RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)
Nama Sekolah : SMP N 4 Wates
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : VIII/ Gasal
Pertemuan Ke : 1 (satu)
Alokasi Waktu : 2 x 40 menit
Kemampuan berbahasa : Membaca A. Standar Kompetensi
Memahami wacana tulis sastra dalam kerangka budaya Jawa Kompetensi Dasar
1.1 Mendiskusikan nilai- nilai moral dalam suatu karya sastra prosa (fiksi) Indikator
1. Menemukan nilai- nilai didaktik yang terdapat dalam wacana prosa (fiksi)
2. Menemukan contoh tembung entar dalam wacana prosa (fiksi) 3. Mengartikan tembung entar yang ada dalam wacana prosa (fiksi) B. Tujuan Pembelajaran
1. Siswa dapat menemukan nilai- nilai didaktik yang terdapat dalam wacana prosa (fiksi)
2. Siswa dapat menemukan contoh tembung entar dalam wacana prosa (fiksi)
3. Siswa dapat mengartikan tembung entar yang ada dalam wacana prosa (fiksi)
C. Materi Pembelajaran 1. Nilai Moral ing Cariyos
Wonten ing wacana prosa (fiksi) menika wonten nilai moral utawi pitutur ingkang saged dipunpendhet utawi dipundadosaken tuladha. Kadosta sipatipun paraga, cariyosipun, saha unggah-ungguh ingkang wonten ing wacana prosa.Pitutur wonten ing wacana menika saged kadosta :
a. Hubungan sosial
Hubungan sosial menika saged kapethik saking hubungan antawisipun paraga setunggal lan sanesipun wonten ing cariyos. Tumindak menapa ingkang dipunlampahi dening paraga ing
cariyos. Kadosta tetulung, welas asih, pengurbanan, kerja sama ingkang sae, lan sanesipun.
b. Unggah- ungguh
Ing cariyos saged dipunpendhet pitutur bab unggah- ungguh. Kadosta unggah- ungguh basa menawi tiyang nem matur kaliyan tiyang sepuh ngginaaken basa krama, unggah- ungguh anggenipun tumindak, lan sapanunggalanipun.
c. Sipat manungsa
Sipating paraga wonten ing cariyos saged nggambaraken sipatipun manungsa, lan ugi saged dipundadosaken tuladha wonten ing pagesangan menika.
d. Religi
Ing cariyos menika ugi wonten nilai- nilai religinipun ingkang saged kapethik.Nilai religi menika kadosta cariyos ingkang ngandhut bab hubungan manungsa dhumateng Gusti.
2. Tembung Entar
Inggih menika embung ingkang tegesipun boten salumrahipun,saha mawi teges kias.
Tuladhanipun :
- Gedhe endhase :kumalungkung/ gumedhe - Kembang lambe : dados pocapan tiyang sanes - Entheng tangane : remen mulara tiyang sanes - Cilik atine : kuwatir/ wedinan
lan sapanunggalanipun.
3. Tuladha cerkak :
Kucing Sing Pinter Ngalembana
Sawijining dina ana kucing sing alus, resik, lan putih mulus wulune, mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak Tekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modhal wulune sing mranani, lan kaprigelan ngolah tembung kang mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak Tekek sing miturute isih mentah, lan kurang pengalaman.
"Eh Tekek, awakmu iku ketok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa to rahasiane?
Tekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.
Kucing kui mau pancen kewan kang thukul pikire. Mula ora kentekan akal anggone ngakali tekek. Kucing banjur takon maneh.
"Kek Tekek, kowe iso ora nuturi aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing nuturi sapa to?
Tekek meneng wae, sakjane dheweke pingin mangsuli menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing nuturi. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah dituturi sapa-sapa. Batine Tekek tansah gedhe endhase.
Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Tekek.
"Eh Tekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak tembang wae ben tambah kasengsem atiku marang sliramu"
Anak Tekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Tekek sing nyaut empal sing tiba mau. Dadia kucing mau gur ngemut driji, anggone ngakali Tekek. Mbokne Tekek banjur ngajak anak Tekek lunga ngedohi Kucing
kang rupane mranani kuwi.
Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone nuturi anake supaya ora gampang kapilut nalika dialembana dening liyan kang pasuryane mranani ati.Kucing kui mung pinter ngalembana lan aruh-aruh gur kanggo mbuwang tilas.
D. Metode Pembelajaran
1. Ceramah digunakan untuk mengawali pembelajaran dan menyampaikan materi pembelajaran tentang nilai moral dalam wacana prosa (fiksi) dan tembung entar.
2. Diskusi digunakan untuk mengukur kemampuan siswa mengenai nilai moral dan tembung entar yang ada dalam wacana prosa (fiksi) 3. Tanya jawab digunakan untuk meningkatkan keaktifan para siswa
dalam belajar
4. Evaluasi digunakan untuk melihat seberapa jauh pemahaman siswa mengenai tembung entar.
E. Media Pembelajaran 1. Wacana prosa (fiksi) 2. Lembar soal
F. Langkah- langkah pembelajaran a. Pendahuluan
1) Guru mengucapkan salam kepada para siswa
2) Berdoa sebelum pelajaran dimulai. Doa dipimpin oleh perwakilan siswa.
3) Mengecek kehadiran siswa/ presensi siswa
4) Menjelaskan tujuan pembelajaran atau kompetensi dasar yang akan dicapai
b. Kegiatan inti 1) Eksplorasi
- Siswa memperhatikan guru ketika menerangkan nilai moral dalam wacana prosa (fiksi) dan tembung entar.
- Siswa mendapatkan bacaan berwujud wacana prosa (fiksi) dari guru
2) Elaborasi
- Siswa secara berpasangan membaca wacana prosa (fiksi) yang diberikan oleh guru
3) Konfirmasi
- Siswa dapat menemukan nilai- nilai moral yang terdapat dalam wacana prosa (fiksi) yang telah dibagikan guru.
- Siswa dapat menemukan tembung entar yang terdapat dalam wacana prosa (fiksi) yang telah dibagikan guru.
- Siswa dapat mengerjakan soal- soal mengenai tembung entar yang dibagikan oleh guru
c. Kegiatan Penutup
- Para siswa dibantu dengan guru menyimpulkan materi yang telah dipelajari
- Setelah para siswa dapat memberikan kesimpulan, kemudian guru menutup pelajaran dengan berdoa yang dipimpin oleh siswa dan guru mengucapkan salam.
G. Sumber
1) Setyawati, Bethy Mahara. 2012. Siswa Tama. Yogyakarta. Ulinuha Grafika
2) LKS Puspita Basa Bahasa Jawa kangge kelas VIII dening Bethy Mahara Setyawat, S.Pd
3) Cerita cekak kapethik saking
http://duniashinichi.blogspot.co.id/2012/11/cerita-basa- jawa-kucing-sing-pinter.html
4) Prabaswara. 2012. Kawruh Basa Jawa Pepak. Surabaya: Sinar Kemala H. Penilaian Indikator Teknik Penilaian Instrumen 1. Menemukan nilai- nilai didaktik yang terdapat dalam wacana prosa (fiksi)
Teknik tertulis 1. Sebutna nilai moral kang ana ing wacan!
2. Menemukan contoh tembung
Teknik tertulis 2. Sebutna tembung entar kang ana ing wacan!
entar dalam wacana prosa (fiksi)
3. Mengartikan tembung entar yang ada dalam wacana prosa (fiksi)
Teknik tertulis 3. Apa tegese tembung entar kang ana ing wacan kasebut!
4. Cocogna tembung entar lan tegese kanthi leres!
5. Tulisa carita singkat kang ngemu tembung entar :
a. gedhe endhase b. lunyu ilate c. adus kringet d. jembar segarane e. manis eseme I. Kunci Jawaban
1. Nilai moral ingkang wonten ing wacan inggih menika : - boten angsal ngakali liyan
- tansah kedah was- was lan ngati- ati
a. Panas atine a. Omongane tansah kelakon
b. Padhang ulate b. Omongane mencla- mencle
c. Rai gedheg c. Golek ilmu
d. Ngangsu kawruh d. Sumeh
e. Idu geni e. Nesu
f. Lunyu ilate f. Ora due isin
g. Tipis lambene g. Nyambut gawe kang abot
h. Adus kringet h. Nandhang isin
i. Kandel kupinge i. Akeh omonge, criwis
j. Abang raine j. Ora nggugu pitutur
- tiyang kang pasuryanipun sae dereng mesti kelakuanipun sae - kedah nggugu kaliyan pituturipun tiyang sepuh.
2. Tembung entar ingkang wonten ing wacan inggih menika thukul pikire, gedhe endhase, ngemut driji, mbuwang tilas.
3. Tegesipun :
a. Thukul pikire : duwe akal
b. Gedhe endhase : gumedhe, kumalungkung c. Ngemut driji : ora oleh apa-apa
d. Mbuwang tilas : nutupi tumindhake kang ala 4. Tembung entar lan tegese :
a. Panas atine : nesu b. Padhang ulate : sumeh c. Rai gedheg : ora due isin d. Ngangsu kawruh : golek ilmu
e. Idu geni : omongane tansah kelakon f. Lunyu ilate : omongane mencla- mencle g. Tipis lambene : akeh omonge, criwis h. Adus kringet : nyambut gawe kang abot i. Kandel kupinge : ora nggugu pitutur
j. Abang raine : nandhang isin
5. Carita singkat kang ngemu tembung entar : a. Gedhe endhase
Parjo kae dumeh anake juragan brambang kang sugih, deweke seneng tuku dolanan kang larang regane. Preinan wingi Parjo ditumbaske pit anyar dening bapakne, amarga kalebu wong kang duwe Parjo seneng pamer marang kanca- kancane.
b. Lunyu ilate
Bocah kae yen omongan karo kancane mesthi mencla- mencle. Wingi deweke wes saguh nalika dina Selasa bakal mbalekake duit kang disilih. Ananging mbasan wis dina Selasa deweke ora sida mbalekke lan saguh ing dina liyane maneh.
c. Adus kringet
Pak Prapto kalebu wong kang ora due ing desane. Deweke mung buruh tani. Mula kanggo nyukupi kabutuhan kulawargane apa- apa ditandhangi dening deweke. Pak Prapto uga sregep anggone nyambut gawe.