• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB II GEGARAN TEORI

ASIL PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Asil Panaliten

3) Manungsa Sosial

Manungsa sosial inggih manungsa ingkang tansah nengenaken raos tresna dhateng sesami. Minangka manungsa sosial Tilarsih kacitrakaken gadhah watak prasaja, wicaksana, hormat, saha gupuh. Watak prasaja inggih watak ingkang

anggenipun tumindak tansah menapa wontenipun, boten aeng-aeng. Tilarsih minangka wanodya dhusun ingkang prasaja. Minangka putranipun tiyang boten gadhah Tilarsih tansah ngangge ageman menapa wontenipun kados pethikan data ing ngaandhap menika.

Upama Tilarsih anake wong sugih mesthi tansa ya ga we ga woke priya kang nya wang ma rga bisa karengga sandhangan kang edi peni. Apa maneh Tilarsih duwe irung kang ngrungih lan polatan kang sumeh keba k esem. Untu sing gingsul, bisa ndadekake priya kang weruh guyune lara wuyung. Emane Tilarsih lair ana satengahe kula wa rga miskin.Mula anggon-anggone trima apa anane, ka wuwuha sekolahe uga sadermo sekolah ndesa, a wit wong tuwane ora kuwat menehi ragad. Mula nalika semana wa wasane katon cupet, ka wuwuhan katon gumunan yen pinuju meruhi barang anyar. (Danusubroto, 2002: 46-47)

Minangka wanodya ingkang miyos ing satengahipun kulawarga miskin Tilarsih tansah prasaja. Agemananipun trima menapa wontenipun. Anggenipun sekolah ugi saderma sekolah dhusun, awit tiyang sepuh boten kiyat paring ragad. Rikala sematen wawasanipun Tilarsih cupet, katitik saking sipat ingkang gumunan rikala mriksani barang anyar. Sinaosa prasaja Tilarsih tetep katingal sulistya. Tilarsih gadhah irung ngrungih saha polataan ingkang sumeh kebak esem, kejawi makaten Tilarsih ugi gadhah untu ingkang gingsul, satemah saged andadosaken priya ingkang sumerep guyunipun badhe wuyung.

Rikala manggen wonten ing Cisumur Tilarsih minangka wanodya ingkang prasaja. Tilarsih nedahaken kamajengan rikala sampun manggen wonten ing Sitinggil saha sampun saged pados arta piyambak. Rikala wonten ing Cisumur Tilarsih tansah samadya kados pethikan data ing ngandhap menika.

Sakeplasing thathit priya mau bisa nyawang lan ngakoni mena wa randha kuwi pancen ayu tenan. Seje adoh karo Tilarsih lagi isih ana ing Cisumur Klambine biyen tansah samadya, kepara yen nganggo-anggo wagu awit

klambi sing dienggo dudu ukurane. Klambi mau trima lungsuran saka uwong. Ewadene wektu semono tetep katon ayu.(Danusubroto, 2002: 84) Saking data ing nginggil saged kapendhet dudutan bilih rikala wonten ing Cisumur tilarsih tansah prasaja. Tilarsih nggenipun ngangge ageman tansah samadya. Tilarsih asring ngangge ageman ingkang wagu, awit ingkang dipunagem sanes ukuranipun Tilarsih. Awit boten gadhah arta kangge tumbas ageman, Tilarsih trima ngangge ageman lungsuran. Nanging sinaosa anggenipun ngangge ageman tansah samadya Tilarsih tetep katon sulistya. Rikala sampun manggen wonten ing Sitinggil ndherek Sarpan saha latihan sadeyan, Tilarsih lajeng nglampahi kamajengan. Awit sampun saged pados arta piyambak, Tilarsih lajeng sampun pinter ngadi sarira.Sinaosa sampun wasis ngadi sarira, Tilarsih tetep dandan kanthi prasaja, kados data ing ngandhap menika.

Watak sanes ingkang nggambarken manungsa sosial inggih wicaksana. Minangka wanodya ingkang kalebet golongongan manungsa sosial, Tilarsih tansah wicaksana anggenipun ngadhepi perkawis. Watak wicaksana katingal saking pethikan data nomer ing ngandhap menika.

“Ngawur wae anggonmu kandha. Saiki durung ana sing tak pikir. Kejaba kudu ndang rampung sekolahku. Lan kudu njaluk ngapura marang wong kang nate tak larani atine.” Krungu ukara mau, Tilarsih temungkul lan raine katon abang mrabak. Supriyanto nuli omong maneh.

“Gelem ta, kowe ngapurani luputku?”

“Kula sampun nyaosi pangapunten kawit rumiyin.” (Danusubroto, 2002: 101)

Kawicaksanan Tilarsih katingal rikala Supriyanto nyuwun pangapunten dhateng Tilarsih. Supriyanto mblenjani janjinipun kanthi gadhah sesambungan tresna kaliyan Ningsih. Tilarsih rumaos katotog manahipun. Nanging kanthi wicaksana Tilarsih lajeng sampun caos pangapunten dhateng Supriyanto.

Anggenipun caos pangapunten malah saderengipun Supriyanto nyuwun pangapunten. Tilarsih mangertos bilih panci boten imbang bilih piyambakipun dados pacanganipun Supriyanto.

Tumindak wicaksana ugi katingal rikala Tilarsih nanggepi perkawis panglamaripun mas Darno. Mbakyunipun tansah ndhesek Tilarsih supados purun nampi panglamaripun Darno. Tilarsih kanthi wicaksana anggenipun nanggepi perkawis menika, kados ing pethikan data ing ngandhap menika.

“Mas Darno ki wonge bagus, pideksa. Dhasa r wis cekel ga we sing cetha asile. Kejaba kuwi, wong tuwane uga kepetung wong cukup lan kajen keringan.”

“Yu matura marang mas Darno, kandhakna wektu sakiki aku isih mikir. Aku njaluk wektu wetara 3 sasi tekane setengah taun kanggo mikir. Kanggo nglimbang-nglimbang, marga nemtokake lamaran kuwi kudu dipikir mateng tenan.” (Danusubroto, 2002: 123-124)

Sinaosa dipunpeksa dening ipenipun Tilarsih tetep dereng purun nampi kanthi gampil. Sinaosa ipenipun tansah ngungul-unggulaken mas Darno, Tilarsih tetep nyuwun wekdal kangge menggalih. Kanthi wicaksana Tilarsih mangsuli ipenipun. Tilarsi wekdal menika taksih menggalihaken perkawis lamaran menika. Tilarsih nyuwun wekdal tigang wulan ngantos satus dinten kangge nglimbang-nglimbang, awit kangge nemtokaken lamaran menika kedah dipunpenggalihaken ngantos mateng.

Watak wicaksana ugi katingal rikala Supriyanto badhe ngancani Tilarsih tindak lenggahan dhateng Maos. Rikala criyos kaliyan Supriyanto bilih piyambakipun dipunundang bu Rori Tilarsih katingal kuciwa, awit Supriyanto boten gadhah krenteg kangge ngancani. Supriyanto mangertos, lajeng ngendika bilih piyambakipun purun ngrencangi tindak Maos.

“Yen ora kabotan, aku ya gelem ngancani. Nanging blaka wae, aku ora duwe sangu. Lha kepiye, bayark kadhung kanggo bayar semesteran. “Menawi namung kangem ngebis, kula inggih wonten kok mas.” “Nanging aku isin, mosok kabeh-kabeh awakmu sing mbayari.”

“Menawi kagungan penggalih ngaten, ateges mas Pri boten tulus anggenipun sedherekan kaliyan kula.” Kandhane Tilarsih katon rada nesu.(Danusubroto, 2002: 204)

Supriyanto purun ngancani Tilarsih tindak Maos, nanging piyambakipun blaka menawi boten gadhah sangu. Bayaripun anggenipun mucal sampun telas kangge mbayar semesteran. Kanthi wicaksana Tilarsih lajeng ngendika menawi namung kagem ngebis kemawon, Tilarsih gadhah arta. Nanging Supriyanto rumaos isin menawi dipunbayari dening Tilarsih. Kosokwangsulipun, Tilarsih boten gadhah panykrabawa ngantos semanten. Tilarsih mastani Supriyanto bilih gadhah penggalih makaten anggenipun sedherekan ateges boten tulus. Tumindak wicaksana ugi katindakaken malih rikala Supriyanto boten saged ndugekaken dumugi griya.

“Sampun ngantos supe mas, dinten Senen wetawis jam pitu enjang kula tengga wonten kawunganten.”

“Ya.” Wangsulane nuli ngerem motor perlu ngedhunake Tilarsih. Sa wise Tilarsih mudhun, mbacutake omong.”

“Aku durung bisa ngeterake awakmu tekan ngomah.”

“Boten menapa-napa mas. Sumangga teras kondur kema won. Sampun sonten.” (Danusubroto, 2002: 206)

Rikala kondur sanjan saking Kroya pranyata Supriyanto namung saged ndugekaken Tilarsih dumugi margi. Supriyanto dereng saged ndugekaken Tilarsih dumugi griya. Tilarsih boten kuciwa, piyambakipun boten menapa-menapa. Kanthi wicaksana Tilarsih ndhawuhi Supriyanto supados enggl kondur awit wekdal sampun ngancik sonten. Kajawi gadhah watak wicaksana, Tilarsih ugi

kalebet tiyang ingkang gupuh. Rikala wonten tamu Tilarsih nyembadani tamu menika kanthi sae, kados pethikan data ing ngandhap menika.

Tilarsih anggone omong-omongan ora nganti suwe. Nuli bali meneh nggiring Supriyanto marani dha sarane. Sa wise padha lungguh, Tilarsih nyeluk bakul wedang supa ya dikirim wedang ka ro mendhoa. (Danusbroto, 2002: 99)

Saking data ing nginggil katingal bilih Tilarsih gadhah watak gupuh. Rikala Supriyanto manggihi wonten ing dhasaranipun Tilarsih nyembadani rawuhipun Supriyanto kanthi sae. Sinaosa dipuntilar dhateng kios sanes, anggenipun tindak boten dangu. Wangsul dhateng dhasaran Tilarsih ngundang bakul wedang supupados dipunkintun unjukan saha mendoan. Saking menika katingal bilih Tilarsih gupuh anggenipun nanggepi tamu, kejawi gupuh Tilarsih ugi gadhah watak loma, kados wonten ing pethikan data menika.

Bubar kuwi, dheweke madhahi sayur komplit lan mi dibungkus nganggo tas kresek gedhe, ma wi tambah gula lan kopi.

“Kagem Ibu wonten ndalem.” Kandhane “Aku kabotan olehe nggawa Sih.”

“Mboten menapa-menapa namung sekedhik.” Wangsulane nganti priya mau kepeksa nampani, nuli ninggal dhasarane Tilarsih. (Danusubroto, 2002: 184)

Data ing nginggil nedahaken bilih Tilarsih gadhah watak loma dhateng tiyang sanes. Loma inggih menika watak ingkang tansah remen peparing dhateng tiyang sanes. Rikala Supriyanto badhe kondur, Tilarsih lajeng mbungkusaken oleh-oleh kangge ibunipun Supriyanto. Tilarsih mbungkusaken sayur komplit, mi, gendhis saha kopi. Rikala Supriyanto badhe nampik peparing menika, Tilarsih meksa Supriyanto supados purun mbekta bungkusan menika. Watak loma sanesipun ugi katingal wonten data ing ngandhap menika.

Supriyanto manthuk, Tilarsih bali mbya ri ma neh kabeh panganane. Nganti batine priya mau prekewuh banget. Tansaya nalika Tilarsih kandha karo bakul bensin kang kebener dodol cedhak warung, supa ya ngisi bensin nganti tengki montor kebak. (Danusubroto, 2002: 205)

Data ing nginggil nedahaken rikala sanjan dhateng Kroya ing margi Supriyanto mampir ing warung soto Sokaraja, awit sampun dangu boten dhahar soto menika. Sinaosa sampun tuwuk Tilarsih tetep purun ngancani Supriyanto. Tilarsik kepeksa nampi mangkok soto ingkang samangkok munjung. Rikala sampun rampung Tilarsih lajeng mbayaraken sedaya dharanipun ngantos Supriyanto rumaos isin. Tilarsih ugi nyuwun dhateng bakul bensin ingkang sadeyan ing caketipun bakul soto supados ngebaki bensin. Supriyanto ngantos rumaos bingung awit isin. Saking menika katingal bilih Tilarsih gadhah watak loma, Tilarsih kanthi lila mbayaraken dharan saha numbasaken bensin ngantos kebak.

Kajawi loma, minangka manungsa sosial Tilarsih gadhah watak hormat dhateng tiyang sanes. Hormat inggih menika watak manungsa ingkang tansah ngajeni dhateng sanes. Watak hormat katingal rikala Tilarsih dipunparingi pitutur dening Sarpan, kakangipun.

“Sih tak kandhani ya jeneng tresna kuwi abot sanggane. Wong tresna kuwi kudu wani kurban. Nanging ngertia, kurba n sing tanpa guna mung dilakoni dening wong cubluk.”

Tilarsih meneng. Sirah temungkul kaya adate yen pinuju kakangne kang banget ditresnani lagi ngandhani. (Danusubroto, 2002: 126-127)

Minangka kakang, Sarpan tansah purun cawe-cawe dhateng perkawis ingkang nembe dipunlampahi dening Tilarsih. Awit Sarpan mangertos perkawis ingkang andadosaken Tilarsih dereng purun palakrama, Sarpan paring gambaran kados pundi sesambungan antawisipun jaler kaliyan estri. Rikala Sarpan paring

pitutur Tilarsih namung mendel, sirahipun tumungkul. Tumindak menika kalampahaken saben kakangipun paring pitutur. Tumindak menika minangka wujud raos hormat Tilarsih dhateng Sarpan.