ tungguling apsari │ prabane ngunguwung││ 9. ││Sadpada lit uleng aneng panti │ cengeng yen tumonton │

turangga bang rekta sakiswane │ napas seseg keketeg kumitir

│ we mijil ing dhiri │ kang karinget kumyus││

10. ││Kampuh nendra raning wana basmi │ sumingep kang panon │ dewata ngin sira palenggahe │ tanpa bayu yayah angemasi │ srayaning pakarti │ sambat jroning kalbu││

11. ││Patra wisa yoganing maharsi │ dhuh pupujaningong │ basu wiring andanu wismane │ tutulunga babo ing kaswasih │ pundhen Pandhusiwi │ usadeng lara kung││

(14)

13. ││Tambang pisah panduken jemparing │ kang manah sumedhot │ kepet dangan drananing panggawe │ lir ginugah gumregah alinggih │ lung mangkana usadi │ leng-leng lenguk-lenguk││

14. ││Cipta maya rukem kang tanpa ri │ ngangen-angen batos │ sotya reta Gulangge prajane │ mirahingsun sira aneng ngendi

│ diwasaning ari │ teka tan kadulu││

15. ││Gudhe pandhak unggyaning piranti │ apa aneng gedhong │ taru arga lisr kiswa rondhone │ dyan umadeg mara marepeki

│ pasewakeng tami │ mangu manguk-manguk││

16. ││Paksi toya kulawu kang warni │ ing ngungak tan pandon │ raning janma pangresik tilame │ tebah jaja cangkelak abali │ sela cala radin │ neng latar pitekur││

17. ││Duk semana wayah madya ratri │ Hyang Candra katonton

│ maratani udare lawene │ tinaweng ing imalaya nipis │ rumamyang kaeksi │ lir pupur rinembug││

18. ││Neng wadananira sang maweh gring │ amelok sumorot │ kapiteng tyas winudhar astane │ manembrama ing tembung mamanis │ dhuh hyang-hyanging bumi │ titinjo maringsun││ 19. ││Apasira kang paring usadi │ mring dasih kang nglamong │

asih temen marang gegebale │ dupi kontra kang ima lumindhih │ tumungkul agandrung││

20. ││Nenggak waspa tumingal manginggil │ kartika mancorong

│ neng pracima kumedhap cahyane │ lir kincanging alis kang maweh gring │ adhuh sambat mati │ kapeteg ing gandrung││ 21. ││Tan antara ingkang lintang ngalih │ gumebyar cumlorot │

ingsun sidhep liringira angger │ aduduka mring kang lagya anggring │ puwara asepi │ aliwung mangun kung││

22. ││Titi sonya ngrancaka ngranuhi │ sasangka wus ngayom │ angenani laleyan sunare │ wawayanganing angga dumeling │ tinubruk liniling │ ngengleng gandrung-gandrung││

23. ││Dhuh dhuh adhuh woding driya mami │ juwita winongwong

│ glis sapanen inten gegebale │ away mendel tanpa ngandika ris │ paran dosa mami │ de prapta tumambuh││

24. ││Lamun ana sisipe kang abdi │ saking tan rumaos │ anglirwaken marang sarirane │ tarlen muhung aksamanta gusti │ upamengsun kadi │ mas kentar ing ranu││

(15)

MASKUMAMBANG

1. ││Ing sakarsa tan nedya sawalenfg galih │ tempuhna asmara

│ bengkas puspitaning weni │ suka palastra ing tilam││

2. ││Sadangune neng latar gung salah kapti │ wus bangun rahina │ sumirat sunaring rawi │ sumuluh ing antariksa││ 3. ││Temak kucem kusut sasangka kalindhih │ nir ujwalanira │

kang dinalih kusumadi │ pawara tanpa karana││

4. ││Kagyat kanggeg kagugu solahing nguni │ tansah sayut driya │ mimba sang wisma angalih │ tumama maring

udyana││

5. ││Ngenggar-enggar mrih purna pranaweng kapti │ borating turida │ dupi prapta samapaning │ wedari mulat puspita││

6. ││Lagya nedheng kongas gandanya mrik minging │

tumujweng nasika │ enget mring sang weh wiyadi │ angles anglosod infg kisma││

7. ││Amiyarsa swarane bramara ngrungih │ angrurubung sekar

│ kang mendem madune pinrih │ weh yatna nyana sasmita││ 8. ││Dyan umadeg alon denira lumaris │ mring taman met sekar

│ cinangking neng asta kering │ satata kinuswa-kuswa││ 9. ││Asta kanan tumumpang neng pundhak kering │

mider-mider miyat │ panjarahe kang sarwa sari │ uninga tyas

kaonengan││

10. ││Sambat-sambat dhuh babo sang kadi ratih │ baya tan supena │ tangeh tukua pawarrti │ dasihe anandhang brangta││

11. ││Pisang leash patih nagri Maospati │ sadalu wandengwang

│ paksi kresna raning aji │ ngagak-agak datan nendra││ 12. ││Gadarba geng narmada katunan warih │ singa kasatmata │

pandakwa mring wong ajuti │ panarkengsun yayi sira││

13. ││Garwa wipra wogan lit tumambal panti │ angendhangi karsa │ matswa geng munggeng jahnawi │ paparing pituwas branta││

14. ││Kelor wana ubaya kang tanpa warni │ wusana tan nyata │ careme sasaneng tegil │ katuwone raganingwang││

15. ││Sotyaning tyas kadya tang we mangsa katri │ jenar tanpa teja │ lir cintaka minta riris │ angajab tibaning warsa││

(16)

17. ││Yen tan kadya mangkana paranta gusti │ sayekti kadawan

│ drawayane tyas naputi │ dumadi dadalan lena││

18. ││Tambra mimba kramane pangamet kapti │ anggur

sinruweya │ wilada kang patra lempit │ lowung dadi

embanira││

19. ││Tepi dwaja piji geng kang munggeng kawis │ pirangbara benjang │ satriya Singgela nagri │ bisa males ing sihira││ 20. ││Kawi papa mantasa nagri Kubarsari │ sakadaring sudra │

kalabang renaming driya││

21. ││Sarpa kresna tutula munggeng turanggi │ among

timbangana │ prajane sang Wisnusiwi │ dhuh mirah tresna kawula││

Referensi

Dokumen terkait

Penjamin akan membayar kepada Penerima Jaminan sejumlah nilai jaminan tersebut di atas dalam waktu paling lambat 14 (empat belas) hari kerja tanpa syarat (Unconditional)

Surat Keputusan Sekretaris/Kuasa Pengguna Anggaran/Pengguna Barang Pengadilan Negeri Kandangan Nom or: W 15.U 2/01/PA/SK/I/2019 tanggal 2 Januari 2019 tentang

3/30/DPNP tanggal 14 Desember 2001 dan Surat Edaran Bank Indonesia Nomor 13/30/DPNP tanggal 16 Desember 2011 mengenai laporan Keuangan Publikasi Triwulanan dan Bulanan Bank Umum

(2) Bagan Organisasi Dinas Pendapatan, Pengelolaan Keuangan, dan Asset Daerah sebagaimana tercantum dalam Lampiran X Peraturan Daerah Kabupaten Sragen Nomor 14 Tahun

3/30/DPNP tanggal 14 Desember 2001 dan Surat Edaran Bank Indonesia Nomor 13/30/DPNP tanggal 16 Desember 2011 mengenai laporan Keuangan Publikasi Triwulanan dan Bulanan Bank Umum

3/30/DPNP tanggal 14 Desember 2001 dan Surat Edaran Bank Indonesia Nomor 13/30/DPNP tanggal 16 Desember 2011 mengenai laporan Keuangan Publikasi Triwulanan dan Bulanan Bank Umum

3/30/DPNP tanggal 14 Desember 2001 dan Surat Edaran Bank Indonesia Nomor 13/30/DPNP tanggal 16 Desember 2011 mengenai laporan Keuangan Publikasi Triwulanan dan Bulanan Bank Umum

3/30/DPNP tanggal 14 Desember 2001 dan Surat Edaran Bank Indonesia Nomor 13/30/DPNP tanggal 16 Desember 2011 mengenai laporan Keuangan Publikasi Triwulanan dan Bulanan Bank Umum