• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB II GEGARAN TEORI

ASIL PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Asil Panaliten

1) Status Sosial

Tilarsih kacitrakaken minangka wanodya ingkang status sosial-ipun minangka putranipun tiyang boten gadhah. Rikala mbok Sembol dipuntilar dening garwanipun mbok Sembol lajeng yambut damel wonten ing Jakarta dados abdi. Tilarsih dipungulawenthah tanpa sih katresnan bapa. Awit namung saderma putranipun tiyang boten gadhah Tilarsih gesang kanthi prasaja, kados wonten ing pethikan data ing ngandhap menika.

Upama Tilarsih anake wong sugih mesthi tansah ga we ga woke priya kang nya wang. Marga bisa karengga sandhanga n kang edi peni. Apa maneh Tilarsih nduwe irung kang ngrungih lan polatan sumeh kebak esem. Untu siji kang gingsul, bisa ndadekake priya kang weruh guyune la ra wuyung. Emane, Tilarsih lair ana satengahe kula wa rga miskin. Mula anggon-anggone trima apa anane, ka wuwuhan sekolahe uga saderma sekola h ndesa, a wit wong tuwane ora kuwat menehi ragad (Danusubroto, 2002: 47)

Data ing nginggil nedahaken bilih Tilarsih miyos ing satengahipun kulawarga miskin mila anggenipun ngagem ageman tansah samadya. Kejawi makaten awit tiyang sepuhipun boten saged maringi ragad anggenipun sekolah saderma sekolah dhusun. Awit menika Tilarsih wawasanipun cupet, kejawi menikaa Tilarsih inggih asring gumun tumrap barang-barang ingkang anyar.

Minangka putranipun tiyang ingkang boten gadhah Tilarsih boten dipetang dening masarakat. Supriyanto minangka trah tani kenthol sajatosipun kesengsem dhateng Tilarsih. Nanging tiyang boten sami gadhah panyakrabawa menawi Supriyanto gadhah raos sir dhateng Tilarsih awit Supriyanto kepetang turunipun priyayi luhur, dene Tilarsih putranipun tiyang tani buruh kados data ing ngandhap menika.

Supriyanto dhewe, kang klebu trahe tani kenthol, uga tenane kesengsem marang Tilarsih. Mula saben pra wan mau buruh ana ngomahe la n Supriyanto kebener ana ngomah, mesthi tansah klintar-klinter, kaya kucing weruh gereh. Sanajan tumindak mengkana, ora ana wong sing ngerti. Kabeh ora nduwe panya kraba wa yen Supriyanto wektu semana nduwe rasa sir marang Tilarsih. Awit kang lanang kepetung turune priyayi luhur lan urip cukup, sing wadon ana ke wong tani buruh. ( Danusubroto, 2002: 47)

Awit Tilarsih saha Supriyanto boten imbang drajat saha pangkatipun. Tiyang sami boten gadhah panyakrabawa bilih sajatosipun Supriyanto kesengsem dhateng Tilarsih. Anggenipun boten sami gadhah panyakrabawa bilih kekalihipun gadhah sesambetan tresna awit Supriyanto trah priyayi luhur saha gesang kanthi cekap dene Tilarsih saderma putranipun tani buruh. Tiyang sami boten pitados bilih antawis kekalihipun wonten sesambetan tresna.

Kejawi putranipun tiyang boten gadhah, status sosial ingkang dipunsadhang dening Tilarsih ugi minangka prawan jadah. Prawan jadah inggih menika prawan ingkang boten gadhah bapa, awit bapanipun boten tanggel jawab. Poerwadarminta (1937) ngandharaken bilih tembung jadah menika tegesipun anak kharam. Putra jadah inggih putra ingkang boten sah awit bapa saha biyungipun boten kaiket dening aturan ingkang sah, inggih kanthi krama rumiyin, kados data ing ngandhap menika.

Ka wuwuhan, Tilarsih lair tanpa bapa kang cetha. Pa wongan ing ndesa kana ora ana sing ngerti, sapa wong lanang sing nandur wiji neng wetenge mbok Sembol. Marga miturut critane wong tuwa, nalika bojone mbok Sembol mati, ninggal anak loro Sarpan ka ro Sarpin. Abote kahan, Sembol nglembara melu nya mbut ga we neng Jakarta. Wetara rong taun ning Jakarta, baline wis ngandhut bayi, nuli lair lan swa rgi bapakne Supriyanto maringi jeneng Tilarsih.

“ Pak Sastra Sudarmo, ya bapakne Supriyanto maringi jeneng Tilarsih, a wit bayine lahir kelangan katresnan ba oa. Bayi mau lair tanpa dingerteni bapakne sapa. (Danusubroto, 2002: 47-48)

Tilarsih miyos awit mbok Sembol nyambut damel ing Jakarta. Awit kawontenan dipuntilar donya dening garwanipun mbok Sembol lajeng ndherek nyambut damel ing Jakarta. Kesah watawis kalih tahun kondur sampun ngandhut bayi. Rikala miyos, bayi menika kaparingi asma Tilarsih awit rikala miyos kicalian sih katresnan bapa. Boten wonten ingkang mangertos sintes sajatosipun bapanipun Tilarsih. Minangka putra jadah Tilarsih tansah boten dipunpetang dening masarakat kados data ing ngandhap menika.

Tenane Tilarsih klebu pra wan jadah. Wanita ka ng wiwit lair kepetung tanpa aji. Mesthi arang banget kulawa rga kang rumanga becik, gelem ngepek mantu pra wan jadah. (Danusubroto, 2002: 48)

Awit lair tanpa dipunmangertosi sinten bapanipun, Tilarsih lajeng boten dipunpetang dening masarakat. Sampun wiwit miyos Tilarsih dipunanggep boten wonten ajinipun. Kejawi menika tiyang ingkang rumaos sae ugi arang ingkang purun ngepek mantu prawan jadah. Tilarsih dados sirikan tiyang sepuh ingkang badhe pados jodho tumrap putranipun. Minangka prawan jadah Tilarsih boten pikantuk hak kados dene tiyang umumipun, kados ing data ing ngandhap menika.

Eling marang ka wontenan mengkana, Tilarsih bisane ngruntuhake eluh. Awit dheweke bareng ngerti yen lair tanpa bapa wis rumangsa urip nistha. Dadi poyokane wong akeh, dadi sirikane wong tuwa kang arep njupuk mantu. Ka wuwuhan maneh, nalika ijeng neng pa won, dheweke nembe eling yen mokal bakal bisa urip bebarengan sela wa se ka ro priya kang tenane ditresnani banget. (Danusubroto, 2002: 56)

Rumaos bilih piyambakipun minangka putra jadah Tilarsih namung saged nangis. Tilarsih rumaos bilih gesangipun nistha. Minangka putra jadah Tilarsih dados poyokanipun tiyang kathah. Kejawi menika Tilarsih ugi dados sirikan tiyang sepuh ingkang badhe ngepek mantu. Ateges Tilarsih dipunsingkiri dening para tiyang sepuh ingkang badhe pados jodho tumrap putranipun. Ingkang

langkung njarem Tilarsih boten saged gesang kaliyan priya ingkang dipuntresnani awit kawontenanipun minangka prawan jadah. Awit boten badhe Supriyanto pikantuk ngepek Tilarsih dados garwanipun, Supriyanto turunipun priyayi luhur.

Kajawi kacitrakaken minangka prawan jadah, Tilarsih ugi kacitrakaken minangka randha. Citra randha kasandhang dening Tilarsih rikala piyambakipun nekad purun dipunkrama dening Tugiman, nanging akhiripun Tilarsih nyuwun pegat.

2) Pedamelan

Kejawi ngandharaken status sosial, kangge mahyakaken citra sosial ugi kedah kaandharaken pedamelan paraga wonten ing novel menika. Minangka paragatamaa tambahan Tilarsih kacitrakaken gadhah maneka warna pedamelan. Rikala taksih manggen wonten ing Sitinggil tumut mbok Sembol Tilarsih gadhah pedamelan minangka buruh tani, kados wonten ing data ing ngandhap menika.

Sa wise rampung sekolah pra wan mau digula wenthah wong tuwane supaya bisa buruh tandur lan matun. Mangsa panes Tilarsih diuyak supaya melu derep. Mentas derep, nggula wenthah peka ra ngan secuwil kanggo nyambung urip. (Danusubroto, 2002: 47)

Rikala taksih manggen kaliyan mbok Sembol Tilarsih gadhah pedamelan minangka buruh tani. Tamat sekolah dhusun, dening tiyang sepuhipun Tilarsih dipungulawenthah supados saged ndherek buruh tandur saha matun. Tandur inggih menika mangsa rikala para tani saweg nanem pantun. Matun inggih menika mbubuti suket wonten ing sabin. Rikala mangsa panen Tilarsih dipunoyak supados ndherek derep, derep inggih menika buruh ngeneni pantun. Sasampunipun Tilarsih taksih kadhapuk ngolah pekarangan alit kangge nyekapi

Bibar pegatan kaliyan Tugiman,Tilarsih dipunjak kakangipun manggen wonten ing Sitinggil. Wonten ing Sitinggil Tilarsih latihan bakulan saha kursus njait. Awit sinau kaliyan mbakyunipun ipe, Tilarsih lajeng sadeyan wonten ing peken. Kejawi menika Tilarsih ugi kursus njait, satemah lajeng bikak jaitan wonten ing nggriya kados data ing ngandhap menika.

Supriyanto nganti ndomblong weruh rupane Tilarsih, kang wis seje adoh karo mbiyen. Apa maneh Sarpan uga kandha yen wanita mau saiki wis wa sis nggolek pangan. Esuk tekan a wan bakulan ana bango pasa r. Bakul grabadan. Wektu sore nganti bengi njait. (Danusubroto, 2002: 84)

Rikala manggen wonten ing Sitinggil ndherek kakang saha mabkyunipun Tilarsih lajeng pados pangupa jiwa piyambak. Wonten ing Sitinggil Tilarsih gadhah pedamelan minangka bakul saha panjait. Wekdal enjang dumugi siyang dipunginakaken kangge sadeyan grabadan wonten ing peken, dene wekdal sonten dumugi dalu dipunginakaken kangge bikak jaitan wonten ing nggriya.