• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB II GEGARAN TEORI

CARA PANALITEN

A. Pendekatan Panaliten

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken peran, citra, saha ketidakadilan tumrap paraga wanodya ingkang katingal wonten ing novel Pisungsung Kang Wingit. Pendekatan ing panaliten menika dipundhasaraken konsep gender ingkang salajengipun dipunsebat kritik sastra feminis. Sugihastuti (2002: 20) ngandharaken bilih kritik sastra feminis minangka satunggaling kritik ingkang mandang sastra kanthi kesadha ran khusus bilih jinis kelamin menika magayutan kaliyan sastra, budaya, saha pagesanganing manungsa. Suwardi (2013: 146) ngandharaken analisis feminis paling boten kedah magayutan kaliyan:

1) ngandharaken karyanipun panyerat wanodya ing jaman kapengker kaliyan jaman samenika, supados jelas kados pundi citra wanodya ingkang katindhes dening tradhisi.

2) ngandharaken tekanan tumrap paraga wanodya ing karya sastra priya.

3) ngandharaken ideologi pengarang wanodya saha priya, kados pundi anggenipun mandang (ningali) awakipun piyambak.

4) ngrembag aspek ginokritik, kados pundi proseskreativitas para feminis. Kajawi mbetahaken pendekatan, panaliten menika ugi mbetahaken metode, metode ingkang dipunginakaken ing panaliten menika inggih metode diskriptif. Metode deskriptif dipunginakaken kangge ngandharaken peran, citra, saha ketidakadilan gender tumrap wanodya ingkang katingal wonten ing novel Pisungsung Kang Wingit. Metode deskriptif dipunpilih kanthi ancas supados data

panaliten saged kaandharaken kanthi sistematis, faktual saha akurat, jumbuh kaliyan sumber datanipun. Kasiling panaliten inggih awujud data deskriptif minangka kasiling analisis peran, citra, saha ketidakadilan gender tumrap wanodya wonten ing novel Pisungsung Kang Wingit anggitanipun Atas S. Danusubroto.

B. Data saha Sumbering Data

Data ing panaliten menika awujud peran, citra, saha ketidakadilan gender ingkang katindakaken dening paraga priya dhateng paraga wanodya wonten ing novel Pisungsung Kang Wingit. Dene sumbering data ing panaliten menika inggih novel kanthi irah-irahan Pisungsung Kang Wingit anggitanipun Atas S. Danusubroto. Novel menika minangka kasil sayembara panyeratan novel ingkang dipunadani dening Taman Budaya Yogyakarta tahun 2000. Awit wontenipun pepalang novel menika nembe saged katerbitaken dening Taman Budaya Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta rikala Juli 2002. Novel menika kadadosan saking 260 kaca, kanthi wolung bab cariyos.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Panaliten menika kalebet panaliten pusta ka, satemah caranipun ngempalaken data migunakaken cara maos kaliyan nyerat. Kagiyatan maos katindakaken kanthi tliti saha kedah dipunambali supados datanipun trep kaliyan fokus panaliten. Lampahanipun maos kaadharakeen ing ngandhap menika.

2) Maos novel kanthi mangertosi, nggatosaken, saha nyukani titikan tumrap tetembungan, ukara, saha pa ragraf menapa dene pacelathon ingkang ngewrat peran, citra, saha ketidakadilan gender tumrap paraga wanodya.

3) Ngandharaken data kasiling maos kanthi tliti ngengingi peran, citra, saha ketidakadilan gender tumrap paraga wanodya wonten ing sumbering data.

Menawi teknik maos sampun kalampahaken kanthi sae, salajengipun inggih nindakaken teknik nyerat (nyathet). Teknik nyathet kalampahaken kanthi ndamel kertu data kangge merang-merang data supados langkung gampil anggenipun nganalisis. Lampahaninup teknik nyathet data ing ka rtu data katerangaken ing ngandhap menika.

1) Nyerat andharan bab peran, citra, saha ketidakadiln gender tumrap wanodya ingkang dipunpanggihaken wonten ing novel Pisungsung Kang Wingit. 2) Nglebetaken data wonten ing kertu data saha nyantet deskripsinipun kanthi

pethikan-pethikan saking novel. D. Pirantining Panaliten

Panaliten menika kalebet panaliten pustaka ingkang sumber datanipun awujud novel. Pirantining panaliten menika inggih awujud kertu data. Kertu data menika dipunginakaken panaliti kangge nyerat da ta ingkang wonten gayutanipun kaliyan prekawis ingkang sampun dipunsukani titikan. Data ing panaliten menika awujud peran, citra, saha ketidakadilan gender tumrap wanodya ingkang dipunpanggihi rikala maos novel.

Tabel 1. Data peran wanodya ing novel Pisungsung Kang Wingit

No Paraga Data Peran Kaca katrangan No. Data

D P

Katrangan: D : Domestik P: Publik

Tabel 2. Data citra wanodya ing novel Pisungsung Kang Wingit

No Paraga Aspek Citra Wanodya Data Kaca No. Data

F P S

Katrangan:

F : Fisiologis P : Psikologis S : Sosiologis

Tabel 3. Data ketidakadilan gender tumrap wanodya ing novel Pisungsung Kang Wingit

No Data Aspek

Ketidakadilan

Indikator Wujud Paraga Kaca

E. Caranipun Nganalisis Data

Caranipun nganalisis data ing panaliten menika inggih kanthi ngginakaken teknik analisis deskriptif. Analisis deskriptif katindakaken kanthi cara nafsiraken. Kasilipun analisis dipunserat kanthi wujud andharan fakta-fakta. Metode ingkang

Cara nganalisis kanthi deskriptif dipunginakaken bilih data-data panaliten awujud data verbal (awujud ukara-ukara). Data verbal menika wujudipun kados pawincantenan paraga saha deskripsimonolog.

Lampahanipun nganalisi data ing panaliten menika kaandharaken ing ngandhap menika.

1) Katergorisasi

Data dipunpontho-pontho adhedhasar a spek ingkang badhe dipuntliti, jumbuh kaliyan fokus panaliten.

2) Tabulasi

Tabulasi inggih menika penyajian data ingkang badhe dipuntliti awujud tabel. Datanipun awujud kategori aspek ingkang badhe dipuntliti. Menawi sampun kalajengaken kanthi analisis deskriptif. Analisis deskriptif kanthi cara nginterpretasikaken menapa kemawon ingkang dipunlampahi dening paraga wanodya mawi aspek-aspek ingkang badhe dipuntliti.

3) Interpretasi

Menginterpretasikan kasiling tahap saderengipun kanthi kritik sastra feminis. 4) Inferensi

Inferensi inggih menika tahapan mendhet dudutan saking data ingkang sampun wonten. Inferensi inggih menika negesi data kanthi ngginakaken konsep teori ingkang dados panjurung.

F. Caranipun Ngesahaken Data

Data ing panaliten menika kedah leres saha valid. Kangge mangertosi data panaliten menika leres saha valid menapa boten dipunbetahaken pengesahan data.

Pengesahan data panaliten kanthi ngginakaken validitas saha reliabilitas data. Validitas ingkang dipunginakaken ing panaliten menika inggih validitas semantis, tegesipun makna simbolik ingkang gayut kaliyan konteksipun dipunukur tingkat sensitifipun. Caranipun ngukur makna simbolik menika kagayutaken kaliyan konteks karya sastra saha konstruk analisis (Endraswara, 2011: 164).

Reliabilitas ingkang dipunginakaken ing panaliten menika inggih reliabilitasinterrater. Reliabilitas katindakaken kanthi cara maos saha mangertosi wosing data panaliten kanthi tliti saha dipunambali ngantos pikantuk data ingkang ajeg. Asilipun maso lajeng dipunkonsultasekaken dhateng tiyang ingkang dipunanggep mumpuni inggih menika dosen pambimbing minangka expert judgments.