• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB II GEGARAN TEORI

A. Deskripsi Teori

4. Kritik Sastra Feminis

Kanthi etimologis tembung feminis asalipun saking basa Latin, femina. Tembung femina ing basa Inggris dipunterjemahaken dados feminin ingkang tegesipun gadhah sipat minangka wanodya. Tembung menika lajeng dipunwuwuhi panambang –ism, dados feminism ingkang gadhah teges prekawis mligi bab wanodya utawi paham bab wanodya.

Ancasing feminisme inggih menika kangge ningkataken drajating wanodya supados sami kaliyan drajating priya. Djajanegara (2004: 4) mratelakaken feminisme minangka satunggaling pamanggih kangge mbebasaken wanodya

saking konsep wanodya ingkang katindhes awit wontenipun beda antawis jinis kelamin. Feminisme menika kupiya kangge memperjuangkan hak-ipun wanodya, saha kangge ngangkat drajating wanodya supados sajajar kaliyan drajatipun priya.

Kritik sastra feminis tuwuh minangka respon saking wontenipun pangrembakaning feminisme. Kritik menika tuwuh sesarengan kaliyan kasadharan wanodya tumrap hak-ipun. Kekajengan para feminis ngrembag karya sastra wanodya jaman kapengker nuwuhaken kritik sastra feminis. Kajawi menika para feminis ugi kepingin mangertos kados pudi citra wanodya ingkang katindhes kanthi mawarni-warni cara, lepat anggenipun nafsiraken, saha boten dipunanggep dening budaya patrialkal ingkang dipunwujudaken mawi karya sastra seratanipun priya (Djajanegara, 2000:27). Pepinginan ngrembag sastra kanthi feminisme dadosaken mawarni-warni cara ngritik. Tuladhanipun kangge mangertosi citra wanodya ing karya sastra anggitanipun wanodya kedah nggatosaken cara ngadharaken prekawis (tekana n) ingkang dipunadhepi dening wanodya. Awit nilai patrialkal sampun kukuh, panyerat wanodya ugi nyiptakaken paraga wanodya kanthi stereotip wanodya ing budaya patrialkal.

Dene Culler wonten ing Sugihastuti (2000: 5) mendhet dudutan bilih kritik sastra feminis minangka reading as a women, membaca sebagai perempuan. Dene Yoder ngandharaken bilih kritik sastra feminis sanes prekawis wanodya ingkang ngritik, utawi kritik tumrap wanodya, menapa dene kritik dhateng panganggit wanodya, ananging pengkritik ingkang ningali sastra kanthi satunggaling kesada ran tartamtu, inggih wonten jinis kelamin ingkang magayutan kaliyan sastra, budaya, saha pagesangan. Wontenipun jinis kelamin menika

dadosaken pamanggih ingkang beda tumrap dhirinipun panganggit, pamaos, wewatakan, saha faktor sanes ingkang mangaribawani tumrap donyanipun sastra. Yoder ngumpamekaken kritik sastra feminis minangka quilt. Quilt ingkang dipunjait saha dipundamel saking pethilan gombal awujud kothak ing perangan ngandhapipun dipunlapisi gombal ingkang alus. Jaitan quilt menika mbetahaken wekdal ingkang dangu saha penjait ingkang kathah. Lapisan ing perangan ngandhap saking quilt ingkang ndadosaken maneka warni corak dados setunggal minangka kritik sa stra feminis. Kritik sastra feminis minangka dhasar ingkang kiyat kangge ngempalaken pamanggih bilih wanodya menika saged maos, saged ngarang , saha saged nafsiraken karya sastra kanthi cara pandhang wanodya.

Pamanggih Culler ngengingi kritik sastra feminis minangka reading as a woman gadhah ancas bilih pamos sadhar bilih wonten beda antawisipun jinis kelamin ing makna saha perebutan makna karya sastra. Bilih kagayutaken kaliyan pamanggihipun Yoder ngengingi metafora quilt, kesadaran pamaos ing wrangka kritik sa stra feminis minangka kritik kanthi mawarni-warni cara. Jumbuh kaliyan pamanggih menika, Kolodny ing (Sugihastuti, 2001: 7) kanthi ngginakaken mawarni-warni cara (metode) saged nanggulangi kalepatan anggenipun nafsiraken teks. Ngrembakaken kritik sa stra feminis saged kalampahan kanthi mawarni-warni cara nggabungaken pendekatan kritik sanes, kados formalisme semiotik, kanthi tetep nggatosaken beda antawisipun jinis kelamin ing karya sastra. Reading as a woma n dipundhasari dening konsep wontenipun beda antawis priya kaliyan wanodya ingkang mangaribawani tumrap kasusastran.

Sami kaliyan Culler, Ratna (2005: 418) ngandharaken bilih krtitik sastra feminis minangka cara nafsiraken karya sastra kanthi konsep maos saha mbiji karya sastra minangka wanodya. Kritik menika nganggep bilih antawisipun wanodya kaliyan priya gadhah peran kangge ngrembag analisis masarakat mliginipun tumrap karya sastra. Pamangih menika ngyakinaken bilih antawisipun priya kaliyan wanodya wonten beda ingkang ageng sanget, kalebet ing proses maos, mbiji, menapa dene nyiptakaken karya sastra.

Pamanggih sanes dipunandharaken dening Wedon lumantar (Sugihastuti, 2002: 6) bilih faham feminis minangka politik, politik langsung ingkang ngewahi gegayutanipun kekiyatan pagesangan antawipun wanodya kaliyan priya wonten ing masarakat. Kekiyatan menika antawisipun struktur pagesangan, peranganing pagesangan, kulawarga, pendidikan, kabudayan, saha kekua saan. Peranganing pagesangan menika ingkang nuntun wanodya badhe dados sinten, dados menapa, saha wanodya menika tundhonipun badhe kagem sinten.

Bilih nggatosaken pamanggih Djajanegara, fokus kritik sastra feminis menika badhe ngrembag, ndhudhah, saha mbiji karya sastra anggitaipun wanodya ing jaman kapengker kangge mangertosi kenging menapa karya sastra ing jaman menika dipunkuwaosi dening priya. Kajawi makaten kritik sa stra feminis gadhah ancas kangge ngrembag karya sastra kanthi cara ngetrapaken paham feminis. Pangritik sastra feminis ugi kepengin mangertos kados pundi cara ngetrapaken nilai estetik, wonten pundi nilai estetikipun, saha nemtokaken menapa nilai estetik ingkang dipunginakaken sampun sah menapa dereng.

Ngengingi pamanggih “reading as a women”, kritik sastra feminis kedah dipundhasari kanthi kasadharan bilih donyanipun kasusastran kenging pangaribawa dening kawontenan ingkang beda antawis wanodya saha priya. Pirembangan ngengingi kritik sa stra feminis gadhah fokus pokok bilih wonten panganggep ingkang beda salebetipun interpretasi saha pemaknaan karya satra.

Saking pamanggih para ahli ngengingi pangertosan kritik sa stra feminis, saged kapendhet dudutan bilih kritik sastra feminis inggih menika cara ngritik sastra kanthi pandhangan feminis. Kritik sastra feminis menelah karya sastra kanthi nggantosaken kados pundi wanodya ingkang dipungambaraken dening priya menapa dene wanodya piyambak. Panaliti ningali kasunyatanipun pera n saha status wanodya ingkang dipuntemtokaken dening priya. Kritik sastra feminis gadhah ancas kangge mangertosi drajating wanodya saha peran wanodya ingkang kagambareken ing salebetipun karya sastra, kados ingkang katingal wonten ing kasunyatan ing gesang padintenan.

Kritik sastra feminis dipundhasari kanthi kesadaran tartamtu ngengingi wontenipun konsep ingkang mbedakaken antawisipun priya kaliyan wanodya ingkang magayutan kaliyan sastra, kabudayan, saha pagesangan. Jinis kelamin dipunpitados dadosaken beda ing antawisipun pangripta, pamaos, saha faktor sanes ingkang mangaribawani tumrap proses nyiptakaken karangan. Studi wanodya ing karya sastra minangka pirembagan ngengingi wanodya minangka manungsa ingkang gadhah sesambetan kaliyan manungsa sanes ing salebetipun klompok masarakat.

Kritik sastra feminis menika kathah ragamipun. Kathahing ragam kritik sastra feminis menika dipundhasari dening pamanggih ngengingi raos tresna saha setia ka wan dhateng para panganggit wanodya ing jaman kapengker. Kajawi makaten ugi dipundhasari raos prihatos saha a marah. Djajanegara (2000:28) merang jinis kritik sastra feminis dados enem jinis.

a. Kritik Sastra Feminis Genokritik

Kritik menika ngrembag kasiling seratan wanodya, kalebet sejarahipun karya sastra wanodya, gaya panyeratan, tema, genre, saha strukturipun panyerat wanodya. Kajawi makaten ragam kritik menika ugi nliti kreativitas panyerat wanodya, pidalemanipun (profesi) minangka satunggaling kempalan, saha pangrembakaning saha aturan tradhisi panyerat wanodya. Gynocritics ngandharaken kados pundi wanodya minangka klompok tartamtu, menapa bedanipun antawis seratan priya kaliyan wanodya.

b. Kritik Sastra Feminis Sosialis Marxis

Ragam kritik menika nliti paraga wanodya kanthi cara pandhang sosialis, kelas masarakat tartamtu. Kritik menika ngandharaken wanodya minangka kela s masarakat ingkang katindhes. Pandherek paham feminisme-marxisme kaperang dados kalih kubu, ingih kubu umum saha kuburumah. Tumrap masarakat ingkang nganut patrialkal, wanodya dipunlebetaken wonten ing kubu rumah, ingkang nindakaken pedamelan domestik. Dene priya dipunlebetaken wonten ing kubu umum, ingkang nindakaken sedaya pedamelan ing sajawinipun griya.

Ragam kritik menika dipuntrapaken kangge seratan wanodya amargi para feminis pitados bilih para pamaos wanodya biyasanipun mapanaken dhirinipun piyambak dados paraga wanodya ing karya sastra. Dene paraga wanodya menika minangka cermin penciptaan. Ragam kritik menika minangka awujud penolakakan dhateng teori komplek kastrasi Sigmund Freud.

d. Kritik Sastra Feminis Lesbian

Ragam kritik menika nliti panyerat wanodya saha paraga wanodya ing karya sastra. Kritik menika gadhah ancas kangge ngrembakaken pangertosan ngengingi makna lesbian. Kanthi ngindentifikasi makna lesbian, tundhonipun pangritik saged mendhet dudutan bab kanon sastra lesbian saking karya sastra ing jaman kapengker.

e. Kritik Sastra Feminis Ras (Etnik)

Kritik menika minangka kupiya supados dipunakeni dening para panyerat etnik saha karyanipun wonten ing kajian wanodya menapa dene wonten ing kanon sastra tradhisional saha sastra feminis. Ragam kritik menika tuwuh awit wontenipun diskriminasi saking wanodya kulit pethak dhateng wanodya kulit cemeng ing Amerika.

f. Kritik Sastra Feminis Ideologis.

Kritik menika paling kathah dipunginakaken ing panaliten sastra. Kritik menika nglibataken wanodya mliginipun feminis minangka pamaos. Ingkang dados pusating kajian antawisipun citra wanodya saha stereotip wanodya salebetipun karya sastra. Jinis kritik menika ugi naliti prekawis beda panampi bab

wanodya saha kenging menapa wanodya menika boten petang kepalih boten dipunanggep ing kritik sastra.

Sajatosipun kritik menika minangka cara nafsiraken teks, inggih menika salah satunggalipun cara ingkang saged dipuntrapaken kangge naliti teks ingkang paling rumit. Kritik menika boten namung nambahi wawasan para pamaos wanodya ananging ugi paring kamardikan kangge menggalih. Panyerat saha pangritik saking Amerika, Andrienne Rich lumantar Djajanegara (2000: 28) ngandharaken bilih:

Suatu kritik sastra feminis yang radikal pertama -tama akan mengganga p karya sa stra sebagai ungkapan tentang bagaima na cara kita hidup dulu dan seka rang, tentang bagaimana kita harus membayangkan diri kita sendiri, bagaimana bahasa kita telah menjebak sekaligus membebaskan kita, bagaimana pemberian julukan merupakan (hak) prerogatif kaum laki-laki sampai sekarang, dan bagaimana kita sekarang bisa mulai sada r dan mampu memberi julukan dan karenanya mampu menempuh hidup ba u lagi.

Ragam kritik sastra feminis menika beda kaliyan male critical theory (teori kritik laki-laki) minangka konsep kreatifitas, sajarah sastra, saha penafsirakn sastra ingkang sedayanipun dipundhasaraken dhateng pangalaman priya saha ingkang sodhoraken minangka satunggalipun teori semesta ingkang dipunginakaken kanthi universal.

Ragam kritik menika ugi dipun-ginakaken ing panaliten menika awit teori menika saged dipun-ginakaken kangge ngandharaken fokus panaliten menika. Fokus panaliten menika badhe ngandharaken citra saha ketidakadilan gender tumrap wanodya ing novel Pisungsung KangWingit satemah dipunginakaken teori kritik sastra feminis ideologis.