• Tidak ada hasil yang ditemukan

Wedhar Sabdo Wonten ing Adicara

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2023

Membagikan "Wedhar Sabdo Wonten ing Adicara"

Copied!
9
0
0

Teks penuh

(1)

Tirakatan 2019 Page 1

BUPATI KULON PROGO Wedhar Sabdo Wonten ing Adicara MALAM TIRAKATAN PENGETAN HUT RI

KAPING 74 TAHUN 2019

=============================================

Jumat, 16 Agustus 2019

=============================================

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Mugi kawilujengan, kasarasan lan karaharjan tansah kajiwa kasalira kula lan panjenengan sedaya.

Ingkang kula hormati ;

 Pangarsa ...(Kecamatan/Desa/Pedukuhan)

 Bapak-Ibu sarta para rawuh kakung sumawana putri ingkang kebak ing suka basuki ing pundi-pundi panggenan.

(2)

Tirakatan 2019 Page 2

Langkung rumiyin sumangga sami munjukaken raos syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun Allah SWT,

Gusti Ingkang Maha Kuwaos, bilih wonten ing ri kalenggahan punika, kula lan panjenengan sami

taksih kaparingan berkah saha inayah, saengga taksih dipun keparengaken makempal saha silaturrahmi wonten ing papan punika kangge nindakaken adicara

Malam Tirakatan Mengeti Ambal Warsa Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping-74 (pitung dasa sekawan) wonten ing warsa 2019 (kalih ewu sangalas), kanthi wilujeng nir ing sambe kala.

Para rawuh ingkang kula hormati,

Wonten ing wekdal ingkang mirunggan punika, kula awit naminipun Pemerintah Kabupaten Kulon Progo ngaturaken ndherek bingah awit kaleksananipun

(3)

Tirakatan 2019 Page 3

malam tirakatan ing pundi-pundi papan. Punika mujudaken raos tresnanipun warga masyarakat dhumateng bangsa lan negarinipun.

Sumangga kula panjengan sami ing wekdal punika mratelakaken cihnaning raos syukur dhumateng Pangeran Ingkang Maha Kuwaos, awit paringipun berkah kamardikan dhumateng bangsa Indonesia ingkang sampun kelampahan 74 (pitung dasa sekawan) tahun lawasipun, saengga kula lan panjenengan sami saged sesarengan makaryo kanthi guyub rukun lan tentrem saben dintenipun.

Kados ingkang dados tema pengetan dinten kamardikan ingkang kaping-74 (pitung dasa sekawan) Republik Indonesia inggih punika “SDM UNGGUL, INDONESIA MAJU”, pramila kula lan panjenengan sumangga sami tansah makaryo ningkataken

(4)

Tirakatan 2019 Page 4

kemampuan diri kanthi semangat ingkang makantar- kantar kangge gesang lan panggesangan kita, ugi kagem bangsa lan nagari kita Indonesia. Amargi kanthi seserepan ingkang tansaya wiyar, kemampuan diri ingkang tansaya ageng lan semangat kerja ingkang makantar-kantar, kita saged majengaken bangsa kanthi mawarni-warni prestasi. Sumber daya manusia punika potensi bangsa ingkang ageng sanget. Kita saged nedahaken bilih kita punika bangsa ingkang unggul, bangsa ingkang anggadhahi Sumber Daya Manusia ingkang mumpuni, tiyangipun mboten namung ongkang-ongkang, ananging sregep makarya, lan bangsa ingkang gadhah semangat kerja inggil.

Mugi-mugi kanthi tirakatan punika, saha donga saking Bapak Ibu para sedherek wonten ing titiwanci punika, samangke nagari saha bangsa Indonesia

(5)

Tirakatan 2019 Page 5

tansah pinaringan berkah rahmating Pangeran, dados bangsa ingkang ageng, rakyatipun sejahtera, saha tata titi tentrem.

Sumangga kamardikan negari Republik Indonesia punika kita isi kanthi ningkataken potensi lan kemampuan diri, saenggo dados bangsa ingkang unggul.

Para lenggah ingkang kebak ing suka basuki,

Saklajengipun wonten ing wekdal ingkang mirunggan punika, kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedaya warga ing tlatah Kabupaten Kulon Progo awit tansah guyub rukun lan kersa njagi katentreman ing Kabupaten Kulon Progo, saenggo kula lan panjenengan sami ngraosaken gesang ingkang ayem lan tentren. Sumangga katentreman

(6)

Tirakatan 2019 Page 6

punika tansah kita jagi sesarengan. Saenggo menawi wonten ingkang badhe ngrisak saged kita cegah sesarengan.

Wonten wekdal ingkang sae punika kula ugi gadhah pangajab, sumangga kula lan panjenengan sami nindakaken kridha pembangunan miturut kemampuan lan posisi kita piyambak-piyambak. Ugi nglestantunaken kridha gotong royong ing gesang kemasyarakatan, supados tansah guyub rukun lan panggesangan lumampah kanthi sae ing tlatah Kulon Progo punika, ingkang saestu saged paring pangaribawa saha paring panjurung dhumateng lampahing kridha pembangunan ingkang dipun adani dening pamarentah punapa dene warga masyarakat.

(7)

Tirakatan 2019 Page 7

Kula lan panjenengan uningani bilih sakpunika Pemerintah Kabupaten Kulon Progo gadhah pangangkah kangge mujudaken Kulon Progo ingkang nglestantunaken budaya, dados peranganing Jogja ingkang Istimewa kanthi landhesan Budaya.

Sumangga budaya ingkang sampun wonten ing masyarakat, kula lan panjenengan lestantunaken lan dipun jagi sesarengan, supados anak putu kita saged mangertosi bilih bangsa Indonesia punika bangsa ingkang anggadhahi budaya-budaya luhur.

Sumangga kita sengkuyung sesarengan wontening mawerni-werni pembangunan ing tlatah Kulon Progo, saenggo kula lan panjenengan mboten namung dados pamirsa, ananging ugi nyawiji wonten ing pembangunan punika.

(8)

Tirakatan 2019 Page 8

Para rawuh ingkang minulya,

Semanten lan mekaten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten kekirangan saha kalepatan, kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.

Sakderengipun kula purnani, saestu kula minangka ingkang dipun sepuhaken wonten ing Pemerintah Kabupaten Kulon Progo ngaturaken sugeng tanggap warsa kamardikan ingkang kaping 74 (pitung dasa sekawan) Republik Indonesia. Mugi dados negari ingkang ayom ayem, tata-titi-tentrem, kartaraharjo, gemah ripah loh jinawi, thukul ingkang sarwa tinandur lan mirah ingkang sarwa tinumbas, wilujeng kalis nir ing rubeda.

(9)

Tirakatan 2019 Page 9

Mugi-mugi Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Mirah, tansah paring berkah saha inayahipun dhumateng kula lan panjenengan sedaya. Aamiin.

Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

WAKIL BUPATI KULONPROGO

Drs. H. SUTEDJO

Referensi

Dokumen terkait

Conclusion From the results of testing hypotheses it can be concluded that the research hypothesis is accepted or proven, this also answers the formulation of the problem, namely, How

Dene manawi wonten gantosan ingkang sami inggih dipoensareng anggenipoen neboesaken, samanten waoe manawi jatra njekapi, dene manawi boten njekapi inggih di- poenoendi oetawi