• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAHASA JAWA UKK Bahasa Jawa

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "BAHASA JAWA UKK Bahasa Jawa"

Copied!
5
0
0

Teks penuh

(1)

LATIHAN SOAL ULANGAN KENAIKAN KELAS BAHASA JAWA KELAS VII

Wangsulana pitakonan-pitakoan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang paling bener!

Wacan 1

Kanggo soal no. 1 3

SEJARAHE SUMPAH PEMUDA

Saben tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia padha mengeti dina Sumpah Pemuda. Kadadean kasebut dipengeti saben taun. Amarga lelakon mau dadi daya

kekuwatan kanggo nggugah rasa semangat lan tekade bangsa Indonesia anggone bisa uwal saka regemane kaum penjajah.

Ing sakawit bangsa Walanda tekane ana ing bumi Indonesia iku mung arep dagang. Gegandhengan nyumurupi kemakmurane negara Indonesia banjur tuwuh karepe kepengin nguwasani. Kabeh kekarepane mau banjur dileksanakake kanthi cara-cara kang kasar lan julig banget. Wekasane bangsa Walanda bisa nguwasani bumi Nuswantara sakisine nganti telung atus seket taun lawase.

(Djarot Heru Santosa, 2008:73).

1. Underaning rembug (ide pokok) paragraf 1 wacan ing ndhuwur yaiku …. a. Saben Saben tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia padha mengeti dina Sumpah Pemuda.

b. Dina Sumpah Pemuda dipengeti ing saben taun.

c. Amarga lelakon mau dadi daya kekuwatan kanggo nggugah rasa semangat lan tekade bangsa Indonesia anggone bisa uwal saka regemane kaum penjajah. d. Dina Sumpah Pemudha dadi daya kekuwatan kanggo nggugah semangat lan tekade bangsa Indonesia bisa uwal saka penjajah..

2. Amarga lelakon mau dadi daya kekuwatan kanggo nggugah rasa semangat lan tekade bangsa Indonesia anggone bisa uwal saka regemane kaum penjajah. Tembung uwaling ukara iku tegese padha karo tembung ….

a. ilang b. ucul.. c. kuwat d. mlompat

3. Kabeh kekarepane mau banjur dileksanakake kanthi cara-cara kang kasar lan juligbanget. Tembung julig ing ukara iku tegese ….

a. pinter b. trampil c. licik.. d. ulet

4. Ukara-ukara ing ngisor iki, kang wasesane migunakake tembung lingga yaiku ….

a. Bapak lagi sareyan ing ana ing kamar ngarep. b. Adhiku sing cilik mung nangis wae.

c. Aku turu jam sanga bengi..

(2)

5. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kang kalebu tembung lingga yaiku …. a. sare, tindakan.

b. luhur, kaluwihan c. begja, cilaka.. d. nyidhuk, tendhang

6. Ukara-ukara ing ngisaor iki kang tembunge karaketan ater-ater hanuswara …. a. Nuwun sewu, kula dhateng kelas rumiyin.

b. Kabeh ngrasakake seneng ing sekolah kang anyar.. c. Anggone tumandang dilandhesi rasa seneng lan iklas. d. Anggone reresik direwangi kanca-kancane.

7. Aku kesusu kudu enggal tekan ngomah, olehku mlaku liwat ngarep daleme Bu Lurah kang pinuju lenggahan ana teras, anggonku mlaku becike ….

a. Dibanterake supaya enggal tekan. b. Alon-alon, uluk salam lan aruh-aruh.. c. Alon-alon ethok-ethok ora ngerti.

d. Alon-alon ora perlu aruh-aruh amarga kesusu.

8. Manawa para siswa ketemu Ibu Guru ing pasar kepriye anggonmu padha aruh-aruh?

a. “Bu, tumbas menapa?”

b. “Bu, nembe tumbas menapa?” c. “Bu, ajeng mundhut menapa?” d. “Bu, badhe mundhut menapa?”..

9. Manawa tetepungan karo kanca kang umure luwih tuwa, kepriye manut unggah-ungguh basane kang bener?

a. Jenengku Etik, omahku Wonosari b. Nama Kula Etik, griya kula Wonosari.. c. Asma kula Etik, griya kula Wonosari d. Nama kula Etik, dalem kula Wonosari

10. Mlaku ing dalan gedhe becike … . a. Mlaku ing sisih tengen

b. Mlaku ing sisih kiwa..

c. Mlaku sakarepe dhewe sing penting ana pinggir d. Mlaku ngendi sing sela

11. Mlaku bareng ing dalan gedhe prayogane …. a. Mlaku siji-siji, yen jejer aja luwih saka loro.. b. Mlaku siji-siji, yen jejer becike luwih saka loro c. Mlaku bebarengan aja nganti ngebaki dalan. d. Mlaku beberengan ana pinggir.

(3)

13. Kaya padatan esuk-esuk bocah telu padha mangkat sekolah bebarengan. Tembung padatantegese ….

a. biyen b. kulina c. wingi-wingi d. adat saben..

14. Ing ngendi papan, wektu, wong padha nindakake tatakrama. Mung wae kudu eling papan siji lan sijine ora padha cak-cakane. Kabeh mau trep karo unen-unen ….

a. Desa mawa cara, negara mawa tata.. b. Sepi ing pamrih rame ing nggawe. c. Jer basuki mawa bea.

d. Becik ketitik ala ketara.

15. Nalika numpak bis, sacedhakku lungguh ana priyayi sepuh kang jumeneng, becike Aku ….

a. Ethok-ethok ora ngerti

b. Aku lungguh, amarga isih adoh anggonku mudhun

c. Aku ngomong karo kernete supaya digolekake lungguhan.

d. Aku ngadeg, papanku dakcaosake priyayi sepuh sacedhakku mau..

16. Nalika mlaku becike tansah nggatekake tata krama supaya ora disendhu wong liya. Tembung liya disendhu yaiku ….

a. digatekake b. diapura c. dialem d. dicacad..

17. Wong mlaku kudu nggatekake tata krama supaya kepriye? a. Enggal tekan papan tujuwane.

b. Slamet awake dhewe lan wong liya.. c. Slamet awake dhewe.

d. Slamet wong liya.

18. Sapa aruh perlu ditindakake nalika …. a. Ketemu wong sing luwih enom

b. Ketemu wong sing luwih tuwa c. Ketemu sapadha-padha

d. Ketemu sapa wae..

19. Yitna yuwana lena kena, tegese sapa kang ngati-ati bakal slamet dene kang kurang pangati-atine bakal nemahi cilaka. Dasanamane tembung yuwana yaiku ….

a. rahayu, raharja.. b. cilaka, sengsara c. begja, nugraha d. sembrana, sleder

Wacan 2

Kanggo soal no. 20 23

(4)

prayoga, pangira-ira, pangati-ati, reringa, weweka. Kabeh kuwi tegese padha . Ingkang Sinuwun Pakubuwana IV ing bukune Wulangreh paring dhawuh menawa duga lan prayoga iku katindakake yen pinuju lungguh, ngadeg, mlaku, omong, meneng, turu, mangan, sebab duga lan prayoga iku pirantining urip kang ora kena ditinggalake.

20. Apa dhawuhe Sinuwun Paku Buwana IV ing buku Wulangreh? a. Nindakake tata krama iku kudu nggunakake duga lan prayoga.. b. Nindakake tata krama iku ora nganggo duga lan prayoga c. Nindakake tata krama iku angon mangsa

d. Nindakake tata krama iku aja kepeksa

21. Deduga, prayoga, pangira ira, pangati-ati, reringa, weweka, kabeh kuwi padha tegese. Tembung liya kang duwe teges padha diarani ….

a. kosok balen b. homonim c. dasanama.. d. homograf

22. Wulang reh paring dhawuh manawa duga lan prayoga iku katindakake yen pinuju …

a. lumgguh, ngadeg, mlaku, omong

b. lungguh, ngadeg, mlaku, omong, meneng c. lungguh, ngadeg, mlaku, omong, meneng, turu

d. lungguh, ngadeg, mlaku, omong, meneng, turu, mangan..

23. Aja dumeh duwe panguwasa banjur tumindak adigang adigung lan adiguna. Tumindak adigang adigung adiguna iku tegese ….

a. Wong kang ngendel-ngendelake kekuwatane, kaluhurane lan kapinterane.. b. Wong kang ngumukake kasugihan lan kaluhurane

c. Wong kang ngengung-ngegungake sedulure kang duwe panguwasa d. Wong kang ngendelake karosan lan kasektene

24. Kebo nusu gudel. Apa tegese unen-unen iku? a. Wong enom njaluk warah marang wong tuwa. b. Wong enom njaluk warah marang sapepadhane. c. Wong tuwa lan wong enom jaman saiki padha pintere. d. Wong tuwa njaluk warah marang wong enom..

25. Sanajan mung ana ngomah, mlaku uga nganggo tatanan. Ukara iku manawa didadekake basa krama kang bener ….

a. Sanajan namung wonten nggriya, tindak ugi nganggo tatanan. b. Sinaosa namung wonten nggriya, tindak ugi ngangge tatanan. c. Sanajan namung wonten nggriya, mlampah uga ngangge tatanan. d. Sinaosa namung wonten nggriya, mlampah ugi ngangge tatanan..

26. Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakake krama alus yaiku …. a. Kula dipundhawuhi ndherekaken Bapak Kepala Sekolah mundhut kertas.. b. Aku didhawuhi ndherekake Bapak Kepala Sekolah mundhut kertas. c. Kula didhawuhi ndherekake Bapak Kepala Sekolah mundhut kertas. d. Kula dipundhawuhi ndherekaken Bapak Kepala Sekolah tumbas kertas.

(5)

28. Tulisan aksara Jawa iku manawa katulis latin ….

a. Sopan kudu dijaga. b. Sopan iku kudu dijaga. c. Sopan santun dijaga. d. Sopan santun kudu dijaga..

Referensi

Dokumen terkait

Wanci sembahyang lohor, sunan kalijaga leren ing sakngisore wit gedhe, banjur mrintah Ki Rangga sakancane supaya golek banyu kanggo wudhu.. Amarga ora ana banyu, Sunan Kalijaga

Manungsa kudu tansah eling lan waspada marang kahanan alam donya supaya bisa uwal/luput saka kasangsaranE. Eling lan waspada kudu diduweni manungsa supaya bisa uwal saka kasangsaran

caranipun nggarap soal nomer sanga!” Tembung pitakon kang bener kanggo nglengkapi ukara ing dhuwur yaiku. tegalan ana ing sisih wetan

Asile panliten sing ditemokake saka pangumpule lan panafsire dhata, yaiku wujude pawadan ing basa Jawa ana pitung jinis, yaiku (1) wujud pawadan cakrik

Lan sadhengah apa kang koktin- dakake iku tindakna kalawan terus ing batin kayadene kagem Gusti, ora kanggo manungsa. Data

ing pituture sing rada nylekit ora ngakibatne lara ati tumrap lawan pituture, mula saka iku para warok nggunakake tetembungan sing merlokake analisis kanggo ngerteni

Milih Oxford Dictionary, drama minangka komposisi prosa bisa diatur kanggo katon ing tataran sing crita presented liwat dialog lan tumindak, lan wis presented karo bantuan

Bukti tokoh ”aku” duwe watak sabar lan pangerten ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung, niba- nangi