• Tidak ada hasil yang ditemukan

Makalah Bahasa Jawa

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "Makalah Bahasa Jawa"

Copied!
8
0
0

Teks penuh

(1)

Makalah Bahasa Jawa

Makalah Bahasa Jawa

“Cerkak lan Unsur Intrinsik”

“Cerkak lan Unsur Intrinsik”

F.X Mahatma Mahardika (14)

F.X Mahatma Mahardika (14)

(2)

PETENG

Gegadhangan, gegayuhan, kekudangan, gegancangan, kekarepan iku kabeh hamung wujud panyuwune jalma manungsa. Rikala ati ing sajroning ragane manungsa nembe nggrantes,  perih utawa nelangsa, lumrah yen luh kang tumetes saka netra kiwa apa dene tengen, kasuntak  byah bebasan megung ing bumi. Kosok baline kalamangsane pinaringan rejeki utawa

kabungahan kang mbanyu mili, wus jamake girang gumuyune para manungsa sinandhing ana ing kahanan alam donya iki.

Hamung wewayangan bebasane, manungsa tinitah lumaku lan jumangkah amarga ana kang nggarisake. Jiwa ragane manungsa kagiring uga kaobahake dening kang hakarya jagat. Dhokter umpamane kang kawentar pinunjul ngrukti lan mbagasake lelara, tangeh lamun nguripake jalma kang wus tilar donya.

Ing ndhuwur mau jlentrehan wiwitaning aturku. Pangemut babagan kasunyatan anane Pangeran kang nguwasani jagad saisine, yaiku Allah SWT.

Anggonku bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus pat belas taun. Ing semono taun, tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah kaimpi-impi kaantu-antu, mbesuk kapan bisa mecah sepining atiku sakloron, aku lan bojoku. Setaun yen anane dina 365, wus bisa kaetung sepira dawane dina-dinaku ngetutake lurung-lurunging lelakon anggonku urip. Ing semono taun iku, kalamangsane katiban bungah amarga katone bisa reruntungan ngalor ngidul memantenan, amarga durung digondheli buntut. Ananging kang nora kena kapaido, mesthine uga nora luput saka rintiping coban lan godha, wiwit saka cilik utawa pacoban entheng nganti wujud  prahara bebasan katerak angin lesus.

 Ngenani babagan kahanan uripku kang bisa dak cuplikake, menawa bab pasinaon kaya-kayane aku lan sisihanku nora kebangetan anggone ketinggalan. Ala-ala senadyan rampung rada sauntara, aku kasil lulus kanthi titel sarjana S1. A pa maneh sisihanku luwih komplet, anggone

(3)

klumpuk-klumpuk kulakan titel, S1, akta IV, uga S2. Dheweke uga kena sinebut pinter, pethel uga trengginas anggone tumandang samubarange tansah cukat.

 Ngenani dedeg piyadeg, nora amarga mbiji luwih marang awake dhewe, nanging ya rada mrina yen diwastani ala. Kinanthi sangu pasinaon kang cukup, lumrahe nora kabingungan

menawa ngadhepi urip. Ananging kasunyatane urip mono dudu ilmu matematika, yen loro tambah loro gunggunge papat. Urip sawijining ilmu kang nora bakal kena kaduga, nora kena kajlentrehake, nora kena katebak babagan pungkasane crita. Crita kang kawiwitan bungah, ing madya isih pinaringan bungah, ing pungkasan bisa wae kadunungan nelangsa.

Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung, niba-nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter positif ngandhut. Byuh… mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh… makcles garinging telak katetes banyu saclegukan, byuh… mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake kabungahan atiku sakloron. ”Harus istirahat total ya, bed rest…!” ngendikane dhokter, banget anggone wanti-wanti.

”Ya dokter, kami pasti akan patuhi anjuran dokter…” rebutan anggonku sumaur.

Bakal jabang bayi iku kaya dene emas gedhe kang sumimpen ing wetenge bojoku. Emas gedhe kang kudu jinaga ngati-ati ing wiwit byar padhang nganti tumekaning ngeremake netra.

Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak

rerembugan karo bakal anake, ”Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta…? Apa selak kepingin ketemu karo Pake Buke…?”

Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake… manut. Pokoke manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone  jumangkah kapapah. Cekake samubarang kudu diati -ati, banget anggone ngati-ati, kabeh

kaluwarga ngesokake sih katresnan.

 Ngancik pitu, netepi adat Jawa, dileksanani tasyakuran mitoni. Tansaya tambah cedhak  pangantu-antuning pepinginan momong anak bakal kelakon.

”Mas, yen wus titi wancine diparengake dening dhokter, aku njaluk operasi caesar wae ya, amarga ngelingi umurku sing ora enom maneh. Dhoktere sing wis sepuh, sing pengalamane wis akeh ya Mas…,” panjaluke bojoku.

(4)

”Iya, wis mantebmu dhokter sing endi aku manut,” cekake sarwa iya, sarwa manut.  Ngancik umur wolu anggone bojoku nggarbini, tansaya sumringah nglakoni dina-dinaku. Apa

maneh calon eyang-eyange, ya eyang saka aku uga saka bojoku wus padha katon bungahe, anggone ngantu-antu jumedhule bakal wayahe.

 Nyuwun pirsa marang dhokter, yen pengin nglairake normal tanggale udakara tanggal 25 Maret. Ananging gandheng aku sakloron nduwe panjaluk bakal operasi caesar, dhokter mertikelake bisa kaleksanan milih kawiwitan tanggal 11 Maret. Mathuk, operasi katentokake ing tanggal 11

Maret. Mula wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dhokter.

Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti  becik, normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal.

”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika. ”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.

Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima  bojoku dak gugah saperlu kareben cepak-cepak. Rada sauntara an ggonku siap-siap, jam enem

sida budhal menyang ndhokteran. Jam pitu tumeka ing ndhokteran, banjur ndaptarake cek laborat karo cek jantung. Asile kabeh normal apik nora nana kang kudu di was sumelangi. Sawise

 perabot lapuran cek darah karo jantung rampung, aku sakloron leren leyeh-leyeh n yranti rawuhe dhokter kandungan.

 Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku tinimbalan mlebu kamar priksan.

”Selamat pagi dokter…” aku sakloron aruh-aruh dhoktere. ”Pagi silakan… besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa… 11?” ”Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter…”

”Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus… ayo kita lihat di USG,” dhoktere ndhawuhi bojoku munggah bed saperlu niti pirsa kahanan kandhungan.

Wetenge bojoku wiwit diolesi krim mbuh apa jenenge aku ora weruh, sawise rata banjur ditutul-tutul nganggo alate.

Dumadakan raine dhokter katon pucet, getihe kaya mandheg.

”Lho kok tidak ada denyut jantung…” Dheg, mak jenggirat aku njumbul. Kringet adhem wiwit tumetes.

(5)

Dhoktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane, ”Bayinya meninggal…!” Glaaaarrrr…. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng ndhedhet… lelimengan.

(6)

UNSUR INSTRINSIK CERKAK ”PETENG” A. TEMA : BEBRAYAN

B. ALUR : MAJU

Paraga aku anggone bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus 14 taun. Ing semono taun tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah diimpi-impi diantu-antu, mbesuk kapan bisa mecah sepining atine paraga aku lan bojone.

14 taun wareg anggone paraga aku kesondhang-sandhung, niba-nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihane paraga aku katiti dening dokter positif ngandhut.

Wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsulyasi lan priksa menyang dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dokter. Tanggal 10 Maret, paraga aku lan bojone menyang kedokteran saperlu priksa. Nalika bojone paraga aku dipriksa, dumadakan raine dokter katon  pucet, getihe kaya mandheg.

Doktere kandha yen ora ana denyut jantjng kang bisa dideteksi. Dheg, mak jenggirat  paraga aku jumbul. Keringet adhem wiwit tumetes.

Doktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane dokter kandha yen bayine meninggal, glaarrr.... dumadakan peteng, peteng langite peteng panyawange paraga aku.

C. LATAR :

a. Latar panggonan : Rumah Sakit

Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki

Mula wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dhokter.Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile  priksan dening dhokter samubarange katiti becik, normal, bobote bayine ing sajroning

(7)

”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika. ”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.

 b. Latar Suasana : Trenyuhake

Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki

Dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter  positif ngandhut. Byuh… mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh… makcles garinging telak

katetes banyu saclegukan, byuh… mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake kabungahan atiku sakloron.

c. Latar wektu : Esuk

Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki.

Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima bojoku dak gugah saperlu kareben cepak-cepak.

D. PENOKOHAN :

a. Aku : Sabar, pangerten

Bukti tokoh ”aku” duwe watak sabar lan pangerten ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung, niba-nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter positif ngandhut.

Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake… manut. Pokoke manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone jumangkah kapapah.

 b. Bojoku : Penyayang

(8)

Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak

rerembugan karo bakal anake, ”Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta…? Apa selak kepingin ketemu karo Pake Buke…?”

c. Dokter : Ramah / sumeh

Bukti tokoh ”dokter” duwe watak tegas lan bijaksana ana ing penggalan cerkaking ngisor iki  Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku tinimbalan mlebu kamar priksan.

”Selamat pagi dokter…” aku sakloron aruh-aruh dhoktere. ”Pagi silakan… besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa… 11?” ”Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter…”

”Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus… ayo kita lihat di USG,”

E. SUDUT PANDANG : Wong kapisan, amarga tokoh utaman ana cerkak uga penulis cerkak F. AMANAT : Kudu sabar anggone ngadepi cobaning urip.

G. GAYA BAHASA

Gaya bahasa ana cerkak PETENG migunakake basa Jawa ngoko kacampuran basa Indonesia Bukti ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki

Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti becik, normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal.

”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika. ”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.

Uga migunakake tembung mbangetake

Bukti ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki

Glaaaarrrr…. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng ndhedhet… lelimengan.

Referensi

Dokumen terkait

It can happen when your body and mind get so much stress from working too hard, feeling unappreciated and concerned about job security, getting confused about expectation

KETERSEDIAAN RUANG PUBLIK DI LINGKUNGAN KAMPUS DALAM UPAYA PEMBENTUKAN WARGA NEGARA MUDA BERKARAKTER DEMOKRATIS.. Universitas Pendidikan Indonesia | repository.upi.edu |

Dari hasil pengujian diperoleh waktu yang dibutuhkan untuk melebur 1 Kg Aluminium adalah 25 menit pada temperature mencapai 701 o C dengan konsumsi bahan bakar sebanyak 1,48

Pemimpin harus bebas dari segala tindakan yang melawan hukum baik sebelum jadi pemimpin, sedang menjadi pemimpin atau setelah menjadi pemimpin, dalam konsep teoretis ini, Ibnu

Dari beberapa penelitian terdahulu didapatkan hasil yang tidak konsisten atau berbeda-beda sehingga pentingnya dilakukan penelitian yang berjudul PENGARUH

Bentuk bentuk stigma yang diterima tersebut tidak hanya dalam bentuk verbal misalnya seperti panggilan nama dibubuhi istilah “penghancur masa depan anak

Tujuan penelitian adalah untuk mengetahui ketersediaan input usahatani bawang merah per petani/ha, untuk mengetahui besarnya harga rata-rata input, harga output,

Upah adalah uang dan lain sebagainya yang dibayarkan sebagai pembalas jasa atau sebagai pembayar tenaga yang sudah dikeluarkan untuk mengerjakan sesuatu. Upah berfungsi