• Tidak ada hasil yang ditemukan

7. uts b.jawa kls 5 2 kar

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "7. uts b.jawa kls 5 2 kar"

Copied!
4
0
0

Teks penuh

(1)

PEMERINTAH KABUPATEN REMBANG

DINAS PENDIDIKAN

SEKOLAH DASAR ...

Alamat : ...

NASKAH SOAL

ULANGAN TENGAH SEMESTER II SEKOLAH DASAR TAHUN PELAJARAN ...

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama Siswa : ...

Kelas : V ( Lima ) No. Absen : ...

Hari / Tanggal : ... Waktu : Pukul 10.00 – 11.30 WIB

Wacanen kanthi patitis wacan ing ngisor iki ,kanggo mangsuli pitakon nomer 1 nganti 5 ! Dumadine Desa Gunung Pati

Rikala ana perang antarane Tuban karo Pati, akeh pendhudhuk Pati sing mlayu golek

keselametan. Ing antarane wong-wong sing padha mlayu mau, ana sala sijining nyanka praja utawa prajurit kraton kan aselisih Kiai Pati. Kiai Pati mlayu mengulon menyang tlatah Semarang.

Kanthi numpak sapi sing sakti kan arane Pragolapati, Kiai Pati bisa uwal saka mungsuh. Mlayune ngati tekan tlatah pareden kang aman kanggo ngaso. Banjur Kiai Pati ngendika marang kabeh

pandhereke, “Tlatah kene aman, subur lan endah, cocok yen dienggo ngaso”.

Mula kabeh banjur mandhek lan ngaso bebarengan. Kiai Pati ndangu pandhereke, “Kepriye yen awake dhewe manggon lan urip ing tlatah kene?”

“Sarajuk, Kiai,” wangsulane para pandhereke serempak.

Kiai Pati bebarengan karo pandhereke kabeh mbukak alas lan mbangun tlatah kanggo maggon. Kabeh nuli urip bebrayan ana tlatah kono. Papan kono mau diwenehi jeneng Gunung Pati nganti saiki.

I. Wenehana tandha ping ( x ) ing aksara a,b,c utawa d ana ing sangarepe jawaban kang bener!

1. Rikala semana ana perang antarane . . .

a. Pati karo Semarang c. Semarang karo Tuban

b. Tuban karo Rembang d. Tuban karo Pati

2. Apa tegese tembung nayaka praja?

a. Pandherek c. Prajurit

b. Abdi d. Kiai

3. Kiai Pati mlayu mengulon menyang ngendi?

a. Semarang c. Pati

b. Rembang d. Kudus

4. Apa arane sapi sakti kang ditumpaki Kiai Pati?

a. Pragololasem` c. Pragolotuban

b. Pragolopati d. Pragolokiai

5. Nganti papan panggonan kang dibangun Kiai Pati lan pandhereke diwenehi jeneng apa?

a. gunung Pati c. Gunung Jati

b. gunung Kidul d. Gunung Alas

6.

Tulisan jawa ing ndhuwur unine ….

a. Bakul sate c. Bakul bakso

(2)

7. Tulisan jawa ing ngisor iki sing unine nuthuk ula sawa yaiku …

a. c.

b. d.

Wacan ing ngisor iki wacanen kang patitis kanggo mangsuli pitakon nomor 8 nganti tekan nomer 10!

Playune kancil kang dioyak dening macan kepalang ing kali.Kancil mandheg noleh ngiwa nengen karo ngulatake pangoyaking macan wis cedhak apa durung,sinambi golek akal ngoncati saka bebaya.

Dheweke banjur nyedhaki kali awit krasa ngelak lan sayah.Nalika sikile dicemplungake ana ing kali ,dumadakan sikile krasa yen dicokot dening baya kang mapan ing kali.Si Baya banjur celathu “ Wah beja temen luwe-luwe ana panganan enak kang teka,kebeneran banget.”

Kancil banjur mangsuli,”Rumangsamu sing tok cokot iku apa?iku dudu sikilku nanging kuwi pang kayu kang garing,endah-endah kowe kuwi kewan kang bodho.”Rumangsa kecelik sikile kancil banjur diculake. Kancil banjur mencolot mundur saka pinggiring kali.

8. Miturut pratelan ing ndhuwur kancil kewan kang ….

a. Weden c. Pinter

b. Keminter d. Kendel

9. Kancil mlayu sipat kuping amarga dioyak dening ….

a. Baya c. Pak tani

b. Macan d. Singa

10. Kancil anggone ngapusi baya nganggo sarana ngaku utusane ….

a. Nabi Ibrahim c. Nabi Sulaiman

b. Nabi nuh d. Nabi Musa

11. Tulisan jawa ing ngisor iki yen diawaca unine …

a. Latihan nembang c. Nembang jawa

b. Latihan nembang jawa d. Latihan nggendhing jawa

12. Programe pamarentah kanggo mbrasta penyakit demam berdarah salah sijine yaiku pengasapan utawa diarani ….

a. Jogging c. Forging

b. Swiping d. Fogging

13. Kang diarani program 3 m kanggo nyegah penyakit Demam berdarah yaiku ….

a. Nguras,nutup lan mendhem c. Nutup, nyempot lan mendhem

b. Nutup lan mendhem d. Nguras lan nutup.

14. Lelara demam berdarah iku disebabake dening panyokote lemut ….

a. Anoples c. Aegypti

b. Aedes aegypti d. Malaria

Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi permati,kanggo mangsuli pitakon Nomor 15 nganti 20 ! Garis

Tangeh bisa kepethuk pucuke Garis loro jejer nguber gluthuk Mlipiri adohe dalan-dalan

Nglacak kethape lintang-lintang Ana sing wadul lewat donga

Kena ngapa taningane urip bisa beda Ana sing ngentha mawa sanepa Beja cilaka sandhangane manungsa Lumrahe garis iku lempeng keceng

Nanging ana sing pating pengkelot Mlencong pedhot-pedhot

(3)

15. Wacan ing ndhuwur kalebu jinising ….

a. Puisi c. Syair

b. Geguritan d. Sajak

16. Geguritan ing ndhuwur irah-irahane yaiku ....

a. Garis c. Lintang

b. Langit d. Rembulan

17. Tembung sing tegese padha karo tembung “ kepethuk “ yaiku ….

a. Tlisipan c. Ketemu

b. Kesempar d. Kaweruhan

18. Garis loro jejer nglacak apa ?

a. Gludhuk c. Wektu.

b. Gluthuk d. Thathit

19. Ana sing wadul babagan apa?

a. Donga c. Taningan

b. Timbangan d. Ukuran

20. Lapuran yaiku bab kang ditulis saka hasil ….

a. Maca c. Pengamatan

b. Nulis d. Ngrungokake

21. Lapuran sing apik digawe jumbuh karo … kang diamati.

a. Judhul c. Karepe kang gawe lapuran

b. Kanyatan d. Hasil

22. Budhi iku pancen bocah kang sregep sinau,mula biji ulangane mesthi apik.Pratelan ing ndhuwur kalebu ukara ….

a. Kritikan c. Pitakon

b. Pratelan d. Pangalembana

23. Gambarmu wis apik,nanging luwih apik yen komposisi warnane luwih alami. Ukara kasebut diarani ukara ….

a. Pratelan c. Panemu

b. Kritikan d. Pangalembana

24. Ukara ing ngisor kang kalebu ukara pangalembana yaiku …. a. Warga desa Kalipang padha kerja bakti gawe dalan b. Wah ,gambarmu apik tenan Bud!

c. Yen sregep sinau ,kowe mesthi oleh biji apik d. Aku setuju marang kekarepanmu.

25. Dhek jaman biyen ing Kasultanan Demak sing ngembani para sultan yaiku para wali

sanga. Salah sawijining wali sanga asmane Kanjeng Sunan Bonang. Kanjeng Sunan Bonang kagungan abdi loro jeneng Ki Mamat lan Ki Dhudha. Ki Mamat pawakane kuru, dedege dhuwur, sregep ing gawe. Dene Ki Dhudha pawakane lemu, dedege cendhek, nduwenin watak lumuh ing gawe lan srakah.

Miturut wacan ing ndhuwur Ki Mamat iku nduweni watak ….

a. Lumuh ing gawe c. Lumuh ing gawe lan srakah

b. Sregep ing gawe d. Kesed lan srakah.

II. Isenana cecek-cecek ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!

1. Lara demam berdarah iki disebabake denung lemut ….

2. Program kanggo mbrastha demam berdarah yaiku 3 m .Kang diarani 3 M yaiku ….

3. Wah gambarmu pancen apik tenan!,Ukara kasebut kalebu ukara …

4.

(4)

5. Luwih apik yen kowe bekti marang wong tuwa! Ukara iku kalebu ukara ….

6. Lapuran pengamatan iku kanggo menehi gambaran marang wong liya bab sing ….

7. Lumrahe garis kenceng-kenceng Nanging ana sing pating pengkelot Mlencong pedhot-pedhot

Kandel ndlemok apa lamat-lamat.s

Ukara ukara ing ndhuwur diarani ….

8. Lapuran sing apik iku jumbuh kara … kang diamati

9. Tambak iwak urang ,yen ditulis nganggo aksara jawa dadi ….

10. Ana ing crita Andhe-Andhe Lumut ,Kleting Kuning iku satemene Dewi ….

III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthin patitis !

1. Gawea ukara pangalembana ngenani Budi sing pinter nggambar!

Wangsulan : _____________________________________________________________________ ________________________________________________________________________________ ________________________________________________________________________________

2. Badrun iku bocah sing kesed sinau,mula yen ulangan bijine mesthi elek. Gawea ukara kritikan kang trep ngenani pratelan ing ndhuwur!

Wangsulan : _____________________________________________________________________ ________________________________________________________________________________ ________________________________________________________________________________ 3. Gawea geguritan sapada wae !

Wangsulan : _____________________________________________________________________ ________________________________________________________________________________ ________________________________________________________________________________

4. Tulisen nganggo aksara latin tulisan jawa iki !

Wangsulan : _____________________________________________________________________ ________________________________________________________________________________ ________________________________________________________________________________ 5. Kerangkane gawe lapuran pengamatan iku ana 4. Coba aranana!

Wangsulan : _____________________________________________________________________ ________________________________________________________________________________ ________________________________________________________________________________

Referensi

Dokumen terkait

Wacananen tembang gambuh ing ngisor iki, banjur tembangna yen wis apal banjur gantinen dadi ukara gancaran nganggo basamu

Tembung dwilingga salin swara sing trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ..... Sapa sing tuku

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha silang ( x ) jawaban sing bener!. abang dluwang d.abang

Tembung pitakon sing bener kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku

4. Papan dununge ukara pokok paragraph ing ndhuwur ana ukara nomer …. Miturut papane ukara pokok, paragraph ing ndhuwur diarani …. Ing ngisor iki tembung kang nduweni teges enom

Gas racun iki diwetokake saka kawah Ijen dijalari saka perubahan suhu kang ekstrem banget ing sajerone kawah Ana sawetara jalur kang bisa dipilih wisatawan kanggo bisa ngunjungi