• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB II GEGARAN TEORI

ASIL PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Asil Panaliten

1) Paragatamaa a.Supriyanto

kawontenan saha minangka cara anggenipun tumindak kangge nyalarasaken dhiri dhateng kawontenan. Peran ing panaliten menika kaperang dados kalih, inggih menika peran ing kulawarga saha peran ing masarakat. Supriyanto minangka paragatamaa kacitrakaken ing kalih peran, inggih ing kulawarga saha masarakat. Peran ingkang lakung kathah kacitrakaken inggih peran wonten ing masarakat. 1) Kulawarga

Minangka putra ragilipun Bu Sastro, Supriyanto tansah dipuntresnani dening ibunipun. Sematen ugi Supriyanto, sinaosa anggenipun sekolah guru kanthi biaya piyambak, Supriyanto boten lajeng myupekaken ibunipun. Minangka putra ingkang bekti dhateng tiyang sepuh Supriyanto tansah mituhu dhateng ibunipun, kejawi makaten Supriyanto ugi tresna dhateng ibunipun. Katresnanipun Supriyanto dhateng ibunipun katingal saking data ing ngandhap menika.

“Bu yen tindak tegal mbok ngajak kanca. Ibuki wis sepuh. Kamangka tegale dhewe papan kiwa, mula arang ana wong liwat. Coba yen ibuki dhawah neng got, kamangka ijen. Sapa sing arep nulungi?” (Danusubroto, 2002: 61)

Raos tresna Supriyanto dhateng ibunipun katingal saking raos kuwatos bilih ibunipun anggenipun tindak tegal piyambak, awit tegalipun ing papan kiwa. Supriyanto sumelang menawi ibunipun dhawah ing kalenan lajeng boten wonten ingkang nulungi. Kanthi makaten Supriyanto satemah nyuwun dhateng ibunipun supados pados kanca menawi tindak tegal. Raos tresna putra dhateng ibu ugi katingal saking pethikan data ing ngandhap menika.

“Ibu nggolek kanca sapa?” Pitakone. “Mboten ngertos.”

Krungu wangsulan mau pikire kurang tega, mula bubar sarapan nuli nusul menyang tegal.( Danusubroto, 2002: 74)

Data ing nginggil nedahaken bilih rikala mangertos ibunipun boten wonten ingkang ngancani pikiranipun lajeng boten tega, satemah bibar sarapan lajeng ndherek dhateng tegal. Saking andharan menika katingal bilih Supriyanto tresna dhateng ibunipun. Raos boten tega dhateng ibunipun mratandhakaken bilih Supriyanto tresna dhateng ibunipun. Awit rumaos boten tega dhateng ibunipun Supriyanto bibar sarapan lajeng tindak tegal kanthi ancas bandhe ngancani ibunipun.

2) Masarakat

Peran Supriyanto minangka warga masarakat langkung domina n katimbang peran ing kulawarga. Peran ing masarakat antawisipun inggih menika dados pandhidhik ( guru), aktif ndherek kagiyatan ingkang katindakaken dening masarakat, saha pados pangupajiwa.

1) Pandhidhik

Minangka warga masarakat Supriyanto gadhah peran tumrap kamejanganipun pandhidhikan. Anggenipun mucal SD wonten ing kutha Purworejo. Anggenipun mucal bayaripun dipunginakaken kangge mbayar anggenipun kuliah S1. Tamat sekolah guru Supriyanto boten lajeng dados guru, piyambakipun nate nyambut damel ing Semarang minangka pegawe kantor. Ananging boten dangu Supriyanto lajeng mundur, satemah milih mucal wonten ing Purworejo. Kajawi minangka pedamelam, dados pendidhik ugi minangka pepinginanipun Supriyanto. Pepinginanipun namakaken ijasah badhe

dipunginakaken kanthi saestu dening Supriyanto kados ing pethikan data ing ngandhap menika.

“Papan kang adoh aja minangka dhasar nganti katresnan kita suda. Kepara, a wit arang ketemu ra sa kapang bisa a ndadekake katresnan tansaya ngrembaka. Kajaba kuwi, bakune, cita-citaku kawit cilik dadi guru. Bisa menehi kapinteran marang bocah-bocah. Lan tumrap awaku, kesempatan awakku namakake ijasah bakal tak gunakake kanthi tenan-tenan.”(Danusubroto, 2002: 34)

Data ing nginggil nedahaken bilih Supriyanto wiwit alit gadhah pepinginan dados guru, saged maringi kapinteran dhateng lare-lare. Tumrap Supriyanto wekdal kangge namakaken ijasah badhe dipunginakaken kanthi saestu. Saking andhatan ing nginggil katingal bilih minangka jejeripun manungsa Supriyanto ugi nate nglampahi wekdal ingkang boten ngremenaken. Awit kapedhotan tresna kaliyan Ningsih, Supriyanto lajeng nglokro. Nanging gangsal wulan saking kadadosan menika, Supriyanto lajeng pulih gregetipun. Supriyanto netepi menapa ingkang dados jejibahanipun, inggih minteraken lare-lare. Kados wonten ing pethikan data ing ngandhap menika.

Ngancik limang sa si saka kadadeyan kang ngremuk ati, Supriyanto wis katon rada pulih sumangate. Anggone mulang bali sregep meneh, ora kaya wulan-wulan kepungkur, a sring mbolos lan bola -bali ditimbali kepalane. Semana uga sinaune tambah sregep, kanthi pangajab enggal bisa rampung kuliah. Kanca guru uga melu bungah, awit priya mau sakawit pancen guru sing sregep lan wasis mulang. Pak Yon, kepala sekolahe yen pinuju wektu ngaso lan Supriyanto katon lungguh dhewe kambi ngalamun, enggal nyedhaki. Priya mau kaajak crita lan uga ngrembug kanggo majune sekolah. Tumrap kepala sekolah, priya mau pancen cukup kritis, lan lantip pamikire lan gedhe trapsilane. (Danusubroto, 2002: 163)

Saking data ing nginggil katingal bilih Supriyanto kacitrakaken minangka figur guru ingkang pantes dados patuladhan. Supriyato minangka guru ingkang

dados gegayuhanipun. Minangka figur pandhidhik saha minangka mahasiswa Supriyanto gadhah pamikiran ingkang lantip saha kritis, kejawi makaten Supriyanto ugi gadhah trapsila ingkang ageng. Perkawis menika katingal rikala kepala Sekolah ingkang asring ngajak wawan gunem ngengingi kamajenganing sekolah. Minangka pandhidhik Supriyanto tansah netepi menapa ingkang dados jejibahanipun, sinaosa manah boten sekeca. Kejawi makaten Supriyanto ugi gadhah komitmen ageng tumrap jejibahan minangka dados pandhidhik kados pethikan data ing ngandhap menika.

Mangsa udan akeh pa wongan kang nrima ndhepis kemul sarung kambi ngenteni wektu kang kra sa da wa. Marga ka wontenan dina kuwi Supriyanto ora bisa budhal kuliah. Tekade arep nurun cathetane kancane kang bisa mlebu. Kamangka mau guru sing omahe adoh uga ora bisa mulang kepalang banjir nganti kendha raan padha macet. Gandheng mulange kepeksa ngragkep-ngrangkep, a wake krasa sayah.(Danusubroto, 2002: 227)

Saking data ing nginggil katingal bilih Supriyanto gadhah dedikasi minangka pandhidhik. Tanggel jawab ingkang ageng minangka pandhidhik katindakaken dening Supriyanto. Sinaosa jawah deres, Supriyanto tetep mucal, kejawi makaten ugi ngrangkep mucal kelas sanes ingkang guru pangampunipun boten saged rawuh. Saking menika katingal bilih Supriyanto gadhah raos tanggel jawab ingkang ageng tumrap pandhidhikanipun siswa. Sinaosa radi kapepet Supriyanto tetep nindakaken jejibahanipun.Tanggel jawab minangka dados pandhidhik ugi katingal saking tumindakipun Supriyanto ingkang wicaksana, kados data ing ngandhap menika.

Nanging wektu semana Ponijan nothok la wang kelas lan nyedhaki kambi kanda.

“Wonten tamu saking Cilacap, badhe sowan pak guru.” “O, nggih.” Wangsulane gupuh kambi trataban.

“ Dipunaturi nengga teng kantor guru rumiyin, kula badhe enggal mrika.” Bareng wis menehi garapan muride supaya anteng, guru mau enggal menyang kantor.(Danusubroto, 2002: 241-242)

Data ing nginggil nedahaken bilih rikala Supriyanto mucal lajeng wonten tamu saking Cilacap piyambakipun boten lajeng nilar siswanipun, langkung rumiyin maringi tugas supados siswanipun boten sami rame. Sasampunipun maringi tugas murid-muridipun Supriyanto lajeng tindak kantor saperlu badhe manggihi tamunipun saking Cilacap.

2) Aktif Ndherek Kagiyatan ing Masarakat

Minangka warga masarakat Supriyanto aktif ndherek kagiyatan ingkang dipunadani dening masarakat sakiwa tengenipun. Sinaosa jejeripun dados guru ingkag nyambi sekolah, Supriyanto tansah berbaur kaliyan warga masarakat. Keaktifanipun Supriyanto ndherek kagiyatan ingkang wonten ing masarakat saged katingal saking data-data ing ngandhap menika.

Sing njagong bayen rada akeh. Pa wongan kang pinacak arep macapatan supaya lungguh neng meja tengah. Liyane, sing rumangsa ora wa sis padha trima lungguh neng pinggir. Supriyanto kang wiwit biyen kawentar nduwe suwara apik, bengi kuwi kepingin ngatur kanca-kancane supayaa gelem latiyan macapatan.(Danusubroto, 2002: 88) Kejawi minangka pandhidhik Supriyanto ugi aktif ndherek kagiyatan ingkang dipunadani dening masarakat. Latar sosial novel menika inggih masarakat Jawi ingkang taksih nguri-uri kabudayan. Saben woten njagong bayen ing dhusunipun taksih migunakaken macapatan. Supriyanto ingkang kawentar wasis nyekar macapatan kapurih ngestreni acara menika kangge ngregengaken dalemipun Sadi ingkang nembe pikantuk tamu peparinganipun Gusti. Nem-neman dhusun sami ngampiri awit mangertos menawi Supriyanto wasis anggenipun

macapatan. Awit Supriyanto prigel nyekar macapat, piyambakipun dipuntitados kangge mucal kanca-kancanipun. Kabukten saking pethikan data menika. “ Supaya padha bisa macapatan, mumpung ana mas Pri kareben mulangi. Aku trima ngrungokake.” (Danusubroto, 2002: 88)

Minangka warga masarakat Supriyanto panci remen ndherek kagiyatan ingkang kaadani dening lingkungan sakiwa tengenipun. Dhasar asli lare dhusun Supriyanto tansah njunjung raos gotong royong tumrap sesami. Kaprigelan srawung kaliyan warga andadosaken masarakat gadhah panginten bilih Supriyanto sanes tiyang neka. Kados wonten ing pethikan data ing ngandhap menika.

Semana mau, awit Supriyanto pancen asli bocah ndesa, mula sesra wungan ca ra ndesa ora kaget. Saben ana tangga teparo kang mbangun omah, dheweke malu sambatan. Semana uga kagiyatan liyane, nganti okeh uwong kang nduwe pangira, priya mau dudu wong neka, nanging pancen asli plairan kono. (Danusubroto, 2002: 168) Data ing nginggil nedahaken bilih Supriyanto asli lare dhusun mila sesrawungan cara dhusun ugi boten kaget. Saben wonten tanggi ingkang mbangun griya, piyambakipun dherek sambatan. Semanten ugi kagiyatan sanesipun, ngantos kathah tiyang ingkang nginten Supriyanto dede tiyang neka nanging panci asli plairan papan menika.

KeterlibataipunSupriyanto ing masarakat ugi sumrambah wonten babagan seni. Awit kaprigelan anggenipun sesrawungan kaliyan masarakat Supriyanto lajeng kaajek supados mlebet ing grup ndolalak putri Asri Sumekar. Kajawi makaten anggenipun mlebet grup ndolalak putri awit kepengin anggenipun sesrawungan tansaya rumaket. Ndherek grup ndolalak kaanggep minangka tambahan kawruh tumrap Supriyanto. Ing satunggaling pagelaran ndolalak

Supriyanto kapatah nata kelir saha ngatur konsumsi. Supriyanto kanthi raos tanggel jawab nindakaken menapa ingkang dados jejibahanipun sinaosa kanca sanesipun saweg sami dhahar.

Nalika mangan bareng sadurunge mbukak pagelaran, Ipung lungguh cedhak Pa rjiyo lan Sri bojone. Supriyanto ora melu mangan. Dheweke nduwe tanggungan nata kelir lan ngatur konsumsi. (Danusubroto, 2002: 171)

Kejawi kapatah nata kelir saha ngatur konsumsi Supriyanto ugi gadhah tanggel jawab mbiyantu Sugeng supados nabuh bedhug. Sinaosa dereng patosa saged Supriyanto tetep nindakaken menapa ingkang dados tanggeljawabipun. Awit boten wonten paraga sanes ingkang purun nabuh, Supriyanto kanthi kepeksa purun nabuh bedhug. Menika mratandhakaken bilih Supriyanto gadhah raos tanggeljawab ingkang ageng tumrap kapentingan sesarengan.

Bengi kuwi Supriyanto kapatah mbantu Sugeng nabuh bedhug. Tenane dheweke durung pinter, nanging amarga ora ana tenaga liyane, kepeksa gelem melu nabuh.(Danusubroto, 2002: 172)