• Tidak ada hasil yang ditemukan

SOAL PTS BAHASA JAWA SEKOLAH MENENGAH PERTAMA

N/A
N/A
lestari handayani

Academic year: 2024

Membagikan " SOAL PTS BAHASA JAWA SEKOLAH MENENGAH PERTAMA"

Copied!
3
0
0

Teks penuh

(1)

A. Wangsuli pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing wangsulan a, b, c, utawa d kang kokanggep bener!

Wacan ing ngisor iki kanggo pitakonan angka 1-6!

Pamêdhare wasitaning ati cumanthaka aniru pujangga dhahat mudha ing batine nanging kêdah ginunggung datan wruh yèn akèh ngèsêmi amêksa angrumpaka

basa kang kalantur tutur kang katula-tula

tinalatèn rinuruh kalawan ririh mrih padhanging sasmita

1. Tembang macapat kasebut aran...

a. Durma

b. Dhandhanggula c. Gambuh

d. Maskumambang 2. Guru gatrane tembang kasebut yaiku...

a. 9 b. 11

c. 10 d. 8 3. Watake tembang kasebut yaiku...

a. Luwes, sarwa cocog

b. Asih, prihatin c. Sedhih, susah

d. Bungah, grapyak 4. Kang ora klebu isining tembang adhedhasar wacan tembang ing dhuwur yaiku...

a. Wong sing kuminter lan kumawani aniru-niru kaya kapinteraning pujangga.

b. Wong sing banget bodone njaluk digunggung, ora peduli nadyan diguyu wong akeh.

c. Wong sing kuminter meksa ngrakit bab pitutur kang kalantur senadyan diguyu wong akeh.

d. Wong sing nyata pinter banget ngrakit bab piwulang utawa pitutur luhur ing kauripane.

5. Guru wilangan lan guru lagu saka tembang macapat adhedhasar wacan ing dhuwur yaiku….

a. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a b. 10i, 10a, 9e, 8u, 10i, 6u, 7u, 12i, 8a

c. 10i, 10a, 8e, 7ng, 9i, 7a, 6r, 8a, 12h, 7a d. 10i, 10a, 8e, 7ng, 12i, 8a, 6r, 7a, 12h, 6a 6. Pitutur utawa amanat sing bisa dijupuk saka pethikan tembang macapat dhandhanggula kasebut, yaiku….

a. Dadya pamimpin kang andhap asor, sabar, ngati-ati, sregep ngangsu kawruh, lan migunani kanggo masarakat.

b. Dadya pamimpin kang andhap asor, seneng ngangsu kawruh, lan seneng pame marang kawulane.

c. Dadya pamimpin kang gumedhe, sabar, ngati-ati, sregep anggone ngangsu kawruh, lan migunani.

d. Dadya pamimpin kang andhap asor, kemaki, sregep ngangsu kawruh, lan migunani kanggo masarakat.

7. Cacahe tembang macapat ana 11.

1) Mijil, Megatruh, Maskumambang, Wirangrong.

2) Durma, Gambuh, Kinanthi, Pocung, Sinom 3) Asmarandana, Dhandhanggula, Pangkur 4) Pocung, Dhandhanggula, Girisa, Wirangrong.

Adhedhasar data ing dhuwur, kang klebu 11 tembang macapat yaiku...

a. 1 lan 3

b. 3 lan 4 c. 2 lan 3

d. 2 lan 4 8. tutu/k=ktultul

Cakepan tembang kasebut diwaca...

a. tuladha kang migunani

b. tutur kang becik c. tutur kang katula-tula

d. tutur becik apantes tiniru Wacan ing ngisor iki kanggo pitakonan angka 9-10!

Sinta krungu pawarta diukume Anoman. Dheweke ndedonga, nyenyuwun marang dewaning geni amrih Anoman ora kobong. Buntute Anoman dadi obor kang urube makantar-kantar. Kapi seta nuli dhel mlumpat nylangkrik ing sandhuwure payon karo tansah ngobat-abitake buntute. Payoning kraton kobar banjur mremen tekan ngendi-endi.

Wewangunan-wewangunaning kraton saisen-isene padha kawlagar.Geni mangalad-alad mobat-mabit prasasat ngamuk kena samirana. Kraton Alengka dadi karang abang pindha segara geni.

9. Anoman diarani rewanda seta ateges...

a. Kethek putih b. Sekti mandraguna

c. Palwaga digdaya d. Rewanda Nayaka

10.Wewangunan-wewangunaning kraton saisen-isene padha kawlagar. Geni mangalad-alad mobat-mabit prasasat ngamuk kena samirana. Kraton Alengka dadi karang abang pindha segara geni.

Tembung kagaris ngisor kasebut nduweni teges...

a. udan

b. angin c. srengenge

d. lintang 11.Crita Ramayana lakon “Anoman Duta” nyritakake….

a. Anoman kang diutus dening Prabu Rama Wijaya supaya nggoleki Dewi Sinta.

b. Anoman kang diduta dening Prabu Rahwana supaya nggoleki Dewi Trijatha.

c. Anoman kang didhustha dening Laksmana supaya nggoleki Dewi Sinta.

d. Anoman kang didhustha dening Rahwana menyang Kraton Ngalengka.

12.Dasanamane Rahwana yaiku….

a. Rama Wijaya

b. Laksmana c. Dasamuka

d. Aroman Duta

Anoman nglajengaken lampah. Dereng dumugi panggenan ingkang dipuntuju, piyambakipun bandayuda kaliyan Wil Kathaksini, raseksa ingkang nguwaosi samodra ingkang tumuju dhateng nagari Ngalengkadiraja. Uwal saking regemaning ditya samodra, Anoman kasil tumuju Taman Asoka ing Nagari Ngalengkadiraja, papanipun Dewi Sinta

(2)

kasingidaken. Ing taman menika, Anoman kepanggih kaliyan Trijatha, putrinipun Raden Gunawan Wibisana ingkang rayinipun Prabu Dasamuka. Sumerep kaelokaning Sang Rewanda Seta, Trijatha wuyung, kesengsem dhateng Sang Rewanda Seta.

Lantaran Trijatha, Anoman kasembadan pinanggih kaliyan Dewi Sinta. Anoman lajeng nyaosaken kalpika kagunganipun Raden Rama marang Dewi Sinta. Pepanggihan menika kasumerepan dening Indrajid, putranipun Dasamuka. Anoman lajeng kapikut, kasowanaken ing ngarsanipun Dasamuka. Nata Ngalengkadiraja murka, Anoman kapidana besmi.

13.Sapa kang ngrewangi Anoman supaya gampang pinanggih marang Dewi Shinta?

a. Wibisana b. Sugriwa

c. Trijatha d. Indrajid 14.Anoman lajeng dipunrangket, kapidana...dening Rahwana.

a. Besmi b. Kunjara

c. Pralaya d. Mati 15.Anoman ngaturaken...kagunganipun Rama dhateng Sinta.

a. Kalung

b. Gelang c. Ali-ali

d. Cundhuk mentul 16.Ditya kang nguwasani samodra adedhasar wacan kasebut yaiku...

a. Rahwana b. Dasamuka

c. Wil Kathaksini d. Dewata Cengkar 17.Crita wayang Anoman Duta klebu ing kitab ...

a. Mahabharata b. Ramayana

c. Sutasoma d. Ajimantrawara Wacan ing ngisor iki kanggo pitakonan angka 18-22!

Nanging yen sira nggeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing hukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa,

ingkang wus amungkur, tan mikir pawewehing lyan, iku pantes sira guranana kaki, sartane kawruhana.

18.Ingkang wus amungkur,

Cakepan tembang kasebut nalika ditulis kanthi aksara Jawa yaiku...

a. a=k=wusamu=kur\

b. ai=k=wusamu=kur\

c. a=k=wusHmu=ku/

d. a=ik=wusHmu=ku/

19.sartane kawruhana.

Tembung kawruhana tegese...

a. sinaua b. gladhia

c. golekana d. wewehana 20.?[soku/[ao[lh[w=otp.

Wacane cakepan tembang kasebut yaiku...

a. sartane kawruhana

b. sarta kang wruh ing hukum c. kang ngibadah lan kang wirangi d. sokur oleh wong tapa

B. Wangsuli pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis!

21. Sebutna guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan saka cakepan tembang kasebut!

22. Critakna isi saka cakepan tembang kasebut?

23. sarta kang wruh ing hukum

Tulisen cakepan tembang kasebut mawa aksara Jawa!

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 24-30!

Anoman menika jejering rewanda ingkang awarna seta, pramila Anoman winastan Rewanda Seta. Piyambakipun putranipun Bathara Bayu ingkang patutan kaliyan Dewi Anjani. Dewi Anjani menika sadherekipun Sugriwa saha Subali.

Nalika kautus dening Raden Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi pambengan ingkang matumpa-tumpa. Tanpa kanyana saderengipun, Anoman dipunracun dening satunggaling dewi ingkang suwaunipun kaanggep mitulungi ngantos piyambakipun nemahi wuta. Begja dene wutanipun Anoman kenging kausadani dening garudha satemah waluya jati.

Anoman nglajengaken lampah. Dereng dumugi panggenan ingkang dipuntuju, piyambakipun bandayuda kaliyan Wil Kathaksini, raseksa ingkang nguwaosi samodra ingkang tumuju dhateng nagari Ngalengkadiraja. Uwal saking regemaning ditya samodra, Anoman kasil tumuju Taman Asoka ing Nagari Ngalengkadiraja, papanipun Dewi Sinta kasingidaken. Ing taman menika, Anoman kepanggih kaliyan Trijatha, putrinipun Raden Gunawan Wibisana ingkang rayinipun Prabu Dasamuka. Sumerep kaelokaning Sang Rewanda Seta, Trijatha wuyung, kesengsem dhateng Sang Rewanda Seta.

Lantaran Trijatha, Anoman kasembadan pinanggih kaliyan Dewi Sinta. Anoman lajeng nyaosaken kalpika kagunganipun Raden Rama marang Dewi Sinta. Pepanggihan menika kasumerepan dening Indrajid, putranipun Dasamuka. Anoman lajeng kapikut, kasowanaken ing ngarsanipun Dasamuka. Nata Ngalengkadiraja murka, Anoman kapidana besmi.

(3)

24. Anoman nemahi alangan kang matumpuk-tumpuk nalika nggoleki Dewi Shinta. Sebutna 3 wae alangan kang kudu diadhepi dening Anoman!

25. Sapa rama lan ibune Rewanda Seta?

26. Apa kang bisa dituladhani saka Anoman adhedhasar wacan “Anoman Duta”?

27. Sebutna paraga protagonis, antagonis, lan tritagonis saka wacan kasebut!

28. Apa aran struktur crita wayang ing ngisor iki?

Anoman menika jejering rewanda ingkang awarna seta, pramila Anoman winastan Rewanda Seta. Piyambakipun putranipun Bathara Bayu ingkang patutan kaliyan Dewi Anjani. Dewi Anjani menika sadherekipun Sugriwa saha Subali.

Nalika kautus dening Raden Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi pambengan ingkang matumpa-tumpa.

29. Apa unggah-ungguh basa kang digunakake ing ukara kasebut?

30. Gawea cakepan tembang dhandhanggula larik 1 lan 2 kanthi nggatekake guru lagu lan guru wilangan!

- suge=mk/y -

Referensi

Dokumen terkait

Kreta iku pating sleyot, lakune alon, jarane kesel, nanging sing numpak bisa ..... Nawangwulan ora bisa bali menyang kahyangan

caranipun nggarap soal nomer sanga!” Tembung pitakon kang bener kanggo nglengkapi ukara ing dhuwur yaiku. tegalan ana ing sisih wetan

Ing sacedhake papan pangedume Tirta Amerta mau, ana raseksa kang dandan memba para dewa, banjur melu antri nyuwun Tirta Amerta.. Nanging, kaweruhan dening

Lungo terus jarang mulih nganti biyung lan adhike kuwatir menawa ana kedaden kang ora apik kalakoni dening Raden Sahid.Saiki Raden sahid ora trima maling nanging dadi begal sing

Saka Pantai Teluk Penyu uga katon Pulo Nusakambangan kang edi peni, ndadekake senenging ati kang plesir ing pantai kasebut... Apa kang ndadekake Pantai Teluk Penyu dadi jujugan plesir

Gambar kasebut ing pagelaran wayang kulit duweni dapukan nembang barengi gamelan kang diarani ..... Larase gamelan kang ana ing Ngayogyakarta kanggo ngiringi pagelaran wayang kulit

Aja pisan-pisan ditinggalake amarga mengkone dadi panggonan kang reja.” Sawijining dina pangeran Pandan Arang ngendika “Rakyatku lemah subur nanging ana wit asem kang thukule

Adipati Karna duweni aji-aji kang bias ngetokake buta akeh banget kang diarani….. Adipati Karna iku