• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB II GEGARAN TEORI

ASIL PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Asil Panaliten

2) Citra Ningsih

Sinaosa boten dipuncaiyosaken kanthi dominan, Ningsih minangka paraga ingkang penting. Ningsih gadhah sesambetan kaliyan paraga sanes, inggih menika Supriyanto saha Agung. Ing novel menika Ningsih namung kacariyosaken ing kalih sub bab. Sanajan frekuensi anggenipun nyariosaken boten inggil, saged kadudut mawarni-warni citra paraga Ningsih ing novel menika.

Ningsih kacitrakaken ing tigang aspek citra, antawisipu citra fisiologis, psikologis, saha sosiologis. Citra fisiologis paraga Ningsig inggih minangka wanodya ingkang sulistya, lathi tipis, mripat mblalak, pakulitan awarni kuning mrusuh saha alus lumer. Citra psikologis paraga Ningsih antawisipun minangka manungsa intelektualis, estetis, religius,saha politik. Dene citra sosial ingkang saged dipunpanggihaken inggih pedamelan minangka pegawe kantor.

a. Fisiologis

Kanthi fisiologis, Ningsih kacitrakaken minangka wanodya ingkang sulistya. Awit frekuensi penceritaan boten inggil kados dene Tilarsih, ugi boten saged sedaya perangan badan kacariyosaken kanthi cetha. Kanthi umum Ningsih kacitrakaken minangka wanodya ingkang sulistya kados data wonten ing ngandhap menika.

“Pak Jon njegreg. Katon banget wela se marang Ningsih kang tenane kepetung wanita sing ayu rupane. Nanging merga kurang pangati-atine, gampang karimuk dening wong lanang, bisa wa e dheweke dadi kurban. (Danusubroto, 2002: 152)

Saking data ing nginggil menika katingal bilih Tilarsih kalebet wanodya ingkang sulistya. Pak Jon kaget rikala mirengaken katrangan saking polisi ingkang caos katrangan bilih Ningsih sampun kenging apusipun Agung. Pak Jon rumaos melas dhateng Ningsih, miturut pak Jon Ningsih kalebet wanodya ingkang sulistya. Nanging awit kirang pangatos-atosipun, gampil karimuk priya, satemah saged dados kurban. Minangka wanodya ingkang sulistya Ningsih gadhah lathi ingkang tipis nggandhul, kados ing data ing ngandhap menika.

Supriyanto rumangsa ora kuwa wagang nampani ka wontenan mangkana. Tansaya nalika krungu seka njaban ngomah udan gagat esuk teka maneh. Ka wontenan mangkana bisa kanggo pa wadan nga nti telat anggone mulih. Marga kadereng lanange, lathi sing pengkuh sanalika tumempel nga ra si lathine kenya mau kang tipis nggandhul. Ketemune lathi nimbulake ka wontenan kang ngeram-eramake. Rumangsa ana sajroning dhadha kaya ana alun gedhe jumegur, ngga we kenyut kabeh rasane. Semana uga Ningsih, kaya ngimbangi karepe lanang. Mripat sing mblalak katon tansaya sumuna r kebag kabegjan. Isih ka wuwuha n, tingkah kang saemper wanita ka weden. (Danusubroto, 2002: 29)

Saking data ing nginggil saged dipunmangertosi bilih Ningsih gadhah lathi ingkang tipis nggandhul. Awit boten kiyat ngampah kahan saha kadereng sipat priyanipun Supriyanto ngarasi lathinipun Ningsih. Lathi ingkang tempuk nedahaken kawontenan kang mgeram-eramaken. Ing salebeting dhadhah rumaos wonten alun ageng ingkang ndadoskaen kenyut sedaya raos. Kejawi gadhah lathi ingkang tipis nggandhul, saking data ing nginggil saged kapendhet dudutan bilih Ningsih ugi gadhah mripat ingkang mblalak. Awit rumaos ngimbangi kekajengan

kakungipun, mripatipun Ningsih ingkang mblalak katon sumunar. Mripat ingkang sumunar menika minangka tandha bilih Ningsih rumaos kebak kabegjan.

Kejawi gadhah lathi ingkang tipis nggandhul, saha mripat ingkang mblalak Ningsih ugi gadhah pakulitan ingkang endah. Kacitrakaken bilih Ningsih gadhah pukilitan ingkang kuning mrusuh saha alus lumer, kados data ing ngandhap menika.

Pangariba wane katresnan murub kaya geni makantar-kantar. Dhadha seseg kebah kabungahan lan kabegjan, nganti raga kaya ilang keseimbangane. Wusana niba njebabrah neng dhipan, mlumah kaya ngame-ame kekasihe. Supriyanto rumangsa ora kuwa wagang, nuli ngruket raga kang pakulitane alus lumer. (Danusubrata, 2002: 30)

Ningsih ingkang boten rumaos begja saha bungah ngantos ical kaseimbanganipun, nuli niba ing dhipan. Awit Supriyanto boten kiyat ngampah kawontenan awit sumrepe Ningsih niba ing dhipan, Supriyanto lajeng ngruket raganipun Ningsih. Saking data ing nginggil saged dipunmangertosi bilih Ningsih gadhah kulit ingkang alus lumer. Kejawi gadhah kulit ingkang alus lumer, Ningsih ugi gadhah pakulitan ingkang kuning mrusuh, kados data ing ngandhap menika.

Dene, priya mau weruh Ningsih ora suwala, tumindake tansaya nekad la n sengkud. Nganti klakon Ningsih kabopong diga wa menyang ranjang. Ragane wanita kang lagi mendem katresnan ma u diturokake alon-alon, nganti katon njebabrah. Kulit sing kuning mrusuh katon duwe daya sing ngeram-erami. Lan tangane Agung saya wani, nganti klambi kang maune mbungkus raga mau, dilukar siji mbaka siji. (Danusubroto, 2002: 140) Saking data menika katingal bilih Ningsih gadhah pakulitan ingkang kuning mrusuh. Kulit ingkang kuning mrusuh menika gadhah daya ingkang ngeram-ngerami. Awit kadereng daya kulit ingkang mrusuh menika Agung

tansaya wantun nggrayangi Ningsih. Agemanipun Ningsih dipunlukar satunggal mbaka satunggal.

b. Citra Psikologis

Kajumbuhaken kaliyan teori kapribaden Eduard Spranger, Ningsih kacitrakaken minangka manungsa intelektualis, estetis, religius, saha politik.

1) Manungsa Intelektualis

Minangka manungsa intelektualis Ningsih gadhah watak tegas, gadhah tekad kiyat, saha gadhah prinsip. Watak minangka wanodya ingkang gadhah prinsip gesang katingal wonten ing data ing ngandhap menika.

Dipenggalih jero sik mbak, Supri ki wonge lugu, turna kabeh kanca kene wis ngerti sapa dheweke.” Ningsih ora maelu pituture, kepara wektu semana wangsulan rada nylekit.

“Mbak, ana tembung, wong lanang duwe wenang milih. Nanging semana uga, wanita duwe wenang nampik. Yen ana kang rinasa luwih mantep, bisa nyukupi sa kabehe, wanita ra k ya duwe wenang nampik wong kang ora pideksa?”

“Apa Supriyanto saiki kok anggep ora pideksa?”

“Guru SD mbak, piye wae yo kalak karo Insinyur lan uga kepala proyek.” “O, menawa sing kok priksani bab kuwi pancen iya. Nanging bebojoan rak dudu kuwi thok sing digoleki.”

“Bener mbak, nanging wong rumah tangga sing baku, ekonomine sing tumata lan cukup. Ora ana rumah tangga bahagia en ekonomine mosak-masik. Kaya dene nega ra, ora klakon rakyat bisa tentrem lan rumangsa makmur, yen nyatane nega rane wae tansh mosak-masik ekonomine.” (Danusubroto, 2002: 153)

Saking data ing nginggil menika saged katingal bilih Ningsih minangka wanodya ingkang gadhah prinsip gesang. Ningsih gadhah prinsip gesang bilih priya gadhah wewenang kangge milih, kosok wangsulipun wanodya gadhah wewenang nampik. Menawi wonten ingkang dipunraos langkung mantep saha saged nyekapi, wanodya gadhah wewenang nampik tiyang ingkang kirang pideksa. Kejawi makaten Ningsih ugi gadhah prinsip bilih tiyang gesang bebrayan

menika ingkang wigatos, ekonominipun kedah tumata saha cekap. Ningsih ngandharaken bilih boten wonten gesang bebrayan ingkang ngremenaken menawi ekonominipun tansah mosak-masik.

Saking data wonten ing nginggil ugi katingal bilih Ningsih ugi gadhah watak tegas. Kanthi tegas Ningsih milih antawisipun Supriyanto kaliyan Agung. Awit Ningsih rumaos Agung menika langkeng sae, Ningsih lajeng nilar Supriyanto. Minangka wanodya ingkang kritis Ningsih gadhah tekad ingkang kiyat, kados data ing ngandhap menika.

“Iki kang jenenge mas Supriyanto.”

“We lha wonge sigit banget. Kok bisa mbak Ningsih mbuwang wong lanang baguse ngana, trima ngukup pak Agung sing irunge pesek, gek ireng lan kumel.”

Ningsih ora wangsulan. Bengi kuwi atine gilig arep menyang Purworejo karo Tuning, peru njaluk nga pura lan upama bisa bali nothok atine priya mau supaya mbukak la wang katresnan maneh. (Danusubroto, 2002: 162) Sakin data ing nginggil katingal bilih Ningsih gadhah tekad ingkang kiyat. Awit rumaos lepat sampun mbuwang Supriyanto Ningsih rumaos getun. Dalu menika manahipun Ningsih sampun gilig, badhe tindak dhateng Purworejo kanthi ancas badhe nyuwun pangapunten dhateng Supriyanto. Ningsih ugi gadhah niyat badhe ngrerimuk Supriyanto, supados mbikak lawang katresnan malih tumrap piyambakipun.