• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB II GEGARAN TEORI

ASIL PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Asil Panaliten

6) Manungsa Politik

Manungsa politik miturut Spranger inggih menika tiyang ingkang gadhah sipat remen nguwaosi. Manungsa politik inggih menika tiyang ingkang gadhah ancas nguyak karemenanipun piyambak. Minangka manungsa politik Tilarsih gadhah watak emosional, acuh tak acuh, cubriya, wangkot, nekad, saha munafik.

Emosional inggih watak manungsa ingkang kirang saged ngendhalekaken emosinipun. Salah satunggaling titikan bilih tiyang menika gadhah watak emosional inggih gampil duka. Tilarsih gadhah watak emosional kados wonten ing data ing ngandhap menika.

Mas Parwoto ki sapa?”

“Bakul kewan. Asring sadeyan teng peken Sitinggil.” “Mengko gek tunanganmu, aku bisa blahi tenan.”

“Sanes! Wangsulane Tilarsih rada seru. (Danusubroto, 2002: 202) Data ing nginggil nedahaken bilih rikala Tilarsih masrahaken dagangan supados dipuntilar wonten kiosipun bu Siti supir ingkang lenggahipun boten tebih saking Tiarsih ngendika bilih Tilarsih pikantuk salam saking mas Parwoto. Tilarsih boten remen satemah pangandikanipun supir menika boten dipungatosaken. Supriyanto mireng guneman antawisipun Tilarsih kaliyan supir lajeng polatanipun peteng. Rikala Supriyanto nginten Parwoto tunanganipun Tilarsih, Tilarsih duka satemah anggenipun mangsuli kanthi tetembungan ingkang radi sora. Watak emosional sanes ugi katingal ing data ing ngandhap menika.

Kang diara si lathine katon njola nalika krungu tembung mau. Raine ngedoh lan mripat mandeng kaya kurang perca ya. Supriyanto uga kaget weruh tingkahe, nanging tetep mbacutake omonge.

“Nanging yen awakmu tetep niat nampa priya liya, aku ya trima.”

“Sampun ngendika ngaten mas.” Wangsulane karo rada sewot. Supriyanto ora bisa wangsulan kambi tembung, nanging nuli ngarasi raine wanita mau sakatoge. Kang diara si ora suwala, kepara mapan kanthi mripat kang merem. (Danusubroto, 2002: 217)

Rikala Supriyanto ngutarakaken raos tresna, Tilarsih kaget awit rumaos boten pitados dhateng tetembunganipun Supriyanto. Nanging rikala Supriyanto nerasaken tetembunganipun Tilarsih lajeng radi sewot. Supriyanto ngendika bilih piyambakipun badhe trima menawi Tilarsih niyat nampi priya sanes. Tilarsih boten remen menawi Supriyanto ngendika bilih piyambakipun trima menawi Tilarsih nampi priya sanes.

Watak sanes ingkang nedahaken bilih Tilarsih minangka manungsa politik inggih menika acuh tak acuh. Acuh tak acuh inggih menika sipat ingkang boten purun nggatosaken tiyang sanes. Sipat acuh tak acuh katingal ing data ing ngandhap menika.

Kang ga we kaget, Tilarsih anggone nyalami katon anyep. Ora mesem. Uga ora takon kabar apa-apa. Weruh tangkepe adhine Sarpan maido. “Marang kanca kawit cilik kok tangkepmu kaya ngana.”

“Banjur aku kok kongkon muni apa? Uwis ketemu padha warase rak ya wis cukup.”

Krungu wangsulane adhine Sarpan gedheg-gedheg. Supriyanto enggal kandha.

“Mbok menawa dhik Asih lagi sayah, kareben ngaso dhisik. Banjur adus, mengko rak mesthine gelem melu nemoni.

Tilarsih ora nemoni kaya adate. Dheweke terus mlebu ngomah kambi ulate njegadul. ( Danusubroto, 2002: 83-84)

Saking data ing nginggil katingal bilih rikala nanggepi Supriyanto, Tilarsih katingal anyep boten kados biasanipun, kamangka Supriyanto menika kancanipun Tilarsih wiwit alit. Tilarsih anggenipun salaman katingal anyep

kemawon, boten mesem ugi boten nyuwun pirsa bab kabaripun Supriyanto. Sarpan rumaos boten pitados tumrap tanggepanipun Tilarsih dhateng Supriyanto. Rikala Sarpan ngendika boten sarujuk tumrap tanggepanipun, Tilarsih kanthi canthas mangsuli lajeng piyambakipun kedah matur menapa, kepanggih sami sae sampun cekap. Tilarsih lajeng mlebet kanthi polatan ingkang njegadul saha boten manggihi kados biasanipun. Watak acuh tak acuh sanes katingal ing data ing ngandhap menika.

Tilarsih kang a wane nembe ketemu Supriya nto, bengi kuwi krasa cemplang banget krungu rembuge mas Darno. Mula nalika bubar nyalami tamune enggal mlebu kamar lan ngunci la wang. Ipene kang bola -bali ngundang supaya Tilarsih gelem ngancani lungguhan, tetep diwangsuli yen sirah lagi mumet.

...

Senajan krungu swarane yen tamune arep mulih, tetep wae Tilarsih ora metu. Nganti ga we cingake Sarpan. (Danusubroto, 2002: 188-189)

Saking data ing nginggil katingal bilih Tilarsih tetep acuh tak acuh dhateng Darno sinaosa sampun nampi panglamaripun mas Darno. Awit siyangipun nembe kepanggih Supriyanto Tlarsih rumaos cemplang mireng rembagipun Darno. Tilarsih namung salaman lajeng mlebet dhateng kamar kanthi alesan sirahipun mumet, sinaosa dipunpeksa ngancani lenggahan Darno. Rikala Darno badhe kundur, Tilarsih ugi boten medal manggihi sinaosa kepireng suwantenipun.

Minangka manungsa politik Tilarsih ugi gadhah watak cubriya. Cubriya inggih menika watak ingkang remen menggalih kirang sae tumrap menapa ingkang sajatosipun dereng dipunmangertosi. Awit raos tresna ingkang ageng Tilarsih asring cubriya dhateng Supriyanto, kados wonten ing data ing ngandhap

Anggone nangga, ngenteni priya mau nganti mulih. Awit batine nggraita, tekane Supriyanto mesthi ulem-ulem minangka pamit yen sido rabi ka ro kenya sa ka Sema rang. Upama pancen tenan lan dheweke krungu rembuge, bisa klakon nggeblag wusana dadi layatan. (Danusubroto, 2002: 94-95)

... Olehe mrene lak perlu ulem-ulem kanggo golek sumbang.”

“Sapa kandha! Mas Pri dudu wong nistha kaya wong-wong kae.” Wangsulane Sarpan tetep sereng.

“Mas pri kuwi nembe dolan menyang omahe kancane, nuli pisan mampr mrene.”

Awit mangertos bilih Supriyanto gadhah sesambetan tresna kaliyan kenya saking Semareng, Tilarsih boten purun manggihi Supriyanto. Tilarsih gadhah panyakrabawa ingkang kirang sae dhateng Supriyanto satemah trima kesah dhateng tanggi nengga ngantos Supriyanto kondur. Tilarsih nginten bilih rawuhipun Supriyanto badhe ulem-ulem minangka pamit menawi sios palakrama kaliyan kenya saking Semarang. Tilarsih samar menawi mangertos rembagipun wusana badhe nggeblag dados layatan satemah trima kesah dhateng tanggi. Bibar mangertos bilih rawuhipun boten ulem-ulem Tilarsih rumaos getun sanget. Watak cubriya sanes ugi katingal ing data ing ngandhap menika.

Mlaku neng ngarep Supriyanto krasa abot kega wa ati sing kemrungsung ora karuwan. Batine isih kebak pitakonan ngenani perlune priya mau nemoni a wake. Nanging panyakraba wa sing gedhe, ngira yen Supriyanto mesthi pamit rabi. Upama nganti krungu tembung mau, apa dheweke bakal kuwat? Kedereng ati kang selak kepengin ngerti apa ka repe priya kuwi. Tilarsih anggone omong-omong ora nganti suwe. Nuli bali meneh lan nggiring Supriyanto ma rani dasa rane. Sa wise padha lungguh, Tilarsih nyeluk bakul wedang lan njluk supaya dikirim wedang kambi tempe mendoan sing isih anget.

“Aku ki terus mulih menyang Purorejo.” “Lajeng anggenipun krama mas Pri kapan?

“Kosik ta ana uwong omong durung rampung kok wis takon.”

“Nuwun sewu mas. Wigatos panjenengan tindak mriki wonten perlu menapa?”

Tak jarwani ya, sepisan kepingin ketemu. Kapindho, perlu takon apa nesumu marang aku durung rampung kok wingi aku dolan menyang omahmu kok entuk tanggapan kaya ngana?”(Danusubroto, 2002: 99) Raos tresna ingkang ageng andadosaken Tilarsih cubriya dhateng Supriyanto. Rikala Supriyanto manggihi Tilarsing ing peken, Tilarsih gadhah panyakrabawa bilih rawuhipun Supriyanto saperlu badhe pamit krama. Kamangka sajatosipun rawuhipun Supriyanto saperlu kepingin kepanggih saha badhe nyuwun pirsa dhateng Tilarsih menapa taksih duka kaliyan piyambakipun. Sipat cubriya awit raos tresna ingkang ageng ugi katingal saking data ing ngandhap menika.

Batine wanita kuwi rumangsa lega. Dhadha kang maune seseg, saiki ka ya kanggo hambegan penak banget. Ewa semana, kegawa rasa tresna kang gedhe rasa cubriya uga tetep ana. Malah Tilarsih takon maneh.

“Samenika Mas Pri lajeng kagungan sesambetan kalih putri saking Purworejo?”

“Ngawur wae aanggonmu kandha. Saiki durung ana sing tak pikir, kajaba kudu ndang rampung sekolahku. (Danusubroto, 2002: 100)

Saking data ing nginggil katingal bilih batinipun Tilarsih sampun lega. Dhaha ingkang sakawit rumaos seseg, samenika kados penak sanget menawi kagen ambegan. Ewa semanten kabekta raos tresna ingkang ageng, raos cubriya ugi tetep wonten. Sinaosa sesambungan tresna kaliyan kenya Semarang sampun pupus Tilarsih nginten Supriyanto samenika gadhah sesambetan tresna kaliyan kenya saking Purworejo. Pranyata Supriyanto boten gadhah sesambetan tresn kaliyan sinten kemawon. Ingkang dipunpenggalihaken namung enggal lulus sekolahipun.

Watak minangka manungsa politik sanesipun inggih wangkot. Wangkot inggih menika watak ingkang tansah kukuh dhateng menapa ingkang

dipunkajengaken. Tilarsih kaictrakaken minangka wanodya ingkang kukuh tumrap menapa ingkang dipunkajengaken kados data ing ngandhap menika.

“Lha iya Asih kuwi mbiyen katon tentrem lagi rabi, nganti lunga transmigrasi barang. Kok ndadak mulih lan njauk pegat.”

“Duka anak kula niku atine kaku. Ngantos kakangne nesu-nesu.” “Nesu-nesu piye?” pitakone bu Sastro

“Lha pripun sanjange sampun wongsl-wangsul onten sing nakoke, inggih tetep dereng purun.” ( Danusubroto, 2002: 74)

Watak wangkot katingal saking data ing nginggil menika. Rikala sampun krama Tilarsih katon tentrem, ugi ngantos tindak transmigrasi. Nanging Tilarsih kondur saha nyuwun pegat. Sarpan kakangipun ngantos nesu-nesu, awit sampun wongsal-wangsul wonten ingkang ngajak krama tetep dereng purun. Watak wangkot sanesipun ugi katingal ing data ing ngandhap menika.

Cacaten mas Pri, critakna eleke, supaya atine adhimu gelem mendho. Upama wis mendho, tak kira mengko gelem nampa priya liya.

“Kok simbok ora gelem kandha kawit mbiyen.”

“Rumangsaku, pikire Asih bakal pulih lan bisa nglalekake mas Pri tanpa kok rerimuk ndhisik. Nyatane bocah kae tetep wangkot.”(Danusunroto, 2002: 113)

Pranyata anggenipun Tilarsih dereng purun nampi priya sanes awit raos tresna ingkang ageng dhateng Supriyanto. Tilarsih kalebet wanodya ingkang gadhah watak wangkot. Bibar pegatan Tilarsih boten purun nampi priya sanes awit taksih tresna kaliyan Supriyanto. Mbok Sembol ndhawuhi Supriyanto supados nyacat Supriyanto supados manahipun Tilarsih mendo satemah purun nampi priya sanes.

Kejawi gadhah watak wangkot Tilarsih ugi gadhah watak nekat. Nekat inggih menika tumindak ingkang mbebayani ingkang katindakaken tanpa menggalihaken akibatipun. Watak nekad katingal ing data ing ngandhap menika.

“Apa kowe pancen durung ngerti yen mbiyen antarane mas Pri karo adhimu kuwi ana sesambungan tresna?”

“Mosok mbok?”

“Lho piye ta? Ana adhi pacaran kok kowe ora ngerti?”

“Aku babar pisan ora ngerti. Marga yen kebener padha bebarengan tanggepane mas Pri ora mbedani.”

“Kuwi marga bocah loro padha pintere anggone padha nyimpen wadi. Nanging ngertia, nalika mas Pri jare nduwe paca r anya r, adhimu tenane arep ngayut tuwuh. Wusana nekad gelem dirabi Tugiman sanajan ora nate rukun lan njaluk pegat. (Danusubroto, 2002: 112)

Tumindak nekad katindakaken dening Tilarsih rikala mengertos bilih Supriyanto gadhah pacar anyar, inggih Ningsih kenya saking Semarang. Nalika Tilarsih mangertos sesambungan tresna antawis Supriyanto kaliyan kenya saking Semarang, sajatosipun Tilarsih badhe ngayut tuwuh. Saking menika Tilarsih kanthi nekad nampi panglamaripun Tugiman, sinaosa Tilarsih boten remen. Anggenipun krama kaliyan boten nate rukun satemah Tilarsih nyuwun pegat. Tumindak nekad sanesipun ugi katingal saking data ing ngandhap menika.

Wong loro teturon ka mbi rerangkulan nganti sa wetara wektu. Polahe wanita kuwi anggone nguleng priya kang pancen ditresnani, tansaya nekad. Dhadhane munggah mudhun lan ambega n megap-megap. Wektu semana wiwit kra sa yen tanggul imane arep jebol. Dheweke wis ora kuwa wagang ngampah kekarepane maneh. Wusana kaya dene ngrerepa. “Kula sampun pasrah bongkokan dhumateng panjenengan.”

“Semana uga aku Sih,” kandhane Supriyanto mawi rasa geter pater. Wektu semana wong loro kanthi ora kra sa wis padha cucul klambi. Nalika Supriyanto weruh pakulitane Tilarsih kang ngliga katon mrusuh, kaya ora kuwagang ngandheg hardaning kanepson. Kamangka sing wadon uga wis padha ngedane. Lan tangane wanita mau nganti kendel nggagapi barang kag dudu samesthine. (Danusubrata, 2002: 218)

Data ing nginggil nedahaken rikala sanjan dhateng Baturraden, Supriyanto kaliyan Tilarsih nekad nindakaken ingkang boten samesthinipun. Watak nekad katingal rikala Supriyanto rerengkulan kaliyan Tilarsih. Tilarsih tansaya nekad anggenipun nguleng Supriyanto. Dhahanipun minggah-mandhap, ambegan

megap-megap. Rikala semanten Tilarsih sampun boten kiyat ngampah kekajenganipun nuli pasrah bongkokan dhateng Supriyanto, semanten ugi Supriyanto. Wekdal menika kanthi nekad Tilarsih wantun nggagapai barang ingkang boten samethinipun. Awit sampun boten kiyat ngampah nepsu, Supriyanto gumregah lajeng nekad ngglanggar angger-angger.

Watak sanes ingkang dados titikan bilih Tilarsih kabelet jinis manungsa politik inggih menika munafik. Munafik inggi menika watak manungsa ingkang kirang sae kanthi boten ngakeni menapa ingkang dipunraosaken menapa dene dipuntindakaken. Watak munafik katingal ing data ing ngandhap menika.

“Kang Sarpan wau dalu sanjang yen mas Pri badhe krama.” “Tenane?”

“Enggih,” wangsulane goroh kegawa rasa tresna kang kepingin ngerti kekarepan sing baku matemah priya mau teka nganti pindho. (Danusubroto, 2002: 100)

Data ing nginggil nedahaken bilih Tilarsih matur dhateng Supriyanto bilih Sarpan sanjang menawi Supriyanto badhe krana. Tilarsih matur goroh, kamangka Sarpan boten ngendika menapa-menapa. anggenipun goroh awit kabetka raos tresna ingkang ageng saha kekajengn ingkaang baken matemah Supriyanto rawuh ngantos kaping kalih.

Tumindak goroh inggih menika salah satunggaling tumindak munafik. Jumbuh kaliyan titikan manungsa politik ingkang langkung nengenaken kekajenganipun piyambak Tilarsih tumindak goroh kangge kapentinganipun piyambak. Tilarsih gadhah raos kepengin mangertos ingkang ageng satemah piyambakipun goroh dhateng Supriyanto. Tlarsih matur bilih Sarpan sanjang bilih Supriyanto badhe krama kamangka sajatosipun Supriyanto boten ngendika

makaten dhateng Sarpan. Watak munafik sanesipun ugi katingal ing data ing ngandhap menika.

“Nuwun sewu ma s. Wigatos panjenengan tindak mriki wonten perlu menapa?”

“Tak jarwani ya, sepisan kepingin. Kapindho, perlu takon apa nesumu marang aku durung rampung kok wingi aku dolan menyang omahmu kokentuk tanggapan kaya ngana?”

“ Sing nesu niku sinten?”

“ Nyatane takon keslametan wae ora. Bubar salaman terus mlebu ngomah, tanpa nemoni maneh.

“Sirah kula mumet, lajeng tilen teng senthong.” Wangsulane Tilarsih goroh. (Danusubroto, 2002: 99)

Tumindak goroh katindaken dening Tilarsih rikala Supriyanti manggihi wonten ing papan dhasaranipun Tilarsih. Supriyanto nyuwun pirsa menapa Tilarsih taksih duka dhateng Supriyanto awit tanggapanipun boten ngremenaken. Nanging Tilarsih goroh anggenipun mangsuli pitakenan Supriyanto. Sajatosipun Tilarsih taksih jengkel dhateng Supriyanto nanging anggenipun mangsuli kanthi alesan sirahipun mumet lajeng tilem wonten senthong. Kamangka Tilarsih boten tilem, piyambakipun kesah dhateng tanggi, nengga Supriyanto kondur.

c. Sosiologis

Citra sosiologis inggih menika citra ingkang nedahaken kados pundi gayutanan paraga kaliyan donya sosial ing sakiwa tengenipun. Citra sosial saged dipunmangertosi kanthi ngandharaken pedamelan, kelenggahan, status sosial, saha tataran pandhidhikan satunggaling paraga salebeting karya sastra. Status sosial paraga Tilarsih antawisipun putranipun tiyang boten gadhah, putra jadah, saha randha. Tataran pandhidhikan ingkang dipunlampahi Tilarsih inggih tamatan sekolah dhusun. Dene pedamelan ingkang katindakaken dening Tilarsih