• Tidak ada hasil yang ditemukan

Soal Bahasa Jawa SD/MI - Mid Semester Gasal Bahasa Jawa Kelas V

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "Soal Bahasa Jawa SD/MI - Mid Semester Gasal Bahasa Jawa Kelas V"

Copied!
3
0
0

Teks penuh

(1)

Logo Lembaga Penyelenggara NamaNo. Absen : ………: ……… ULANGAN TENGAH SEMESTER GASAL MADRASAH IBTIDAIYAH

TAHUN PELAJARAN 2014/2015

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/Tanggal : Sabtu, 11 Oktober 2014

Kelas : V ( Lima ) Waktu : 07.30 – 09.00 WIB

Wacan kanggo soal no 1 – 5

Kutha Jepara

Jepara kutha kabupaten, klebu wewengkon Karesidenan Pati, Propinsi Jawa Tengah. Kuta cilik, katone ora sepiraa. Nanging aja ngira, jebul kondang tekan ing ngendi-ngendisa-Nusantara Indonesia. Malah dadi inceraning mancanegara. Jalaran ora liya maneh marga Japara dadi pusering dedagangan barang-barang kawentar.

Ana ing kuthane, prasasat saben papan, tinemu panggonan-panggonan kang gawe prabot-prabot omah, kaya dene meja, kursi, lemari, bupet, dhipan, lan liya-liyane. Prabot-prabot piranti omah kui saperangan gede digawe ora mung polosan ngono bae, nanging nganggo diukir dening para juru ukir. Pangukire kanti njlimet, premati, lan ngati-ati. Mrelokake tenaga mirunggan, katrampilan apa dene kaprigelan, lan uga pangalaman. Mula pakaryan iki ora bisa ditandingi ing sadengah wong. Sapsan maneh mrelokake tenaga mirunggan yaiku kang diarani juru ukir.

Panggarape barang-barang prabot iku ora mung cilik-cilikan, nanging dianakake kanti geden, migunakake piranti-piranti modern, luweh-luweh kang digawa ana ing pabrik-pabrik. Pabrik-pabrik malah ana kang diusahaken dening wong mancanegara, kayata Amerika lan belgiya. Barang-barang praboting omah kang model-model manekawarna pasarane utawa pangedole ora mung ana ing rangkah sajroning negara Indonesia iki, ananging akeh kang diekspor menyang mancanegara, kayata menyang Negara Walanda, Amerika, Belgiya lan Jepang.

I. Wenehana tanda ping (x) ana ing huruf A, B, C, lan D sangarepe jawaban kang bener !

1. Apa sing digawe ana ing jepara ?

a. Prabot omah b. Piranti olahraga c. Buku sekolah d. Bumbu masak 2. Genea Jepara dadi inceraning mancanegara ? Amarga Jepara dadi pusering …

a. Kumpule para wisatawan mancanegara c. Dedagangan barang-barang kawentar b. Produksi pertanian lan perkebunan d. Gawe prabot-prabot omah kang larang 3. Ana ing endi Jepara ngekspor barang dagangane ?

a. Jepang, Korea, Cina lan Mongolia c. Malasia, Arab, Perancis, lan Rusia b. Walanda, Amerika, Rusia, lan Cina d. Walanda, Amerika, Belgiya, lan Jepang 4. Apa tegese ekspor ?

a. Nekake barang dagangan saka negara liya

b. Ngirimake barang dagangan menyang negara liya c. Ngumpulake barang dagangan supaya bisa didol maneh d. Menehi tandha marang dagangan asal negara kang gawe 5. Piye tandange para juru ukir ing Jepara anggone padha ngukir ?

a. Pangukire kanti njlimet, premati, lan ngati-ati b. Pangukire kanti alon premati, lan telaten

c. Pangukire nggunakake piranti modern kang praktis d. Pangukire langsung tanpa digawe pola ndhisik Wacan kanggo soal no 6 -8

Nandur sayuran organic lumrahe ditindakake ing pategalan sawah, lan kebonan. Nandur sayuran organic uga bisa ditindakake ing papan kang ciyut kanthi nggunakake polibag utawa tilas wadhah liyane. Nenandur ing pot utawa polibag cocok kanggo omah kang ora nduweni kebon utawa latar sing jembar. Sayuran sing ditandur kuwi asile bisa kanggo nyukupi konsumsi pribadi utawa bisa diedol.

Nandur sayuran ing polibag nduweni pirang-pirang kauntungan. Kauntungan ing antarane yaiku gampang anggone nandur, gampang anggone ngopeni, yen ana tanduran ngirit panggonan, lan rebuke bisa temanja.

6. Nandur sayuran ing polibag becik kanggo omah kang ….

(2)

a. Gampang anggone nandur c. Rebuke bisa temanja b. Luwih akeh asile panene d. Gampang anggone ngopeni 8. Pesen saka karangan dhuwur yaiku ….

a. Yen ora nduwe sawah bisa tetep nandur sayuran ana ing pekarangan b. Sayuran kang ditandur ana ing polibag duwe umur kang luwih dawa c. Sayuran bisa woh luwih akeh yen ditandur nganggo polibag

d. Nandur sayuran ing polibag luwih praktis lan luwih akeh kauntungane Wacan kanggo soal no 9 – 10

Kacarita kahanane bungkus kang dibuang ana ing alas wandalaksana ndadekake alas kuwi gawat kaliwat-liwat. Saben ana kewan kang nyedaki bungkus bakal musna. Kahananan iki uga nggegerake kahyangan. Mula bathara Guru, pimpinaning para Dewa banjur utusan Gajah Sena supaya ngluwari bungkus kuwi.

9. Setting utawa panggo crita ing dhuwur yaiku ….

a. Alas lan gunung c. Kahyangan lan gunung

b. Alas lan kahyangan d. Segara lan kahyangan 10. Bathara Guru watake ….

a. Luhur budine c. Tanggung jawab luhur budine

b. Welas asih d. Gampang nesu

11. Ngisor iki kang minangka tuladhane pambuka pidhato ….

a. Mangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang tansah paring rahmat lan kawilujengan dhateng kita sedaya

b. Saderengipun liburan sampun didhawuhi damel cangkokan lan sasampunipun liburan asil cangkokan badhe dipuntanem

c. Pangopenane taneman woh-wohan punika mangkenupin badhe dipun damel kelompok piket. Tugasipun nyiram saben enjang.

d. Makaten atur kula, pungkasaning atur wilujeng makarya. Menawi wonten klenta-klentanipun atur, nyuwun pangapunten. Maturnuwun.

12. Kang minangka tuladhane panutup pidato yaiku ….

a. Mangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti Allah ingkang tansah pirang rahmat lan kawilujengan dhateng kita sedaya.

b. Saderengipun liburan sampun didhawuhi damel cangkokan lan sasampunipun liburan asil cangkokan badhe dipuntanem

c. Pangopenane taneman woh-wohan punika mangkenupin badhe dipun damel kelompok piket. Tugasipun nyiram saben enjang.

d. Makaten atur kula, pungkasaning atur wilujeng makarya. Menawi wonten klenta-klentanipun atur, nyuwun pangapunten. Maturnuwun

13. Pidato lumrahe ditindakake dening ….

a. Priyayi sing luwih tuwa c. Guru sing luwih pinter b. Pejabat sing luwih kuasa d. Wong sing luwih sugih 14. Bu Yumi manen pari nganggo ani-ani. Ukara tanggapane kang mathuk yaiku ….

a. Luwih becik nganggo ani-ani tinimbang nganggo arit kanggo manen pari supaya luwih irit lan cepet b. Manen pari nganggo ani-ani kuwi butuh wektu suwe mula butuhake wong akeh supaya cepet rampung c. Ani-ani kuwi piranti manen pari ana ing jaman mbiyen, yen saiki wis nggunakake piranti liya yaiku dos d. Panen yen migunakake ani-ani bisa entuk gabah luwih akeh tinimbang yen migunakake piranti liya 15. Dene ukara saran kang becik kanggo Bu Yumi yaiku ….

a. Luwih becik bu Yumi gawa mesin traktor supaya cepet rampung b. Kudune bu Yumi ngajak kabeh anake supaya ngrewangi manen pari c. Bu Yumi becik nggunakake dos kanggo manen pari supaya luwih cepet d. Kudune Bu Yumi sabar lan tlaten supaya entuk pari kaya kang dikarepake 16. zN nh b e = kh Tulisan iki diwaca ….

a. Tadhoh udan c. Lemah sawah

b. Omah tanah d. Lemah bengkah

17. l=ugu h [j[j/ Dene tulisan iki wacanane ….

a. Menggah langgar c. Aweh weruh

b. Lungguh jejer d. Berkah donga

18. yu pai jh lgi [rw= p [nn- Ukara iki diwaca ….

a. Priyayi sing luwih tuwa c. Bu Pariyah lagi buwang b. Pejabat sing luwih kuasa d. Yu Paijah lagi rewang panen 19. Wong sing ditakoni ana ing wawancara diarani ….

a. Narasumber c. Kamerawan

b. Wartawan d. Fotografer

(3)

20. Sadurunge nindakake wawancara luwih dhisik nyusun daftar ….

a. Alamat c. Pitakonan

b. Jabatan d. Jeneng

21. Tuladhane pitakonan kanggo wawancara ngenani nandur Lombok ing polibag kang bener …. a. Apa kauntungane nandur Lombok migunakake polibag ?

b. Sapa wae sing melu nandur Lombok ing polibag ? c. Kapan nandur Lombok ing polibag kuwi dianakake ? d. Genea polibag digunakake nandur Lombok ?

22. Layang sing isine magepokan pribadine sing ngirim marang pribadine sing dikirimi diarani ….

a. Layang ulem c. Layang kitir

b. Layang iber-iber d. Layang dhawuh

23. Kanggo sapa laying katujokake ana ing perangan layang diarani ….

a. Tapak asama c. Peprenah

b. Titi mangsa d. Adawiyah

24. Tuladhane peprenah yaiku ….

a. Katur bapak Ibu ing dalem c. Mitramu

b. Setya Nugraha d. 22 Agustus 2013

25. Ngisor iki tulisan papan lan titi mangsa sing bener yaiku ….

a. winong, 25 september 2012 c. Winong, 25 September 2012 b. Winong, 25 September 2012 d. winong, 25 September 2012 II. Isinana titik-titik ngisor iki kanthi jawaban kang bener !

26. bima kuwi putra pandhawa kang angka …. 27. Kutha Jepara klebu wewengkon karesidenan ….

28. Umure Lombok rawit luwih …. Tinimbang Lombok gedhe 29. jgu= bk/ Tembung iki diwaca ….

30. s ru= gjh fufuk- Tulisan ik diwaca ….. 31. Ingkang putra, ana ing perangan laying diarani ….

32. Yen menehi tanggapan becik nganggo basa sing … lan ora gawe …. 33. Kahyangan kuwi papan panggonane para ….

34. “Telung meter” yen ditulis jawa ….

35. Kagiyatan golek katrangan sarana nakoni wong sing ahline diarani ….

III. Wangsulana kanthi bener !

36. Gawea tuladhane pambukane layang pribadi !

37. Gawea 4 pitakonan wawancara ngenani nandur Lombok ing polibag ! 38. Tulisen wacanane tulisan Jawa ngisor iki !

ai sih furu= pd bub/ sk swh 39. Tulisen tuladhane pambuka pidhato !

40. Wenehana tanggapan lan saran marang kahanan gambar ngisor iki !

Referensi

Dokumen terkait

Wusana, sawise musyawarah disarujuki dalan bakal didandani sarana dipaving lan kanggo mbangun dalan dienekake urunan, kanthi cara, sing sugih mbayar luwih.ora

Tembung kang bener kanggo njangkepi ukara yaiku ..... Tas iku

Tembung pitakon sing bener kanggo njangkepi ukara iki yaiku ..... Ibu

Tembung sing bener kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku ...... Ceceg-ceceg ing ngisor iki wangsulana

Tembung kang mathuk kanggo nglengkapi ukara ing dhuwur yoiku….. Aku sakeluwarga arep

Ukara pitakon kang cocog kanggo ukara wangsulan ing dhuwur yaiku..... a.sapa

Deswita iku bocah kang becik bebudene amarga guneme becik lan tata basane bener nalika guneman karo wong tuwane lan karo wong liya.. Mula dheweke diajeni

ndandani- ndek wingi- bapak- sepeda supaya dadi ukara sing becik urutane .... a.ndek wingi bapak sepeda ndandani b.bapak ndandani sepeda ndek wingi c.ndandani sepeda bapak ndek wingi