• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB II GEGARAN TEORI

A. Deskripsi Teori

3. Peran Paraga ing Karya Sastra

Wolfman (1989: 10) ngandharaken tembung peran ing teater minangka perangan (bab) ingkang boten saged kapisahaken saking klompok masarakat.

Peran inggih menika perangan ingkang katindakaken ing saben kawontenan saha cara anggenipun tumindak kangge nyalarasaken dhiri dhateng kawontenan. Peran inggih menika perangan kuwajiban ingkang kedah katindakaken. Dene Koentjoroningrat (mawi Taneko saha Soleman, 1990: 88) ngandharaken bilih peran utawi peranan inggih menika sedaya cara ingkang lumampah saking saben individu kangge netepi kuwajiban saha supados pikantuk hak. Peran minangka aspek dinamis pagesangan.

Wanodya suka peran ingkang ageng kangge mbentuk pagesangan sae individu menapa dene tiyang sanes saha klompok tartamtu. Menawi dipuntingali saking aspek biologis, wanodya nggemban peran minangka ibu, garwa, saha objek seks utawi adhedhasar tradhisi lingkungan. Peran wanodya ugi saged katingal saking jejeripun minangka individu sanes pangamping garwa. Peran menika ugi kasebat mandhiri ing pamikiran saha tumindak, sarta sadhar tumrap hakipun.

Sajatosipun wonten peran ingkang sampun dipungadhahi dening saben individu wiwit miyos. Peran-peran menika asring boten dipungatosaken awit peran kasebat minangka peran pagesangan manungsa. Manungsa asring menggalihaken kanthi tliti keterlibatan saha ha kikat peran kadosta minangka putra, sedherek, ibu, simbah, lan sapiturutipun. Emanipun ingkang boten dipungatosaken inggih kados pundi tumindak ingkang kedah katindakaken kangge nglampahaken peran-peran ingkang dipunwengku awit sampun wonten pangakah ingkang nuntut kados pundi tumindak salajengipun.

Salajengipun Wolfman (1989: 12) ngandharaken bilih peran saben individu mliginipun wanodya sajatosipun minangka warisan, kejawi makaten peran menika kaciptakaken sareng kaliyan pedamelan. Pamanggih ngengingi tumidak manungsa ingkang salaras kaliyan peran-peran menika pranyata kawarisaken mawi tradhisi kulawarga ingkang magayutan kaliyan klompok suku (adat), tradhisi agami, saha tradhisi ekonomi.

Keterlibatan wanodya ing peran sajawinipun griya minangka pratandha bilih wanodya ngupiyakaken kangge ngewahi sajarah pagesangan, kanthi ambangun indentitas anyar. Wanodya boten namung nindakaken peran dados garwa (ibu) ananging ugi dados wanodya ingkang gadhah karir. Sanajan wanodya sampun nglampahi kamajengan boten ateges wanodya boten ngedalaken bea supados pikantuk pedamelan. Kajawi kantuntut gadhah kwalitas saha kapa sita s sajajar priya, wanodya kedah mbayar ideologisipun (cost ideologis rate). Wanodya asring dipuntingali fisikipun utaminipun inggih kaendahan fisikipun, boten namung kwalitas intelektualipun (Abdullah, 1997: 13).

a. Peran Wanodya ing Kulawarga

Dirgagunarasa (1989: 104) ngandharaken bilih peran wanodya ing kulawarga nedahaken peran ganda, antawisipun ing ngandhap menika.

1) Minangka anggota kulawarga kadosta putra, sedherek, wanodya gadhah peran caos inspirasi bab hakekatipun pagesangan, kamardikan, motivasi (panjurung) saha suka tresna asih dhateng kulawarga.

2) Minangka garwa, inggih mbiyantu garwa madosi nilai-nilai minangka ancasipun pagesangan. Peran menika kadosta: a) minangka kekasih, b)

minangka abdi ingkang mbiyantu ngirangi bebanipun garwa, c) pangamping garwa, d) mbangun relasi kangge nglaksanakaken tanggeljawab sosial, saha e) minangka pangatur ekonomi kulawarga.

3) Pados pangupa jiwa.

4) Peran kangge nedahaken kepua san dhiri ing babagan katrampilan nyambut damel. Wanodya ingkang gadhah pangangkah inggil, sinaosa sampun palakrama ananging tetep nerasaken kariripun. Kajawi menika ugi wonten wanodya ingkang nyambut damel ing lingkungan non-kulawarga saha ing lingkungan kulawarga kangge mbiyantu garwa, utawi minangka pedamelan saderengipun palakrama.

5) Wanodya minangka ibu rumah tangga, gadhah jejibahan ngatur pagesangan saha kalancaran sarta ngupiyakaken swasana kulawarga ingkang ngremenaken.

6) Minangka ibu kagem putra-putrinipun, wanodya gadhah peran: a) model tumidak kangge putra putri ingkang gampil dipuntuladha, b) minangka pandhidhik, ngarahaken saha suka pertimbangan tumrap tumindakipun putra kangge mbentuk perilaku, c) minangka konsultan, paring nasehat, pertimbangan, pengarahan saha bimbingan, d) minangka sumber informasi, paring pengetahuan, pangertosan, saha peneranga n.

b. Peran ing Masarakat

Kathah faktor ingkang nuntut wanodya supados nindakaken peran ing wilayah publik (masarakat). Faktor ekonomi minangka salah satunggaling sebab keterlibatan wanodya ing wilayah publik. Wanodya katuntut saged nglampahaken

peran kangge ningkataken pendapatan kulawarga. Wontenipun emansipa si ingkang ngrembaka ing aspek ekonomi ndadosaken wanodya katuntut saged pados pangupa jiwa kanthi mandhiri.

Konsep emansipasi nuwuhaken ewah-ewahan, pedemalan ingkang dipuncepeng priya samenika ewah lajeng dipuncepeng dening wanodya. Wanodya mbuktekaken bilih piyambakipun saged nindakaken peran ingkang sajajar kaliyan priya. Kanthi makaten wanodya wiwit gadhah kesempatan kangge nindakaken kagiyatan ing mapiten-pinten bidang, kadosta ekonomi, sosial,politik, saha budaya.

Murniati lumantar buku kanthi irah-irahan Getar Gender (2004) ngandharaken bilih peran wanodya ing masarakat kadosta ing ngandhap menika.

1) Peran waodya ing bidang ekonomi, jejibahan ngayahi pagesangan wonten gadheng cenengipun kaliyan ekonomi, awit pagesangan ekonomi minangka upiya kangge nyekapi kabetahan pokok. Kanthi makaten jejibahan domestik ingkang kalimpahaken dhateng wanodya wonten gandheng cenengipun kaliyan perekonomian.

2) Wanodya mandhiri, inggih wanodya ingkang sampun mangertos kados pundi sajatosipun jati dhirinipun. Wanodya ingkang sampun mangertos ngengingi jati dhiri ateges sampun mangertos keunikan kalebet kekirangan saha kaluwihan (Murniati, 2004: 112). Wanodya mandhiri inggih wanodya ingkang gadhah pamikiran realistis. Pribadi otonom ingkang boten gumantung kaliyan tiyang sanes. Wanodya ingkang saged ningali manungsa minangka kulawarga (Murniati, 2004: 119-120)

3) Wanodya karir, wanodya ingkang nyambut damel ing sektor publik badhe bergaul kaliyan tiyang kathah. Wanodya kedah mujudaken dhiri minangka mitra sajajar priya (Murniati, 2004: 223)

4) Peran wanodya ing bidang pandhidhikan, wanodya minangka putra, garwa, saha ibu, kedah dipunsengkuyung dening anggota kulawarga sanes. Pandhidhikan ing sekolah saha masarakat boten saged dipuntilaraken, ananging pandhidhikan ing kulawarga minangka dhasar pangrembakaning kapribaden.

5) Peran wanodya ing bidang kabudayan, wanodya kaanggep minangka pihak ingkang gadhah peran ageng tumrap pangrembakaning pandhidhikan saha nerasaken nilai kabudayan kangge putranipun. Peran wanodya raket kaliyan latarbelakang kabudayan asalipun. Peran wanodya minangka makhluk sosial, anggota masarakat, gadhah hak saha kuwajiban sarta tanggeljawab minangka anggota kulawarga saha warga masarakat.