• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB II GEGARAN TEORI

A. Deskripsi Teori

2. Citra Wanodya Ing Karya Sastra

Alwi ( 2001: 289) paring teges bilih citra minangka kesan mental utawi bayangan visual ingkang dipuntuwuhaken dening satunggaling tembung utawi ukara, saha minangka unsur dhasar ingkang kha s wonten ing karya prosa saha fiksi. Sapamanggih kaliyan Alwi, Sugihastuti (2000: 45) negesi citra minangka rupi, gambaran utawi saged awujud gambaran ingkang dipungadhahi dening tiyang kathah babagan pribadi, utawi kesan mental (bayangan) visual ingkang dipuntedahaken dening satunggaling tembung, frasa, utawi ukara, saha minangka unsur dhasar wonten ing karya prosa saha geguritan.

Pradopo (2005: 80) ngandharaken bilih citra minangka gambaran-gambaran ing salebetipun pikiran saha basa ingkang nggambaraken. Gambar pikiran wonten ing citra minangka efek salebetipun pikiran ingkang persis kaliyan gambaran ingkang dipuntedahaken dening penangkapan kita dhateng objek ingkang saged dipuntingali netra, suwanten, saha perangan utek ingkang magayutan.

Citra minangka gambaran / imajinasi ingkang tuwuh saking proses maos/ sabibaripun proses maos. Wellek saha Warren (1986: 238) ngandharaken bilih pencitraan menika asipat visual , minangka proses pengindraan utawi persepsi, ananging ugi minangka sesulih/ mengacu dhateng menapa ingkang boten katingal, menapa ingkang wonten ing salebetipun.

Saking pangertosan ing nginggil, citra saged dipunwastani minangka persepsi ingkang mengarah dhateng penafsiran sae visual utawi gambaran ingkang kawujudaken mawi pengindraan, pikira n, saha emosi. Ing ngriki, citra saged asipat visual, mengacu dhateng pengindraan utawi asipat psikologis (Wellek saha Warren, 1986: 348). Salajengipun Wellek saha Warren negasaken bilih pencitraan menika minangka topik ingkang kalebet bidang psikologi. Ing ngelmu psikologi, tembung citra gadhah teges reproduksi mental, salebetipun proses ingatan, bayangan, pandangan, utawi gambaran tumrap menapa ingkang dipunmirengaken, dipunwaos, saha dipuntingali. Pangertosan menika ngewrat maksud bilih sedaya ingkang mengarah dhateng bayangan utawi kesan mental (imaji), tuwuh awit unsur-unsur ingkang dados titikan saking citra menika piyambak. Satemah maknanipun citra kawujudaken saking unsur-unsur penanda, kados ingkang saged katingal saking sipat saha tumindakipun tiyang.

Saking pangertosan ing nginggil, saged dipunpendhet dudutan bilih citra ingih menika kesan mental / bayangan ingkang tuwuh awit unsur-unsur linguistik saha titikan ingkang maringi pitedah tumrap menapa ingkang dipuntingali, menapa ingkang dipunwaos, dipunraosaken, ingkang kawujudaken mawi pikiran (imaji) utawi persepsi saking saben individu. Boten namung menika, citra inggih

menika kesan mental ingkang tuwuh awit wontenipun tembung, frasa, utawi ukara saking basa ingkang nggambaraken.

Citra inggih menika wujud gambaran sikap saha sipat paraga saben dintenipun ingkang nedahaken praupan saha ciri khas satunggaling paraga. Umumipun citra kaperang dados tiga, inggih menika citra fisiologis (fisik), citra psikologis, saha citra sosiologis.

a. Citra Fisilogis

Citra fisiologis saged katitik saking ciri fisik (badan) kanthi lahiriah, yuswa, jinis kelamin saha titikan ingkang khas ngengingi praupan satunggalipun paraga.

b. Citra Psikis

Citra psikis inggih menika gambaran saking satunggaling paraga ingkang katitik saking aspek psikologisipun utawi kejiwaa n. Citra psikologis saged katitik saking mentalitas, kawontenanipun jiwa, emosi, sikap saha tumindak.

Kangge nggampilaken panaliten bab citra psikologis, kaginakaken teori kapribaden Eduard Spranger. Miturut Sardjonoprijo ( 1929: 2) teori kapribaden umum dipunrembag wonten ing psikologi kapribaden. Tipologi manungsa miturut Eduard Spranger menika saged dipunginakaken kangge dhasar panaliten citra psikis.

Spranger merang jinis tipology manungsa adhedhasar nilai kabudayan ingkang dominan. Nilai-nilai menika badhe maringi corak utawi mbentuk kapribadenipun individu. Adhedhasar wontenipun enem nilai kabudyan, manungsa lajeng kaperang dados tipologi miturur nilai-nilai kabudayan menika. Sardjonoprijo, 1979: 159-171) ngandharaken bilih tipology Spranger mbedakaken

watak manungsa adhedhasar nilai kabudayan. Tipologi Spranger merang manungsa dados enem jinis ingkang badhe kaandharaken ing ngandhap menika.

1) Manungsa Teoritis

Manungsa teoritis inggih menika manungsa ingkang gadhah sipat pamikir. Manungsa teoritis inggih menika intelektual sajati, manungsa ngelmi. Gegayuhan manungsa teori inggih badhe anggayuh kebenaran saha hakekat saking benda-benda. Manungsa teori lakung nengenaken pengetahuan objektif, dene babagan moral, kaendahan, saha bab sanes-sanesipun badhe kagatosaken ing wingkingipun. Manungsa teoritis gadhah watak kadosta rasional, irrasional, saha kritis.

Sipat irrasional inggih menika sipat ingkang boten dipundhasaraken kanthi a kal sehat, ananging minangka pandangan ingkang kaanggep leres. Sipat manungsa rasional inggih menika tansah ngginakaken akal saha pikiran minangka dhasar kangge nemtokaken pemecahan satunggaling kebenaran. Dene manungsa asipat kritis tansah ngginakaken pamikiran kritis kangge nemtokaken kasil menapa boten tumrap satunggaling analisis.

2) Manungsa Estetis

Manungsa estetis inggih menika manungsa ingkang menghayati pagesangan minangka paningal. Minangka impresionis anggenipun menghayati pagesangan kanthi pasif. Kajawi makaten manungsa estetis ugi minangka ekspresion ingkang mewa rnai sedaya kesan ingkang dipuntampi kanthi pandhangan jiwa subjektif. Sipat tipe manungsa estetis kadosta empati, simpati, melankolis, saha afektif.

3) Manungsa Religius

Manungsa religius minangka manungsa ingkang madosi kebenaran saha nindakaken pagesangan andhedhasar kebenaran saha hakekat dhateng Tuhan. Manungsa religius gadhah sipat kadosta nindakaken pagesangan kangge Tuhan saha akheratipun, remen memuja, saha sedaya tumindak kaukur saking guna tumrap pagesangan rohani.

4) Manungsa Sosial

Manungsa sosial inggih menika manugsa ingkang nengenaken kabetahan resonansi sesami manungsa. Manungsa sosial gadhah watak langkung nengenaken kabetahan antawisipun sesami manungsa saha kepingin ngapdi dhateng kapentingan umum. Nilai ingkang dipunpandhang paling inggil inggih tresna asih dhateng sesami, sae dhateng satunggaling individu menapa dene klompok manungsa.

5) Manungsa Ekonomi

Manungsa ekonomi inggih menika manungsa ingkang gadhah gagasan praktis, kirang nggatosaken wujud tumindak awit langkung nggatosaken kasil tumidak ingkang katujokaken dhateng kapentinganipun. Manungsa ekonomi mbiji sedaya bab kanthi adhedhasar piguna saha nilai ekonominipun, watakipun egosentris, inggih nengenaken gesang saha kapentinganipun piyambak.

Tumrap masarakat Jawi watak egosentris sajatosipunboten patos dominan, awit kathah ugi tiyang jawi ingkang boten nengenaken ego-nipun. Kathah tiyang minangka manungsa ekonomi ingkang tetep nggatosaken kapentenginanipun tiyang sanes, tegesipun kathah ugi manungsa ekonomi ingkang gadhah watak

manungsa sosial. Prekawis menika mratandhakaken bilih tipe kabripaden Eduard Sprenger menika boten dados pathokan awit ing kasunyatanipun boten saged dipunpanggihaken ing gesang padintenan. Ing kasunyatanipun ingkang asring dipunpanggihaken inggih kombinasi saking tipe-tipe kapribaden sanesipun.

6) Manungsa Politik

Spranger migunakaken istilah manungsa politik kangge nyebataken manungsa panguwa sa. Manungsa pangua was inggih menika manungsa ingkang gadhah ancas nguwaosi, nguyak karemenan saha kasadharan tumrap panguwaosipun. Sipat ingkang menonjol saking manungsa politik inggih menika badhe nguwosi, nguwaosi tiyang sanes, saha tumindak kirang sae kangge mujudaken pepinginan pribadinipun. Manungsa politik asring gadhah watak cubriya, wangkot, saha sipat negatif sanesipun.

c. Citra Sosial

Citra sosial saged katingal saking titikan sosiologis satunggaling paraga. Citra sosial saged katingali saking pedamelan paraga, kalenggahan paraga, peran wonten ing masarakat, peran ing kulawarga, status sosial, saha tataran pendidikan paraga. Ing panaliten menika peran paraga ing kulawarga menapa dene ing masarakat sampun dipunrembag ing sub bab saderengipun. Prekawis peran paraga panci dipunrembag ing sub bab ing beda kanthi ancas supados saged ngandharaken data panaliten kanthi langkung terwaos.