No. -t3
RAGAD ADVERTENTIE:
Kahar premili 1 I - 30 tefllboeng f I. - Langkoengipoen, saben 10 temboeng oetawi kirang: f 0,50.
Advcrtcntie limrah : f 0, 15 sagaris:
(apes· f 1.25).
Moendoet kapatjak langkoeng saking sa- pisan, oerawi moendoet dados lengganan, tepang rembag roemijin kalijan admini- stratie.
Hoofdredacteur:
B. S 0 EM ARN A
kabantoe
REDACTIE - COMMISSIE.
ISINIPOENi Petangan djiwa ing Indonesiah hen~
djing taoen 1930-Saged oegi dados gendra - Panggoela ~ wentahipoen bangsa wanita - Pangreksanipoen wanita-Netra moelat-Kekirangan Imam, kinarja tepa paloepi-Saraita Ian Togog - Panggoela wentah - Rak makaten ta-Ontjen sekar~gam
bir meiati - Oerap-sari ...- Corres- pondentie.
PRADJA RAHAJOE
PETANOAN DJIWA ING INDO- NESIJAH, BEND JING TAO EN 1930.
(Sosorahipoen professor ]. van Gelderen)
Kala woelan kapengker prof.
J.
van Gelderen sosorah bab ,, Petangan- djiwa lndonesiiah" won ten kantor statistiek ing Betawi. Serat2 kabar sami ngewrat sesorah waoe. Soera- osipoen kenging karingkes makaten:I. Goenanipoen. Wontening Volk- stelling m ila migoenani. Margi pe- tangan-djiwa, kita bade soemerep sapinten tjatjahing djiwa ing ngriki ingkang leres; soemerep kawonten- aning satoenggal - toenggaling go- longan; kadosta: soemerep sapinten tjatjahipoen lare estri ian lare djaler, ing satoenggiling papan;
soemerep: sapinten katahipoen tijang ingkang anggaota tatanen, soedagar- an, lss. Kadjawi poenika oegi soe- merep sapinten tjatjahipoen bangsa kita ingkang sami kesah bebara dateng sanes negari. lss.
Njoemerepi kawontenan makaten poenilfa boten namoeng migoenani toemrap oemoem. Oegi mikantoeki toemrap Nagari ingkang ngoepados ichtijar bade ngadjengaken tanah Ian bangsa Indonesijah. Oepami:
kangge perloening kasarasan ing satoenggiling panggenan, Parentah kedah inggih pirsa sapinten tjatjah- ipoen tijang ingkang manggen ing ngrikoe; preloenipoen sageda leres anggenipoen njoedijani djampi- djampi, poenggawa-poenggawa lss.
Kangge preloening cnderwijs, Nagari inggih kedah ngoeningani sapinten djiwanipoen papan ngrikoe;
preloenipoen sageda nemtokaken kalajan leres anggenipoen bade ma- . ringi sakolahan.
Margi wontening volkstelling, Pa- rentah oetawi (tijang katah) saged pirsa sapinten katahipoen kawoela ingkang saged maos, njerat.
Tjekak, petangan-djiwa pantjen migoenani. Parentah kagoengan ka- wadjiban manggalih betahing ka- woela babagan lahir Ian batos. Mila manawi boten pirsa saestoe sapin- ten tjatjahing kawoela ingkang kedah kapenggalih, Ian kados-poendi ka- wontenanipoen, Parentah saestoe boten saged netepi wadjibipoen ingkang kalajan sampoerna.
2. Boten namoeng lndonisijah M- mawon ingkang wonten volkstelling.
Volkstelling toemindak wonten na- gari-nagari saindenging djagad. Kala tn. 1927, Toerki inggih ngawonten- aken petangan- djiwa: Toemindak- ipoen keras, mawi ginantoengan paoekoeman, kadosta: salebetipoen volkstelling, tetijang boten kenging kesah-kesah. Ing daloe ingkang te- las-telasan salebetipoen volkstelling, sadaja toempakan, boten kenging mlampah; sadaja tetingalan kedah kendel. Preioenipoen inggih soepa- dos Jeres pametangipoen. Mesti kemawon margi wontening volkstel- ling waoe, kawoela Toerki katah ingkang nandang pitoena. Ewadene boten wonten ingkang nglahiraken boten narimahing manah. Awit, ke- djawi adjrih kalijan Kemal Pasha, tetijang ngrikoe sami mangertos genging pigoenanipoen petangan·
djiwa ( - Malah petangan - djiwa makaten poenika, boten namoeng toemindak wonten djaman samangke kemawon. Para maos koela atoeri ngengeti wekdal (ndoengkap) mijos Dalem Hyang Paneboes. - A.S.D.) 3. Parentah lndonesijah, boten keras. Parentah lndonesijah inggih tjalon ngwontenaken petangan-djiwa, bendjing taoen 1930. Nanging, Paren-
6 December 1929
-
Taoen 9.
REGINIPOEN LENGGANAN SWARA TAMA
sampoen kalijan regining Soeara Katholiek
1 taoen
f 7•5o
l
njoewoen kabajar f ).75 ~ roemijin.SE RAT KABAR KATHOLI EK I
Adresipoen Redactie Ian AdministratieIGNATIUS.COLLEGE
DJOKJAKARTA.
Medal saben dinten Djoemoewah.
tah ngriki boten ngagem kekerasan kados Toerki. Dipoenangkah sageda toemindak kalajan sae, wiloedjeng, mad - sinamadan. Margi makaten waoe, kantor volkstelling ngoepados rekadaja sageda toedjoe Ian preloe- nipoen volkstelling dipoenmanger- tosi kawoela langkoeng - Jangkoeng kawoela Priboemi. Kantor volkstel- ling ngawontenaken propagandah bab poenika sarana sosorah-sosorah, seseratan ing dalem serat kabar, lss.
Sedyaning propagandah waoe, soe- pados kawoela sasampoena mangre- tos, ladjeng poeroen ambijantoe.
Dene woedjoeding pambijantoe, war- ni-warni, kadosta: poeroen mangsoeli pi taken - pitaken ingkang bendjing tjalon katakekaken; poeroen kaang- kat dados toekang metang (teller) lss. Professor
J.
van Gelderen ne- rangaken kanti tjeta, volkstelling waoe boten ateges: Nagari bade damel karibedaning kawoela; boten nedya mewahi sasanggen enggal;boten nedya ngwontenaken pakarjan goegoer goenoeng, lss.
4. Kados- poendi tjalon toemin- dakipoen?? a. Tanggal 22 September 1930, wiwit toemapaking periode- telling: i. p. sadaja tijang ingkang wonten Indonesijah tjalon katjatet nama-namanipoen, (mawi katrangan- katrangan) wonten ing serat prate- Ian (tellijst) dening para djoeroe metang. Kangge preloening perio- detelling, grija-grija tjalon dipoen- nomeri; doesoen-doesoen kagolong- golong, sagolong-golonganipoen isi djiwa kinten-kinten 1200. Salebet- ipoen 14 dinten para periodeteller kedah sampoen rampoeng anggen-
ipo~ metang bagejanipoen pijam- bak-pijambak. Saben periodeteller, angsal bagejan njatet tijang 1200.
b. Ing gangsal welas dintenipoen, sasampoenipoen periodetelling ram- poeng, pratelan-pratelan ingkang isi namaning tetijang, Jadjeng kedah katjotjogaken kalijan wontening ti- jang ing dinten waoe. Notjogaken makaten poenika dipoenwastani momenttelling. Momenttelling waoe, toemindakipoen ing sa-lndonesijah kedah sareng, i. p. wiwit djam 5 sonten doemoegi djam 12 daloe.
Lan ingkang nindakaken dede djoe- roe metang kala periodetelling; tijang sanes, ingkang kanamakaken mo- mentteller. Saben momentteller sa- toenggal anggadahi bagejan notjog- aken djiwa 300 (dados boten 1200 kados periodeteller). Tjatetan djiwa damelanipoen periodeteller dipoen- tjotjogaken dening momentteller ka- lijan grija2 ingkang sampoen wonten nomeripoen waoe. Manawi, poenapa inkang kaseboet ing tjatetan, taksih tjotjog kalijan wontening djiwa ing salebeting grija ngrikoe, inggih sam- poen. Manawi ewah, (wonten ing- kang pindah oetawi dateng enggal) tellijst inggih ladjeng kaewahan.
Mawi lampah makaten waoe, Na- gari kagoengan pangadjeng- adjeng saged pirsa djiwanipoen lndonesijah ingkang leres; tegesipoen tjotjog
I
kalijan katahing djiwa nalika wek- dal momentteling.
5. Volksteilingskantoor. Kangge preloening petangan-djiwa, ing Be- tawi wonten kantor kanamakaken Volkstellingskantoor. Kantor waoe sampoen ngwontenaken djadjalan wonten papan sawatawis, kangge nanda tjara ingkang tjalon katindak- aken taoen 1930 poenika, sae poe- napa boten.
Kantor waoe awrat sanget pan- damelanipoen. Kedah ngawonten- aken lijst - lijst, poenapadene boe- koe - boekoe minangka panoen- toenipoen para ingkang -gadah sasanggen babagan volkstelling.
Boekoe waoe, kaserat mawi basa toewin aksara warni-warni, ngewrat kados-poendi kawadjtbanipoen tel- ler lss.
Lijst-lijst damelanipoen kantor Volkstelling waoe kirang langkoeng 7 joeta, dene boekoe-boekoenipoen pinten-pinten ewoe. Manawi lijst- lijst Ian boekoe waoe, katoempoek, manoet pratelanipoen prof. van Gelderen, ingilipoen kirang lang- koeng wonten 150 meter. Kedjawi poenika, kantor Volkstelling tjalon
ngedalaken kartjis-kartjis kirang langkoeng 50 mlijoen, kangge nja- teti katrangan-katrangan gagajoetan kalijan satoenggal-toenggaling tijang ingkang katjatjahaken djiwanipoen.
Kangge mranata toewin nindakaken angsal-angsalanipoen pametang, kan- tor Volkstelling tjalon ngangge mesin ingkang reginipoen ewonan roepijah.
SAOED OEGI BADE DADOS OENDRA.
Ing serat-serat kabar kawartosaken bilih kala tanggal 1 November poe- nika, Goepernoer Djendral lndoestan (djadjahan lnggris), i.p. Baron lwin dam el proklamatie (dawoeh oemoem) njeboetaken bilih Parentah loehoer lnggris bade maringi wewenang dominion dateng pradja lndoestan.
Dados tegesipoen lndoestan bade angsal mrentah kawoelanipoen ing pradja ngrikoe pijambak. Ing serat dawoeh waoe katerangaken oegi bi11h bade toemoenten kawontenaken kornprensi ing London, preloe ne- tepaken angger bakoe ingkang bade dados dedasaring peprentahan do- minion lndoe waoe.
Sawed al i po en proklamatie waoe, golongan nationalisten lndoe, kaoem Suaristen, para politicus, makaten oegi sang mahatm~ Gandhi, sami mratelakaken roedjoekipoen dateng serat dawoeh waoe! Lan nedya nge- wahi haloewanipoen non-cooperatie dados coo peratie; tegesi poen poe- roen njamboet dame! kalijan paren.
tah kangge perloenlng katentreman- i poen pradja Hindoestan. Dalasan nj 'ah ny e1 ingg tr e et mbijantoe.
Anggenipoen poeroen mbalik da- dos cooperator, sang mahatma Gan- dhi waoe mawi pradjangdji, oeger dedasaring dominion waoe:
a) politieking pamarentah kedah adedasar karoekoenan oemoem.
b) tetijang ingkang sami kaoekoem margi politiek, soepados sami ka- loewarana.
c) wewenanging swara bangsa Hindoe wonten ing konggres nasi- onal (nationaal congres) ingkang sa- ben - saben kawontenaken, kedah langkoeng katah tinimbang bangsa sanes-sanesipoen.
Dados nitik pradjangdji ingnginggil poenika, samangsa parentah lnggris boten najogjani, kaoem non meksa dereng (boten) saged itjal saking pradja Hindoe.
Nanging proklamatie waoe poe- napa dipoensaroedjoeki ing sadaja golongan (partij) ing tanah lnggris?
0, boten! Kados sampoen dados panedaning djaman, sok wonten actie, sang reactie inggih ladjeng toewoeh kadya djamoer ing mangsa rendeng. Tjoba koela atoeri mirsani oreging Indonesia ngriki, soemaram- bahi poen da-teng Nederland, rikala rame - ramenipoen ngrembag Ind:
meerderheid wonten ing raad ka- woela (volksraad)! Kados · poendi?
Menggaha perang mekaten rak sam- poen keproek - keproekan popor, manawi malah sampoen roeket ge- Ioet oeleng - oelengan! Nanging ka- dadosanipoen kados-poendi? Pra ma- os sampoen oeninga sadaja. Motie katampil!
Makaten oegi ing tanah Inggris inggih setali tiga oewang. Golongan lawanan sanget boten roedjoek da- teng wosing proklamatie waoe; sa- mi boten narimah ing manah, mas- tani bilih Hindoestan dereng pantes (tjara ngriki: doeroeng mateng, 300 taoen maneh), nampi wewenang dominion.
S. kabar Daily Mail ingkang ageng pengaroehipoen, ngoembar swara, soepados para kaoem Conservatief samia toernandang dame!, ndoewa kadjengipoen parentah India lnggris, amargi jen sajektos, bade damel pakewed, saha sangsaraning Hin- doestan.
Sang nindya Mantri moeka ing lnggris, i.p. Mac Donald (golongan socialist), margi toewoehing lawanan saking partij konserpatief, bade awrat tetanggelanipoen. Nanging boten bade moendoer, Ian samangsa
Drukkerij .. Canlsius" Ojokja.
PAKABARAN SAKING PANGREH P.K.W.
Ngadjengaken wiwitaning woelan November poenika pangreh · P. K. W. ng.intoenaken formulier kangge jaarverslag dateng K. W.- K.
\Y.,
to~~tn sampoen damel wara-wara wonten ing Swara Tama ngnk1, b1hh Pangreh P. K. W. ngadjeng - adjeng loemebetipoen · a Djangke~ing contributie taoen 1929. b. Oesoel - oesoel toewin j;ar~verslag - 1poen pakempala~ - pake!11palan _ingkang ngajom dateng P. K.
"Y·
(~. W.-K.W. Roekt1-W?en, V~n Lith-fonds toewin Sw.Tm.);a~~ngmg mg wara - wara ngnkoe kesoepen boten kapratelakaken, b1hh KASEP - KASEPIPOEN loemebeting jaarverslag toewin oesoel- oesoel waoe kasoewoen ing poendating woelan December.
Anggenipoen njoewoen loemebeting jaarverslag toewin oesoel- oesoel waoe radi langkoeng awal tinimbang taoen ingkang ka- pengker, _preloenipoen para K. W. saderengipoen wonten P. K. W.- v~rgadermg, sageda ngwontenaken pakempalan kaping kalih: sa- p1san kangge ngrembag pandameting jaarverslag; kaping kalih kangge ngrembag oesoel- oesoel saking K. W. oetawi sanesipoen ingkang kagijaraken wonten ing Swara Tama ngriki.
proklamatie waoe boten kalampahan, trimah seleh, . . . ! Kabinet Inggris kepeksa bibar ! ! I
- o -
Koela namoeng toemoet memoedji kelampahanipoen. Lan sageda noe- lari dateng tanah kita Indonesia, sageda angsal wewenang marenta1I pijambak kados ing Indoestan.
Moegi-moegi.
Taklimipoen djoeroe mangsak Klentreng P. M.
LARASATI
PANGGOELA - WENTAH#
IPOEN BANGSA WANITA_. Para saderek ! boten namoeng anakipoen kaoem berah toewin tijang alit kemawon, ananging wanita loe- hoer (hoogere stand} kedah sinaoe koewadjibanipoen dados iboe. Sebab lare estri bade ginadang - gadang poenapa? Iboe boten bade ngoedang anakipoen estri: .. wah besoek dadi wong pinter; dadi doctor, advocaat oetawa dadi minister, ja, gendoek."
0 tentoe mboten ingkang makaten poeoika. Ananging ingkang dipoen- adjeng • adjeng sageda keng poetra atoet roentoet, saged ngladosi goe~
roe laki, manggih rahardja, kalis iog sambekala. Sebabipoeo kok bo.
ten wanita poenika langkoeng asor katimbang prija ing bab beboeden- ipoen (vocstand), nanging sebab be- da anggenipoen ngetjakaken, toewin ratjak boten kedoegi ndjangka pa- sinaon loehoer.
Poenapa paedahipoeo wanita pin- ter, pinoendjoel ing kawroeh, ana- nging bade tjoto ing salebeting grija?
Sinaoe ilmoe pamisah, ilmoe kewan sasaminipoen, poenapa poenika bade katah pigoenanipoeo? Tjobi manawi saweg satata dahar kakoeng poetri, ladjeng kang poetri namoeng ogre.
ken-ngreken: wah kangmas saiki wis ana 1/16 M3 anggone dahar koolzuur. meh 5 K. G. anggone da.
har eiwit, sasaminipoen; ananging manawi ladosanipoen boten semba.
da, poenapa keng raka bade etja anggeni po en dahar koolzuur Ian eiwit waoe? 0 moegi prakawis poenika kagatosna sadengah wanita.
2. Wanita ing bendjing bade da- dos bijoeog Ian moelasara aoak.
Sioten ingkang boten priksa, sepin·
ten genging prabawanipoen bijoeng dateng anakipoen? Prabawa waoe kedah tansah lestan toen, malah ka~
para sageda mindak, sanadjan lare sampoen ageng.
lnggih leres, prija maewoe-ewoe, para wioasis toewin doktor-doktor, sardjana sasaminipoen, ingkang ka.
Iok kondang ing sadjagad . . . . . oepami sang praboe Soeleman . , . mesti moendi ~ moendi, asih tresna, bektos sarta ngaosi saoget dateng bijoeng (iboe), senadjan peen bijoeng {iboe) waoe boten mantra. mantra sami ing kasagedanipoen, malah bokmanawi boteo wedalan sekola- han inggil. lnggih leres anak iog.
kang saged (Dr. Mr. Ir.) dados Iangkoeng madjeng katimbang bi- joeng, awis sanget kenging dipoen- leresaken ing bijoeng, sanadjan poen bijoeng inggih kaewokaken tijang
Pangreh P. K. W.
saged. Ananging kawoeninganal ke- rep wonten kalanipoea !are, ingkang beboeden Ian memanahanipoen ka- tarik dateng piawon, wasana ngam- bah margi kirang prajogi, saged ketoeioengan, njandekaken kekadje- nganipoen mblasar, manawi poen bijoeng boten namoeng wekel Ian sregep ing panggoela - wentah ke.
mawon, ananging inggih gadah ka- sagedan.
lngkang makaten poenika, miia ladjeng dereog tjekap, manawi bang- sa koela wanita namoeng kawoelang ngrenda, njoelami. otjal.otjal kema- won; nangiog kosok-waogsoel. pra- kawis ingkang sakedik oetawi boten
igoeoani ba15ar pisan, kedah sam- poen kawoeiangaken. Dados boten kirang, boteo kladoek, nama tengah.
tengah, poenika ingkang sae lan prajogi.
Ing djamao samangke, saking ka- tahing ilmoe mblasar, ingkaog moe- roegaken bingoeng Ian kliotoe ing pamawas, samangsa tijang boten ngatos-atos, ing djaman sapoenika kadang koe\a Wanita kedah sami asikep dedamel kangge nanggoelang meogsah adjoelig asikep dedamel.
adedasar kekah, ngertos Ian ngeng- koki kaantepanipoen dados Katoe- toelik. Mila dereng tjekap, manawi namoeng o gertos sakedik dateng sarak Ian pepatjoehing Agami, na- nging poeoika sadaja kedah roema, soek dateng baloeng soengsoem, soepados anggadahi raos Katoelik sad jatos.
A.
PANOREKSANINO WANITA.
Ing samangke ing tanah Ojawi ngriki golongan wanita katingal ma- djen.g tandanipoen: sami sekolah, sam1 ngwontenaken pakempalan, kongres Isp. Ingkang kados makaten poenika amargi ketoelaran bangsa Eropah.
Roemij in lare estri poenika prasa- sat dipoenkoeroeng, masti kemawon ingkang kados makaten poenika ki- rang prajogi, djalaran boten saged dame! megaring boedinipoen, na- nging inggih wonten saenipoen, a- margi tebih ing sambekala.
Poenapa ing samangke toemrapi- poen !are estri ingkang sekolah, toemrapipoen wanita ingkang njam- boet dame I ing pabrik oetawi ing kan- tor, sambekala waoe itjal? 0 tangeh sanget. Toeladanipoen:
Lare estri ingkang sami sinaoe poenika sambekalanipoen wonten ing margi asring dipoen-ganggoe ing tijang. Wonten ing pamoelangan te- gesi poen amargi sinaoe kalijan lare djaler poenika ladjeng ngwontenaken memitran ingkang kirang prasadja.
Toemrapipoen wanita ingkang njamboet damel ing pabrik, wonten ing pabrik ngrikoe dados reraosan- ing tijang djaler, wonten ing margi tansaja jen mantoekipoen sampoen radi peteng, dipoen-ganggoe ing tijang. Wanita wonten ing kantor oegi makaten.
Tjekak toemrap wanita ing djaman samangke katah sambekalanipoen.
Nalika lare estri taksih dipoen- koeroeng, angel kengingipoen di-
pocnwerek. Sapoenika gampil lan inggih asring kelampahan lare estri mantoek saking pamoelangan dawah ing pangoewasaning werek.
Nitik ingkang kados makaten poenika perloe sanget dipoenwon- tenaken pangreksaning wanita. Na- nging kados-poendi?
le. Tijang sepoeh ingkang roemek- sa. Tijang sepoeh ingkang njekolaha- ken anakipoen estri ingkang taksih kenging dipoenreh poenika sampoen goemloeweh. Jen saged ngeteraken dateng p~moelangan, prajogi dipoen- tindakaken.
2e. Goeroe ing pamoelangan sa- dangoeni poen moerid won ten ing koekoebaning pamoelangan wadjib
I
ngreksa. Wonten ing salebeting pa- moelangan !are estri lenggahipoen kapijambakaken kalijan !are djaler.
Jen noedjoe medal dipoenawat-awati, bokmanawi dipoensarengi ing lare djaler. Goeroe kalijan tijang sepoeh kedah gandeng.
3e. Wanita pijambak angreksaa dateng badanipoen pijambak. Jen dipoensembranani, tijang ingkang njembranani kasentak.
Wonten ing pabrik sasaged-saged njoewoen dateng toewanipoen, soe- pados papanipoen tijang estri ka- pijam bakaken.
Jen wangsoel oetawi kesah dateng pabrik (toemrap lares ekolah jen wangsoel oetawi kesah dateng pa- moelangan) prajogi sesarengan kan- tjanipoen katah. Tijang manawi ka- tah dados kijat.
Manawi njamboet damel ngantos doemoegi peteng, njoewoena soepa- dos laoet ragi sijang.
4e. Pakempalan wanita kadosta Wanita Katoelik ngrembaga praka- wis poenika. Poenika namoeng an- tjer-antjer. Jen katindakaken sam- poen loemajan.
,,}en Kober."
KOEROE SETRA
NETRA MOELAT.
1. Pastorie .. ..
Kaela tam pi korao ,, Penaboer"
saking salah satoenggaling' njonjah Protestant, kinanten briefkaart. Ing briefk;:iart waoe wonten seratanipoen ,,Dr. H. Van Andel. Pastorie Mar- gajoedan Solo." Koela pitaken poe- napa jen ngaten poenika boten gam-
pil klentoe kalijan golongan R. K.?
Njonjah waoe mangsoeli, boten.
Kangge ndjagi sampoen ngantos sloendoep -sloendoep, manawi kin- toen serat dawah Pastoeran, prajo- gi kaadresana mawi R.K .. dados la- djeng R. K. Pastorie.
Leres temboeng Pastoer sami te- gesipoen lan dominee. Sinten soe- merep, emben-emben wingking, vrije Katholieke kerk, inggib ladjeng ma- wi ,,Pastorie."
Ngatos - atos saoedara, djamani- poen djaman palson, djaman ga- doengan.
2. ]. Krisnamurthi memper G.
]esoes .... ??
Ing serat- serat kabar katah ing- kang martosaken jen bendjing th.
1930; J. Krisnamurthi _ingkang ka- anggep ,, wereldleeraar" dening · sa- derek golongan Theosophie, bade angedjawi.
Manoet kapitadosanipoen saderek golongan Theosophie (sadaja poe- oapa boten, Hercules boten patos damang). sang Kalokeng rat J. Kris,., oamurthi waoe ngemperi G. Jesoes.
,,De Opgang" jeugdorgaan saking golongan Protestant ndebat:,, Trou- wens, hoe kan men zeggen, dat hij lj. Krisnamurthi Here) op Jesus ge/ijkt, op Jesus van wiene persoon we geen werkelijke portres bezitten."
Lo, ngono bae sadjake peten- tengao, jen memper menggahing wewoedjoedao, genah angel sanget toemrapiog kanjataanipoen, pande- bat ragi maton.
Nanging sinten ogertos, mbokma- nawi ingkang kakersakaken saderek theosophie waoe, memper menggah- ing soegengipoen poenapa kados- poendi?
Saderek, soegeng Dalem G. Jesoes roemijin, mati-raga sanget, Pandje- nenganipoen tindak memoelang, tan- pa ng~ngeti sajah oetawi kados-poen- di-kados-poendi, Pandjenenganipoen dipoensepelekaken manoengsa; Pan- djeneoganipoen saged metja, dame!
pangeram-eram katah sang et; G. Je- soes anggenipoen kersa neboes ma- noengsa ngan.tos linabetan sangsara warni-warni? Ngantos doemoegi seda kapentang. G. Jesoes kagoe- ngan Rasoel. Ian Rasoel waoe sa- sedaning Hjang Pamarta ingkang ka- poerih ngladjengaken pakarjan Soe- tji waoe i. p. ndjembaraken kraton- ing Pangeran. Sang Kristoes jasa Pasamoean Soetji, ingkang boten saged risak deoing dajaning meng- sah, ngantos doemoegi ing bendjiog boedjading djaman pisan, Ian pra- kawis sanes-sanesipoen malih, ing- kang pandjenengan temtoe boten kekilapan.
Sapoenika poenapa J. Krisnamur- thi ingkang kaanggep .. wereldlee- raar" oetawi paneboesing bangsa ma-
noengsa (manoet pitadosing sad Theosophie) ogemperi Sang Kris- toes, Sang Pamarta: Sang Paneboes sajektos.
Saderek ,,W.S." panjerat ing ,.Op- gaog" tjrijos .. Krisnamurthi spreekt in gewone taal over gewone din- gen", mangka G. Jesoes, temtoe poenapa2 ingkang gegajoetan Ian prakawis njaekaken boedining ma- noeogsa, gegajoetan lan karahajon langgeng.
Won ten malih ingkang moengel:
,. Misschien slechts eeo werktuig in handen van Mevrouw Besant, die op haar ouden dag nog weer de zon wil doen verrijzen." Kaela atoeri menggalih pijambak saoedara! Kae- la ,.pro" lan panginten ingkaog ka- dos cnakaten. Mila pinter, mboeled jektos foelitiekipoen Mevrouw Be- sant.
Saderek, djaman sampoen sepoeh lngkang ngatos - atos. Krisnamurth1 dipoenemperaken Ian Sang Kristoes.
Leadbether propaganda agami eng- gal ,,Vrije Katholieke Kerk.'' La, rak roewet, ta? M. E. Diredja, dja- goning kaoem .. Adventist" metja:
,,Jen kawonteoaniog agami2, sampoen njelaki Ian Katholiek, poenika sa- toenggiling tanda jen meh kijamat."
Bade poenapa2 Ian kados-poendi malih polahing djagad ndjawi, kita boten bade perdoeli, kita sarnpoen gadah .,Sang Kris toes pijambak, ing- kang sanjata, ingkang tansah paring margi ingkang leres dateng kita."
Hercules.
V A R I A
KEKIRANGAN IMAM, KJNARJA TEPA PALOEPI.
Ngangseg saderek!
Nf!angse\! poenapanipoen? lnggih soemangga ing sakedoegi pandje- nengan koela atperi saja nemeni sam- poen ngantos koetjiwa, sampoen ngantos kawon kalijan tijang sanes.
lngkang S3ged memoelang mangga koela atoeri saja ngepeng; ingkang saged medaling kalangan serat koela atoeri tjikat-tjiket, tjantjoet tali war1- da; ingkang saged dedana mangga sampoen ngangge ewed - pakewed owel dateng banda, mang2a sampoen was soemelang, koela atoeri dedana;
dene ingkang roemaos boten saged poen(lpa- poenapa kedjawi sembah- jang inggih mangga koela atoeri ne- meni, sampoen goemlemeng andle- ja!- kita kedah sajoek roekoen a.n- djagi djembar lan Jestantoening mis- sie ! Kita kedah sami ngengeti ing tembe wingking, boten kenging nge- tja-etja namoeng dahar Ian ner.dra, kita kedah prihatos!
Ing Sw. T. Ian S. K. tansah won ten pari wara saking jejasan Van Lith- Stichting; poenara pandjenengan sampoen mlebet? Jen dereng mangga koela atoeri enggal loemebet, sam- poen ngangge lelewa, semaja ! Jen sampoen soekoer, &oeka soekoer ing Allah; ladjeng koela atoeri angge- gendeng saderek ingkang dereng mlebet! Jejasan enggal poenika taksih ringkih, tjara taneman ngaten mentas anggenipoen njeklokaken, dados tak- sih betah pitoeloeng ingkang woe- djoed baoe-soekoe, arta lawan arti.
Mila mangga sami dipoen-gegesang!
Pantjen sae sedya Ian toedjoenipoen Van Lith-Stichting. Inggih Van Lith- Stichting poenika ingkang tjalon sa- ged bade ngentas kita, saking bebaja ageng ingkang bade doemoegi. Van Lith-Stichting toedjoenipoen ngoedi sageda katah imam priboemi, soe- pados ing ngriki sampoen ngantos kekirangan sanget - sanget. Mangga poenika kinarja paloepi petikan sa- king ,,De Nieuwe Eeuw," ingkang akepala Priesternood ing Frankrijk.
Ing tanah Parangakik poenika wonten 87 kabiskopan. Inggih boten ing sa- ben kabiskopan, kekirangan imam;
nanging radin-radin sami kekirangan.
Ing Kabiskopan Nizza, poenika djem- bar sanget; mitoeroet statistiek 1928 tijangipoen Katholiek sadaja 435.253 ing salebeting 222 parochies. Pa- rochie 222 waoe ingkang 142 na- moeng gadah imam njatoenggal. - Ian ingkang wo/oeng dasa parochie, isi tijang Kath. antawisipoen 500- 1000- tanpa pan~en! Wah, mesak- aken sanget! Ing parochie kita ing- kang isi tijang 10.000; 15.000 oetawi 20.000, namoeng wonten imamipoen katah-katahipoen tiga; ingkang tem- toe kalih. Tjobi saderek koela atoeri menggalih, tanah woetah rah - kita poenapa boten saged manggih le- lampahan kados makaten poenika?
0, saged ! Kanti sanget, saja malih jen ningali actie Indonesia temtoe boten ngantos atoesan taoen !
Kados - poendi djalaranipoen kok ngantos kekirangan imam makaten?
Makaten saderek! Saderengipoen ta- oen 1914 sampoen sakedik tjatjahing imam enggal, langkoeng-langkoeng salebaripoen perang donja gesangi- poen para imam rekaos sanget. Ngri- ka-ngriki awis teda, sami kemawon.
Ingkang makaten poenika temtoe ke- mawon ingkang soemerep temtoe ...
tan sanadjan tijang Katholiek pijam-
bak jen dipoentarosi anakipoen bade dados imam tamtoe inggih katah boten angsalipoen. Doemoegi saman- ten kados sampoen keplok sami ka- lijan kawontenan ing tanah Djawi ngriki. lngkang saged mbengkas reri- bed poenika kadjawi Van Lith-Stich- ting boten wonten. Angger Van Lith- Stichting lema, priesterfonds oegi le- ma, boten bade dame! was soeme- lang; studiefonds oegi santosa saged damel tijang wasis pinten-pinten.
Kadjawi paenika taksih wonten sebabipoen malih, inggih poenika:
Ing kabiskopan Nizza waoe ingkang sapratiganipoen tijang Kath. poenika tijang mantja (tijang Kath. 435. 253, poenika ingkang tijang Prasman 294.605 tijangipoen mantja 140.648).
Tijang mantja poenika tamtoe boten patos anggagas wontenipoen pastoor, sarta anak- anakipoen tarn toe boten sami malebet dateng Semenarie Fransch. Sapoenika tjonto poenika katjoendoekna kalijan kawontenan ing ngriki. Sinten ingkang kedah sa- mi ngrembag betah kita poenika?
Kita pijambak!
Ing wasana atoer koela dateng para moeda Katholiek soemangga sami ngangseg, ngadjengaken bangsa kita. Para saderek Kath. soemangga sami saijeg roekoen nggegesang Van Lith-Stichting!
Sri Taman 29-11-1929.
SOE-TEDJA.
SARAIT A LAN TOGOG.
Saraita. Koela noewoen . . , . Togog. Sinten . . . . ?
S. Kaela . . . , koela Saraita.
T. Lo . . , Saraita; kok ndjanoer~
goenoeng temen, gelem mrene.
Ana preloene apa?
S. Ora kok ming dolan bae. Akoe wis kangen banget kok menjang kowe.
T. Sokoer ta jen ngono. Kene omong- omongan. Gila, akoe tampa ko- ran anjar. Kowe wis matja apa Ta?
VANLITH STICHTING
b
POE NAPA
b
woelan poenika
pandjenengan sampoen maringi oetawi ngintoenaken
contributie
~gge = = Van Lith Stich ting = =
1
= = =+
Penningmeester V. L. S.
p/a 2e. Convict Moentilan N. I. S.
....
S. Koran apa kang? Swara Tama pa?
T. Hija!
S. 0, oewis bae. Malah S. Katho- liek, De Koerier barang ja matja.
T. Jab, bok adja sok oemoek, ora apik. Dak kowe ja sok matja enggon advertentie barang . , ? Hara. tak bede rak oral
S. Hik, hik, hiek . . , bener kaog pembedemoe. Akoe pantjen ora taoe matja nggon advertentie.
T. 0, lawong kowe! lki diwatja!
S. ,.So em an g g a s am i n g a - b a r a
, ..
k e n i n g S w a r a -T a·ma.
T. Hara ta, nek ngono ki prije?
nDak kowe ja sok mbantoe (ngarang) ana ing Swara Tama?
S. Ora kang; wong akoe ora bisa kok.
T. O. kowe apa--apa ora bisa. Ana goeroe missie djare ora gelem ngarang. Pantjene rak koedoe ngloewihi goeroe Goepermenan.
Ngreti?
S. Ajah, gene kantja -kantja lijane ja ora, ajol
T. Lo, kok kaotjane dipikir. Sing preloe rak awake dewe. Apa nek kantjane ana sing kesed ki ja 'ndjoer miloe ngesed, ngono pa?
S. J a ora ta? W itikna pije wong ora bisa,
T. Mangsa, ana baraog ora bisa.
Apa kowe kroengoe tetemboe- ngan: ,, Waar een wil is, is er ook een weg," *)
S. W adoeh . . . . oemoekl
T. Ja ora oemoek. Tjoba, oepama- ne rama Redacteur paring pi- toeloengan marang awakkoe, nganti . . . .
S. Jab nganti apa . . . .
T. Lha, rak njeta-njela; wong doe- roeng rampoeng kok djeboel.
S. Ja ta wis ja; akoe sing loepoet.
Mara teroesnal
T. Akoe nganti klakon dadi ~goeroe missie, wah . . . . , gelem bae akoe mbantoe racna redactie.
*\ Waton nijat, aoa krengkat.
1 1
RAK MAKATEN TA! SINTEN NOETOETI111
Manoet statistiek dj.agad samangke wonten tijangipoen 1736 joeta, ma- lah kapara lapgkoeng. Dene ingkang Katoelik wonten 305 joeta oetawi 17,67°/0 •
Tetandinganipoen saben tijang Katoelik 100 ing:
Eropah wonten 140 boten Ka- toelik;
Asiah wonten 6400 boten Ka- toelik;
Afrikah wonten 3300 boten Ka- toelik;
Amerikah wonten 130 boten Ka-
toelik; .
Australiah wonten 200 boten Ka- toelik;
Ningali makaten poenika djagad nama dereng Katoelik, langkoeng- langkoeng boewana Asiah, ingkang tijangipoen sapalihipoen tijang sa- djagad sadaja.
Ing Eropah ingkang Katoelik won- ten 41,50%,
Ing Australiah ingkang Katoeli k wonten 47°1o,
Ing Amerikah ingkang Katoelik wonten 43,8°1o,
Ing Afrikah boten langkoeng sa- king 3°1o.
Ing Asiah namoeng wonten 11/ 2
°/
0 •lndonesiah ngriki tijangipoen won- ten 52 joeta, ingkang 501/ 2 joeta tijang priboemi; ingkang Katoelik sadaja wonten 290.000, tijang pri- boemi wonten 210.000.
Ing Afrikah Imam sa toenggal ga- dah bebahan njepeng tijang Katoelik 400, boten Katoelik 82.000; Ocea- niah Imam satoenggal kangge tijang Katoelik 400, boten Katoelik 110.000.
Djepang Imam satoenggal ngreksa tijang Katoelik 880, boten Katoelik 180.000. India Tengah Imam sa- toenggal tijang Katoelik 860, boten Katoelik 100.000.
Mila soemangga saderek sami tjantjoet tali wanda, atetoeloeng baoe soekoe kangge tanah kita ln- donesiah, sampoen ngantos kantoen kalijan saderek kita ing mantja pra- dja anggenipoen ngadjengaken bang- sanipoen.
* *
. *
Gegajoetan kalijan nginggil soe- mangga ngemba lelampahan ingkang nem be mangke kelampahan ing Bra- zilie. Ing Brazilie ngrikoe katah ti- jang saking Djepang; anggenipoen manggen ing ngrikoe sampoen won- ten kalih dasa taoenan kapengker.
Nanging saweg wiwit taoen 1926 katingal ombjaking tijang waoe da- teng Agami Katoelik. Moela boeka- nipoen k.'.ldos-poendi? Oepami wit makaten alit sanget, ananging ing- kang wohipoen mbijet ngemohi.
Anoedjoe satoenggiling dinten wonten tare estri sowan ing ngar- sani poen Pastoer matoer poenapa kalilan ngadjak mitranipoen dateng woelangan. Sareng dipoenngandi-
S. Hija kok kaog, benere ja ngono kok. Wis, sesoek tak njoba ja kang! Mengko gek ora dipatjak?
T. Prakara koewi goemantoeng ra- ma Red.
S. Ja, djadjal-djadjal. kalah tjatjak menang tjatjak. Rak ngono ta kang?
T. Lha . . . , rak ja ngono, Ning nek ngarang, sing mente.s wose, adja padoe bae, ndak njoedak- ake katresnan, ngreti?
S. Ja ta wis ija! Kang-kang, kirakoe , goenemkoe ki keproengoe oe~
wong; wis jo loenga.
T. Keproengoe ja hen ta. Tjoba titenana, terkadang rama Red.
kersa tnaringi papan. Wis ajo, dienteni karo oedoed-oedoedan.
S. Joek! (ajo!).
uTe."
0 P V 0 ED IN G.
BEBOEKA.
Manawi lare angsal didikan sae, tarn toe adamel begdjani po en tijang katah, adamel kaoentoenganipoen oemoem poenika sampoen terang.
Ing babagan noentoen lare mila bo- ten alit oetawi enteng sasanggeni- poen goeroe. Mila inggih sampoen samestinipoen manawi goeroe ngake- ni dipoenpitados tijang sepoeh, di- poenpitados oemoem, malah di- poen pitados negari, sagah moelang- moeroek nenoentoen lare soepados sami manggih rahadjeng.
Goeroe dados soesoelihipoen ti- jang sepoeh dipoenpasrahi: lare da- sanan, pinitados moerba-misesa, mi- djeni ingkang preloe-preloe. Tijang- tijang sami gadah pangadjeng- adjeng, soepados lare-lare sami da- dos tijang, liripoen sami migoenani ing ngakatah. Poenapa boten tjeta manawi saening pakarjanipoen goe- roe poenika adamel mindaking sae- nipoen kawontenan ? Sampoen sa- mestinipoen saening kawontenan, lare-lare sam i dados tijang ingkang
kani kalilan, !are matoer: ,.nanging poenika tare dereng kabaptis, Ra- ma, malah mireng Agami Katoelik kemawon prasasat dereng nate;
poenapa kalilan?" lja kena, wang- soelanipoen Pastoer. Wiwit poenika saben Ngahad lare estri waoe ngi- rit mitranipoen alit-alit tjatjahipoen wonten 14 djaler estri dateng Gre- dja perloe woelangan. Lare waoe djeboel lare Djepang anakipoen ti- jang Djepang ingkang manggen ing ngrikoe. Saja dangoe boten namoeng lare kemawon ingkang nderek, na- nging tijang sepoehipoen inggih katarik. Wasana ing sapoenikanipoen ing Brazilie sampoen wonten tijang Djepang 777 ingkang Katoelik. Ing sarehning !are - tare waoe ke- dah sekolah, mila ing ngrikoe la- djeng dipoendegi sekolahan kangge lare Djepang; malah sapoenika sam- poen wonten internaat, kanamak- aken internaat Santo Franciscus- Xaverius.
Poenika saderek dados toelada kita. Kados - poendi, man.gka kita boten poeroen kantoen ta; mila soemangga ngangseg.
Soemangga sampoen owet ngoer-
***
banaken baoe soekoe; soemang~a
ngenggeni sama rata sama rasa saes- toe, sampoen namoeng doemoenoeng
wonten ing sastra kemawon kados pradja ing Roeslan. Saderengipoen sama rata sama rasa, nanging sa- reng doemoegi ing ngendon mikan- toeki badanipoen pijambak. Toemrap bangsa Bolsjewiek kaantepan kita poenika satoenggiliog pes, ratjoen- ing poeradjana, kawastanan oepas- ing bangsa. Mila sampoen lajak ke- mawon, manawi anggoesah para ingkang mahjakaken kanjataaning Pa- ngeran. Katah sanget para Imam Ian para loehoer sanesipoen, dalasan para siswa kemawom boten kalis ing pangoeja-oejanipoen sang Bol- sjewiek. Sadaja ingkang kakinten ngribedi temtoe dipoenlempar, di- poensantoeni eblis laknat. Pradja ingkang kalebetan makaten poenika, manggih risak; sebab ing ngrikoe tindakipoen pangageng ladjeng awa- tak koemloengkoeng, moerka Ian ngangsa-angsa, dak menang boten adjrih ngoetahaken rahing sanes. Poe- napa poenika nama ngajomi para ringkih? melasi para sangsara kesra- kat? Poenapa poenika sama rata sa:..
ma rasa saestoe? lngkang njepeng pangoewaos tindakipoen sawenang- wenang, boten ngemoe katresnanj- poen? Tegelan dateng sesami, boten perdoeten dateng para nandang pa- pa, sama rata sama rasa?
Mesakaken donja makaten poeni- ka; mila kadjagia ing ngriki sampoen ngantos klebetan ama makaten poe- nika. Noewoen
Poen X.
tembenipoen migoenani ngakatah dados pamanahan. Rehning praka- wis poenika dados manah, mila prajogi sami ngemoeti srana-srana oetawi pamboedidaja kangge angga- joeh ingkang dados gagasan waoe.
Samangke mangsoeli angginem ing poendi doedoek-selehing goe- roe. Mila boten klentoe manawi tijang mastani, bilih goeroe poenika pinidji ing Goesti Allah dados pa- noentoening lare, moelang moeroek nedahaken ingkanglereslaningkang njata, boten namoeng dateng lare satoenggal kalih, ananging dateng la- re sasekolahan. Boten namoeng se- taoen kalih taoen, ananging dasanan taoen. Saben taoen samangsanipoen wonten !are kesah, tamtoe wonten lare dateng. Saja katah larenipoen, inggih saja ageng tetanggelanipoen.
Boten klentoe manawi goeroe poenika dipoenwastani sesoelihipoen tijang sepoeh, awit kedah njoelihi anggoela-wentah lare, ngleresaken ingkang bengkong lan ngaloesaken ingkang kasar. Saja moenggoeh sa- nget samangsa goeroe poenika ngoe- di, soepados gadah ambeging bapa, andjagi leres .. leres dateng lare, Ian kadoenoengan katresnaning bijoeng, roemengkoeh dateng moerid.
Nagari andjagekaken, wontenipoen moerid - moerid ing bendjing sami ngoerbanaken pikiran Ian rekaos moerih wiloedjenging oemoem, an- djagekaken wontenipoen tijang na- lar gesang kanti tentrem.
Nitik ingkang kados makaten waoe sampoen samestinipoen goe- roe amboedi-daja sasaged - saged- ipoen, soepados sadaja-sadaja sami boten ketjelik sarta migoenakaken angsal-angsalipoen pangoedinipoen tijang sanes moerih pandjangkaning nagari, ngakatah, tijang sepoeh sa- ged kadoemoegen, sarta adamel maremipoen ingkang nindakaken pijambak.
Klaten 1 September 1929.
S. Bratadarsana.