• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB II GEGARAN TEORI

A. Deskripsi Teori

5. Konsep Gender

Gender menika beda kaliyan seks. Seks inggih menika jinis kelamin ingkang dipunbedakaken kanthi adhedhasar faktor biologis, dene gender minangka kasil proses merang-merang kanthi dhasar beda seksual biologi ingkang salebetipun ngewrat karakter khas antawisipun priya menapa dene wanodya (Saparinah, 2010: 25). Gender boten saged dipunpahami kanthi dhasar biologis kemawon. Gender inggih menika seks minangka kontruksi kultural (Budiman, 2000).

Miturut Saparinah (2010) gender inggih menika konsep sosial. Salajengipun Saparinah ugi ngandharaken bilih gender minangka cacahing karakteristik psikologis ingkang dipuntemtokaken kanthi sosial saha magayutan kaliyan wontenipun jinis kelamin sanes.

Fakih (2012: 8) ngandharaken bilih gender menika sipat ingkang nyawiji tumrap wanodya menapa dene priya ingkang dipunbentuk kanthi sosial kultural. Kanthi terwaos saged dipunmangertosi bilih gender menika beda kaliyan konsep biologis manungsa ingkang sampun dipuntemtokaken wiwit miyos. Konsep gender magayutan kaliyan feminitas saha ma skulinitas. Wanodya dipungambaraken mawi kara kter lembah manah, sabar, sulistya, alus, ngandhalaken insting, saha emosional. Dene priya dipungambaraken kanthi kiyat, prakosa, rasional, saha tanggung jawab. Sapamanggih kaliyan Saparinah, istilah maskulinitas saha feminitas magayutan kaliyan istilah gender ugi, magayutan kaliyan sejumlah karakteristik psikologis, tindak-tanduk ingkang kompleks, ingkang sampun dipunsinau mawi proses sosialisasi. Pramila gender menika

boten sami kaliyan seks. Seks menika sipatipun kodrtati, dene gender asipat non-kodrati. Konsep gender minangka kasil konstruksi sosial budaya menika boten saged dipundadosaken pathokan, satemah antawisipun priya kaliyan wanodya saged dipunijolken peran genderipun.

Miturut Wikipedia, gender ngrujuk dhateng titikan kha s ingkang dipungayutaken kaliyan jinis kelamin individu saha dipunarahaken dhateng peran sosial (indentitas ing masarakat). Dene WHO manggihaken bilih gender minangka reroncening peran, tindak-tanduk, kagiyatan, sedaya atribut ingkang dipunanggep sae tumrap priya menapa dene wanodya saha dipunkonstruksekaken kanthi sosial wonten ing masarakat. Seks kaliyan gender menika beda, sanadyan ing pagesangan gender saha seks asring dipunanggep sami.

Salajengipun Wikipedia ngandharaken istilah feminitas saha maskulinitas ing konsep gender boten gumathok. Maskulinitas ing satunggaling kabudayan saged dipunanggep minangka feminitas ing kabudayan sanes. Titikanipun maskulinitas saha feminitas dipuntemtokaken dening konstruksi sosial budaya masarakat, boten namung dipuntingali saking jinis kelamin kemawon.

Boten tebih saking konsep feminitas maskulinitas miturut Wikipedia, Fakih (1996) ugi ngandharaken bilih konsep gender menika sedaya sipat ingkang saged dipunijolaken antawisipun priya kaliyan wanodya, saged ewah saking satunggaling wekdal tumuju wekdal salajengipun, beda ing antawis papan satunggal saha papan sanesipun, ugi beda antawisipun kelas masarakat satunggal saha kelas sanesipun.

Sugihastuti saha Saptiawan (2007) ngandharaken bilih gender menika nyawiji saha mangaribawani tumrap penampilan saben tiyang satemah nuwuhaken sikap otoriter tumrap penampilan saben person-person kasebat. Sapamanggih kaliyan Sugihatsuti, Mosse (2007) wonten ing Wiyatmi (2012:85) ngandharaken bilih:

...gender sebagai seperangkat peran yang menyampaikan kepada orang lain bahwa seseorang adalah feminin atau maskulin, yang dapat dilihat dari penampilan, pakaian, sikap, kepribadian, bekerja di dalam da secarn di luar rumah tangga, seksualitas, tanggung ja wab keluarga, dan sebaginya y bersama-sama memoles peran gender seseorang.

Vitalaya (2000) manggihaken konsep gender minangka sistem ingkang ngrujuk dhateng peran saha sesambetan antawis priya kaliyan wanodya ingkang boten dipuntemtokaken kanthi dhasar jinising kelamin, ananing dipundhasari lingkungan sosial, poitik, saha ekonomi. Dene Women Studies Encyclopedia ngandharaken bilih gender menika minangka konsep kultural ingkang mbedakaken peran, tumindak, mentalitas saha ka rakter emosional ing antawisipun priya kaliyan wanodya ingkang ngrembaka ing masarakat.

Saking pamanggih ing nginggil ngengingi pangertosan gender, panaliti mendhet dudutan bilih gender inggih menika jinis kelamin sosial ingkang hakekatipun beda kaliyan jinis kelamin biologis. Konsep menika minangka tuntutanipun masarakat ingkang sampun dados budaya. Kajawi sampun dados budaya, konsep gender menika ugi dados norma sosial ingkang nyawiji dhateng priya saha wanodya kangge mbedakaken peran adhedhasar jinis kelamin. Gender dipuntemtokaken dening sosial budaya masarakat, sanes kodrat.

Beda gender ing masarakat pranyata nuwuhaken prekawis ingkang dumugi samenika boten saged dipupungkasi kanthi tuntas. Fakih via Sugihastuti (2002: 63-64) ngandharaken bilih gender merang atribut saha pedamelan dados ma skulin saha feminin. Biasanipun pedamelan maskulin identik kaliyan priya, dene feminin indentik kaliyan wanodya. Konsep makaten salajengipun nuwuhaken stereotip tumrap wanodya saha priya. Wanodya dipunstereotipaken minangka janma ingkang sulistya, lembah manah, emosional, saha keibuan dene priya dipunstereotipaken asipat kiyat, rasional, saha prakosa. Studi lintas budaya nerangaken bilih dikotomi makaten ndadosaken wanodya tansah dipunsubordinasi.

Dene Susilahastuti lumantar Sugihastuti (2002: 64) ngandharaken bilih teori struktural ingkang saged nerangaken wontenipun hierarki gender. Miturut teori struktural, subordinasi tumrap wanodya menika asipat kultural ugi universal. Miturut satunggaling klompok strukturalis wanodya gadhah status langkung andhap saha otoritas langkung sakedhik awit peranipun namung wonten ing wilayah domestik, dene priya peranipun langkung katingal wonten ing wilayah publik. Klompok strukturalis sanes gadhah pamanggih bilih subordinasi tumrap wanodya menika kultural, ananging adhedhasar perangan pedamelan kanthi dhasar gender. Perangan pedamelan menika sumberipun saking a sosia si simbolik ingkang universal antawis wanodya kaliyan nature (alam) saha priya kaliyan culture (budaya).

Subordinasi tumrap wanodya, mliginipun wanodya Jawi boten saged ewah saking cara pandhang saha budaya ingkang gesang saha ngrembaka wonten ing

latar sosial jaman menika. Cara pandhang menika gadhah titik tolak saking stereotip wanodya (Sofwan, 2001: 88). Salajengipun Sofwan (2001) ugi ngandharaken bilih priya dipunanggep gadhah panguwaos langkung ageng saha gadhah status langkung inggih katimbang wanodya. Kanthi makaten bilih kadadosan domina si priya menapa dene subordinasi wanodya menika sampun dipunanggep limrah. Kanthi fisik menapa dene psikis, priya dipunanggep langkung kiyat, dene wanodya lemah satemah ndadosaken priya langkung dipunanggep gadhah panguwaos saha status ingkang langkung ageng.

Kanthi biologis panci katingal terwaos bilih priya menika beda kaliyan wanodya, wanodya menika lemah, dene priya langkung kiyat. Sajatosipun beda fisik antawis priya kaliyan wanodya boten dipundadosaken dhasar panindhesan tumrap wanodya. Bedanipun gender antawis priya kaliyan wanodya kabentuk saking proses sosial kultural ingkang dangu satemah mangaribawani tumrap saben jinis kelamin. Amargi konstruksi sosialgender, para priya kedah kiyat saha agresif satemah priya kalatih saha kajurung supados dados sipat gender ingkang sampun dipunkonstruksikaken dening masarakat, kadosta gadhah sipat rasional. Kosok wangsulipun wanodya dipuntuntut gadhah sipat lembah manah saha alus, proses sosialisasipun manga riba wani tumrap emosi, visi, ideologi, saha pangrembakaning fisik saha biologisipun. (Fakih, 1997)

Panci leres menapa ingkang dipunngendikakaken Fakih (1997) bilih gender differences (perbedaan gender) boten badhe dadoskaen prekawis ingkang ageng menawi boten nuwuhaken ketidakadilan gender utawi gender inequalities. Kasunyatanipun perbedaan gender dadoskaen mawarni-warni ketidakadilan, sae

kagem wanodya menapa dene priya. Panganggep ingkang lepat tumrap gender ndadosaken salah panampi bab kodrat kaliyan gender. Masarakat nganggep gender minangka kodrat, kadosta pidaleman domestik minangka pedamelanipun wanodya kamangka pedamelan domestik ugi saged katindakaken dening priya. Salah panampi ngengingi gender ingkang dipunanggep kodrat dadosaken prekawis ketidakadilan ing masarakat. Manifestasi ketidakadilan gender katingal saking mawarni-warni wujud ketidakadilan kados ing ngandhap menika.