• Tidak ada hasil yang ditemukan

Tuladha Teks Pidhato

N/A
N/A
RITA NUR HIDAYATI

Academic year: 2023

Membagikan "Tuladha Teks Pidhato"

Copied!
2
0
0

Teks penuh

(1)

Tuladha Teks Pidhato

Perangan Pidhato Teks

Pambuka (Purwaka Basa) Assalamualaikum wr.wb1

Bapak-bapak, ibu-ibu saha sedaya ingkang sami rawuh, ingkang tansah kula kurmati.2 Minangka pambukaning atur, mangga tansah angonjukaken puja puji raos syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan, ingkang sampun paring kasarasan, kekiyatan saha kanugrahan sami saged rawuh wonten balai bahasa Jawa Tengah ingkang saprelu gladhen sesorah basa Jawi.3

Isi (Surasa Basa) Bapak/Ibu ingkang tansah kula bekteni, negari kita Kesatuan Republik Indonesia ingkang adhedhasar Pancasila, Undang-undang Dasar 1945 (sewu sangangatus kawandasa gangsal) saha Bhinneka Tunggal Ika menika masyarakat utawi pabrayanipun sami remen manunggal cipta, rasa, karsa, saha karyanipun.

Sami gandrung dhumateng gesang ingkang guyub rukun, daya dinayan, mad sinamadan, ingkang limrahipun sami remen saha nengenaken dhumateng gotong royong.

Gotong royong inggih menika makarya utawi nyambut damel sesarengan kanthi tekad sepi ing pamrih rame ing gawe anggenipun mbiyantu dhumateng tiyang sanes. Pramila saged nuwuhaken manunggalipun raos kekadangan sedaya warga masyarakat utawi pabrayan agung, ingkang jumbuh kaliyan sila kaping tiga Pancasila, inggih menika "Persatuan Indonesia".

Masyarakat Indonesia, mliginipun pabrayan agung Jawi sampun kawentar minangka masyarakat ingkang remen lung-tinulung, mbiyantu dhumateng sesamining gesang. Tuladhanipun gotong royong ndandosi margi, kreteg, lepen, papan pangibadah, lan sanes-sanesipun.

1 Salam, uluk salam

2 Atur pakurmatan, mbagekake para pamirsa/pamiyarsa

3 Ngonjukake puja puji sokur

(2)

Gotong royong sampun dados adat-istiadat wonten bebrayan agung utawi masyarakat Indonesia, kadosta upacara adat bersih dhusun inggih bersih desa. Masyarakat sami sareng-sareng makarya reresik dhusun utawi desanipun.

Ingkang kinurmatan Bapak Ibu lan para rawuh. Pramila budaya gotong royong tetilaranipun leluhur kita, mangga tansah dipunlestantunaken, dipunngrembakakaken, saha dipunkiyataken, sarta dipunwarisaken dhumateng para putra, para mudha, supados budaya gotong royong boten luntur, saged anjiwa, saha anyarira dhumateng para mudha anggenipun sami makarya, saha tanggel jawab minangka generasi mudha, inggih minangka pundhakipun bangsa lan nagari ingkang kedah tansah siyaga ing dhiri, samapta ing gati anggenipun mapag Indonesia Emas warsa 2045 (kalih ewu kawandasa gangsal).4

Panutup (Wasana Basa) Ingkang menika sumangga sesarengan nindakaken saha hanyengkuyung adat-istiadat gotong royong ingkang sae sanget tumrapipun pabrayan agung masyarakat Indonesia, mliginipun pabrayan Jawi.5 Mekaten saha semanten atur kula, wonten kirang saha lepatipun atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra pangaksama.6 Matur gunging panuwun awit kawigatosanipun.7

Wassalaamualaikum wr.wb8

4 Surasa basa; isi

5 Dudutan

6 Nyuwun pangapura

7 Atur panuwun

8 Salam

Referensi

Dokumen terkait

Sebaliknya, anak yang dibesarkan dalam budaya Timur yang menjunjung tinggi kolektivisme (kebersamaan) yang menekankan budaya gotong royong, tenggang rasa, akan

Mahasiswa dapat menganalisis masalah tradisi besar, tradisi kecil, budaya Nrabas, Instan, dan kemunduran nilai budaya gotong

Didalam kebudayaan juga terdapat nilai gotong royong yang sudah melekat pada jati diri manusia yang sebagaimana gotong- royong ini adalah nilai budaya bangsa yang tak dapat di

Nilai budaya lain yang terdapat dalam cerita ini adalah gotong royong' Nilai gotong royong dapat diketahui dari berhimpunnya adat Luwu bersama orang banyak membuatkan

Nilai-Nilai Budaya Gotong Royong Etnik Betawi Sebagai Sumber Pembelajaran IPS. Universitas Pendidikan Indonesia | repository.upi.edu |

Didalam kebudayaan juga terdapat nilai gotong royong yang sudah melekat pada jati diri manusia yang sebagaimana gotong- royong ini adalah nilai budaya bangsa yang tak dapat di

Gotong royong adalah bagian dari kehidupan masyarakat Indonesia, dan merupakan warisan budaya bangsa. Nilai dan perilaku gotong royong bagi masyarakat Indonesia sudah

Gotong royong yang telah menjadi salah satu budaya dalam diri warga desa Bonto Padang dan telah menjadi jati diri warga tentunya sangat sesuai bila menjadi suatu sistem.