• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB II GEGARAN TEORI

A. Deskripsi Teori

3) Stereotip tumrap wanodya

Fakih (1997: 16) ngandharaken bilih stereotip inggih menika pelabelan utawi penandaan dhateng satunggaling klompok tartamtu. Kathah-kathahipun stereotip nuwuhaken ketidakadilan. Stereotip menika sumberipun saking pandangan gender ingkang dipunpitados masarakat. Stereotip dhateng wanodya nuwuhaken ketidakadilan gender sanesipun kagem wanodya.

Fakih ( 1997) maringi tuladha wonten panganggep bilih wanodya ingkang macak menika gadhah ancas kangge narik kawigatosnipun priya, satemah menawi wonten kekera san utawi pelecehan seksual dhateng wanodya asring dipungayutaken kaliyan stereotip menika. Langkung ironis Fakih (1997) nerangaken menawi wonten rudhapeksa tumrap wanodya, masarakat asring nglepataken korbanipun.

Wontenipun panganggep bilih wanodya menika pedamelanipun maca k, masak, saha manak dadosaken wanodya boten pikantuk pendidikan kados dene priya. Fakih (1997: 16) ngadharaken bilih tugasipun wanodya menika ngladosi garwanipun, dados wajar bilih stereotip menika ndadosaken pendidikan wanodya dados nomor kalih. Wontenipun stereotip negatif tumrap wanodya dipundadosaken dhasar tumrap pangrembakaning peraturan pamarintah, peraturan agami, saha adatipun masarakat.

4) Kekerasan (Violence)

Fakih (2012: 16) maringi teges bilih kekera san minangka serangan utawi invasi (assault) dhateng fisik utawi integritas mental psikologis satunggaling tiyang. Kekera san menika dipunsebabaken kathah faktor, salah satunggalipun

inggih menika panganggep gender ingkang lepat. Gender-related violence inggih menika kekerasan ingkang dipunsebabaken dening wontenipun bias gender.

Fakih (2012: 16) ugi ngandharaken bilih kekerasan adhedhasar gender menika tuwuh awit wonten ketimpangan kekiyatan ing masarakat. Kekerasan, sae fisik menapa non-fisik katindakaken dening satunggaling jinis kelamin, institusi kulawarga, masarakat, negari dhateng jinis kelamin sanes. Peran gender nuwuhaken panganggep ma skulinitas saha feminitas ingkang tundhonipun dados karakter psikologis bilih priya gagah prakosa, dene wanodya lemah lembut saha manutan.

Karakter ingkang kabentuk masarakat ngengingi karakter wanodya nuwuhaken stereotip wanodya ingkang tanpa daya satemah wanodya asring dipunperlakukan saremenipun priya. Kajawi menika wanodya lajeng asring dipundadosaken objek kekera san. Fakih (2012: 16) merang –merang wujuding kekera san gender dhateng waodya dados 8 wujud, antawisipun ing ngandhap menika.

a) Rudhapeksa

Rudhapeksa dhateng wanodya minangka satunggaling manifestasi kekera san, kalebet rudhapeksa wonten ing gesang bebrayan antawis priya kaliyan wanodya. Rudhapeksa kadadosan menawi satunggaling tiyang (priya) meksa dhateng tiyang sanes (wanodya) supados maringi pelayanan seksual tanpa raos lila saking pihak ingkang dipunpeksa ( Fakih, 1997: 18)

Salajengipun Fakih (1997) ngandharaken bilih raos owel menika asring boten saged katingal awit sakathahipun faktor, kadosta raos ajrih, isin, kapeksa

awit kabetahan ekonomi, menapa dene sosial kultural satemah boten gadhah pilihan sanesipun kajawi purun nindakaken panyuwunan priya.

b) Domestic Violence

Domestic violence wujuding kekerasan fisik minangka akibat saking wontenipun bias gender. Domestic violence awujud pemukulan ingkang kadadosan salebebting gesang bebrayan. Kalebet kekerasan awujud panyiksan dhateng lare alit (child abussed) (Fakih, 1997: 18).

c) Genital Mutilation

Genital mutilation inggih menika panyiksan ingkang katujukaken dhateng organ alat kelamin. Khitanan utawi tetakan tumrap wanodya minangka salah satunggaling wujud genital mutilation. Mawarni-warni alesan dipunginakaken masarakat kangge nindakaken sunatan menika, ananging alesan paling kiyat inggih menika wontenipun pangganggep saha bias gender kangge ngontrol wanodya (Fakih: 1997).

d) Prostitusi ( pelacuran)

Prostitusi inggih menika wujud kekera san dhateng wanodya ingkang katindakaken dening mekanisme ekonomi tartamtu. Pelacuran menika pikantuk standar ganda saking masarakat saha negari, awit negari kejawi nangkep para pekerja seks ugi narik pajek saking wontenipun pelacuran menika. Dene masarakat gadhah panganggep tumrap pekerja seks minangka wanodya rendahan, ananging kasunyatanipun papan kagiyatan menika boten nate sepen (Fakih: 1997)

Sajatosipun boten namung wanodya ingkang dados pekerja seks, priya ugi kathah ingkang nindakaken pedamelan menika. Boten kados wanodya, pekerja seks priya boten dipunanggep rendahan dening masarakat. Prostitusi ingkang katindakaken dhateng priya boten patos ketawis awit arang dipunsoroti.

e) Pornografi

Pornografi inggih menika wujud kekera san dhateng wanodya ingkang katindakaken dening tiyang, klompok tiyang kanthi ngginakaken kaendahan raganipun wanodya supados pikantung bathi ingkang kathah. Raganipun wanodya dipundadosaken objek supados pikantuk bathi matikel-tikel, kamangka sajatosipun pornografi menika ngrugekaken para wanodya (Fakih, 1997).

f) Enforced Sterilization

Enforced Sterilization inggih menika wujud kekerasan dhateng wanodya kanthi pemaksaan KB (kelua rga berencana). Dipunsadhari menapa boten, KB menika dados sumbering kekerasan dhateng wanodya. Wanodya dipundadosaken korban kangge progra m kontrol penduduk dening pamarintah. Sajatosipun sumbering prekawis ngengingi tingkat pertumbuhan ingkang inggil menika boten namung wanodya kemawon, priya ugi dados faktor penyebab. Wontenipun bia s gender, pemaksaan sterilisa si dipuntindakaken dhateng wanodya sanes priya. (Fakih, 1997). Ing kasunyatanipun jaman samenika sterilization boten namung dipuntindakaken dhateng wanodya. Sterilization ugi dipuntrapaken dhateng priya, kadosta kanthi migunakaken alat kontra sepsi awujud kondom saha alat-alat sanesipun.

g) Molestation

Molestation inggih menika wujud kekerasan fisik terselubung ingkang katindakaken dening priya. Molestation asring kadadosan wonten ing papan nyambut damel menapa dene wonten ing papan umum, kados wonten ing bis. Molestation kantindakaken kanthi ngemek salah satunggaling perangan badanipun wanodya ingkang sensitif tanpa idin. Molestation menika kadadosan tanpa raos lila legawa saking wanodya, satemah kalebet wujud pemaksaan terselubung (Fakih, 1997).

h) Pelecehan seksual

Pelecehan seksual utawi (sexual and emotional harassement) katindakaken kanthi ancas persahabatan, ananging sajatosipun ngrugekaken para wanodya minangka korban (Fakih, 1997). Salajengipun Fakih ngandharaken wujudipun pelecehan seksual ing ngandhap menika.

(1) Damel lelucon ingkang saru ingkang kaaturaken kanthi vulgar saha ofensif. (2) Damel isin tiyang sanes kanthi tetembungan ingkang saru.

(3) Nyuwun pirsa kanthi detail bab pagesangan pribadi, kalebet kagiyatan seksual.

(4) Nyuwun imbalan seksual kangge netepi janji menawi pikantuk pedamelan, saha janji-janji sanesipun.

(5) Ngemek utawi nyenggol kanthi tanpa minat saha idin tiyang ingkang bersangkutan.

Dene La Pona dkk (Sugihastuti, 2007: 172) ngandharaken bilih kekera san dhateng wanodya inggih menika tumindak priya menapa dene sacacah

priya kanthi ngarahaken kekiyatan tartamtu ingkang nuwuhaken katunan (penderitaan) fisik, seksual, utawi psikologis tumrap wanodya utawi saklompok wanodya, kalebet tumindak ingkang sipatipun meksa, ngancam, utawi tumindak sawiyah-wiyah, sae ingkang katindakaken wonten ing masarakat menapa dene pagesangan pribadi ing ruang domestik saha publik.

Miturut situs kadadosanipun, kekerasan dipunbedakaken dados kekerasa n domestik saha publik. Panggolongan menika adhedhasar unsur rela si sosial antawis pelaku kaliyan kurban (Landes, Sugihastuti, 2007: 172). Meiyenti (Sugihastuti, 2002: 173) neranganken jinisipun kekerasan domestik tumrap wanodya antawisipun ing ngandhap menika.

1) Kekera san seksual, kalebet pameksan kangge nindakaken hubungan seksual, pameksan selera seksual piyambak, saha boten nggatosaken kepuasan istri; 2) Kekera san fisik, sedaya tumindak ingkang andadosaken kekera san fisik

tumrap wanodya ingkang dados korban. Kekera sa n fisik katindakaken kanthi nggingaken perangan badan pelaku (asta, suku) utawi migunakaken pirante sanesipun kangge nuthuk, nampar, ngecohi, njambak, nendhang, nylomot rokok, saha ndamel sakit kanthi barang utawi senjata.

3) Kekera san ekonomi, kadosta boten maringi arta kagem blanja, migunakaken utawi nelasaken artanipun garwa.

4) Kekera san emosional, kalebet ngasorahen, ngina, ngancam/ andadosaken ajrih minangka sarana kangge meksakaken kekajenganipun, saha mengisolasi garwa saking dunia luar

Dene Dzuhayatin saha Yuarsi (Sugihastuti, 2002: 173) mbedakaken kekera san dados kalih, inggih menika kekera san seksual saha non-seksual. Ingkang mbedakaken inggih wonten menapa boteni unsur kekajengan seksual. Menawi ngewrat unsur kehendak seksual, kekerasan menika kalebet kekerasa n seksual. Kosok wangsulipun menawi boten ngewrat unsur kehenda k seksua l kalebet kekerasan non-seksual.

Adhedhasar tingkat intensitas-ipun kekerasan seksual dipunbedakaken dados pelecehan seksual saha serangan seksual. Miturut Beavius (Sugihastuti, 2002: 174) pelecehan seksual kalebet kekerasan seksual intensita s ringan, dene serangan seksual kalebet kekerasan seksual intensitas inggil. Kalyanamitra saha Prasetyo (Sugihastuti, 2002: 174) matesi peleceha n seksual wiwit tingkat andhap ngantos sedhengan, antawisipun siulan nakal, kerdipan mata, gegujengan saha olok-olok ingkang njurus dhateng seks, mriksani badan wiwit pucuk rikma ngantos suku, pranyatan ngengingi wujud badan utawi penampilan fisik, paring basa isya rat ingkang ngewrat konotasi seksua l, meruhakan gambar porno, meruhaken wadi, ndumil, ngemek saha njiwit. Kejawi menika ugi kalebet pangajak kangge nindakaken hubungan seksual.

Atmasasmita (Dzuhayatin saha Yuarsi, 2002: 7) ngadharaken bilih ing perkawis serangan seksual, korban nglampahi serangan seksual ingkang tundhonipun lajeng nindakaken hubungan seksual kanthi kapeksa, kalebet pangancam rudhapeksa, percobaan rudhapeksa, rudhapeksa, rudhapeksa kanthi kekera san, saha rudhapeksa kanthi ngicalaken nyawanipun korban.

Rudhapeksa menika tumindak kekerasan seksual awujud hubunga n seksual ingkang dipuntindakaken dening priya dhateng wanodya kanthi kawontenan: 1) tanpa pepinginan saha pasarujukan saking wanodya, 2) kanthi pasarujukan nanging ing sangandhapipun pangancam, 3) kanthi pasarujukan nanging mawi dipunapusi.